wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS BAHASA JAWA

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Saka wacan ing dhuwur mau, ana kerajaan kang gedhe lan makmur, praja mau arane praja Jenggala. Sapa sing mimpin praja jenggala mau ....

a)

Reden Jenggala

b)

Raden Putra

c)

Patih Jenggala

d)

Patih Putra

2.

Ing sawijine dina, raja ing praja jenggala kang asma Raden Putra ngusir garwa prameswarine dhewe kang asma Dewi Limaran. Apa sebabe Dewi limaran diusir saka Kraton Jenggala ….

a)

Amarga saka pokal gawene garwa selire anga ran Dewi Cindhaka

b)

Amarga Dewi Limaran wis nggawe cilakane Dewi Cindhaka

c)

Amarga Dewi Limaran wis nggawe Dewi Cindhaka lara nemen

d)

Amarga Dewi Cindhaka iri, srei, lan dengki marang Dewi Limaran

3.

Midhanget ature sang tabib, Sang Prabu duka banget, banjur mrentah Patih Jenggala saperlu merjaya Dewi Limaran sing lagi nggarbini ing tengah alas. Sawise teka alas, Patih Jenggala ora tega mrejaya Dewi Limaran. Apa sebabe ....

a)

Patih Jenggala ora percaya yen Dewi limaran gelem tumindak cidra

b)

Patih Jenggala  mesakake dening Dewi Limaran sing lagi nggarbini

c)

Patih jenggala rumangsa ora tega yen kudu merjaya wong wadon

d)

Patih Jenggala percaya yen iku mung muslihate Dewi Cindhaka

4.

Taman Bungkul iku manggon ana ing kutha...

a)

Sidoarjo

b)

Surabaya

c)

Darmo

d)

Gresik

5.

Pirang-pirang penghargaan ora leren-lerene diboyong dening kutha Surabaya keri-keri iki, salah sijine iku saka organisasi internasional kang nduweni jeneng....

a)

ATSC

b)

NATO

c)

WHO

d)

PBB

6.

Mujudake pokok pikiran sing dadi dhasare panulisan wacana kanggo ngembangake dadi sawijining paragraf, diarani...

a)

Gagasan utama

b)

Gagasan penjelas

c)

Gagasan pangripta.

d)

Gagasan inti

7.

Gagasan sing fungsine njelasake gagasan utama lan biasane dinyatakake kanthi ukara luwih saka siji, diarani...

a)

Gagasan utama

b)

Gagasan penjelas

c)

Gagasan pangripta.

d)

Gagasan inti

8.

Wujude tembung ing basa jawa kaperang dadi loro yaiku tembung lingga lan tembung andahan. Ing ngisor iki tegese tembung lingga yaiku .....

a)

Tembung sing wis owah saka asale amarga oleh ater-ater, seselan lan panambang

b)

Tembung loro sing duwe teges padha utawa meh padha digawe bebarengan

c)

Tembung sing durung owah saka asale utawa ing basa Indonesia diarani kata asal

d)

Tembung loro utawa luwih sing dirangkep siji kanggo ngurangi cacahing wanda

9.

Demam berdarah iku sawijine penyakit mbebayani sing ditularake dening nyamuk Aedes Aegypti. Penyakit demam berdarah iku bisa sumebar ing ngendi-endi. Miturut pengalaman sing wis kelakon, saben limang taunan ana wabah demam berdarah kanthi ajeg. Penyakit demam berdarah sing dikenal wiwit taun 1954 iki nganti saiki pengobatane rada angel, mula kita kabeh kudu ngati-ati. Saka wacan mau dumadi saka tembung lingga lan tembung andhahan. Tembung andhahan iku antarane yaiku ....

a)

Mbebayani, ditularake, sumebar, ngendi-endi, kelakon

b)

Taunan, pengobatan, ngati-ati, sawijine, pengalaman

c)

Mbebayani, penyakit, nyamuk, demam, ngendi-endi

d)

Pengobatan, dumadi, sawijine, taunan, ngati-ati

10.

