wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN BHS. JAWA KLS. XII

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Tuladha basa krama lugu (madya) ...

a)

Pakdhe kula dereng wangsul saking kelurahan

b)

Pakdhe kula sampun kondur saking kecamatan

c)

Pakdhe nembe kemawon tindak dhateng kantoripun

d)

Pakdhe durung sare amarga ngrampungake tugase

e)

Pakdhe taksih dhahar kaliyan ibu wonten warung

2.

Tuladha basa ngoko lugu (wantah) ...

a)

Wau dalu panjenengan saking pundi?

b)

Sesuk ibu lan bapak tindak Surabaya.

c)

Saiki ibu bapak isih durung rawuh.

d)

Mau bengi kowe dolan menyang ngendi?

e)

Ngapunten, kula lan adhik bidhal rumiyin.

3.

Tuladha basa krama alus (inggil) ...

a)

Agemane bapak durung disetrika.

b)

Lik Darmuji niku sakit napa ta kang?

c)

Panjenengan wis maos layangku tah?

d)

Adhik taksih dereng purun sekolah.

e)

Mangga sami dipundhahar tedhanipun!

4.

Wekdal bapak dhahar, adhik tumut nedha ugi. Iki mawa basa ...

a)

krama lugu (madya)

b)

krama alus (inggil)

c)

krama alus lan krama lugu

d)

krama lugu lan krama alus

e)

krama alus lan ngoko lugu

5.

Tuladha basa ngoko alus (andhap) ...

a)

Mangga ta sami dipununjuk tehipun!

b)

Kowe aja mulih dhisik, entenana adhimu!

c)

Paklik lagi duka marang putra-putrane.

d)

Aja nyedhak, kucinge lagi rembes ngono lho!

e)

Nyuwun duka, ibu kula taksih dereng wungu!

6.

"Nalika adhik ...., aku ya ..., lan ibu uga ..."

Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe ...

a)

mangan-mangan-mangan

b)

nedha-nedha-nedha

c)

mangan-mangan-nedha

d)

mangan-mangan-dhahar

e)

nedha-nedha-dhahar

7.

"Wekdal bapak ..., kula ..."

Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe ...

a)

dhahar-siram

b)

dhahar-adus

c)

nedha-siram

d)

mangan-adus

e)

mangan-siram

8.

Ing basa krama lugu (madya), tembung kowe owah dadi ...

a)

tetep kowe

b)

sampeyan

c)

koen

d)

panjenengan

e)

panjenengane

9.

Bagas lunyu ilate. Lunyu ilate klebu tuladhane ...

a)

tembung entar

b)

tembung saroja

c)

tembung camboran

d)

tembung salin swara

e)

tembung yogyaswara

10.

Tembung saroja yaiku ...

a)

tembung kang padha panulisane dienggo bebarengan

b)

tembung kang padha pangucapane dienggo bebarengan

c)

tembung kang padha tegese dienggo bebarengan

d)

tembung kang ora padha tegese dienggo bebarengan

e)

tembung-tembung loro kang dienggo bebarengan

11.

Tuladha tembung saroja ...

a)

dawa tangane

b)

budi pekerti

c)

rumah sakit

d)

bengak-bengok

e)

mahasiswa-mahasiswi

12.

Tembung kang duweni teges dudu salugune utawa dudu sabenere diarani ...

a)

tembung lingga

b)

tembung camboran

c)

tembung yogyaswara

d)

tembung saroja

e)

tembung entar

13.

Wong sing gumedhe utawa sombong ingaranan ...

a)

dhuwur atine

b)

dhuwur omahe

c)

gedhe atine

d)

dhuwur pangkate

e)

gedhe endhase

14.

Cerkak yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan kanthi ...

a)

cekak wae

b)

dawa banget

c)

ngayawara banget

d)

sakarepe ati

e)

sakepenake wae

15.

Salah siji titikane cerkak ...

a)

isine padhet

b)

alure luwih saka siji

c)

alure maju mundur

d)

basane ngambra-ambra

e)

critane ana bacute

16.

Pokok masalahe crita utawa lelandhesane crita arane ...

a)

amanat

b)

paraga

c)

penokohan

d)

tema

e)

alur

17.

Anekdot iku mujudake sawijine ...

a)

cerita cekak lucu utawa menarik

b)

cerita cekak kang isine etos kerja

c)

cerita cekak kang isi kerapian

d)

cerita cekak lucu, ning medeni

e)

cerita cekak lucu, agawe guyu

18.

Anekdot iku digawe kanthi tujuan kanggo ...

a)

gegojegan

b)

bedhekan

c)

nyindir/ngritik

d)

lelucon

e)

cekakan

19.

Cangkriman iku digawe kanthi tujuan kanggo ...

a)

gegojegan

b)

bedhekan

c)

nyindir/ngritik

d)

lelucon

e)

cekakan

20.

Tuladha anekdot lisan ...

a)

guru = digugu lan ditiru

b)

wamil = wajib militer

c)

burnas = bubur panas

d)

kurap = kurang rapi

e)

dhegus = gedhe bagus

21.

