wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SOAL PAS BASA JAWA FASE F GASAL 2022

Total questions: 40

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

"Kula ajeng teng semarang, sampeyan ajeng teng pundi?". Ana ing ukara iku tembung ajeng lan tembung teng klebu tembung...

a)

Krama alus

b)

Kasar

c)

Krama lugu

d)

Madya

e)

Ngoko

2.

"Mangga katuran pinarak ing griya kula." Tembung griya kagolong ragam...

a)

Kramantara

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama lugu

e)

Krama alus

3.

"Mangke siyang menawi siyos, bapak kula ajeng tumbas montor." Ukara iki nggunakake unggah-ungguh basa jawa...

a)

Kramantara

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama lugu

e)

Krama alus

4.

"Pak Bima mau (ngomong) menawa garapane bisa di klumpukake ana ing kantor guru." Supaya trep, tembung kang kakurung iku diowahi dadi...

a)

Ngandhani

b)

Sanjang

c)

Ngomong

d)

Ngendika

e)

Matur

5.

"Sampeyan wis nggarap tugase sing wingi?" Ukara kasebut kalebu ragam...

a)

Ngoko lugu

b)

Kramaandhap

c)

Krama alus

d)

Krama

e)

Ngoko alus

6.

Aku (dicaosi) wajik karo gedhang. Tembung kang dikurung supaya trep bisa diowahi dadi...

a)

Diparingi

b)

Dicawisi

c)

Dicepaki

d)

Diwenehi

e)

Diaturi

7.

Ater-ater kok- supaya trep unggah-ungguhe miturut  ragam krama alus diowahi dadi ....

a)

Ndalem

b)

Jenengan

c)

Mbok

d)

Sampeyan

e)

Panjenengan

8.

Basa krama alus nggambarake sesambungan kang ....

a)

Ora ngajeni

b)

Ora kurmat

c)

kurmat banget

d)

Raket

e)

Raket banget

9.

Basa ngoko alus nggambarake sesambungan olehe kekancan wis ....

a)

Adoh

b)

Sedhengan

c)

Ora kenal

d)

Raket

e)

Adoh banget

10.

Pak Agus sampun dhahar menapa dereng? Tuturan  kuwi mau  nggunakake unggah-ungguh basa Jawa ragam ....

a)

Kramantara

b)

Ngoko lugu

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

e)

Ngoko lugu

11.

Panjenengna sampun purna anggenipun dhahar? Ukara kasebut manawa didadekake ngoko alus sing bener yaiku…

a)

Kowe wis rampung anggone mangan?

b)

Njenengan sampun rampung anggone dhahar?

c)

Samang mpun rampung anggone dhahar?

d)

Sampeyan sampun rampung anggone dhahar?

e)

Panjenengan wis rampung anggone dhahar?

12.

Panjenengan sida arep tindak apa ora, Mas? Tuturan kuwi nggunakake unggah-ungguh basa jawa ragam….

a)

Krama lugu

b)

Kramantara

c)

Krama alus

d)

Ngoko alus

e)

Ngoko lugu

13.

Sinjang menika dipunbektakaken saking karaton. Tembung kang durung trep yaiku…

a)

Sinjang

b)

Menika

c)

Dipunbektakaken

d)

Saking

e)

Karaton

14.

Undha-usuk utawa unggah-ungguh yaiku….

a)

Unggah-ungguh basa sing ngemu surasa pakurmatan

b)

Piranti kanggo micara

c)

Ngoko, ngoko lugu, krama, lan krama inggil

d)

Piranti kanggo rembugan

e)

Undhakane basa sing jinise ngoko lan krama

15.

Unggah-ungguh basa Jawa sing dumadi saka Ieksikon ngoko Ian netral sarta  katambahan leksikon krama inggillan/utawa krama andhap diarani unggah-ungguh basa Jawa ragam ....

a)

Krama lugu

b)

Kramantara

c)

Krama alus

d)

Ngoko alus

e)

Ngoko lugu

16.

Unggah-ungguh basa Jawa sing kabeh Ieksikone awujud ngoko Ian netral  diarani...

a)

Krama lugu

b)

Kramantara

c)

Krama alus

d)

Ngoko alus

e)

Ngoko lugu

17.