“Men sana in corporesano” ing awak kang waras dumunung uga jiwa kang waras mangkono iki tegese unen-unen kasebut. Manungsa diparingi awak saras iki mujudake kanugrahan kang tanpa umpama. Ajining kasarasan luwih aji tinimbang paringan liyane. Awak waras ora bisa diukur nganggo akehing bandha kanggo nggayuh kaluwarga kang sehat, mula pemerintah mbudidaya kanthi temen. Saka wacan mau sing kalebu tembung lingga yaiku .....

a)

Awak, pemerintah, kulawarga, sehat, bandha

b)

Waras, temen, paringan, saras, kang, iki, bisa

c)

Luwih, tinimbang, sehat, aji, jiwa, bandha

d)

Kulawarga, paringan, bandha, temen, saras

11.

Banyu PDAM ing kutha Surabaya digunakake dening warga kanggo ngombe, adus, umbah-umbah lan sapiturute. Tembung sing dicetak miring minangka tuladhane tembung andhahan, dene sing diarani tembung andhahan yaiku ....

a)

Tembung sing wis owah saka asale amarga oleh ater-ater, seselan lan panambang

b)

Tembung loro sing duwe teges padha utawa meh padha digawe bebarengan

c)

Tembung sing durung owah saka asale utawa ing basa Indonesia diarani kata baku

d)

Tembung loro utawa luwih sing dirangkep siji kanggo ngurangi cacahing wanda

12.

Wacanen cuplikan teks laporan observasi ing ngisor iki!

Pirang-pirang penghargaan ora leren-lerene diboyong dening kutha Surabaya. Wektu iki, Surabaya entuk penghargaan Internasional saka Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB) minangka anane Bungkul Park utawa Taman Bungkul. Taman kang ijo royo-royo iki ambane 900 meter persegi entuk penghargaan ‘The 2013 Asian Townscapes Sector Award’, kang ditampa langsung dening Walikota Surabaya, Selasa (26/11/2013), ing Fukuoka Jepang. Cuplikan teks ing ndhuwur ana pirang pada...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

13.

Tembung mangan kedadeyan saka pirang wanda...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

14.

Mangan kalebu tembung...

a)

Lingga

b)

Andhahan

c)

Camboran

d)

Dwi Lingga

15.

Tandur kalebu tembung...

a)

Lingga

b)

Andhahan

c)

Camboran

d)

Dwi Lingga

16.

Cocor bebek kalebu tembung...

a)

Lingga

b)

Andhahan

c)

Camboran

d)

Dwi Lingga

17.

Tembung ondhe-ondhe kalebu  tembung...

a)

Dwi lingga

b)

Dwi wasana

c)

Dwi lingga semu

d)

Dwi purwa

18.

Sesumbar kalebu tembung...

a)

Dwi lingga

b)

Dwi wasana

c)

Dwi lingga semu

d)

Dwi purwa

19.

Tembung cekikik kalebu tembung...

a)

Dwi lingga

b)

Dwi wasana

c)

Dwi lingga semu

d)

Dwi purwa

20.

Tembung glundhung yen oleh seselan um dadi...

a)

Glundhungum

b)

Gumlundhung

c)

Gemlundhung

d)

Glundhungan

21.

Tembung tulis yen oleh seselan in dadi...

a)

Tinulis

b)

Tulisin

c)

Intulis

d)

Tulisan

22.

Tembung gebyar yen oleh seselan el dadi...

a)

Gemebyar

b)

Gumebyar

c)

Gelebyar

d)

Gebyarel

23.

Tembung dakjiwit iku tembung lingga oleh...

a)

Panambang

b)

Seselan

c)

Camboran

d)

Ater-ater

24.

Tembung  jupukake, asale saka tembung lingga jupuk oleh...

a)

Panambang ake

b)

Seselan ake

c)

Camboran ake

d)

Ater-ater ake

25.

Apa gagasan baku kang kinandhut wacan ing ndhuwur ....

a)

Nulare virus flu burung, kaya lara flu sing dialami manungsa, nanging sing mbebayani penyakit flu iki bisa ndadekake manungsa nemahi tiwas.

b)

Virus Avian Influenza sing dijenengake H5 N1 nyerang sato iwen (unggas) nular marang manungsa.

c)

Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) ngelingake manawa yutan manungsa bisa nemahi tiwas, manawa Virus Avian Influenza sing dijenengake H5 N1 nyerang sato iwen (unggas) nular marang manungsa

d)

Virus iku nyerang saluran pernapasane manungsa, mulane manungsa sing kena virus iki bakal ngalami penyakit saluran pernapasan akut

26.

