wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL CADANGAN

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Wacana:
Teks Tanggapan Dheskriptif
Warung makan "Sego Sambel Mbok Darmi" sing dumunung ing pinggir dalan desa Tambakboyo iki saya rame pengunjung. Warunge prasaja, nanging resik lan nyaman. Saliyane kuwi, rasa sega sambelé pedhes lan gurih, nggawe wong kepengin bali meneh. Mbok Darmi, sing dadi pemilik warung, tansah ramah lan andhap asor nalika ngladeni para pembeli.
Warung iki dadi jujugan warga sak desa lan uga para lelungan sing liwat dalan provinsi.

Pitakon:
Perangan struktur teks tanggapan dheskriptif saka paragraf ing dhuwur sing nyritakake kaendahan lan rasa sego sambel bisa diarani minangka ...

a)

Evaluasi

b)

Deskripsi teks

c)

Rangkuman

d)

Tanggapan pribadi

2.

Wacanana:
"Dina Setu wingi, aku mlaku-mlaku bareng kancaku menyang pasar tradisional sing rame banget."

Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu jinis tembung apa wae? (Pilih lebih dari satu jawaban sing bener!)

a)

Dina → Tembung aran

b)

Mlaku-mlaku → Tembung kriya

c)

Rame → Tembung andharan

d)

Pasar → Tembung lingga

3.

Wacan:
Sutrisno yaiku sawijining seniman tari tradisional saka Solo. Dheweke wis sinau nari wiwit cilik lan asring tampil ing pagelaran tingkat nasional. Sutrisno uga aktif nguri-uri kabudayan Jawa kanthi mbuka sanggar tari kanggo bocah-bocah.

Pitakon:
Bagéan struktur teks ing wacan mau sing nyritakake identitas tokoh yaiku ...

a)

Pambuka

b)

Isi

c)

Penutup

d)

Ringkesan

4.

Wacan:
Bu Ratna yaiku guru Bahasa Jawa ing salah sawijining SMA ing Semarang. Dheweke dikenal sabar lan telaten mulang. Akeh siswa sing kepengin sinau luwih akeh babagan budaya Jawa amarga ajarané.

Pitakon:
Struktur teks ing wacan sing nerangake aktivitas utawa peran tokoh yaiku ...

a)

Pambuka

b)

Isi

c)

Penutup

d)

Paragraf pungkasan

5.

Wacan:
Nalika perang Baratayuda, Gatotkaca maju perang nglawan para Kurawa. Kanthi kekuwatan sakti, dheweke mabur ing awang-awang, ngalahake musuh siji-sijine. Nanging, amarga trik licik musuh, Gatotkaca pungkasane gugur ing palagan.

Pitakon:
Unsur cerita wayang saka cuplikan mau sing kalebu "tokoh" yaiku ...

a)

Kurawa

b)

Palagan

c)

Perang Baratayuda

d)

Gatotkaca

6.

Wacan:
Nalika perang Baratayuda, Gatotkaca maju perang nglawan para Kurawa. Kanthi kekuwatan sakti, dheweke mabur ing awang-awang, ngalahake musuh siji-sijine. Nanging, amarga trik licik musuh, Gatotkaca pungkasane gugur ing palagan.

Pitakon:
Unsur cerita wayang saka cuplikan mau sing kalebu "tokoh" yaiku ...

a)

Bima

b)

Rama Durna

c)

Pandhawa

d)

Jebakan

7.

Wacan:
Ing perang Baratayuda, Pandhawa lan Kurawa padha perang kanggo rebutan kraton Astina. Padahal, loro-lorone isih sedulur. Perang iki dadi salah siji perang paling gedhe ing Mahabharata.

Pitakon:
Sawise maca crita wayang mau, istilah Jawa kang nuduhake perang antar sedulur yaiku ...
( Pilih luwih saka siji jawaban sing bener! )

a)

Gathotkaca

b)

Perang kadang

c)

Perang saudara

d)

Geger sedulur

8.

Wacan:
Tembang iki digawe dening siswa SMA lan diiringi gamelan moderen. Liriké ngemu tema remaja lan semangat meraih cita-cita. Tembang iki ora manut guru wilangan lan guru lagu tradisional.

Pitakon:
Wujud tembang kaya ing wacan yaiku ...
( Pilih luwih saka siji jawaban sing bener! )

a)

Tembang macapat

b)

Tembang kreasi

c)

Tembang anyar

d)

Tembang dolanan

9.

