wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian Bahasa Daerah. Kelas XII SMKN Mojoagung

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Salah sawijine drama tradhisional yaiku Lodrug. Kesenian lodrug lair saka tlatah...

a)

Jombang

b)

Surabaya

c)

Mojokerto

d)

Sidoarjo

e)

Kediri

2.

Saben dhaerah nduweni dhialeg kang beda-beda. Tembung “koen.....,peno....., yak apa rek.....” kalebu dhialeg ing tontonan....

a)

Kethoprak

b)

Lodrug

c)

Jaranan

d)

Wayangan

e)

Lenong

3.

Gamelan minangka salah sawijine musik kang bisa dianggo ngiriki lumakune crita drama. Pawongan kang nabuh gamelan diarani...

a)

Panabuh

b)

Pandhe

c)

Kusir

d)

Waranggana

e)

Wiyaga

4.

Kethoprak minangka kesenian saka tlatah Jawa kulonan. Wiwitane bisa lair kesenian Kethoprak yaiku...

a)

Warga desa kang kepengin ngerteni crita jaman rikala semana

b)

Warga desa kang kepengin ngeluri (melestarikan) kabudayyan

c)

Warga desa kang pengin parisuka nalika padhang bulan sinambi nuthuk alu

d)

Warga desa kang parisuka kanggo nyambut wayah panen teka

e)

Warga desa kang ngumpul kanggo gawe hiburan

5.

Supaya pamentasan lodrug lumampah kanthi narik kawigaten. Urut-urutan struktur tontonan lodrug kang urut yaiku...

a)

Tari Remo-Bedhayan-Dhagelan-Crita Inti

b)

Tari remo-Bedhayan-Crita Inti-Dhagelan

c)

Tari Remo-Dhagelan-Bedhayan-Crita Inti

d)

Dhagelan-Tari Remo-Bedhayan-Crita Inti

e)

Dhagelan-Bedhayan-Tari Remo-Crita Inti

6.

Akeh banget maneka irah-irahan lakon Lodrug ing tlatah Jawa Timur. Lakon lodrug kang nyritakake ksatriya saka Bangil Pasuruan yaiku...

a)

Brandhal Lokajaya

b)

Sarip Tambak Oso

c)

Shakera

d)

Sogol

e)

Jaka Sambang

7.

Tari remo minangka tari pambuka pamentasan lodrug. Tari remo nyritakake...

a)

Solah bawane wong Jawa Timur

b)

Ksatriya siyaga budhal perang

c)

Raja kang gagah prakosa

d)

Prameswari raja kang kalem

e)

Tokoh ludrug Jawa Timur

8.

Tokoh lodruk kang jenenge digunakake jeneng gedhung kesenian ing Surabaya yaiku...

a)

Bung Tomo

b)

Bung Hatta

c)

Cak Trubus

d)

Cak Durasim

e)

Cak Kartolo

9.

Sajrone pamentasan lodrug dibuka dening sawijining beksan kang kondhang yaiku beksan remo. Tembung beksan kuwi uga diarani....

a)

Pambuka

b)

Panutup

c)

Pangiring

d)

Tari

e)

Kidung

10.

Kidungan jula-juli umume isine unen-unen jawa kang diarani...

a)

Geguritan

b)

Wangsalan

c)

Parikan

d)

Paribasan

e)

Cangkriman

11.

Karya sastra kang gambarake panguripan liwat solah bawa (tingkah laku), watak, lan tindak tanduk manungsa liwat paraga lan dialog ing panggung diarani....

a)

Shandiwara (Drama)

b)

Geguritan (Puisi)

c)

Tembang (Lagu)

d)

Lodrug

e)

Kethoprak

12.

Tuwuhe masalah antarane para siji lan sijine kalebu ing struktur perangan...

a)

Jejer

b)

Pasulayan

c)

Identifikasi

d)

Kodha

e)

Resolusi

13.

Konflik diperang dadi konflik eksternal lan konflik internal. Ing ngisor iki kang kalebu konflik internal (konflik yang tumbuh dari dalam diri) yaiku...

a)

Bawang putih kang sabendina dipulasara (disiksa) karo bawang abang lan ibune

b)

Nawang wulan ora bisa bali menyang kahyangan amarga slendhange dijupuk Jaka Tarub

c)

Klenting kuning kang ora oleh ibune melu sayembara

d)

Bandung Bandawasa kudu kasil mbangun sewu candi lan rong sumur sajrone sawengi kanggo Roro Jonggrang

e)

Calon arang dendam marang para nom-noman amarga ora ana nom-noman sing gelem nyedhaki anake

14.

