wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

latihan soal bahasa Jawa 11 ganjil

Total questions: 35

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Tata rakite geguritan ana loro yaiku …

a)

Lahir lan batin

b)

Jasmani lan rohani

c)

Lahir lan rohani

d)

Jasmani lan batin

e)

Fisik lan batin

2.

Ing tata rakite geguritan, sikap pangripta marang pamaos ingaranan …

a)

Nada

b)

Rasa

c)

Tema

d)

Isi

e)

Amanat

3.

Sikape pangripta marang underane ba kang dumunung sajrone geguritan arane …

a)

Rasa

b)

Isi

c)

Amanat

d)

Nada

e)

Tema

4.

Struktur sing gegayutan karo rima, ritme lan metrum yaiku …

a)

Verifikasi

b)

Basa figuratif

c)

Tembung kongkret

d)

Purwakanthi

e)

Imaji

5.

Ritme yaiku mujudake …

a)

Purwakanthi ing geguritan

b)

Dhuwur endheke dawa cendhak e banter alone uni

c)

Munggah mudhune swara

d)

mimik wadana nalika maca endah

e)

Solah tingkahe awak

6.

wujud geguritan: kaca ora dikebaki tembung, pinggir kiwa lan tengen, singet saben gatra, saben gatra ora diwiwiti huruf capital lan dipungkasi titik. Yaiku diarani …

a)

Tipografi

b)

Diksi

c)

Verifikasi

d)

Tembung kongkret

e)

Imaji

7.

kain

(Sri Rahayu, S.Pd)


Kain sing tumempel ing awak cacahe telu

Kain gedhong, kain ihram lan kain kafan

Kain gedhong wis mbungkus nalika lair

Saiki kari kain ihram lan kain kafan sing during

Endi sing luwih dhisik nempel ing badan kita

Kain ihram apa kain kafan?


(PS, No.2-9 Januari 2016)

Isine geguritan ing dhuwur …

a)

saben titah ngalami lair, kaji, mati

b)

saben titah ngalami lair, sugih, mati

c)

saben titah ngalami lair, nikah, mati

d)

saben titah ngalami lair, urip, mati

e)

saben titah ngalami lair, sekolah, mati

8.

ing ngisor iki kang kalebu kabudayan dhaerah awujud adat istiadat yaiku …

a)

Tedhak siten

b)

Reyog

c)

Wayang

d)

Kethoprak

e)

Ludruk

9.

wayang kalebu jinise kabudayan dhaerah kang awujud …

a)

Kesenian tradhisional

b)

Adat istiadat

c)

Upacara adat

d)

Tuntunan

e)

Tontonan

10.

upacara adat kang ditindakake nalita wanita lagi mbobot watara enem utawa pitung sasi diarani …

a)

Tingkeban

b)

Selapan

c)

Midodareni

d)

Mantenan

e)

Brokohan

11.

selapan ing sajrone masarakat Jawa ana … dina

a)

5

b)

7

c)

10

d)

30

e)

35

12.

Nalika upacara adat tingkeban, calon ibu lungguh ing sadhuwure tumpukan jarik bathik diarani …

a)

Angreman

b)

Siraman

c)

Brojolan

d)

Balang gantal

e)

Panggih

13.

Ing ngisor iki kang ora kalebu upacara adat nalika bayi lair yaiku …

a)

Midodareni

b)

Brokohan

c)

Sepasaran

d)

Selapan

e)

Tedhak siten

14.

Jinis kain kang dinggo dening juru adi busana kanggo mboyong penganten sarimbit pinuju dhampar kencana sawise panggih yaiku …

a)

Sindur

b)

Jarik

c)

Goni

d)

Mori

e)

Flanel

15.

Nalika adicara panggih, temanten sakloron padha ambalang gantal. Tegese tembung gantal yaiku …

a)

Suruh

b)

Bantal

c)

Guling

d)

Batako

e)

Ndhog

16.

Uba rampe ing sajrone upacara adat temanten kang mengku werdi pangapura utawa welas asih yaiku …

a)

Gapura

b)

Plataran

c)

Kwadhe

d)

Terob

e)

Dhampar temanten

17.

Sakderenge jinamas ing warih. Tembung warih nunggal teges karo …

a)

Banyu, tirta, toya

b)

Tirta, toya, bayu

c)

Toya, bayu, arga

d)

Bayu, arga, agni

e)

Arga, agni, samodra

18.

Trenyuh jroning wardaya. Wardaya nunggal teges karo …

a)

Wadana, nala, kalbu

b)

Nala, kalbu, tyas

c)

Kalbu, tyas, soca

d)

Tyas, soca, penggalih

e)

Soca, penggalih , ati

19.

Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggung jawab nyukupi sandhang pangan ing kulawarga, tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, who jenar, dhuwit pralambang boga lan wastra. Iki tinemu ing adicara …

a)

Kacar kucur

b)

Balang gantal

c)

Panggih

d)

Midodareni

e)

Sungkeman

20.

Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro, karangkulake ing pamidhangane penganten sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu lan para tamu, para sepuh. Iki tinemu ing adicara …

a)

Bobot timbang

b)

Dhahar kembul

c)

Singep sindur

d)

Kacar kucur

e)

Sungkeman

21.

Singep sindur iku awarna rekta lan seta, ateges …

a)

Abang lan putih

b)

Abang lan biru

c)

Putih lan ijo

d)

Klawu lan maron

e)

Kuning lan wungu

22.

Ing adicara iki dumadi baling-balangan suruh. Iki tinemu ing adicara …

a)

Gantalan

b)

Siraman

c)

Midodareni

d)

Kacar kucur

e)

Dhahar kembul

23.

