Worksheets1920 Kuis PAS 11
Total questions: 50
Worksheet time: 28mins
Guru lagune tembang Pocung gatra kaping pisan yaiku ....
a
e
i
o
u
Guru gatrane tembang Pocung gatra kaping telu yaiku ....
4
5
6
7
8
Tegese … nyantosani
Tembung kang trep kanggo njangkepi gatra tembang Pocung ing ndhuwur yaiku ….
pangekese
panegese
khas
laku
kas
Ngelmu iku … kanthi laku
Tembung kang trep kanggo njangkepi gatra tembang Pocung ing ndhuwur yaiku ….
panganggone
tumindake
pangekese
kalakone
khasiate
Setya budya … dur angkara
Tembung kang trep kanggo njangkepi gatra tembang Pocung ing ndhuwur yaiku ….
kas
laku
khas
panegese
pangekese
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Ukara kang kacithak miring kasebut tegese yaiku ….
Napsu angkara kang gedhe mapan ing awake dhewe-dhewe.
Yen tumindak ala ora kena dikendhaleni bisa nyilakani.
Manungsa iki urip manut golongane dhewe-dhewe.
Angkara sing lerem mapan ing awake dhewe.
Angkara kang gedhe bakal dadi prakara.
Triloka lekere kongsi
Ukara kang kacithak miring iku tegese yaiku ….
Angkara iku sipat lumrahe manungsa.
Angkara kang bakal urip ing telung jaman.
Manungsa iku urip manut golongane dhewe-dhewe.
Aja kekancan karo wong kang seneng gawe prakara.
Napsu angkara iku mapane ana ing awake dhewe-dhewe.
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
Ukara kang kacithak miring iku tegese yaiku napsu angkara yen diumbar ….
kalah dening napsu kang becik
iku bisa nggawe bebaya
ora bakal gawe cilaka
iku bisa dikendhaleni
kudu dikendhaleni
(1) Amaknani rapal
(2) Durung becus kasusu kaselak besus
(3) Pendhak-pendhak angendhak gunaning janma
(4) Kaya sayid weton Mesir
Urutan tembang ing ndhuwur kang pener yaiku ….
(4) - (3) - (2) - (1)
(3) - (4) - (1) - (2)
(2) - (1) - (4) - (3)
(1) - (2) - (3) - (4)
(2) - (1) - (3) - (4)
Taman limut durgameng tyas kang weh limput.
Tembung durgameng minangka tuladhaning tembung ….
garba
lingga
saroja
plutan
andhahan
Mendhung kandel isih nggandhul ing langit Nopember. Mau bengi udan nggrejeh, gawe atise hawa esuk iki. Ujian pungkasan mung kari rong sasi maneh, ujian kang bakal melu nemtokake dina tembe mburiku. Parandene rasane aku durung siyap babar pisan. Cathetan-cathetan ora komplit, buku-buku sing kudu daksinau, semono uga….
Pratelan ing ndhuwur nuduhake ….
alur
latar
amanat
watak paraga
undheraning rembug
Simak ora semaur, alon-alon rambutku diarasi, dielus-elus. Rada sauntara kahanan kaya ngono iku. Atiku angles, tansaya krasa sepira abote tanggung jawabe wong tuwa tumrap anak lan kulawarga. Abot, abot tenan.
Pratelan ing ndhuwur mratelakake watake simak, yaiku ….
bekti
culika
pasrah
duraka
welas asih
“ Jare nek mangan kon kandha.” wangsulane Darmono sengol.
“Wah, melehake ta. Kowe ki cah sekolah rak ya ngerti tatanan. Iku sediyane wong tuwa. Sediyan kanggo dhahar bapakmu!” ngendikane ibu semu duka.
Miturut pethilan ukara ing ndhuwur, watake Darmono iku ….
ngajeni marang wong tuwa
bekti marang wong tuwa
wani karo wong tuwa
sendika dhawuh
alus tuture
“Ta, Pak! Biyen mula aku rak wis kandha yen wong ngingu oto kuwi akeh kesusahane.”
“Hem! Ibune mono wasis yen mung nutuh.”
“Nyatan nek kaya ngene iki priye hara? Mangka neng tengah bulak, dalan ing Kledhung ya wis meh putih, dhasar dalane sumengka, kok jebul otone bobrok!”