Supaya swasana sajrone drama bisa urip mula kanggo ndukung bab kasebut kudu ditambahi...

a)

Panggung

b)

Shooting

c)

Make up

d)

Musik

e)

Busana

15.

Kethoprak minangka salah sawijine drama tradhisional masyarakat Jawa. Pambuka sajrone pambuka pamentasan kethoprak yaiku beksan...

a)

Remo

b)

Merak

c)

Gembyong

d)

Piring

e)

Kipas

16.

Sajrone pamentasan kethoprak, kang biyasane kadhapuk dadi dhagelan yaiku...

a)

Narator

b)

Prajurit lan Emban

c)

Patih lan Prajurit

d)

Patih lan Prameswari

e)

Prameswari lan emban

17.

Ing ngisor iki kalebu struktur teks drama, kajaba...

a)

Jejer

b)

Pasulayan

c)

Identifikasi

d)

Kodha

e)

Resolusi

18.

Senadyan padha-padha kesenian Jawa nanging Kethoprak lan Lodrug kuwi ora padha. Ing ngisor iki bab sing mbedakake antarane kethoprak lan lodrug yaiku...

a)

Lodrug saka Surabaya lan Kethoprak saka Jombang

b)

Lodrug saka Surabaya lan Kethoprak saka Jawa Kulonan

c)

Lodrug nyritakake jaman saiki kethoprak nyritakake jaman rikala semana

d)

Lodrug nggunakake basa ngoko lan kethoptak migunakake krama alus

e)

Lodrug migunakake basa kang kasar lan kethoprak migunakake basa kang alus

19.

Apik orane pamentasan drama, gumantung saka...

a)

Sutradara lan sing nanggap

b)

Sutradara,pemain,penata musik

c)

Sutradara pinter ngatur paraga

d)

Promosi lan tanggapane para penonton

e)

Manajemen kelompok kang arep mentasake drama

20.

Sajrone urut-urutan pamentasan kethoprak, perang dilakokake sawise perangan...

a)

Pasulayan

b)

Dhagelan

c)

Wasana

d)

Jejer

e)

Beksan

21.

Semaken jula-juli ing ngisor iki!

Pelem mateng dipangan lawa

Punakawan sing kuru petruk.

Ayo padha nglestarikno budhaya jawa

Salah sawijine yaiku lodruk

Lamongan kutha soto lan perikanan

Pabrik kasur sing terkenal ndhok Krian

Saiki jaman wis kekinian

Angel sinau malah HP-an.

Isi parikan ing ndhuwur yaiku...

a)

Nepangake anggota Punakawan yaiku Petruk

b)

Ngajak Nonton Lodrug lan nonton Kethoprak

c)

Nyebutake kutha-kutha ing Jawa Timur

d)

Jaman kekinian sing bocah-bocah ora gelem sinau malah dolanan HP

e)

Jaman kekinian sing apa-apa wis maju bisa diakses liwat HP

22.

Pawongan kang mimpin lumakune drama yaiku...

a)

Paraga Utama

b)

Sutradara

c)

Narator

d)

Figuran

e)

Editor

23.

Semaken dhialog ing ngisor iki!

Harya P: Wingi Prawata misananku wis dakpateni amarga dheweke mateni kanjeng ramaku.

P.Timur: Iya bener, amarga Prawata kepengin dadi raja.

Harya P:Kanggone Harya Penangsang sadulure Prawata bakal tak tumpes kabeh.

Yen dideleng saka pethikan dialog kasebut, kuwi kalebu dhilaog pamentasan...

a)

Lodrug

b)

Kethoprak

c)

Drama Tradhisional

d)

Drama Modern

e)

Istana

24.

Cikal bakal kesenian lodrug yaiku saka kesenian...

a)

Lerok

b)

Remo

c)

Besutan

d)

Ngamen

e)

Tabuhan

25.

Semaken dhialog ing ngisor iki!

Asisten: Sampun beres kula gusur kabeh bos!

BU Wali: Bagus..bagus...kabeh wis mok gusur?

Asisten : Sampun bu, dalanan wiyung, dalanan Banyuurip, dalanan Jimerto malah rebes!

Bu Wali: Jimerto apane Masjid Muhajirin?

Asisten: Sebelahe pas bu!

Bu Wali: Iku omahku goblok!!

Asisten: Wit e bu wit e sing kula gusur.

Yen dideleng saka pethikan ing ndhuwur, dhialog kasebut kuwi dhialog sajrone pamentasan...

a)

Lodrug

b)

Kethoprak

c)

Besut

d)

Jaranan

e)

Wayang