Tuladha tembung camboran tugel ...

a)

guru = digugu lan ditiru

b)

wamil = wajib militer

c)

ling cik tu = maling mancik watu

d)

kurap = kurang rapi

e)

bangjo = abang ijo

22.

Tuladha temung kereta basa ...

a)

kursi = ukurane wong siji

b)

wamil = wajib militer

c)

ling cik tu = maling mancik watu

d)

kurap = kurang rapi

e)

dhegus = gedhe bagus

23.

Tuladha tembung akronim ...

a)

guru = digugu lan ditiru

b)

wamil = wajib militer

c)

ling cik tu = maling mancik watu

d)

kudis = kurang disiplin

e)

lunglit = balung kulit

24.

Kang mujudake swasana ing wiwitan kedadeane cerita ing struktur teks anekdot ...

a)

abstraksi

b)

orientasi

c)

event

d)

reaksi

e)

koda

25.

Tembung nedha mujudake tembunge basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

e)

ngoko madya

26.

Tembung dhahar, sare, iki tembung-tembung kanggo basa ...

a)

ngoko lugu lan ngoko alus

b)

ngoko alus lan krama lugu

c)

krama lugu lan krama alus

d)

krama alus lan ngoko alus

e)

krama alus utawa krama inggil

27.

Basa sing bener manut unggah-ungguhe ...

a)

Aku diceluk ibu, ibu nyeluk bapak

b)

Aku ditimbali ibu, ibu nimbali bapak

c)

Aku diaturi ibu, ibu ngaturi bapak

d)

Aku ditimbali ibu, ibu ngaturi bapak

e)

Aku diceluk ibu, ibu ngaturi bapak

28.

Ukara iki sing bener panulise ...

a)

Ibu nggoreng tempeh rong iris

b)

Ibu ngoreng tempeh rong iris

c)

Ibu nggoreng tempe rong iris

d)

Ibu ngoreng tempe rong iris

e)

Ibu goreng tempeh rong iris

29.

Aksara latin mawa basa Jawa iki sing bener panulise yaiku ...

a)

Ajak rame ana kono, bapake lagi solat!

b)

Ojo rame ana kono, bapake lagi solat!

c)

Mripate loro, nanging lara kabeh

d)

Ojo rame ana kana, bapake lagi solat!

e)

Mripate lara, nanging loro kabeh

30.

Basa sing bener manut unggah-ungguhe ...

a)

Ibuku mangan sega pecel, bubar iku ngombe teh

b)

Ibuku nedha sega pecel, bubar iku nginum teh

c)

Ibuku dhahar sega pecel, bubar iku ngunjuk teh

d)

Ibuku dhahar sega pecel, bubar iku nginum teh

e)

Ibuku dhahar sega pecel, bubar iku ngombe teh

31.

Ukara iki sing bener panulise ...

a)

Bapak kale ibu kesah sedaya

b)

Bapak kalih ibu kesah sedaya

c)

Bapak kalih ibu kesah sedoyo

d)

Bapak kale ibu kesah sedoyo

e)

Bapak kalih ibu kesa sedaya

32.

Ukara iki sing bener panulise ...

a)

Wit gedhange roboh keterak angin

b)

Wet gedhange rubuh keterak angin

c)

Wet gedhange roboh keterak angin

d)

Wit gedhange rubuh keterak angin

e)

Uwet gedhange rubuh keterakangin

33.

Sing ora kalebu seni tradhisional yaiku ...

a)

wayang kulit

b)

wayang uwong

c)

seni ludruk

d)

kethoprak

e)

seni dancer

34.

Pembarepe Padhawa iku aran sapa?

a)

Nakula

b)

Sadhewa

c)

Bimasena

d)

Arjuna

e)

Puntadewa

35.

Panggulune Pandhawa iku aran sapa?

a)

Yudhistira

b)

Werkudara

c)

Sadewa

d)

Janaka

e)

Nakula

36.

Sapa panengahe Pandhawa iku?

a)

Nakula

b)

Sadewa

c)

Bimasena

d)

Arjuna

e)

Puntadewa

37.

Jeneng liyane Werkudara iku sapa?

a)

Bimasena

b)

Yudhistira

c)

Gathutkaca

d)

Janaka

e)

Puntadewa

38.

Drama iku disusun kanggo ...

a)

tontonan teater

b)

tontonan musik

c)

tontonan sulap

d)

tontonan lukis

e)

tontonan pameran

39.

Teater utawa drama iku mujudake ...

a)

dhialog sing direkam

b)

dhialog sing dipentasake

c)

dhialog sing diwaca

d)

dhialog sing disiyarake

e)

dhialog sing dibukokake

40.

Teater utawa drama iku nggambarake panguripane lan watak liwat ...

a)

crita utawa dongeng

b)

syair/guritan

c)

gancaran

d)

akting utawa dhialog

e)

lawakan