NEW
Font size
WorksheetsULANGAN BHS. JAWA KLS. X
Total questions: 40
Worksheet time: 40mins
Artikel bisa diartekake tulisan kang isine ...
panemu, ide utawa fakta
imajinasi lan fantasi
eksplanatif
daya khayalan
lelucon kang ngelipur
Lumrahe artikel iku sinebar liwat ...
benner ing dalan-dalan
giyaran-giyaran ing televisi
medhia massa sacara online/offline
giyaran-giyaran ing radio
wangsulan a, b, c bener
Artikel kang aweh tuntunan marang pamaos kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora ngalami kekeliruan utawa keluputan. Iki ingaranan artikel ...
preskriptif
predhiktif
eksplanatif
dheskriptif
eksploratif
Tulisan kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine permasalahan, kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan. Iki ingaranan artikel ...
preskriptif
predhiktif
eksplanatif
dheskriptif
eksploratif
Artikel utawa tulisan kang isine ndungkapake fakta-fakta miturut pamawase si penulis. Iki ingaranan artikel ...
preskriptif
predhiktif
eksplanatif
dheskriptif
eksploratif
Lumrahe Makalah Panaliten iku didungkapake sajrone artikel ...
preskriptif
predhiktif
eksplanatif
dheskriptif
eksploratif
Predhiksi asil pertandhingan bulu tangkis nasional iku didungkapake sajrone artikel ...
preskriptif
predhiktif
eksplanatif
dheskriptif
eksploratif
Sing kalebu sandhangan wyanjana yaiku ...
cakra, keret, pengkal
cakra, layar, pengkal
cakra, pengkal, pangkon
cakra, layar, pangkon
cakra, keret, pangkon
Sing kalebu sandhangan panyigeg wanda iku ...
cecak, wignyan, pengkal
cecak, cakra, wignyan
cecak, keret, pengkal
cecak, layar, wignyan
cecak, keret, wignyan
Cakra keret iku minangka gantine sandhangan ...
cakra wantah
cakra wulu
cakra suku
cakra taling
cakra pepet
"Kaka Prabu tansah ginanjar rahayu." Dasanamane rahayu ...
maruta, pawana, bayu
basuki, raharja, yuwana
harsana, harsaya, girang
kaloka, kasusra, kawentar
juwita, kusuma, wanodya
"Prabu Baladewa uninga tingkahe kang andon yuda." Dasanamane yuda ...
laksita, lumaksana, lumaris
lampus, ngemasi, palastra
bandayuda, jurit laga, pupuh
limpad, wasis, wignya
duhkita, kingkin, rudatin
"Dhasar narendra sekti mandraguna." Dasanamane narendra ...
atmaja, tanaya, suta
angga, raga, tubuh
ditya, denawa, diyu
buminata, bumipati, dhatu
kadhaton, dhatulaya, kraton
Pandhawa sing angka siji iku aran ...
Nakula
Sadewa
Puntadewa
Bimasena
Arjuna
Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita arane ...
tema
tokoh/paraga
gaya basa
latar/setting
plot/alur
Dalan crita utawa rerangken prastawa kang didhapuk andhedhasar hukum kausalitas (gayutan kang nuduhake sebab akibat) arane ...
tema
tokoh/paraga
gaya basa
latar/setting
plot/alur
Wayang Gedhog iku diripta dening wali sanga kang asthma ...
Sunan Kalijaga
Sunan Bonang
Sunan Kudus
Suann Muria
Sunan Giri
Wayang Golek iku akeh tinemu ing ...
Cepu lan Boyolali
Cepu lan Bojonegoro
Cepu lan Banyumas
Kudus lan Bojonegoro
Kudus lan Banyumas
Wayang sing wujude cilik-cilik digawe saka bahan kayu, arane ...
Wayang Gedog
Wayang Golek
Wayang Krucil
Wayang Wong
Wayang Topeng
Wayang Suluh sinebut uga kanthi julukan ...
