wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL UH BAHASA JAWA KELAS XI

Total questions: 25

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Karya seni kang diperanake dening pawongan kang dipentasake ing panggung diarani...

a)

Geguritan

b)

Macapatan

c)

Drama

d)

Seni Tari

e)

Prosa

2.

Struktur drama kang isine nepungake paraga utawa wiwitane crita diarani...

a)

Jejer ( Orientasi)

b)

Pasulayan (Konflik)

c)

Pangudhare Prakara ( Resolusi)

d)

Koda

e)

Panutup (Reorientasi)

3.

Struktur kang isine yaiku dumadine prekara kang kudu diadepi dening para paraga diarani...

a)

Jejer Jejer ( Orientasi)

b)

Pasulayan (Konflik)

c)

Pangudhare Prakara ( Resolusi)

d)

Koda

e)

Panutup (Reorientasi)

4.

Struktur teks kang isine yaiku cara ngrampungi kabeh prekara kang ana diarani...

a)

Jejer Jejer ( Orientasi)

b)

Panutup (Reorientasi)

c)

Pasulayan (Konflik)

d)

Pangudhare Prakara ( Resolusi)

e)

Koda

5.

Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasake endahe karya para seniman nanging kita uga bisa...

a)

Ngundhakake drajat lan pangkat

b)

Ngundhakake gelar lan martabat

c)

Ngundhakake gengsi lan prestisi

d)

Ngundhakake pangkat lan jabatan

e)

Ngundhakake ilmu lan kaweruh (pengetahuan)

6.

Sajrone arep mentasake pagelaran drama, bab kang kudu dilakoni kang wiwitan yaiku...

a)

Milih irah-irahan (judul) lakon

b)

Netepake sutradara

c)

Netepake jadwal gladhen (latiyan)

d)

Netepake paraga

e)

Netepake pananggap

7.

Pagelaran lakon bisa mlaku kanthi lancar yen...

a)

Sekabehe pawongan/ kelompok bisa nduwe rasa seneng.

b)

Sekabehe pawongan/ kelompok melu ngatur pakaryan (pekerjaan) kanthi nduwe rasa seneng

c)

Sekabehe pawongan/ kelompok makarya kanthi rasa seneng lan tanggung jawab

d)

Sekabehe pawongan/ kelompok melu netepake pakaryan kanthi rasa seneng

e)

Sekabehe pawongan/ kelompok melu milih pakaryan kanthi rasa seneng

8.

Drama kang umume nyritakake panguripan jaman saiki tuladhane ngenani pendhidhikan, sosial lan liya liyane kuwi dirani drama...

a)

Tradhisional

b)

Modern

c)

Fabel

d)

Lodrug

e)

Kethoprak

9.

Drama kang isine nyritakake crita jaman biyen kang biyasane isine kuwi nyritakake kasekten lan bab ora lumrah kuwi kagolong drama...

a)

Tradhisional

b)

Modern

c)

Lodrug

d)

Ketoprak

e)

Fabel

10.

Salah sawijine drama tradhidional yaiku kesenian Lodrug. Lodrug asale saka .....

a)

Suroboyo

b)

Jombang

c)

Nganjuk

d)

Mojokerto

e)

Sidoarjo

11.

Sadurunge Lakon Lodrug diwiwiti, kang sepisanan dibuka kanthi tari...

a)

Jaranan

b)

Merak

c)

Remo

d)

Gambyong

e)

Ular

12.

Paraga kang nduweni sipat serakah, iri lan pengin menang dhewe diarani paraga...

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Paraga Utama

e)

Paraga Pambantu

13.

Ing pamentasan paraga kudu bisa ngatur swara supaya...

a)

Dialog bisa kaprungu kanthi cetha dening pamiarsa

b)

Dialog bisa keprungu endheg-dhuwure swara

c)

Dialog bisa cetha banter irihe swara

d)

Cetha menga mingkeme tutuk

e)

Cetha ekspresi sing dianggo

14.

Minak Koncar : Dak kira perkara durung rampung. Awit saelingku Adipati Minak Jingga iku kondhang minangka pawongan kang sekti lan pinter, dadi ora gampang kok apusi. Ati-ati loh Patih!


Patih Logender : Hahahaha......(Karo mengkerik) kuwi perkara gampang. Ora usah kuwatir, kabeh mengko bisa dak rampungi. Hahaha...(guyune saya banter). Pancen Minak Jingga pinter, nanging iki mengko bakal kalah karo tipuane Logender (karo ndudingi dhadhane dhewe) hahahaha...


Saka pethikan teks ing ndhuwur, Patih Logender nduweni sipat...

a)

Wicaksana

b)

Ora gampang nyerah

c)

Tanggung Jawab

d)

Pinter

e)

Sombong

15.
a)

Gubuk

b)

Warung

c)

Pawon

d)

Ing dalan

e)

Ing sekolah

16.
a)

Sabar

b)

Ceriwis

c)

Iri

d)

Jail

e)

Asuh asih

17.

Sabar narima kabeh pacoban lan tansah ngucap syukur marang apa sing wis diduweni kuwi kalebu nilai moral marang...

a)

Dhiri pribadhi

b)

Gusti Maha Agung

c)

Sapadha-padhane manungsa

d)

Alam lingkungan

e)

Pacoban urip

18.

Sajrone pamentasan drama kang biyasane diselingi jula juli kidungan yaiku ing pamentasan....

a)

Kethoprak

b)

Lodrug

c)

Wayangan

d)

Dhagelan

e)

Remo

19.

Kethoprak minangka kesenian kang lair ing Jawa kulonan. Salah sawijine ciri-ciri kethoprak yaiku...

a)

Nyritakake panguripan saiki

b)

Migunakake dhalang kanggo mimpin drama

c)

Setting panggonan ing Kerajaan

d)

Busanane apa anane (kaosan lan clana komprang)

e)

gunakake basa dhialeg surabayanan

20.

Sajrone drama lakon Jaka Tarub, Nawang Wulan kelangan slendhange lan ora bisa bali menyang kahyangan. Bab kuwi sajrone struktur teks drama kalebu bagean...

a)

Jejer

b)

Pasulayan

c)

Resolusi

d)

Kodha

e)

Panutup

21.

Sajrone drama Roro Jonggrang, dheweke golek maneka cara saengga ndadekake Bandawasa ora kasil kanggo mbangun candi kang nomer sewu. Bandawasa nesu lan kanggo jangkepi sewu candi, Roro Jonggrang disabda dadi reca(patung) ing candi saengga jangkep dadi sewu. Bab kasebut ing struktur drama kalebu perangan...

a)

Jejer

b)

Pasulayan

c)

Pangudhare Prakara

d)

Kodha

e)

Panutup

22.

Sajrone pamentasan drama supaya cetha anggone nuduhake kahanan esuk lan bengi, uga mbangun swasana nalika kahanan srengen, nggegirisi/medeni mula kanggo ndukung bab kaya mau dibutuhake...

a)

Tata kostum

b)

Tata Lighting

c)

Tata Panggung

d)

Tata Rias

e)

Tata Konsumsi

23.

Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa kalebu salah siji saka struktur teks drama kang diarani...

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Dudutan

d)

Epilog

e)

Dialog

24.
a)

Kuciwa

b)

Nelangsa

c)

Sedih

d)

Srengen

e)

Nesu

25.

Rantaman utawa urut-urutane crita sajrone teks drama diarani...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Pamaragan

d)

Setting

e)

Latar