“Yah, Ibune ki ta! Rak ya lumrah ta yen oto kuwi sok mogok, ora kok banjur bobrok ngono.”
Adhedhasar pethilan novel ing ndhuwur, ibu nduweni watak ….
nrima ing pandum
seneng tetulung
lembah manah
seneng nutuh
sareh banget
Sareng lan tumapaking suku ingkang kaerut, Rapingun sampun tumumpak ing lapak, suku tengen mancat sanggawedi sisih tengen.
Tembung 'suku' nduwe teges ….
epek-epek
tangan
sikut
gulu
sikil
Sanggar wakil direktur sawijing perusahaan dagang mbutuhake juru tulis kanggo kantor cabange kang ana ing Tretes. Kutha cilik ing wewengkon pagunungan. Dheweke ngirimake layang panggilan marang calon juru tulise kang anyar supaya gage mlebu nyambut gawe. Juru tulis kang anyar mau jenenge Handaka. Pakaryane dadi detektip sing dibutuhake rak juru tulis, kok nimbali detektip?
Handaka sejatine yaiku ....
pagawene Sanggar
wakil Gubernur
juru tulis
detektip
direktur
“Nalika jago kluruk umun-umun iku hawane Kutha Semarang isih adhem lan seger amarga mentas digrujug udan”
Pethilan ukara ing ndhuwur iku kalebu unsur intrinsik novel sing diarani ….
plot
tema
setting
amanat
punjering crita
Menawa pangripta amung nyritakake wong liya lan dheweke ora melu ing sajroning crita, tegese dheweke nggunakake pamawas (sudut pandang) wong ….
kapisan
kapindho
katelu
kapapat
campuran
Pardi entuk mragakake dadi anake wong mlarat, nanging duwe solah bawa sing kalem, seneng tetulung, prasaja, yen guneman alus.
Pratelan kasebut ing perangan novel diarani ….
punjering crita
penokohan
alur/plot
setting
tema
Pepeling kang kinandhut ing crita utawa pesen pangripta marang pamaca diarani ….
padunungan
undheran
pamawas
pasemon
amanat
Pratelan sesorah sing isine atur pudyastawa mring Gusti Kang Maha Kuwasa, yaiku ….
atur pakurmatan
atur puji syukur
salam pambuka
ukara pambuka
ukara panutup
Perangan panutup sesorah biasane isine ….
nyritakake urutan trap-trapane acara
ngajak supaya tansah ngucap syukur
atur pakurmatan saka sing paling tuwa
njaluk ngapura manawa ana luputing atur
ngaturake panuwun amarga para tamu kersa rawuh
Mugi-mugi adicara punika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten kaambali malih ing wekdal candhakipun.
Pratelan sesorah ing ndhuwur diarani ….
pambagya
surasa basa
wosing atur
pangarep-arep
salam panutup
Ingkang satuhu kinabekten, Kepala SMK Bisa, Bapa/ ibu dwija SMK Bisa ingkang pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur aji, sumrambahipun para karyawan/ karyawati ingkang dhahat sinudarsana, datan katalumpen siswa-siswi SMK Bisa ingkang tansah kula tresnani.
Pratelan ing ndhuwur kalebu tuladha ….
atur puji syukur
atur pakurmatan
ukara pambuka
ukara panutup
wosing acara
Kula makili anggota pakempalan Darma Wiyata ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para pengurus ingkang sampun kanthi lila legawa nglonggaraken wekdal, nyumbangaken penggalih saha tenaganipun kangge majengipun pakumpulan punika.
Pratelan sesorah ing dhuwur kalebu ....
wasana basa
atur puja-puji
atur panuwun
salam panutup
salam pambuka
Wusana kupat godhong klapa, menawi lepat kula nyuwun ngapura, wassalamualaikum, wr.wb.