Wayang drama
Wayang ludruk
Wayang kethoprak
Wayang sandiwara
Wayang pamarentah
Drama mujudake komposisi syair kang diajab bisaa nggambarake tingkah laku liwat ...
setting
akting
moving
ploting
dubbing
Drama iku mligi disusun kanggo tontonan ...
wacan
tulisan
teater
audio
visual
Paraga drama sing guneman ijen ing panggung ingaranan ...
prolog
epilog
monolog
dhialog
katalog
Pesen pungkasan kang disampekake sabubare kegiyatan drama lumaku ingaranan ...
prolog
epilog
monolog
dhialog
catalog
Tuladha basa ngoko alus ...
Bapak arep lunga menyang Surabaya
Bapak badhe kesah dhateng Surabaya
Bapak arep tindhak menyang Surabaya
Bapak badhe tindhak dhateng Surabaya
Bapak badhe kesah menyang Surabaya
Aku mangan sega rawon lan ibuku mangan sega pecel.
Yen didadekake basa krama alus ...
Kula nedha sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel
Kula nedha sekul rawon lan ibu kula dhahar sekul pecel
Kula dhahar sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel
Kula dhahar sekul rawon lan ibu kula dhahar sekul pecel
Kula mangan sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel
Basa sing ora trep klawan unggah-ungguhe ...
Bapak nedha kula adus
Bapak dhahar kula adus
Bapak siram, aku adus
Bapak dhahar kula siram
Bapak siram, kula nedha
Tuladha basa krama inggil (alus) sing trep klawan unggah-ungguhe ...
Kula dereng dhahar siyang
Adhik sampun tindak Malang
Bapak nembe kemawon tindak
Tono kaliyan Tini mundhut es teh
Ibu tuku gula lan kopi ing pasar
Ing basa krama lugu (madya) iku, tembung kowe owah dadi ...
tetep kowe
sampeyan
koen
panjenengan
Panjenengane
Sapunika adhik-adhik kula taksih dereng sami adus. Ukara iki migunakake basa ...
ngoko lugu
krama lugu
ngoko alus
krama alus
krama desa
Pasangan aksara Jawa sing manggone ing sisihe yaiku ...
ha, sa, pa
ka, ta, la
ra, ga, nga, ya
ba, ca, nya
na, dha, da, wa
Pasangan aksara Jawa sing wujude padha karo aksara legenane yaiku ...
ha, sa, pa
ka, ta, la
ra, ga, nga, ya
ba, ca, nya
na, dha, da, wa
Pasangan aksara Jawa sing kanthi ngilangake salah siji sikile saka aksara legenane yaiku ...
ha, sa, pa
ka, ta, la
ra, ga, nga, ya
ba, ca, nya
na, dha, da, wa
Pasangan aksara Jawa sing beda banget karo aksara legenane yaiku ...
ha, sa, pa
ka, ta, la
ra, ga, nga, ya
ba, ca
na, dha, da, wa
Tembung iki yen ditulis aksara Jawa mbutuhake sandhangan pengkal ...
puji syukur
yatim piyatu
yitna yuwana
nyai Dasimah
tumbas yoyo
Tembung iki yen ditulis aksara Jawa mbutuhake sandhangan cakra keret ...
preman
sakreta
mrenea
premen
brah-breh
Tembung ambyar, yen ditulis aksara Jawa mbutuhake pasangan ...
ma
ba
ya
ma - ba
ba - ya
Tembung pak kyai, yen ditulis aksara Jawa mbutuhake pasangan ...
ka
ya
ka - ka
ka - kya
ora ana
Tembung kedah syukur, yen ditulis mawa aksara Jawa mbutuhake pasangan ...
ha
sya
syu
sa - sya
ora ana
Tembung iki yen ditulis mawa aksara Jawa mbutuhake sandhangan cakra ...
oleh ragad
sampun reja
rame - rame
warna - warni
srawung raket