Wacan:
Gusti,
ing wengi peteng aku ngelus dada
nalika tangisku ora krungu
mung ndonga, muga Gusti ngapura

Pitakon:
Jenis karya sastra ing ndhuwur klebu ...
( Pilih luwih saka siji jawaban sing bener! )

a)

Geguritan

b)

Tembang dolanan

c)

Puisi bebas

d)

Puisi bebas

10.

Wacan:
Saben dina, Sari nulungi simbahé masak lan adus. Senajan sibuk sekolah, Sari tetep tanggung jawab ngrayah tugas omah. Dheweke dadi conto bocah kang sregep lan andhap asor.

Pitakon:
Isi utama crita mau yaiku ...
( Pilih luwih saka siji jawaban sing bener! )

a)

Sari nulungi simbah

b)

Sari anak kang andhap asor

c)

Sari lunga menyang pasar

d)

Sari ngrayah tugas omah

11.

Wacan:
“Nyuwun pangapunten, kula dereng saged sowan dinten punika. Mugi Gusti paring wilujeng.”

Pitakon:
Unggah-ungguh basa kang digunakake ing ukara mau klebu ...
( Pilih luwih saka siji jawaban sing bener! )

a)

Basa krama alus

b)

Basa krama

c)

Basa kasar

d)

Basa hormat

12.

Wacan:
Ana sawijining bocah jenenge Raka. Dheweke sregep sinau lan seneng nulungi kanca-kancane. Raka dadi murid sing diagemake para guru.

Pernyataan:
Paraga utama ing crita yaiku Raka.

a)

Benar

b)

salah

13.

Wacan:
Saben esuk, Lina melu mbokne menyang pasar. Dheweke mbantu nggawa tas blanjaan nganti rampung belanja.

Pernyataan:
Latar wektu ing crita kasebut yaiku esuk dina.

Bener / Salah

a)

Benar

b)

Salah

14.

Pernyataan:
Ana wong sing kerja keras nanging tetep andhap asor lan ora sombong. Paribasan sing cocog yaiku "kurang ajar."

Bener / Salah

a)

Benar

b)

Salah

15.

Setyo tansah mbantu kanca, seneng sinau, nanging nalika ujian malah lali kabeh apa sing wis disinaoni amarga grogi.

Pernyataan:
Nasib Setyo bisa digandhengake karo paribasan "kaya kebo nyusu gudel."
Bener / Salah

a)

benar

b)

salah

16.

Kutipan Wawancara – Penggunaan Bahasa

Kutipan:
Wartawan: “Kula nyuwun pangapunten, saged kulo nyuwun katerangan babagan program panjenengan?”
Narasumber: “Inggih, mangga. Program punika ngupadosaken kamajuan ing bidang pendidikan.”

Pitakon:
Basa kang digunakake ing kutipan wawancara mau klebu ...

a)

Basa ngoko

b)

Basa krama alus

c)

Basa madya

d)

Basa kasar

17.

Kutipan Wawancara – Menentukan Pertanyaan

Kutipan Jawaban Narasumber:
“Nggih, saben dina siswa saged maos buku wonten ing pojok maca. Kegiatan punika dados rutin saben esuk sadinten.”

Pitakon:
Pitakon kang cocog karo jawaban mau yaiku ...

a)

Napa siswa asring ngobrol ing kelas?

b)

Kapan siswa nampa piagam?

c)

Kados pundi kegiatan pojok maca ing sekolah panjenengan?

d)

Sapa nama kepala sekolah panjenengan?

18.

Daftar Pertanyaan – Menentukan Pertanyaan tentang Cara

Daftar Pitakon:

  1. Apa tujuan program sekolah sehat?

  2. Sapa sing ngurus kantin?

  3. Kepiye cara sekolah njaga kebersihan?

  4. Kapan adicara program sekolah sehat diwiwiti?

Pitakon:
Pitakon kang nyedhiyakake informasi babagan cara yaiku ...

a)

Pitakon 1

b)

Pitakon 2

c)

Pitakon 3

d)

Pitakon 4

19.

Pernyataan – Jenis Iklan

Pernyataan:
“Ngombe Teh Wangi Warisan, segere awet, rasa njero ati.”

Pitakon:
Pernyataan ing dhuwur klebu jinis iklan ...

a)

Iklan layanan masyarakat

b)

Iklan perdagangan

c)

Iklan pariwisata

d)

Iklan pendidikan

20.

Wacan:
Ing buku pandhuan siswa ditulis:
“Wacanen teks kanthi temenan lan tulisen pokok pikiran saben paragraf.”