Tanggap wacana lumrah diwiwiti kanthi …

a)

Uluk salam

b)

Ngucap puji syukur

c)

Nyuwun pangapunten

d)

Wigatining atur

e)

Panutup

24.

Sing kudu ora diendhani nalika nindakake tanggap wacana …

a)

Asring kukur-kukur talingan

b)

Asring ndelok mendhuwur

c)

Asring ngobahake perangan awak

d)

Ndhingkluk terus

e)

Ndeleng materi

25.

Owah-owahaning pasuryan sing mranani nalika pidhato …

a)

Ngguyu sing digawe-gawe

b)

Terus-terusan mesem

c)

Kawistara tegang

d)

Mbesengut

e)

Pasuryan biyasa wae

26.

“… kulawarga dhusun mriki rumaos kicalan kadang ingkang saestu taksih kabetahaken, namung kados pundi malih, kodrat sampun ginarisaken saengga kita kedah iklas nampi kasunyatan punika. Mugi-mugi prakawis menika boten andadosaken ringkihing imtak kita, satemah kirang prayoga”.

Pada kasebut mujudaken wigatining sedyane tanggap wacana …

a)

Pasrah lamaran

b)

Pasrah penganten

c)

Pindhah omah

d)

Ngundhuh mantu

e)

Caos bela sungkawa

27.

“ … Bapak Arief sarimbit nyuwun dhumateng panjenengan sami kersaa paring berkah pangestu wilujeng putranipun ingkang mentas dipunicali sesukeripun, sageda dados putra ingkang dewasa remaja ngantos tenggel jawab, bekti mring sesepuh lan mukarabi dhateng bebrayan, labuh labet dhateng negari, bangsa lan agaminipun”.


Pranyatan kasebut mujudake wigatining sedyane tanggap wacana …

a)

Pahargyan supitan

b)

Pasrah penganten kakung

c)

Tasyakuran boyongan

d)

Ngundhuh mantu

e)

Slametan neton

28.

“ … Bapak Arief sarimbit nyuwun dhumateng panjenengan sami kersaa paring berkah pangestu wilujeng putranipun ingkang mentas dipunicali sesukeripun, sageda dados putra ingkang dewasa remaja ngantos tenggel jawab, bekti mring sesepuh lan mukarabi dhateng bebrayan, labuh labet dhateng negari, bangsa lan agaminipun”.


Pranyatan menika mujudake tanggap wacana minangka …

a)

Pranata adicara

b)

Pambagya harja

c)

Mangayu bagya

d)

Sesorah

e)

Pambiwara

29.

“ … kula minangka sesulih saking para rawuh ngaturaken ndherek bungah dhumateng Bapak Arief sarimbit ingkang sampun ngawontenaken adicara menika. Kawula ugi ndherek dedonga mugya kang putra tansah antuk kawilujengan, sageda dados putra ingkang dewasa remaja ngantos tenggel jawab, bekti mring sesepuh lan mukarabi dhateng bebrayan, labuh labet dhateng negari, bangsa lan agaminipun”.


Pranyatan menika mujudake tanggap wacana minangka …

a)

Pranatacara

b)

Pambagya harja

c)

Mangayu bagya

d)

Sesorah

e)

Pambiwara

30.

“ … Putra ingkang angka kalih menika dening Bapak Slamet sarimbit dipunparingi tetenger “ Jayeng Styoko”. Mugi-mugi putra ingkang nembe mijil menika pinaringan berkah pangestuning Pangeran…”


Pranyatan kasebut mujudake wigatining sedyane tanggap wacana …

a)

Panghargyan supitan

b)

Pasrah temanten kakung

c)

Tasyakuran boyongan

d)

Ngundhuh mantu

e)

Brokohan

31.

Urut-urutaning perangane medhar sabda kang bener yaiku …

a)

Salam pambuka, ancasing gati, purwaka, wasana, salam panutup

b)

Salam pambuka, wasana, ancasing gati, purwaka, salam panutup

c)

Salam pambuka, purwaka, wasana, ancasing gati, salam panutup

d)

Salam pambuka, purwaka, ancasing gati, wasana, salam panutup

e)

Salam pambuka, purwaka, ancasing gati, salam panutup, wasana

32.

Shalawat dalah salam mugya konjuk dhumateng ngarsa dalem mustikaning jagad, kekasihing Allah, Nabi Muhammad SAW ingkang tansah dipunantu-antu syafaatipun wonten dinten kiamat.

Pethikan ing dhuwur nuduhake perangane pamedhar sabda yaiku …

a)

Purwaka

b)

Surasa

c)

Puji syukur

d)

Ancasing gati

e)

Wasana

33.

Keparenga kula jumeneng wonten mriki minangka paniti adicara badhe ngandharaken reroncenig adicara ing dinten kalenggahan menika.

Pranyatan kasebut kalebu tanggap wacana minangka …

a)

Pranata adicara

b)

Pambagya harja

c)

Mangayu bagya

d)

Sesorah

e)

Panata busana

34.

Adicara sampun paripurna lan mekaten kalawau cak-cakaning adicara satunggal mbaka satunggal sampun kalampahan kanthi rancag.

Pranyatan kasebut kalebu tata rakite tanggap wacana …

a)

Uluk salam

b)

Purwaka

c)

Ancasing gati

d)

Wasana

e)

Salam panutup

35.

Perangan saka kembar mayang kang mengku werdi kekarepan kang luhur lan ora bakal kendho yen durung kasembadan yaiku …

a)

Debog

b)

Janur

c)

Godhong apa-apa

d)

Andhong puring

e)

Godhong ringin