NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal USBK Bahasa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 26mins
Kali Porong Wusananing Dibeton
Badan Penanggulangan Lumpur Sidoarjo (BPLS) gawe langkah kang positif kanggo nanggulangi lumpur Lapindo sing kahanane wis nguwatirake warga sakiwa tengene bantaran kali Porong. Matrial lumpur Lapindo sing diwutahake saka njero bumi ing antarane 50.000 nganti 120.000 meter kubik bakal njebol tanggul yen ora dibuang liwat kali Porong.
Sawise matrial lumpur kasil diilekake liwat kali Porong sing ngrembes mresep ing njero tangkis. Rembesan banyu kasebu tambah saya nemen ing mangsa rendheng iki.
----------------------------------------------------------------------------------------------
Isine paragraf siji kuwi yaiku ....
Lumpur Lapindo saya akeh matriale
Panggonane Lumpur Lapindo
Jerone Lumpur Lapindo Sidoarjo
Langkah positif BPLS nanggulangi Lumpur Lapindo
Tanggal 5 Januari kepungkur tokoh lan pengusaha wanita BRA Mooryati Soedibyo nampa pengaji-aji saka MURI (Musium Rekor Indonesia) minangka executive producer tertua, yuswane wis 91 tahun nanging isih aktif mimpin perusahaane, PT Mustika Ratu Tbk, lan Yayasan Putri Indonesia. (kapethik saka JB, no.21 2019 : 50)
Punggelan teks kang ngenalake sawijining paraga ing dhuwur kasebut, nuduhake babagan perangan struktur teks profil ing perangan ....
identifikasi
orientasi
prastawa
reorientasi
Adhiku lara,yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku ....
Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!
Panjenengane gumuyu
Yen para siswa sregep sinau
Saben dina bukak buku
Awan bengi ngudi ilmu
Penjenengane mesem
Yen para siswa gelem
Golek pinter sangu bebener
..................................................
Pitutur luhur kang cocog karo punggelan geguritan ing dhuwur yaiku …
Ayo sinau ing saben wektu.
Ayo kerja bakti saben dina.
Ayo gumuyu sabeb dina.
Akeh sing ngguyu lan mesem.
Paribasan sing tegese tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwa, yaiku....
Adang-adang tetesi embun.
Blilu tau, pinter durung nglakoni.
Anak polah bapa kepradah.
Durung pecus keselak besus.
Ibrahim lair ing Eropa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa …
Dideleng saka basa sing digunakake punggelan drama tradisional ing dhuwur yaiku drama trdisional …..
ludruk
kethoprak
lenong
reyog
Titik-titik kuwi jangkepane tembung sing mathuk yaiku .…
Tulisan nganggo aksara Jawa ing dhuwur macane yaiku ....
Amir ngetung regane buku Rp. 45000.
Amir ngetung regane buku Rp. 25000.
Amir ngetung regane buku Rp. 35000.
Amir ngetung regane buku Rp. 65000.
Sing kalebu paugerane panulisan laporan kegiatan yaiku...
tulisane kudu apik
basane kudu endah
laporan kudu runtut
lampiran photo kudu akeh
Nulis laporan kegiatan kang isine ngenani latar belakang masalah lan tujuan kegiatan kalebu perangan apa...
lelandhesane pamedharan
pambuka
isi
panutup
Tuladha sing bisa kajupuk saka teks ludruk ing dhuwur yaiku ....
tansah ngajeni marang wong liya
tansah manut dening wong liya
tansah kukuh marang bebener
tansah kukuh marang pakaryan
1. Nyusun cengkorongane pidato
2. Nulis kanthi wutuh cengkorongan pidato
3. Golek tema sing trep karo adicara
4. Golek informasi sing cundhuk karo tema
Tata urutane nyusun teks pidato sing bener yaiku...
(4), (3), (1), (2)
(3), (4), (1), (2)
(1), (3), (4), (2)
(2), (4), (1), (3)
“Bapak Ibu tamu undangan, mekaten andharan saking kula. Mugi-mugi wonten paedahipun. Menawi wonten ingkang dereng pana, utawi wonten pandangon, kula tansah sumadya badhe ambiyantu. Menawi wonten lepat anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangaksami.”
