wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ngeluri Budaya II

Total questions: 50

Worksheet time: 1hrs 9mins

Name
Class
Date
1.

Ukara ing ngisor iki ngemot tembung saroja, kejaba ...

a)

Bocah lanang kuwi katon gagah prakosa.

b)

Puspita wis kondhang minangka kembang desa.

c)

Tindak tanduke tansah diwaspadakake wong liya.

d)

Kahanan omahe katon edi peni.

e)

Budaya kang adi luhung kudu dilestarekake.

2.

Ukara ing ngisor iki sing ana tembung entare yaiku …

a)

Sawijine dina, bocah kuwi bakal konangan, yen ora dimareni solah tingkahe.

b)

Sanadyan dheweke ayu, nanging ora tau umuk.

c)

Muga-muga dheweke tansah bening atine.

d)

Kabeh manungsa mbesuk bakale mati.

e)

Ora ana sing bisa uwal saka bebaya kejaba oleh pitulunge Gusti Alloh.

3.

Jalaran wujude gegambaran ngenani sawijine bab, mula sapa sing maca teks iki kaya-kaya dheweke uga bisa nyawang, krungu, utawa ngrasakake marang apa sing lagi digambarake sajrone teks. Teks sing kaya mangkene iki diarani teks....

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

persuasi

d)

argumentasi

e)

eksposisi

4.

Teks sing nduweni tujuwan supaya wong sing maca bisa ngerteni ngenani sawijine informasi diarani teks....

a)

narasi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

e)

dheskripsi

5.

Kuta Tuban mujudake kutha sing narik kawigatene para wisatawan. Saliyane akehe objek wisata Tuban uga mujudake kutha sing religius. Masyarakate tansah sapa aruh nadyan katemu karo wong sing durung kenal. Bok menawa iki mau kabeh sing njalari para wisatawan padha dhemen marang kutha Tuban.

Teks kasebut mujudake jinis teks....

a)

argumentasi

b)

dheskripsi

c)

narasi

d)

eksposisi

e)

persuasi

6.

Teks sing isine nyritakake paedahe ngombe jamu herbal, lumrahe klebu golongane teks....

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

dheskripsi

e)

persuasi

7.

Teks sing isine nyritakaken sawijine prastawa utawa kedadeyan kanthi runtut mujudake jinis teks....

a)

narasi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

e)

dheskripsi

8.

Tembung entar sing trep kanggo nggenteni unen-unen omongane ora bisa dipercaya yaiku….

a)

lunyu ilate

b)

abang lambene

c)

dawa unine

d)

akeh omonge

e)

gedhe omonge

9.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Janaka

d)

Nakula

e)

Sadewa

10.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Janaka

d)

Nakula

e)

Sadewa

11.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Puntadewa

b)

Baladewa

c)

Kresna

d)

Nakula

e)

Arjuna

12.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Janaka

d)

Nakula

e)

Sadewa

13.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

e)

Togog

14.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

e)

Togog

15.

Saloka kang unine gajah ngidak rapah duwe teges….

a)

wong nerak wewalere dhewe

b)

wong kang katuju kekarepane

c)

wong ala rupane nanging pinter

d)

wong kang marani cilaka

e)

kalah perbawa merga kalah tuwa

16.

Unen-unen iki sing nggunakake purwakanthi guru sastra yaiku….

a)

sluman slumun slamet

b)

arep jamure emoh watange

c)

entek golek kurang amek

d)

ana catur mungkur

e)

gagak nganggo laring merak

17.

Jinejer ing Wedhatama

(Tersaji dalam serat Wedhatama)

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

(Agar jangan miskin budi pekerti)

Mangka nadyan tuwa pikun

(Padahal meskipun tua dan pikun)

Yen tan mikani rasa

(bila tak memahami rasa)

Yekti sepi sepa lir sepah asamun

(Tentu sangat kosong dan hambar seperti ampas buangan)

Samasane pakumpulan

(Ketika dalam pergaulan)

Gonyak-ganyuk nglelingsemi

(Terlihat bodoh memalukan)


Tembang macapat kasebut mujudake jinis tembang macapat....

a)

asmaradana

b)

pangkur

c)

megatruh

d)

mijil

e)

maskumambang

18.

