NEW
Font size
WorksheetsPTS BAHASA DAERAH 7
Total questions: 35
Worksheet time: 18mins
KALI CILIK NGAREP OMAHKU
(Dening : Eko Nuryono)
Kali cilik ing ngarep omahku kuwi
Saiki banyune buthek, kebak lendhut
Ijone lumut lan iwak-iwak cethul
Kang biyen lelumban ing selane watu
Saiki kaganti lemut lan uget-uget
Kali cilik ing ngarep omahku kuwi
Biyen resik lan bening banyune
Nalika sekolah biyen aku tansah
Lungguh jejangongankaro sikil ongkang-ongkang
Sinambi namatake mripatmu kang bening
Kasongan, Mei 2008
Kapethik saka: Antologi Crita Cekak lan Geguritan "Pasewakan"
Konggres Sastra Jawa III/ 2011
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
kali cilik
pasewakan
kali cilik ngarep omahku
kasongan
Ukara ing ngisor iki nganggo basa ngoko Alus
Bapakku arep tindak menyang Jakarta nitih sepur.
Aja rame adhiku lagi turu !
Ibu mundhut sayuran wonten peken Jati.
Kancaku akeh sing ora mlebu sekolah.
Dipun rantos rumiyin inggih bapak taksih siram.
Ukara ing dhuwur nganggo basa : ...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Puisi nganggo basa Jawa, uga diarani : ...
Gancaran
Geguritan
Dongeng
Karangan bebas
Sing kalebu struktur fisik teks geguritan, yaiku :
Amanat
Tema
Swasana
Diksi
Paragraf kang njelasake dalan/cara kang dipilih kanggo ngudhari reruwet, bisa ndadekake apik (happy ending) bisa uga ndadekake elek(sad ending). Diarani
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Resolusi
Jam setengah pitu ibu Ranti wis rawuh ing sekolahan.Ukara kasebut miturut unggah-ungguh migunakake basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun
simbah?
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun
simbah?
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?
Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan
pangandikan.
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh
ora?
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik
dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....
Deskripsi
Eksposisi
Narasi
Persuasi
Tembang Pucung:
Bapak Pucung yen tersinggung adhuh biyunng,
Bisa njegur omah,
Nadyan mobil ra preduli,
Pucung mendha lamun ta siniram tirta.
Batangane cangkriman ing tembang kasebut ....
banjir
topan
geni
banyu
Guru lagu yaiku ...
dhong-dhinge swara saben pungkasan wanda
dhong-dhinge swara saben pungkasan pada
dhong-dhinge swara saben pungkasan gatra
dhong-dhinge swara saben pungkasan
Dhuh-adhuh kanca-kanca es em pe iki,
Kok 'dha lali nyiram,
Kembang pertamanan iki,
Mesakake kurang tirta.
Tentanduran yen kurang tirta puniki,
Uga kena panas,
Wusanane enggal mati,
Njalari genala janma.
Sakliyane den sirami dirabuki,
Rabuk ijo kena,
Kareben subur lan ndadi,
Lemu-lemu lan nyenegna.
Isi tembang Maskumambang pada kapindho yaiku ....
tandurane padha garing krana kena panas
tanduran yen kurang banyu bakal mati
ora ana manungsa sing nyiram tanduran
tandhuran yen kurang banyu bakal subur
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah, tegese....
rukun bisa kuwat,nanging bisa marakake bubrah
rukun ndadekake bubrah, cecongkrahan marakake kuwat
rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan marakake bubrah
rukun kadhang-kadhang kuwat,kadhang-kadhang maraka
Geguritan, yaiku .....
puisi jawa gagrag anyar sing ora kaiket paugeran
puisi jawa gagrag anyar sing kaiket paugeran
puisi jawa gagrag lawas sing kaiket paugeran
puisi jawa gagrag lawas sing ora kaiket paugeran
Guyub tegese .....
ora gampang gegeran
urip sing serasi
greget tandang bebarengan
gregeten ora tandang gawe
Gagasan popok sing arep diandharakake sajrone tulisan, diarani
tema
bait
pada
pugera
Strukture geguritan iku ana ... perangan
4
5
6
7
Dhiksi yaiku mujude pilihan ................................
larik
tembung
bait
paugeran
Saben sapada geguritan, dumadi saka siji....
tema
gagasan
gagasan tambahan
gagasan pokok
Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....
sastra
wirama
surasa
purwakanthi
Geguritan kang nggambarake kahanan seneng, mula sing maca polatane kudu ....
katon sedih
katon nelangsa
katon seneng
katon priharin
Pakaryan ngowahi geguritan dadi prosa/crita diarani ....
parafrase
ngarang gancaran
ngowahi gancaran
crita
supaya ora kentekan bahan energi kita kudu gemi nggunakake. tembung gemi tegese padha karo ...
awet
boros
utuh
irit
pertamax, pertalite uga batubara mujudake energi kang asale saka ....
omahan
bumi
manungsa
pabrik
pacelathon tegese ...
rembugaane wong loro utawa luih ngeneni saweneh bab
beda karo percakapan utawa dialog ing bahasa Indonesia
ing bahasa Indonesia diarani drama utawa teater
pangudarasane pawongan ngeneni sawenehe bab
pacelathon antarane wong tuwa karo bocah migunakake basa
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
pacelathon batur marang juragan migunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bapak: "Dar, kowe wis mangan?"
Darno: "...."
ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing nduwur yaiku ...
inggih, pak sampun
ya, pak wis.
inggih, pak wis.
ya, pak sampun
budhe badhe ... pundi?
lunga
tindhak
kesah
wangsul
kanggo niteni teks pacelthon yaiku ...
nggunakake ukara sing ngambrawara
katulis kanthi wujud dhialog
mung nggunakake ukara crita
diparagani dening wong siji
Ibu Mundhut roti kanggo Darno lan Surti. ukara mau nggunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