Pitakon:
Ukara kasebut nyebutake dhawuh kanggo nindakake sawijining tumindak. Ukara kasebut klebu ...

a)

Ukara pitakon amarga ana surasane nyuwun informasi

b)

Ukara pawarta amarga mung nyritakake kahanan

c)

Ukara pakon amarga menehi printah utawa dhawuh

d)

Ukara panjaluk amarga isine nyuwun tulung

21.

Wacan:
Kagem: Bapak Kepala Dinas Pendidikan
Saking: Kepala SMP N 1 Gedangan
Isine: Panjaluk ijin panggunaan aula kanggo pelatihan guru se-kecamatan Gedangan tanggal 12–14 Juni 2025.

Pitakon:
Adhedhasar panganggo basa, tujuwan lan struktur layang, layang kasebut klebu jinis layang ...

a)

Layang pribadi, amarga ditujokake marang kanca

b)

Layang resmi, amarga nganggo basa baku lan ditujokake marang instansi

c)

Layang panjaluk pribadi, amarga njaluk fasilitas

d)

Layang undhangan, amarga isi layange ngajak rawuh

22.

Ukara:
“Sapa jeneng narasumber ing wawancara dina iki?”

Pitakon:
Ukara kasebut kalebu ukara pitakon. Fungsi ukara iki yaiku ...

a)

Ndhawuhi narasumber nindakake wawancara

b)

Njaluk tulung marang narasumber

c)

Nyritakake kabar bab narasumber

d)

Njupuk informasi saka narasumber

23.

Wacan:
Tembang kinanthi duweni paugeran guru wilangan 8, guru lagu i, a, i, a, i, a.
Conto:
Sinau ana ing sekolah
Ora kena maleh-maleh
Supaya bisa ngerteni
Kawruh kang dadi kawigaten
Mula kudu temen-temen
Aja nganti males-males

Pitakon:
Paugeran tembang mau nuduhake manawa ...

a)

Saben gatra kudu ana tembung sing padha

b)

Gatra tembang ditulis miturut swasana

c)

Guru wilangan lan lagu kudu tetep saben gatra

d)

Lagu tembang bisa diganti-ganti miturut karep

24.

Kutipan:
“Yen ana kang nandhang susah,
Ojo banjur nglalekake,
Becik tulung tinulung,
Katresnan mujudake,
Kahanan rukun lan ayem...”

Pitakon:
Adhedhasar kutipan tembang Dandanggula kasebut, pesen kang dikandhut yaiku ...

a)

Aja mikirake wong liyo nalika awakmu susah

b)

Ngapura iku dudu perbuatan utama

c)

Katresnan lan tulung-tinulung ndadekake tentrem

d)

Kahanan kang susah kudu diadhepi dhewe

25.

Wacan:
Aksara murda digunakake kanggo nulis aksara ngarep saka jeneng, pangkat, utawa lembaga kang dihormati. Contone:
"Pak Sukardi nyambut gawe ing Bupati Sleman."

Pitakon:
Aksara kang kudu ditulis nganggo aksara murda saka ukara ing ndhuwur yaiku ...

a)

Pak lan nyambut

b)

Sukardi lan Bupati

c)

Sleman lan ing

d)

Pak lan Sleman

26.

Kalimat:
“Pak Gunarso iku Kepala Sekolah sing disiplin.”

Pitakon:
Jeneng sing kudu ditulis nganggo aksara murda yaiku ...

a)

Gunarso lan Kepala

b)

Gunarso lan Kepala

c)

Kepala lan Sekolah

d)

Gunarso wae

27.

Wacan:
Paragraf pisan ngandharake jeneng kegiatan: “Observasi kebersihan lingkungan sekolah.” Paragraf kapindho nyebutake temuan: “Ana tempat sampah organik lan anorganik.”

Pitakon:
Tembung kang kalebu struktur isi saka teks laporan mau yaiku ...

a)

Observasi lan lingkungan

b)

Temuan lan panemuan saka lapangan

c)

Jeneng kegiatan

d)

Penutup laporan

28.

Wacan:
(1) Sekolah ngadani program resik-resik saben dina.
(2) Guru lan siswa padha kerja sama ngresiki kelas.
(3) Siswa akeh sing turu nalika jam pelajaran.
(4) Kegiatan resik-resik diwiwiti saka jam 6 esuk.

Pitakon:
Kalimat sing ora cocog karo isi laporan observasi kebersihan yaiku ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

29.

Ukara:
“Ayo padha ndandani taman sekolah!”
“Wah, saiki tamane resik banget!”

Pitakon:
Pernyataan kasebut nuduhake jinis ukara ...

a)

Ukara pitakon lan panjaluk

b)

Ukara pakon lan tanggap

c)

Ukara pawarta lan tanggap

d)

Ukara pakon lan pawarta

30.