Dedalane guna lawan sekti

kudu andhap asor

Wani ngalah dhuwur wekasane

Tumungkula yen dipun dukani

Bapang den simpangi

ana catur mungkur


Teks tembang kasebut mujudake jinis teks tembang macapat....

a)

mijil

b)

pangkur

c)

asmaradana

d)

maskumambang

e)

megatruh

19.

Aja turu soré kaki

Ana Déwa nganglang jagad

Nyangking bokor kencanané

Isine donga tetulak

Sandhang kelawan pangan

Yaiku bagéyanipun

Wong melek sabar narima

Teks tembang kasebut mujudake jinis teks tembang macapat....

a)

asmaradana

b)

pangkur

c)

mijil

d)

maskumambang

e)

megatruh

20.

Bapak: "Apa wis mangan, Ton?"

Toni : Sampun, kula sampun....

a)

mangan

b)

nedha

c)

dhahar

d)

maem

e)

sarapan

21.

Tembung sing kawuwuhan ater-ater tripurusa...

a)

ngulihi

b)

dituku

c)

nukoni

d)

kaloka

e)

gumantung

22.

Tembung sing kawuwuhan panambang....

a)

dituku

b)

gumantung

c)

kependhem

d)

kokdeleh

e)

larane

23.

Tembung sing oleh seselan yaiku....

a)

gumuyu

b)

geganep

c)

lakuku

d)

gedhene

e)

guyune

24.

Akasara Jawa kasebut yen diowahi dadi aksara latin dadine....

a)

Zuhud bakulan sepedhah

b)

Syuhud bakul sepedhah

c)

Zuhud bakul sepedah

d)

Shuhud bakulan sepedhah montor

e)

Zuhud bakullan sepedah.

25.
a)

2005

b)

2004

c)

3005

d)

3004

e)

2554

26.
a)

Nilam ngajeni wong tuwane.

b)

Gilang ngabekti wong tuwane.

c)

Gilam njanjeni wong tuwane.

d)

Nila ngopeni wong tuwane.

e)

Nila ngabekti wong tuwane.

27.

"Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati." Ukara iki mathuke digunakake ing perangan ... pidhato.

a)

pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

isi

d)

rantaman adicara

e)

panutup

28.

Sing ana sajrone gambar kasebut mujudake ubarampe sajrone adicara....

a)

tingkeban

b)

tedhak siten

c)

siraman

d)

temanten

e)

tetakan

29.

Paedahe Pace

Pace nduweni jeneng liya mengkudu (Indonesia), kudhu (Jawa), cengkudu (Sunda), kodhuk (Madura), lan wengkudu (Bali). Woh buni wit pace sing wis mateng nduweni ambu sing ora enak, nanging ngandhut maneka zat kang migunani tumrap pangusadan. Zat kang ana sajrone pace yaiku morinda diol, morindone, morindin, damnacanthal, metil asetil, asam kapril lan soran diyiol. Amarga nduweni zat iku, pace bisa kanggo ngusadani maneka warna lelara. Tuladhane yaiku hipertensi utawa darah tinggi, lara kuning, lara panas, lara watuk, lara weteng, ngilangake sisik ing sikil lan sapanunggalane


Pethikan teks kasebut mujudake jinis teks....

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

dheskripsi

e)

persuasi

30.

Witing tresna, tresnane mung sawetara.


Ukara kasebut ngandhut purwakanthi guru....

a)

sastra

b)

basa

c)

lagu

d)

swara

e)

wilangan

31.

Ngelmu iku kalakoni kanthi laku.


Pethikan teks tembang kasebut ngandhut purwakanthi guru....

a)

sastra

b)

basa

c)

lumaksita

d)

wilangan

e)

swara

32.

Udan mentas wae mendha. Udan deres sing kliwat wates. Banyu kaya disokake saka langit. Saiki isih ana sisa-sisane. Senajan ora nganti nuwuhake banjir, nanging banyu ngecembong ing papan-papan sing ledhok. Plataranku sing mung saumprit uga ora luput saka kuwi. Kebak banyu! Bocah-bocah sing kesenengen. Akeh sing padha koceh, dolanan sirat-siratan lan oyak-oyakan ing banyu. Kala-kala diselingi srawa guyune sing renyah. Ah, rasane aku kepengin bali dadi bocah maneh. Bebas! Tanpa sanggan.


Latar sajrone pethikan teks crita kasebut yaiku....

a)

pelataran omah

b)

mburi omah

c)

lapangan

d)

sekolahan

e)

ratan ngarep omah

33.