Ukara iku kalebu peranganing sesorah yaiku ....
dudutan
purwaka
pambuka
surasa basa
wasana basa
Isi sesorah utawa tanggap wacana banget nengsemake nganti sing ngrungokake padha ngguyu kepingkel-pingkel. Sesorah iku ngemu ancas....
atur pangerten
atur panglipur
atur pangajab
atur pamiluta
atur sesuluh
Bapak-bapak dalah ibu-ibu, ing samangke kathah sesakit demam berdarah ing pundi-pundi. Pramila sumangga panjenengan sadaya sami njagi karesikaning salebet tuwin sakjawining griya. Langkung-langkung got-got sakiwa tengening griya.
Pethilan sesorah ing ndhuwur duwe ancas ….
menehi panglipur
menehi kawruh
ajak-ajak
elik-elik
pitutur
Serbat wedang santen, menawi lepat nyuwun pangapunten. Mujudake perangan ….
paminta
panutup
purwaka
pangajab
pangajak
Metodhe sesorah kanthi nggunakake cethetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep wigati diarani ….
ekstemporan
spontanitas
dadakan
naskah
apalan
Upacara kang minangka perlambang kepala keluwarga iku kudu bisa paweh nafkah marang kulawarga, yaiku ….
siraman
sungkeman
kacar-kucur
midodareni
upacara wiji dadi
Tata upacara adat mantu kang mengku werdi bektine anak mring wong tuwa, yaiku ….
balangan suruh
sungkeman
wiji dadi
sinduran
timbang
Suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni benang lawe wutuh kanggo balang-balangan manten lanang lan wadon.
Upacara ing dhuwur diarani ....
siraman
ijab kabul
midodareni
pasang tarub
balangan gantal
Pinanganten sakloron lungguh ing pangkonane bapake penganten putri, minangka pralambang katresnane wong tuwa marang anak padha karo mantu.
Upacara ing dhuwur diarani ....
balangan gantal
kacar-kucur
sinduran
timbang
siraman
Mugi-mugi panganten saged resik saking sukerta saha manggih kasucen lair lan batos. Upacara kasebut disranani kanthi tatacara ….
siraman
midodareni
dodol dhawet
kumbakarnan
ngerik rambut
Midak wiji inggih menika temanten kakung midak tigan kanthi pralambang dedonga supados enggala pikantuk turunipun. Tembung tigan tegese ….
janur
suruh
kluwih
endhog
kembang
Midodareni iku wektune ….
seminggu sadurunge dhauping panganten
sedina sadurunge dhauping panganten
seminggu sawise dhauping panganten
sedina sawise dhauping panganten
pas nalika dhauping panganten
Ing regol dipasang pasren wujud maneka warna tuwuhan, kayata gedhang raja, klapa cengkir gadhing, tebu wulung, pari, lan ron-ronan. Tembung ron tegese ….
kayu
kursi
godhong
kembang
woh-wohan
Bilih temanten sampun kenceng pikiripun badhe palakrama. Pratelan iku disranani kanthi ubarampe ….
cengkir gadhing
gedhang suluh
suket apa-apa
tebu wulung
ron-ronan
Paningsetan yaiku adicara kang ateges ningseti pirembugan kang wis dadi. Tembung ningseti tegese ….
nyembadani
nyarujuki
mbaleni
ngabari
naleni
Ahmad Khoiruddin
Ahmad Khoirudhin
Ahmad Khoirudzin
Ahmad Khoirudin
Ahmad Koirudin
Ibrahim Azaziki
Ibrahim Azazaki
Ibrahim Az-Zikri
Ibrahim Azazikri
Ibrahim Az-Zakri
Ibu kula remen sanget maos novel fiksi.
Ibuku seneng banget maca novel fiksi.
Ibu seneng banget maca novel fiksi.
Ibu remen banget maos novel fiksi.
Ibu remen sanget maos novel fiksi.
khutbahe sang khatib
khatib sing khutbah
khatib lagi khutbah
khatib ora khutbah
khutbah lan khatib
jenenge Ghazali
jenenge Zaidni
jenenge Fatim
jenenge Dzul
jenenge Zaki
Fatimah arep gladhen karawitan. Yen disalin nganggo aksara Jawa dadine ....
zamrud katulistiwa, tulisan aksara Jawane sing bener yaiku ….
wong dzalim , manawa ditulis aksara Jawa dadi ….
Ing ngisor iki sing kalebu jeneng wong yaiku ….
Wong sing mampu iku diwajibake mbayar … ing wulan pasa.