Ukara:
“Bocah-bocah, ayo padha mlebu kelas saiki uga!”
“Wah, Pak Guru pancen tegas lan disiplin!”

Pitakon:
Adhedhasar gaya basa lan tujuan ukara kasebut, klebu ...

a)

Ukara pitakon lan panjaluk

b)

Ukara tanduk lan tanggap

c)

Ukara panjaluk lan pawarta

d)

Ukara pawarta lan pawarta

31.

Bacalah kalimat rumpang berikut!
"... kula nuwun, kula badhé nyuwun sewu mlebet dhisik."
Tembung kang tepat kanggo ngisi rumpang ing kalimat kasebut yaiku ...

a)

Monggo

b)

Sugeng rawuh

c)

Permisi

d)

Matur nuwun

32.

Wacanen pernyataan iki!
Bagéan saka drama kang isiné arahan tumindak lan panggonan para paraga nalika adegan ditindakake iku diarani ...

a)

Dialog

b)

Setting

c)

Paraga

d)

Petunjuk panggung

33.

(Judul drama dari penggalan)

Wacanen penggalan drama iki!
Siti (nyangking tas sekolah, lumebu omah kanthi mesem): “Bu, aku oleh rangking siji maneh. Aku janji bakal terus sinau supaya ibu bangga.”
Berdasarkan penggalan drama ing dhuwur, judhul kang cocog yaiku ...

a)

Lelakon Siti

b)

Siti Tansah Semangat

c)

Prestasi Siti

d)

Anak Kang Tansah Ngluhurake

34.

Wacanen teks drama iki!
Bambang (ngendika karo tangis): “Aku pancen salah, Bu. Aku ora bakal mbaleni tumindak kuwi maneh.”
Drama iku klebu jinis ...

a)

Komedi

b)

Tragedi

c)

Satire

d)

Romantis

35.

Wacanen teks pidato iki!
Sugeng enjing, para siswa, Bapak/Ibu guru, lan tamu undangan ingkang kinurmatan. Dina iki, kita bebarengan ngrayakake HUT sekolah kita kang kaping 40...
Saka teks pidato mau, wong-wong kang rawuh yaiku ...

a)

Siswa, kepala sekolah, lan tamu

b)

Guru, kepala desa, lan panitia

c)

Siswa, guru, lan tamu undangan

d)

amu undangan, wali murid, lan siswa

36.

Wacanen teks pidato iki!
...muga-muga kanthi peringatan dina iki, para siswa saya semangat sinau lan bisa dadi generasi unggul ing mangsa ngarep...
Isi utama pidato kasebut yaiku ...

a)

Harapan supaya siswa luwih rajin

b)

Ucapan selamat ulang tahun

c)

Kegiatan sekolah sing rame

d)

Sambutan kepala sekolah

37.

Wacanen penggalan teks drama iki!
*Adi (tegap): “Aku ora bakal mundur! Demi adikku lan wong tuwaku.”
Narator: Adi maju ngadhepi musuhé tanpa rasa wedi.
Struktur drama kang ana ing penggalan mau yaiku ...

a)

Paraga lan dialog

b)

Paraga lan latar

c)

Dialog lan narasi

d)

Adegan lan konflik

38.

Wacanen kutipan laporan kegiatan ing ngisor iki!
...mugi kegiatan punika sageda njalari kawruh tumrap para siswa. Mugi-mugi ing taun ngajeng saged kalaksanan malih kanthi langkung sae. Sekian laporan kegiatan punika kawula aturaken, bilih wonten kirang langkung nyuwun pangapunten.

Pernyataan:
Kalimat ing dhuwur minangka bagéan penutup saka teks laporan kegiatan.

a)

Benar

b)

salah

39.

Pilih loro kalimat krama alus!

  1. 1. Aku arep bali dhisik.

  2. 2. Kula badhé mundur rumiyin.

  3. 3. Panjenengan rawuh jam pira?

  4. 4. Dheweke ora gelem melu.

  5. 5. Kowe kudu sekolah!

a)

1 lan 4

b)

2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

1 lan 5

40.

Wacanen kalimat-kalimat iki! Pilih loro kalimat sananta!

  1. 1. Aku mangan sega goreng.

  2. 2. Dheweke lunga sekolah.

  3. 3. Tuku buku.

  4. 4. Dina iki aku arep dolan.

  5. 5. Wingi sore.

a)

1 lan 2

b)

2 lan 4

c)

1 lan 4

d)

3 lan 5