NEW
Font size
WorksheetsPost Test Basa Jawa Perbaikan
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan.......
A. Deskripsi
B. Narasi
C.Persuasi
D. Eksposisi
Teks pawarta lan pengalaman pribadi kalebu teks....
A. Deskripsi
B. Narasi Faktual
C. Persuasi
D. Eksposisi
Telung unsur yaiku kedadeyan, paraga, lan konflik sajrone karangan iku diarani.....
A. Tokoh
B. Alur
C. Paraga
D. Skenario
Teks sing isi lan andharane ngajak-ngajak, narikkawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca kalebu teks......
A. Deskripsi
B. Narasi
C. Persuasi
D. Eksposisi
Karangan sing nyritakake kedadeyan prastawa lan ndhuweni telung unsur arupa kedadeyan, paraga, lan konflik diarani karangan......
A. Deskripsi
B. Narasi
C. Informasi
D. Eksposisi
Karangan sing isine paparan utawa katrangan ngenani bab tartamtu kanggo nerangake utawa njlentrehake supaya sing maca tambah wawasane diarani karangan......
A. Narasi
B. Eksposisi
C. Deskripsi
D. Deduksi
Ing ngisor iki sing kalebu ciri-ciri karangan deskripsi yaiku.....
A. Sawijining obyek utawa kahanan dicritakake kanthi rinci
B. Menehi pengaruh sensitif kanggo ngembangake imajinasine sing maca
C. Luwih akeh maparake bab-bab sing bisa dirungokake, dideleng, lan dirasakake
D. Katrangan sing dicritakake kasunyatan apa anane
Ing ngisor iki sing kalebu ciri-ciri karangan narasi yaiku.....
A. Arupa crita bab prastawa utawa pengalamane penulis
B. Sifate menehi katrangan supaya wong sing maca tambah wawasane
C. Nganggo data, grafik, utawa itung-itungan
D. Ditulis nganggo pilihan tembung sing nggugah
Gajah akeh dipateni karo wong sing ora tanggung jawab saperlu dijupuk....
A. Gadhinge
B. Wulune
C. Daginge
D. Tenagane
Tetuwuhan sing nduweni khasiat obat sing adate ditandur ana pekarangan diarani....
A. Kebun Botani
B. Perkebunan
C. Pethetan
D. Apotek hidup
Tembang sing nggambarake tahap-tahap uripe manungsa wiwit ana kandhutane ibu nganti tumekaning pati diarani tembang....
A. Dolanan
B. Gedhe
C. Macapat
D. Tengahan
Ing ngisor iki sing kalebu Tembang Macapat yaiku......
A. Pocung, Maskumambang, Wirangrong
B. Kinanthi, Asmarandhana, Balabak
C. Dhandanggula, Sinom, Suwe ora jamu
D. Mijil, Maskumambang, Dhandanggula
Tembang Macapat kuwi nduweni watak dhewe-dhewe. Tembang Mijil nduwe watak......
A. Prihatin
B. ngresepake
C. ngeres
D. asih
Tembang Macapat sing nggambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibu, sing isih durung kawruhan lanang utawa wadon yaiku tembang......
A. Asmarandana
B. Pangkur
C. Maskumambang
D. Dhandhanggula
Cacahe gatra utawa larik saben sakpada diarani.....
A. Guru wilangan
B. Guru lampah
C. Guru lagu
D. Guru gatra
Cacahing wanda utawa suku kata saben sakgatra diarani......
A. Guru gatra
B. Guru lampah
C. Guru wilangan
D. Guru lagu
Semaken tembang ing ngisor iki!
Pocung
Bapak Pocung among sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka, si pocung dadi dahana
Guru gatrane Tembang Pocung ing ndhuwur yaiku.....
A. 12
B. 8
C. 6
D. 4
Guru wilangane gatra katelu Tembang Pocung yaiku.....
A. 6
B. 8
C. 10
D. 12
Guru gatrane tembang Asmarandhana ana.....
A. 5
B. 7
C. 8
D. 10
Tembang Asmarandhana nduweni watak.....
A. Nggrenah-nggrenahake
B. Sembrana parikena
C. Ngresepake
D. Grapyak, sengsem
Tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan kang dipindhakake sifate utawa kahanane wong, diarani......
A. Saloka
B. Pepindhan
C. Paribasan
D. Bebasan
Tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone, tetembungane wantah (lumrah), ora nganggo pepindhan (gegambaran) diarani.....
A. Paribasan
B. Bebasan
C. Saloka
D. Sanepan
Tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake wonge. Lumrahe tembung kang isih pepindhaning wong dumunung ana ngarep ukara utawa wiwitane ukara, diarani.....
A.Bebasan
B. Paribasan
C. Saloka
D. Pepindhan
Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan yaiku......
A. Asu rebutan balung
B. Becik ketitik, ala ketara
C. Gupak pulute ora mangan nangkane
D. Mlakune kaya macan luwe
Ukara ing ngisor iki sing kalebu bebasan yaiku....
A. Kakehan gludhug kurang udan
B. Anak polah bapa kepradhah
C. Dahwen ati open
D. Njajah desa milang kori
Dadi anak kudu bisa ngangkat drajate wong tuwa, ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku.....
A. Kebo kabutan sungu
B. Yitna yuwana mati lena
C. Mikul dhuwur mendhem jero
D. Cebol nggayuh lintang
Sabar sareh mesti bakal......
A. pikoleh
B. subur
C. kepenak
D. makmur
Raka karo Bayu kuwi sedulur kandhung, nanging ora bisa rukun. Yen dolanan bareng mesti padha tukar padu. Paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku.....
A. Kaya mimi lan mintuna
B. Kaya bumi karo langit
C. Kaya bayu karo lenga
D. Asu gedhe menang kerahe
Yen nduweni janji karo wong liya kudune ditetepi, aja esuk tempe sore dhele, tegese.....
A. Wong bisa dipercaya amarga ora netepi janjine
B. Yen esuk dadi dele yen sore dadi tempe
C. Yen janji kudu ditetepi aja mencla-mencle
D. Yen ndhuwe utang becike enggal disaur
Tegese “Ana catur mungkur” ing tembang ndhuwur yaiku….
A. seneng iri marang duweke wong liya.
B. ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.
C. gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih.
D. kabeh gegayuhan mbutuhake wragad