Punggelan sesorah kasebut kalebu perangan ....
wasana basa
pangarep-arep
surasa basa
purwaka basa
Lingkungan yaiku samubarang kang ana ing sakiwa tengene manungsa lan nduweni gegayutan antarane siji lan liyane. Lingkungan kuwi nyakup barang urip lan barang mati. Barang urip perlu mangan, ambegan kaya manungsa, kewan lan tanduran. Barang mati kayata lemah, banyu, geni, watu lan angin. Menawa diramut kanthi apik, lingkungan bisa ndadekake masyarakat sehat, aman, tentrem lair batin.
Punggelan teks ing dhuwur duweni struktur teks perangan ....
dhefinisi umum
dheskripsi bagean
dheskripsi manfaat
panutup
Den mituhu mring wewarah jati
Luwih begja manungsa kang samya
Rahayu narima tyase
Madhep marang Hyang Agung
Durakane dipuntobati
Mbrongsong hardaning karsa
Tawekal ing kalbu
Lumebak lampahing jaman
Rahap lamun kataman dhuhkiteng kapti
Pupusen tyas narima
Piwulang sing bisa diconto saka tembang ing dhuwur yaiku ....
tansah manembah ing Gusti
tansah urip ing aturaning nagara
tansah narima ing urip
tansah laku manut prentahing Gusti
Semaken punggelan sesorah ing ngisor iki!
Puji syukur tansah katur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. …………………………………………………………………………………………… .
Perangan teks sesorah/ tanggap wacana ing dhuwur diarani ....
Purwakaning atur
Surasaning atur
Wasananing atur
Salam panutup
Semaken punggelan crita drama ing ngisor iki!
Sultan :Enggal-enggal cekelen macan kae ya, Tingkir. Syukur kecekel urip-uripan dene kecekel mati ora dadi ngapa.Sebab ing kono Tumenggung Surayuda wae ora bisa mrantasi gawe ya Tingkir.
Tingkir :Sendika Sinuwun, menawi dhawuh dalem ndikakaken nyepeng gesang, badhe kula cepeng tanpa dedamel,Sinuwun.
.....................................................................................................
Saka punggelan crita kuwi bisa dimangerteni menawa watake Tingkir yaiku ….
Kendel
Jirih
Sombong
Sekti
Paraga sing kadhapuk tumindak ora becik utawa ala ing crita drama diarani ....
Sutradara
Asisten sutradara
Protagonis
Antagonis
Budhale Prabu Kresna ing dalan ketemu ....
Guru wilangan lan guru lagune tembang Pocung….
11a,6i,8a, 12u
12u,6a,8i,12a
12a, 6i,8u,12a
12u,8a,61,12a
(1) Kemajuan kang mesthi akeh manfaate kanggo masyarakat
(2)Masyarakat bisa ngirit wektu menawa arep lelungan
(3)Piranti transportasi saiki ngalami kemajuan
(4)Kabeh iku nikmate Gusti kang kudu disyukuri
Urutan kang bener supaya dadi paragraf kang runtut ….
1-2-3-4
3-4-1-2
1-2-4-3
3-1-2-4
Semarang, 15 Maret 2019
Papan lan tanggal surat kasebut ing perangane surat diarani ….
adangiyah
peprenahan
tapak asma
titi mangsa
Cekap semanten, nuwun awit kawigatosipun panjenengan sedaya.
Ukara panutup surat ing ndhuwur ingkang leres …
Cekap semanten, nuwun awit kawigatosipun panjenengan
Cekap semanten, nuwun awit kawigatosipun sedaya
Cekap semanten, nuwun awit kawigatosan panjenengan
Cekap semanten, nuwun awit kawigatosipun panjenengan sedaya
Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise ....
iklan
pawarta
gambar carita
slogan
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i iku paugerane tembang ....
