NEW
Font size
WorksheetsPAS B.JAWA KLS VII SEMESTER 1
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Teks kang isine njlentrehake sawijining objek kanthi gamblang lan rinci diarani….
teks naratif
teks deskriptif
teks persuatif
teks argumentative
Tata urutan utawa struktur teks tanggapan deskriptif yaiku….
klasifikasi, identifikasi, deskripsi bagian
identifikasi, deskripsi bagian, klasifikasi
deskripsi bagian, identifikasi, klasifikasi
identifikasi, klasifikasi, deskripsi bagian
Salah siji struktur teks tanggapan deskriptif kang nerangake gegambaran kanthi luwih rinci diarani….
identifikasi
klasifikasi
deskripsi bagian
deskripsi umum
Dadi wong aja gumedhe luwih becik sing prasaja wae!
Tembung sing nduweni swara i jejeg yaiku….
dadi
luwih
becik
sing
Tembung-tembung ing ngisor iki nduweni swara o miring yaiku ….
komplong, gosong, bidho
coro, loro, molor
ndomblong, golok, kompor
kompor, kebo, oblik
Kartono nggawa nama arume sekolahe. Tembung sing kacethak miring ing ukara dhuwur iku nduweni swara ….
u miring
u jejeg
a miring
a jejeg
Tembung-tembung ing ngisor iki nduweni swara o miring yaiku ….
Dadi anak iku tansah ngabektia marang wong tuwa !
Aku lunga menyang sekolah nganggo seragam biru putih
Ani iku putra kaloro saka sedulur lima
Yen sinau sing tenan, aja nglokro.
Ing ngisor iki kang kalebu tembung kriya yaiku…
adus, mangan, panas, turu
macul, ngarit, turu, adus
mlaku, ayu, sugih, adus
adhem, dhuwur, sugih
“ing, saka, menyang” iku kalebu jinise tembung….
tembung kahanan
tembung katrangan
tembung panguwuh
tembung ancer-ancer
Tembung kang njlentrehake cacah utawa jumlahe samubarang diarani tembung….
tembung kriya
tembung panguwuh
tembung wilangan
tembung sesulih
“Aku tuku beras rong kilo ing toko Anugrah”
sing kalebu tembung aran yaiku tembung….
aku
tuku
beras
rong kilo
…………………………………………………………………………………….
Kajaba saka sumber layang- layang RA. Kartini marang mitra-mitrane bangsa Landa, sumber liyane yakuwi tulisa-tulisane RA. Kartini kang sumebar ing majalah lan surat kabar. Kang akeh tulisane RA. Kartini nganggo basa Landa. Tanah kelairane RA. Kartini sugih patilasan sejarah lan kubure para tokoh sejarah kayata: Raden Patah, Sunan Kudus, Sunan Bonang, Sunan Kalijaga, Adipati Unus, lan sapanunggalane, lan unsur-unsur sejarah lan patriotisme kang kuwat.
FILSAFAT NOBLESSE OBLIGE bisa dijarwakake bebas manngkene: Sapa wonge sing kasinungan kaluwihan, embuh sing wuud brana, pangkat, kapinteran. Lan sapanunggalane duwe kewajiban moral mbage kaluwihan mau marang liyane sing ora darbe kaluwihan. Ungkapan mau jumbuh karo filsafat Jawa: urip kuwi kudu gelem tetulung marang liyan kang mbutuhake.
Tanah kelairane RA. Kartini sugih patilasan sejarah lan kubure para tokoh sejarah kayata ing ngisor iki, kajaba ……………….
Raden Patah
Sunan Kudus
Sunan Bonang
Sunan Ampel
…………………………………………………………………………………….
Kajaba saka sumber layang- layang RA. Kartini marang mitra-mitrane bangsa Landa, sumber liyane yakuwi tulisa-tulisane RA. Kartini kang sumebar ing majalah lan surat kabar. Kang akeh tulisane RA. Kartini nganggo basa Landa. Tanah kelairane RA. Kartini sugih patilasan sejarah lan kubure para tokoh sejarah kayata: Raden Patah, Sunan Kudus, Sunan Bonang, Sunan Kalijaga, Adipati Unus, lan sapanunggalane, lan unsur-unsur sejarah lan patriotisme kang kuwat.
FILSAFAT NOBLESSE OBLIGE bisa dijarwakake bebas manngkene: Sapa wonge sing kasinungan kaluwihan, embuh sing wuud brana, pangkat, kapinteran. Lan sapanunggalane duwe kewajiban moral mbage kaluwihan mau marang liyane sing ora darbe kaluwihan. Ungkapan mau jumbuh karo filsafat Jawa: urip kuwi kudu gelem tetulung marang liyan kang mbutuhake.