Unggah-ungguh basa  Jawa sing  leksikone dumadi saka  leksikon krama kabeh  Ian bisa ditambah leksjkon  krama inggil  lan/utawa krama  andhap diarani unggal?.-ungguh  basa Jawa ragam ....

a)

Krama lugu

b)

Kramantara

c)

Krama alus

d)

Ngoko alus

e)

Ngoko lugu

18.

Kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide yaiku...

a)

Sesorah

b)

Supir

c)

Sinden

d)

Dalang

e)

Masinis

19.

Ing ngisor iki Jinis-jinising Sesorah, kajaba...

a)

Menehi panglipur

b)

Sesorah moral

c)

Sesorah resmi

d)

Seseorah Intelektual

e)

Purwakanthi

20.

Kerangka/cengkorongan Sesorah yaiku…

a)

Hafalan

b)

Maca

c)

Surasa basa

d)

Ngajak kancane

e)

Dadakan

21.

Sesorah sing ditindakake dadakan utawi ora ana persiapan yaiku

a)

Impromptu

b)

Maca sawetara

c)

Hafalan

d)

Paron lajer

e)

Maca

22.

Assalamualaikum Wr. WB. Para bapak/ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang ingkang Kawulo tresnani. Printilan iku kalebu cengkorongan Sesorah....

a)

Surasa basa

b)

Dudutan

c)

Pangarep-arep

d)

Wasana basa

e)

Purwaka basa

23.

Kalebu bab sing perlu digatekake nalika sesorah..

a)

Nyiapke underan

b)

Tatag

c)

Hafalan

d)

Surasa basa

e)

Sesorah resmi

24.

Kekendelan minangka salah satunggaling bab wigati nalika nindakaken sesorah. Kekendelan ing mriki ateges....

a)

Wantun sesorah nalika piyambakan

b)

Mboten ndredheg yen micara ing salebeting kamar

c)

Asring latian utawi gladhen supados mboten demam panggung

d)

Tansah kendel menawi sesorah, lancar, teteg, tatag, mboten gugup, wantun micara ing sangajenging tiyang kathah menapa dene sekedhik

e)

Micara kanthi sora, gamblang, terang trewaca

25.

Gagasan ingkang dipunaturaken tumata, mboten molak-malik, gampang dipunpahami, lan mboten damel bingung. Katrangan menika ngandharaken bab …

a)

Kahanan

b)

Tembung trep

c)

Runtut

d)

Micara

e)

Tembung trep

26.

Tiyang ingkang mirengaken sesorah menika kedah kadospundi?

a)

Nggatosaken sesorahipun kanthi temen, mboten sami rame lan mboten omong piyambak

b)

Mirengaken lan mboten mahami menapa ingkang dipunaturaken

c)

Nggatosaken saestu, lajeng menawi sampun sawetawis damel kisruh

d)

Tansah kendel kemawon, sinaosa dipundangu

e)

Rame lan mboten nggatosaken kanthi temen

27.

Kadospundi caranipun supados nguwasani para rawuh nalika nindakaken sesorah?

a)

Sesorahipun kedah lucu saengga para rawuh lajeng gumujeng (ngguyu)

b)

Swantenipun alus lan merbawani ngantos para tamu kadamel ngantuk

c)

Nindakaken sesorah kanthi sae, swantenipun kepenak dipunmirengaken, cetha lan isinipun trep kaliyan ingkang dipunbetahaken dening para rawuh

d)

Anggenipun sesorah mantep sinambi geguyonan

e)

Isinipun sesorah mboten damel bingung ingkang rawuh

28.

Wonten sekawan prekawis ingkang dipungatosaken nalika sesorah. Salah satunggalipun wirama tegesipun ….

a)

Sesorah kedah nggatosaken isinipun sesorah, dipunraosaken supados saged micara kanthi sae, trep kaliyan isinipun.

b)

Sesorah ngginakaken astanipun, kedhep netranipun, esem, lan sapanunggalanipun saengga langkung mantep, sae lan ngremenaken ingkang mriksani lan mrirengaken.

c)

Sesorah kedah nggatosaken pocapan ingkang cetha, mboten bindheng, mboten blero.

d)

Sesorah kedah ngginakaken busana ingkang jangkep lan sae.

e)

Sesorah nggatosaken andhap-inggiling suwanten, cepat-alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten.

