Worksheetstry out usbn basa jawa 2020
Total questions: 25
Worksheet time: 47mins
Sejarah Sumpah Pemuda
Kadadean sejarah sumpah pemuda ngrupakne salah siji kadadean penting jero sejarah kamardikan Indonesia. Ujar iki dadi siji tonggak utama bangkite semangat para pemuda Indonesia kanggo negaske cita-cita ngadege negara Indonesia.
Sumpah pemuda yaiku siji “kedadean” sing muncul saka Kongres pemuda kapindho sing diteraske 27-28 Oktober 1928 neng Batavia (Jakarta). Kongres kasebut dianakne neng jero telu gedung sing beda lan dipara jero ping telung rapat. Para pamawa Kongres pemuda II iki asale saka macem-macem wakil organisasi pemuda sing ana nang wayah kuwi, kaya Jong Java, Jong Ambon, Jong Celebes, Jong Batak, Jong Sumatera Bond, Jong Islamieten Bond, Sekar Rukun, PPPI, pemuda Kaum Betawi, lan liya-liyane.
Neng antara dekne kabeh teka uga beberapa wong pemuda Tionghoa dadi pambanget, yaiku Oey Kay Siang, John Lauw Tjoan Hok lan Tjio Djien Kwie ning nganti wektu iki ora kawruhan latar buri organisasi sing ngongkon dekne kabeh. Sementara Kwee Thiam Hiong teka dadi sawong wakil saka Jong Sumatranen Bond. Melu teka uga 2 wakilan saka Papua yaiku Aitai Karubaba lan Poreu Ohee.
http://kumpulanartikelbahasajawa.blogspot.com/2016/10/sejarah-sumpah-pemuda-dalam-bahasa-jawa.html/diakses Rabu, 13 Februari 2019
Miturut jinise artikel ing ndhuwur kalebu artikel ....
argumentasi
deskripsi
narasi
eksposisi
persuasi

Kena ngapa sumpah pemuda ngrupakne salah siji kedadeyan penting jero sejarah kamardikan?
Sumpah pemuda tonggak utama bangkite semangat para pemuda Indonesia kanggo negaske cita-cita ngadege negara Indonesia.
Sumpah pemuda dadi srana jong java dadekake Indonesia mardhika.
Sumpah pemuda ditekani kumpulan pemuda se-Indonesia.
Sumpah pemuda ditekani pemuda Tionghoa lan Papua.
Sumpah pemuda mung ditekani pemuda saka Jawa wae.
Anoman Obong
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing laun-alun Alengka.
Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
http://caritawayang.blogspot.com/2015/04/ramayana-anoman-obong-bahasa-jawa.html/diakses Rabu,13Februari 2019
Watake Anoman adhedhasar crita ing dhuwur yaiku....
kendel
jirih
gumedhe
rakus
Blenjani janji

Sambung rapete teks crita ing dhuwur karo kasunyatan jaman saiki yaiku....
Nglakoni apa sing diprentahne supaya oleh pangaleman.
Prentahe pimpinan ora perlu dilakoni.
Pimpinan karo karyawan padha wae, ora perlu diajeni.
Oleh blenjani janji yen pancen ora bisa nglakoni.
Kudu tansah manut prentahe pimpinan nalika diwenehi tugas.
Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirna
Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku....
10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
11i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,1i,8a
10i,10a,8e,7u,8i,7a,7u,8a,11i,7a
10i,10a,9e,7u,9i,7a,6u,8a,11i,7a
Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirna
Miturut guru lagu lan guru wilangane, jenis tembang ing dhuwur yaiku....
sinom
dhandanggula
megatruh
gambuh
mijil
Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana
Batangane tembang ing dhuwur yaiku....
Penthol korek
lilin
sada
petromax
kendhi
Kangen
Dening: Edi Winarno
aja nangis anakku
ibumu isih lunga
sedhela maneh teka
aja nangis, anakku
umpama Hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku ... .
Wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak.
Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali.
Susahe Bapak dening tangise anak, sebab kangen Ibune kang lagi nyambutgawe ing Hongkong.
Ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana.
Anak lagi kangen marang Bapak lan Ibune kang nyambutgawe ing lor kali.
Saya Cengkar
Dening: R. Bambang Nursinggih
.....................................................
Aja lirwa puspa, empon-empon minangka wejah
Mesti deng ramut kanthi permati,kareben asri lan edi peni merak ati aweh piguna kang aji
Buron wana ing rangkah iki umbaren ngrenggani nusa
Jaladri uga den emi-emi, amrih anak putu menangi
.....................................................
12. Tema teks geguritan ing dhuwur yaiku....
sosial
lingkungan
moral
kabudayan
Ekonomi
Saya Cengkar
Dening: R. Bambang Nursinggih
.....................................................
Aja lirwa puspa, empon-empon minangka wejah
Mesti deng ramut kanthi permati,kareben asri lan edi peni merak ati aweh piguna kang aji
Buron wana ing rangkah iki umbaren ngrenggani nusa
Jaladri uga den emi-emi, amrih anak putu menangi
.....................................................
Tegese tembung puspa ing geguritan dhuwur yaiku.....
kembang
kewan
manungsa
gunung
segara
Saya Cengkar
Dening: R. Bambang Nursinggih
.....................................................
Aja lirwa puspa, empon-empon minangka wejah
Mesti deng ramut kanthi permati,kareben asri lan edi peni merak ati aweh piguna kang aji
Buron wana ing rangkah iki umbaren ngrenggani nusa
Jaladri uga den emi-emi, amrih anak putu menangi
.....................................................
Mesti den ramut kanthi permati,kareben asri lan edi peni merak ati aweh piguna kang aji
Aksara kang kacethak kandel nuduhake panganggone purwakanthi......
Guru sastra
Guru swara
Guru wilangan
Guru basa
Guru lumaksita
Ing ngisr iki geguritan kang temane “alam” yaiku....
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
gawang-gawang wewayangan iku
tansah jejogetan ing manik-manik mata
iki cerita purwa tumrap aku lan sliramu
ing meja pojok mburi ngisor jendela
aku … ngrumangsani
mung saderma alang-alang
kang ngebaki lan ngalang-alangi sesawangan
tanpa daya lan guna
E.
Kawulamu….
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun pekarangan
Nalika wanita sapisan ngandut antuk pitung wulan, dianakake upacara ritual kang diarani….
sepasaran brokohan
tingkeban
selapanan
siraman
akekahan
Teges kang winengku nalika adicara panggih, penganten sarimbit padha ambalang gantal yaiku....
Penganten sakloron wis nyawiji lan manunggal.
Penganten sarimbit kudu tansah paring panyengkuyung.
Penganten putri kudu bisa njaga kabecikane penganten kakung.
Penganten kakung nduweni kewajiban nyukupi kabutuhane penganten putri.
Penganten putri kudu manut penganten kakung.
”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabektern “. Ukara iki kalebu perangan ....
salam pambuka
atur pangayubagya
atur pakurmatan
atur puji syukur
wusana
“Cekap semanten anggen kula matur, bok bilih wonten atur kula ingkang kirang nuju prana, wonten solah bawa ingkang kirang trapsila, kula tansaah nywyn cadhong duka lan pangapunten.”
Ukara iki kalebu perangan ....
purwaka
salam pambuka
atur pakurmatan
wusana
pambuka
Setitekna teks sesorah ing ngisor iki!
Wilujeng Enjing
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
..........................
Kula minangka wakil saking siswa kelas XII, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
http://kampoengilmu.com/sesorah-bahasa-jawa/diaksesRabu13Februari2019
Ukara kanggo njangkepi pidhato ing dhuwur yaiku....
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengapunten.
Wilujeng enjing.
Bapak : “Le,,,Prima! Mreneo dhisek!”
Prima : “Ana apa, Pak?”