Kanggone RA. Kartini kaningratan iku diukur saka ......
keturunan
keluhuran budi
banda donya
kaluwihan banda
Kautamane RA. Kartini ing bidang kesehatan yaiku .....
nyurung supaya migunakake obat tradisional
nulis karangan ilmiah bab kerajinan bathik
usul menyang pemerintah supaya mbukak sekolahan sing akeh kanggo pribumi
nulis layang marang mitra-mitrane bangsa Landa
Ing ngisor iki titikan (ciri-ciri) teks biografi yaiku, kajaba.....
ngemot informasi adhedhasar fakta awujud narasi
nduweni struktur teks orientasi, prastawa/masalah, lan reorientasi
tokoh/paraga sing ditulis bisa negarawan, politikus, pahlawan
tokoh/paraga sing ditulis yaiku awake dhewe
Tembung sing durung owah saka asale arane…
tembung lingga
tembung andhahan
tembung entar
tembung saroja
Sing kalebu tembung lingga yaiku.......
sewu, dolan lan lunga
nyawang, mangan lan miber
dolan, lunga lan sare
mati, sewu lan dolan
Sing kalebu tembung andhahan yaiku.......
sewu, dolan lan lunga
nyawang, mangan lan miber
dolan, lunga lan sare
mati, sewu lan dolan
Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali marang bangsa lan Negara.
Pandhapuke tembung ing njero kurung yaiku….
mbaleni
bola-bali
bali-bali
dibaleni
Tembung ing ngisor iki migunakake ater-ater anuswara yaiku......
mangan, mati, kokpangan, diarani
ndeleng, nglungguhi, mangan, njupuk
mangan, tuku, nyambel, mlaku
ndeleng, kokgepuk, tuku, kokgawakake
Wuwuhan sing diwuwuhake ing sangarepe tembung diarani apa?
ater-ater
seselan
panambang
wuwuhan bebarengan
Tembung ing ngisor iki kang kawuwuhan ater-ater tripususa yaiku….
diutus
saomah
tinulis
nyapu
Tembung “nulisake,disaponi” kalebu tembung lingga kang oleh wuwuhan apa ?
ater-ater
seselan
panambang
ater-ater lan panambang
Mendhung ing Ayodya
“…..Rikala Dewi Kekayi dipunpundhut garwa dening Prabu Dasarata, Dewi Kekayi duwe panjaluk menawa mbesuk kudu putrane sing dadi ratu ana ing Ayodya. Nalika Barata wis diwasa, Dewi Kekayi nagih janji. Rama putra Prabu Dasarata sing mbarep katundhung lunga saka Ayodya lan nindakake urip ing alas.
Langit ing kraton Ayodya pindha katutup mendhung. Dewi Sukasalya ibune Rama sanadyan sungkawa, ana uga rasa mongkog ing batin, dene kang putra Rama Wijaya netepi darmaning satriya, nglilakake dhampar keprabon kanthi legawaning ati, minangka tandha bektine marang kang rama. Mangkono uga Laksmana putrane Dewi Sumitrawati, kang setya marang Raden Rama Wiyaja minangka sedulur sepuh….”
Garwane Prabu Dasarata sing paling tuwa paring asma….
Dewi Kekayi
Dewi Sukasalya
Dewi Sumitrawati
Dewi Sinta
Mendhung ing Ayodya
“…..Rikala Dewi Kekayi dipunpundhut garwa dening Prabu Dasarata, Dewi Kekayi duwe panjauk menawa mbesuk kudu putrane sing dadi ratu ana ing Ayodya. Nalika Barata wis diwasa, Dewi Kekayi nagih janji. Rama putra Prabu Dasarata sing mbarep katundhung lunga saka Ayodya lan nindakake urip ing alas.
Langit ing kraton Ayodya pindha katutup mendhung. Dewi Sukasalya ibune Rama sanadyan sungkawa, ana uga rasa mongkog ing batin, dene kang putra Rama Wijaya netepi darmaning satriya, nglilakake dhampar keprabon kanthi legawaning ati, minangka tandha bektine marang kang rama. Mangkono uga Laksmana putrane Dewi Sumitrawati, kang setya marang Raden Rama Wiyaja minangka sedulur sepuh….”
Sing dadi ratu ing Ayodya yaiku Barata dudu Rama, amarga….