Saka pacelathon ing dhuwur apa sing dirembug dening guru lan muride...

a)

Pranatan kang ana ing SMP

b)

Nyathet jadwal pelajaran

c)

Sambutan marang murid SMP anyar

d)

Murid ora oleh tumindak sakarepe dhewe

27.

Saka wacan ing ndhuwur basa ngoko digunakake dening...

a)

Guru marang murid

b)

Murid marang guru

c)

Murid lan murid

d)

Guru lan murid

28.

Saka wacan ing dhuwur basa krama digunakake dening...

a)

Guru marang murid

b)

Murid marang guru

c)

Murid lan murid

d)

Guru lan murid

29.

Jenengku Gathutkaca, aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapakku Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mengkono uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, si Gareng, Petruk, lan Bagong sing biasane cengar-cengir uga melu sedhih.

Saka pethikan teks ing ndhuwur, ibune Gathutkaca yaiku…

a)

Dewi Sumitrawati

b)

Dewi Kunti

c)

Dewi Madrim

d)

Dewi Arimbi

30.

Dene bapake Gathutkaca yaiku....

a)

Semar

b)

Kresna

c)

Werkudara

d)

Arjuna

31.

Jenengku Gathutkaca, aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapakku Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mengkono uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, si Gareng, Petruk, lan Bagong sing biasane cengar-cengir uga melu sedhih. kalebu perangan utawa bagian struktur teks wayang…

a)

Orientasi

b)

Kompilkasi 

c)

Klimaks 

d)

Resolusi

32.

Weruh Ibu Arimbi nangis, aku melu nangis maneh, tambah banter. Ari-ariku isih gandheng karo awakku. Bapakku Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik-mletik, ning pancet ari-ariku ora bisa pedhot..

Pethikan teks ing ndhuwur kalebu struktur teks wayang…

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

33.

Weruh Ibu Arimbi nangis, aku melu nangis maneh, tambah banter. Ari-ariku isih gandheng karo awakku. Bapakku Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik-mletik, ning pancet ari-ariku ora bisa pedhot. apa senjatane Werkudara....

a)

Kuku Pancanaka

b)

Kembang Wijayakusuma

c)

Panah Pasopati

d)

Suryakantha

34.

Weruh Ibu Arimbi nangis, aku melu nangis maneh, tambah banter. Ari-ariku isih gandheng karo awakku. Bapakku Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik-mletik, ning pancet ari-ariku ora bisa pedhot.  Gathutkaca nangis amarga ....

a)

Kena senjatane Werkudara

b)

Diseneni ibune

c)

Lagi lara

d)

Ari-arine ora bisa pedhot

35.

” Adhimas Prabu Yudhistira, sasurute Abimanyu, Drestajumena lan para senopati liyane, sliramu kudu enggal milih salah siji saka para kadang Pandhawa dadi senopatine perang.” Prabu Kresna mecah tangising para kadang Pandhawa.

Pethikan teks wayang ing ndhuwur kalebu struktur teks…

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi 

36.

Suwe ora jamu

Jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

Ketemu pisan gawe gela

Pethikan teks tembang ing ndhuwur kalebu tembang…

a)

Macapat

b)

Campursari 

c)

Tengahan  

d)

Dolanan

37.

Suwe ora jamu

Jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

Ketemu pisan gawe gela

Tembang ing ndhuwur irah – irahane yaiku.........

a)

Suwe ora ketemu

b)

Ketemu gawe gela

c)

Suwe ora jamu

d)

Jamu godhong tela

38.

Tegese “ketemu pisan gawe gela” yaiku…

a)

Lagi wae ketemu wis garai ati mangkel

b)

Lagi wae ketemu wis gawe ati nangis

c)

Lagi wae ketemu wis nesu

d)

Lagi wae ketemu wis congkrah

39.

Tembung suwe nggunakake swara vokal...

a)

U jejeg lan e jejeg 

b)

U miring lan e miring

c)

U jejeg lan e miring

d)

U miring lan e jejeg

40.

Tembung pisan nggunakake swara vokal...

a)

I miring lan a miring

b)

I jejeg lan a jejeg

c)

I jejeg lan a miring

d)

I miring lan a jejeg