Pocung
Gambuh
Pangkur
Maskumambang
Urut –urutane prastawa ing crita drama saka wiwitan nganti pungkasan diarani,..
Dialog
Paraga
Alur
Setting
aksara murda tegese ...
aksara sirah, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital
aksara jawa, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital
aksara swara, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital
aksara rekan, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital
aksara angka, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital
jeneng liyane punthadewa yaiku
janaka
yudhistira
bima
bratasena
Perangane layang kang nelakake ungah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani ....
Adangiyah
Titi mangsa
Surasa basa
Wasana basa
Bocah kuwi lungguhe antheng kitiran.
Tegese senapa ing dhuwur yaiku .....
Tansah anteng banget
Tansah polah ora bisa meneng
Tansah tengok-tengok nganti keturu
Tansah ajeg ora bisa obah
“Man, dak rungokne lan dak titeni, omonganmu kuwi kok ora ana nyatane blas, ta. Kowe kuwi kena paribasakne ....
Adhedhasar teks ing ndhuwur, paribasan sing cocok kanggo ngganepi yaiku ....
Kakehan gludhuk kurang udan
Kenes ora ethes
Sanding kebo gupak
Tuna satak, bali sanak
Pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik diarani ....
Impromptu
Memoriter
Ekstemporen
Naskah
Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa ngoko alus yaiku...
Kula kesah sekolah nitih sepedha
Mas Anton mengko Panjenengan arep tindak jam pira?
Bapak sampun tindak kala wau jam sedasa
Andi tuku buku ana ing Pati
Simbah nembe gerah waja.
Gerah waja tegese ....
Lara mripat
Sirahe lara
Lara untu
Lara weteng
Pungkasane tulisan iki panulis duweni pangajab ing saben taun sekolah tetep nganakake kegiyatan karya wisata lan asile bisa luwih apik.
Ukara kasebut cocog kanggo lapuran kegiyatan bagean ....
kutipan
pambuka
isi
panutup
Gumelaring adicara punika tartamtu kathah kirangipun awit saking punika kanthi andhap asoring manah para pamong.......
Petikan pidhato ing dhuwur nggunakake basa...
ngoko alus
krama alus
ngoko lugu
krama lugu
Godhong kelor nyimpen senyawa minangka nutrisi awak. Kayata akeh ngandhut polyphenol dhuwur kang mupangat minangka zat antioksidan. Zat iku becik kanggo detoksifikasi, malah kuwawa gawe kencenge sistem kekebalan badan. Kandhutan seng/zinc kang dhuwur tumrap godhong kelor bisa mbiyantu ngawekani penyakit diabetes. Seng iku mujudake mineral kang dibutuhake kanggo mrodhuksi insulin.
(Kapetik saka Kalawarti Panyebar Semangat no. 27-7 Juli 2018)
Isi teks kasebut ngenani babagan ....
mupangate godhong kelor
kasiyate godhong kelor
gizine godhong kelor
kandhutane godhong kelor
Tembung pitakon kang digunakake ana ing wawanrembug ing dhuwur yaiku....
kepriye, kena ngapa, sapa
pira, sapa, ing ngendi
kepriye, sapa, apa
sapa, pira, kena ngapa
Saka senengku duwe gagasan digatekake, gage tak kojahake marang lik merbot Khomad. Lik Khomad sing omahe cilik cedhak masjid iku paklikku cer. Wiwit taun 1960 lik Khomad enggone dadi merbot.
Mesthine lik merbot seneng duwe ponakan kaya aku sing gelem mikir kanggo apike masjid. Nanging sajrone aku kojah ngethuprus, lik merbot kaya ora butuh nyelani. Aku mung diingeti wae.
(Kapetik saka buku “Kreteg Emas Jurang Gupit” Kumpulan Crita Cekak Djajus Pete, kaca: 1-8)
Saka punggelan crita cekak ing dhuwur, watake paraga Lik Khomad, yaiku ....
sabar sareh
gampang nesu
seneng tetulung
ora gelem rekasa