Barata minangka putrane Prabu Dasarata sing paling tuwa
Ramawijaya minangka putra sing pambarep kudu dibuwang urip ing tengah alas
Prabu Dasarata ditagih janji Dewi Kekayi sadurunge dipunpundhut garwa menawa putra keturunane sing bakal dadi ratu ing Ayodya
Ramawijaya wus nindakake kesalahan, saengga kudu diukum buwang urip ing tengah alas.
Mendhung ing Ayodya
“…..Rikala Dewi Kekayi dipunpundhut garwa dening Prabu Dasarata, Dewi Kekayi duwe panjauk menawa mbesuk kudu putrane sing dadi ratu ana ing Ayodya. Nalika Barata wis diwasa, Dewi Kekayi nagih janji. Rama putra Prabu Dasarata sing mbarep katundhung lunga saka Ayodya lan nindakake urip ing alas.
Langit ing kraton Ayodya pindha katutup mendhung. Dewi Sukasalya ibune Rama sanadyan sungkawa, ana uga rasa mongkog ing batin, dene kang putra Rama Wijaya netepi darmaning satriya, nglilakake dhampar keprabon kanthi legawaning ati, minangka tandha bektine marang kang rama. Mangkono uga Laksmana putrane Dewi Sumitrawati, kang setya marang Raden Rama Wiyaja minangka sedulur sepuh….”
Dewi Sukasalya ibune Rama mongkog batine, amarga….
Rama Wijaya kudu urip ing tengah alas
Rama Wijaya didherekake kang rayi Leksmana
Rama Wijaya kanthi lila legawa masrahake dhampar keprabon minangka bukti bektine marang ingkang rama.
Barata kasil ngusir Rama Wijaya saka kratomn lan urip ing tengah alas.
Struktur teks narasi kang tegese wis ana perkara sing bakal dadi underan/ pokok lan ndadekake aluring crita arane….
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Reorientasi
Basa kang tembunge nganggo tembung ngoko kabeh lan ora kacampuran tembung krama diarani basa….
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
Ibune Lilis tuku klambi ing pasar Jombang.
Basa krama aluse…
Ibunipun Lilis tumbas klambi wonten peken.
Ibune Lilis tumbas jarik wonten peken.
Ibunipun Lilis mundhut ageman wonten peken.
Ibune Lilis mundhut ageman ana peken.
Ibu tindak toko badhe mundhutaken sepatunipun Mas Andri.
Ukara ing ndhuwur nganggo basa….
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
Panulise basa krama alus sing bener yaiku…
Kula taksih sare nalika bapak tindhak dhateng Malang
Kula taksih tilem nalika bapak tindak dhateng Malang
Kula taksih turu nalika bapak lunga dhateng Malang
Kula taksih tilem nalika bapak kesah dhateng Malang
Aku arep turu nanging bapak isih nonton tv
Ukara iku manawa disalini nganggo basa krama alus dadi ..........
Aku arep turu nanging bapak isih mirsani tv
Kula badhe tilem nanging bapak taksih mirsani tv
Aku arep turu nanging bapak isih ningali tv
Kula badhe sare nanging bapak taksih ningali tv
Aku ........... Pak Guru supaya sinau.
Tembung apa sing trep kanggo njangkepi ukara iku supaya dadi basa ngoko alus ?
Dikandhani
Diomongi
Didhawuhi
Dikongkon
Tembang kang ora nganggo paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan arane….
Tembang gedhe
Tembang tengahan
Tembang macapat
Tembang kreasi anyar
Supaya bisa nembang kreasi anyar, kudu bisa maca angka-angka sing ana ing sandhuwure teks tembang. Angka-angka mau diarani….
Cakepan
Tangga nada
Titi laras
Notasi
Titi laras pelog lan slendro iku bedane ana ing angka….
4 lan 6
5 lan 6
5 lan 7
4 lan 7
Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru swara, yaiku….
Aja dumeh menang, banjur tumindak sawenang-wenang
Bayem arda, ardane ngrasuk busana
Raja putra, putrane daleme Ngastina
Tata titi titig tatag, tanggung tertib
Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru basa, yaiku….
Ana dina, ana upa
Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
Bareng wis makmur, lali marang sedulur
Tenguk-tenguk, nemu kethuk
Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru sastra, yaiku….
Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
Tiwas sayah, ora paedah
Sluman slumun slamet
Becik ketiik ala ketara
Ing ngisor iki kang kalebu jinise tembung sesulih yaiku….
aku, kowe, dheweke
adhuh!!, hii!!, horee!!
saiki, sesuk, wingi
siji, sepuluh, sakilo