Bapak : “Terna undangan iki neng gone Pak Prapto ya, Le.”
Prima : “Gah aku Pak, aku arep mancing.”
Ibu : “Weleh….mbok ya nek karo wong tua ki sing sopan.”
Bapak : “Ya wis Bu, nek ora gelem ya ora apa-apa.”
Ibu :“Ora iso ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wes akeh
gek do ora reti unggah-ungguh, aja nganti Prima melu-melu.”
Bapak : “Ya wes…Ya wes,,,rasah dha rebut.”
Watake paraga Prima adhedahasar teks drama ing dhuwur yaiku....
Sopan marang wong tua
Welas asih marang wong tua
Ora gumedhe marang wong tua
Manut marang wong tua
Ora ngajeni wong tua
Bapak : “Le,,,Prima! Mreneo dhisek!”
Prima : “Ana apa, Pak?”
Bapak : “Terna undangan iki neng gone Pak Prapto ya, Le.”
Prima : “Gah aku Pak, aku arep mancing.”
Ibu : “Weleh….mbok ya nek karo wong tua ki sing sopan.”
Bapak : “Ya wis Bu, nek ora gelem ya ora apa-apa.”
Ibu :“Ora iso ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wes akeh
gek do ora reti unggah-ungguh, aja nganti Prima melu-melu.”
Bapak : “Ya wes…Ya wes,,,rasah dha rebut.”
Basa kang digawe paraga Bapak marang paraga Ibu adhedhasar teks ing dhuwur yaiku...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama alus
Krama lugu
Krama inggil
Setitekna tembang macapat ing ngisor iki!
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekesing dur angkara
Piwulang kang bisa dijupuk saka tembang macapat kasebut yaiku....
Golek ilmu iku kudu tenanan lan nyingkirake hawa nepsu
Golek dhuwit kudu tenanan supaya gelis sugih.
Golek ilmu iku ora perlu diniatai tenanan.
Golek ilmu iku digawe dhewe wae ora usah sebarne.
Golek dhuwit kanggo wong-wong sing mbutuhake.
Bapak nedha soto ing peken Paing enjing wau.
Ukara kasebut kalebu basa....
Krama alus
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko madya
Mbah Kakung ngrungokake siyaran wayang kulit.
Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus yaiku...
Mbah Kakung mirengake siyaran ringgit kulit.
Mbah Kakung mirengaken siyaran ringgit wacucal.
Mbah Kakung midhangetaken siyaran ringgit wacucal.
Mbah Kakung midhangetake siyaran ringgit wacucal.
Mbah Kakung midhangetaken siyaran ringgit kulit.
Ibu : “Nduk, tulung tukokna gula ing toko!”
Rini : “Pinten kilo, Bu?”
Ibu : “Sekilo wae. .........”
Rini : Inggih, Bu. Kula pendhet.”
Ukara kang pas gawe jangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku...
Yatrane ing dhuwur lemari.
Artane ing dhuwur lemari.
Dhuwite ing dhuwur lemari
Artanipun ing nginggilipun lemari
Dhuwite ing nginggile lemari.
Nalika ing jero bus Sumber Slamet
Penumpang 1 : “Mandhap pundi, Mas?
Penumpang 2 : “Ngawi, Mas. ......?”
Penumpang 1 : “Kula mandhap Solo, Mas.”
Tembung kang pas gawe jangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku...
kowe
sampeyan
panjenengan
dulur
andhika
Wisnu : “Wilujeng sonten Mbah Karto.”
Mbah Karto : “Eh, Wisnu. Ana apa Le?
Wisnu : “......”
Mbah Karto : “Dhelehna ing burine lawang kana.”
Ukara kang pas gawe jangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku...
Badhe wangsulaken pacul, Mbah.
Arep mbalikne pacul, Mbah.
Arep ngonduraken pacul, Mbah.
Badhe ngonduraken pacul, Mbah.
E. Badhe ngondurake pacul, Mbah