29.

Kajaba wirama, wonten wirasa ugi kedah dipungatosaken nalika sesorah inggih menika …

a)

Sesorah kedah nggatosaken isinipun sesorah, dipunraosaken supados saged micara kanthi sae, trep kaliyan isinipun.

b)

Sesorah ngginakaken astanipun, kedhep netranipun, esem, lan sapanunggalanipun saengga langkung mantep, sae lan ngremenaken ingkang mriksani lan mrirengaken.

c)

Sesorah kedah nggatosaken pocapan ingkang cetha, mboten bindheng, mboten blero.

d)

Sesorah nggatosaken andhap-inggiling suwanten, cepat-alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten.

e)

Sesorah kedah ngginakaken busana ingkang jangkep lan sae.

30.

Sumangga kula dherekaken ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih awit paringipun kabagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya. Tembung kabagaswarasan ngemu teges …

a)

Karawuhan

b)

Kaendahan

c)

Kawilujengan

d)

Kinurmatan

e)

Kawontenan

31.

Paugeran tembang macapat kang ngemu tibaning swara vokal ing pungkasan e gatra diarani...

a)

Guru sastra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru gatra

e)

Guru pada

32.

Tembang macapat iku kalebu tembang yasan. Apa tegese tembang yasan?

a)

Nembangke kanthi medhot wanda papat-papat

b)

Tembang kang migunakake titilaras

c)

Ngewrat bab pitutur luhur

d)

Kerep kanggo iringan wayang

e)

duweni panganggit ingkang nganggit tembange

33.

Tembung ‘piwulang’ tegese…

a)

Tatacara tingkah-laku

b)

Unggah-ungguh basa

c)

Wohing pamikir

d)

Pitutur kang migunani

e)

Manpangati wong akeh

34.

Beda karo karya sastra kang awujud gancaran kayata: crikak, novel lan cerbung. Tembang

Pocung iku minangka karya sastra jawa kang kalebet puitis, saengga carane mangerteni piwulange kudu mangerteni saben-saben tembunge dhisik, sawise iku banjur...

a)

Digawe gancarane

b)

Dimangerteni ukarane

c)

Digawe pitakone

d)

Dipahami metrume

e)

Digawe wangsulane

35.

Tembung “mring” kadhapuk saka tembung “maring” kang wanda ngarep sengaja diilangi kanggo nyuda guru wilangan. Paugeran anggitan kang kaya mangkono iku diarani....

a)

Uluran

b)

Plutan

c)

Wancahan

d)

Titilaras

e)

Sandhi asma

36.

Tembung hawa tegese....

a)

Ngerti kahanane liyane

b)

Banget prihatine

c)

Rasa bekti

d)

Tumindak kabecikan

e)

Sipat nepsu

37.

Tembung ‘kawruh’ padha tegese karo…

a)

Nulis

b)

Maca

c)

Nyemak

d)

Ngelmu

e)

Paham

38.

 

Gancaran kang jumbuh mungguh cakepan gatra kaping siji, yaiku....

a)

Kang tansah netepi kawruh.

b)

Durung paham ngelmu nanging kesusu marai.

c)

Ngelmu iku dilakoni kanthi prihatin.

d)

Tumindak becik iku kayata ngalatih laku.

e)

Sipat angkara kang ngambra-ambra ing badan.

39.

Cupet kapepetan pamrih. Perkara kang ora entuk pamrih miturut tembang kasebut yaiku perkara....

a)

Sinau kanthi tekun

b)

Kacampur hawa lan nepsu

c)

Wewarah ngelmu marang wong liya.

d)

Ngupaya budi pakerti

e)

Tansah sabar ngadhepi kahanan

40.

Akeh tembang Pocung kang kanggo cangkriman utawa bedhekan. Tembang Pocung anggadahi watak sembrana parikena. Kang dikarepake sembrana parikena kasebut yaiku…..

a)

Dhapukan titilaras kang dhuwur

b)

Bebas wiramanipun nanging tetep ngugemi pathokane tembang

c)

Tibane suwara vokal ing pungkasane gatra

d)

Munggah            medhune      lan      dawa      cendhake      suwara      trep      kaliyan       titi laras

e)

Ora mentingake pangrasane tembang