Iki suwara sing ajeg keprungu ing omahe Hartadi. Dhit dhit dhit... mau suwarane klakson sepeda motor, disusul kemrosake koran kang kumleyang diuntalake menyang teras. Rikala Tiwik bojone Hartadi njranthal mlayoni, tukang koran kuwi wis mamprung nganggo se­peda motore rrrengngng.....!


Latar sing ana sajrone pethikan teks crita kasebut arupa....

a)

wayah esuk

b)

wayah awan

c)

wayah sore

d)

wayah wengi

e)

wayah surup

34.

Wong sing nunggoni farah iku mau esuk tuku sega ing pasar.


Ukara kasebut ukara gatra pange manggon ing....

a)

jejer

b)

wasesa

c)

lesan

d)

katrangan

e)

jejangkep

35.

Adicara sing ana ing gambar kasebut asale saka dhaerah....

a)

Banyuwangi

b)

Tulungagung

c)

Ponorogo

d)

Tuban

e)

Bojonegoro

36.

Kalawau enjing wanci bapak … kula nembe… sekul goreng.

a)

adus, mangan

b)

siram, nedha

c)

siram, mangan.

d)

adus, dhahar

e)

siram, dhahar

37.

Prabu Pandhu ngutus Patih Gandamana supaya budhal menyang Pringgandani saperlu golendani, dumadakan wis dumadi paprangan luwih dhisik. Paprangan dumadi antarane wadya bala Ngastina kang dipimpin dening para Kurawa lumawan para wadya Pringgandani. Enggal-enggal Patih Gandamana weneh pambiyantu marang para wadya pimpinane Kurawa kang katon kuwalahen ngadhepi kridhane wadya Pringgandani. Nalika Patih Gandamana lumebu ing papan paprangan, Harya Suman Banjur mrintahake marang para Kurawa supaya mundur. Ninggalake Gandamana kang dhewekan ngadhepi wadya Pringgandani pimpinane Raden Harimba.k sisik melik ngenani perkara kasebut. Nalika Patih Gandamana wis tumeka ing tapel wates praja Ngastina lan Pringga


Kahanan ing ngisor iki sing saemper klawan crita kasebut yaiku....

a)

Supaya bisa lulus kanthi becik guru kelas XII maringi LBB, nanging siswane padha mulih.

b)

Kanca sakelase Murni ora pati nggatekake yen wayah pelajaran.

c)

Kelas XII wis padha rumangsa yen UNBK lan USP BKS ora pati wigati, mula padha ora pati semangat nampa pelajaran.

d)

Siswa-siswa padha ngrasa yen anggone padha pinter awit sinaune temenanan.

e)

Kelas XII wis ora pati nggatekake pelajaran sing ora klebu materi UNBK awit wis padha nengenake UTBK.

38.

Pak Pardi : Dina Senin kok nganggo kaos olahraga Ton?"

Toni : " Inggih. Kala wingi ... Pak Warso supados ngangge kaos olahraga.

a)

dipundhawuhi

b)

dipunsanjangi

c)

dipunkandhani

d)

dipunaturi

e)

dipunkojahi

39.

Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku ....

a)

Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan.

b)

Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone wong biasa.

c)

Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial.

d)

Teks anekdot kadhapuk adhedhasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedhasar prastawa kang nyata.

e)

Teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake lelewaning basa.

40.

Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng

singlon/samaran) iku bisa dadi anggota DPR saka

partai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih

cilik uripe ketula-ketula ketali, mula budhal saka

kampung biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP.

Ananging mbuh kanthi cara piye, sing nyata saiki

jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR.

Bandhot, MM, M.Si.

Kanthi kedhok nindakake studi bandhing, asu

belang kalung wang iku blanja lan seneng-seneng

ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis

dadi anggota DPR nanging tindak-tanduke kerep

ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang

kinurmatan. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak

kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul

ngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman.

Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak

prung ceblok ing sisih tengen sikile.

Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni

Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar

aturan?

”Aturan apa sing taklanggar?”, Bandhot balik

takon karo malang kerik.

”Sampeyan mbuwang sampah sembarangan,

mbuwang tegesan iku dhendhane

gedhe, sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli

karo nesu.

Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal

buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk

maneh banjur disedhot karo muni, ”Ooo ....

sepurane, rokokku ceblok”.

”Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe

petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel.


Perangan sing digarisi ngisor saka teks kasebut diarani....

a)

janturan/abstraksi

b)

pawadan/orientasi

c)

prakara/krisis

d)

tanggapan/reaksi

e)

wasana/koda

41.

Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng

singlon/samaran) iku bisa dadi anggota DPR saka

partai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih

cilik uripe ketula-ketula ketali, mula budhal saka

kampung biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP.

Ananging mbuh kanthi cara piye, sing nyata saiki

jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR.

Bandhot, MM, M.Si.

Kanthi kedhok nindakake studi bandhing, asu

belang kalung wang iku blanja lan seneng-seneng

ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis

dadi anggota DPR nanging tindak-tanduke kerep

ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang

kinurmatan. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak

kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul

ngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman.

Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak

prung ceblok ing sisih tengen sikile.

Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni

Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar

aturan?

”Aturan apa sing taklanggar?”, Bandhot balik

takon karo malang kerik.

”Sampeyan mbuwang sampah sembarangan,

mbuwang tegesan iku dhendhane

gedhe, sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli

karo nesu.

Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal

buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk

maneh banjur disedhot karo muni, ”Ooo ....

sepurane, rokokku ceblok”.

”Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe

petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel.


Perangan sing kagaris ngisore diarani....

a)

janturan/abstraksi

b)

pawadan/orientasi

c)

prakara/krisis

d)

tanggapan/reaksi

e)

wasana/koda

42.

Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng

singlon/samaran) iku bisa dadi anggota DPR saka

partai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih

cilik uripe ketula-ketula ketali, mula budhal saka

kampung biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP.

Ananging mbuh kanthi cara piye, sing nyata saiki

jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR.

Bandhot, MM, M.Si.

Kanthi kedhok nindakake studi bandhing, asu

belang kalung wang iku blanja lan seneng-seneng

ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis

dadi anggota DPR nanging tindak-tanduke kerep

ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang

kinurmatan. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak

kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul

ngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman.

Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak

prung ceblok ing sisih tengen sikile.

Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni

Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar

aturan?

”Aturan apa sing taklanggar?”, Bandhot balik

takon karo malang kerik.

”Sampeyan mbuwang sampah sembarangan,

mbuwang tegesan iku dhendhane

gedhe, sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli

karo nesu.

Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal

buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk

maneh banjur disedhot karo muni, ”Ooo ....

sepurane, rokokku ceblok”.

”Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe

petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel.


Perangan sing digarisi ngisore diarani....

a)

janturan/abstraksi

b)

pawadan/orientasi

c)

prakara/krisis

d)

tanggapan/reaksi

e)

wasana/koda

43.

Ukara-ukara iki sing kalebu basa ngoko alus, yaiku ....

a)

Paklik kok nitih bis, ora ngasta titihan dhewe?

b)

Mas Angga duwe kalawarti akeh banget.

c)

Panjenengan menapa sampun dhahar?

d)

Ibu mundhut ageman enggal.

e)

Panjenengan kapan kesah?

44.

Dak temokake bajul nyokot mawar jingga,

Mawar jingga njerit kelaran.

Banjur udan grimis riwis-riwis menehi

perban lan obat merah.

Kembang ngrintih...nglindur katisen, kemulan

godhong kelor putih.


Tema saka teks geguritan kasebut yaiku....

a)

religi

b)

sosial

c)

lingkungan

d)

pendhidhikan

e)

katresnan

45.

ANGIN

dening: A. Endra G.


aku mung angin

tansah nyawang tan bisa kandha

aku dudu kumbang

sing bisa mbiyantu tukule woh-wohan

aku mung angin

tanpa rupa adhem ngetutke arummu


Tema saka teks geguritan kasebut yaiku....

a)

lingkungan

b)

katresnan

c)

angin

d)

taman

e)

kangen

46.

Saiki Lintang sregep nglempiti.... bapake.

a)

klambine

b)

rasukane

c)

agemane

d)

pakeane

e)

dodote

47.

Jono: "Assalaamualaikum."

Pak Harto : "Waalaikumsalam. Ana apa Jon?"

Jono : "Panjenengan.... kenduren wonten dalemipun Pak Yohan, Pak."


Tembung sing trep kanggo njangkepi pacaturan kasebut yaiku....

a)

dipunutus

b)

dipunundang

c)

dipunkengken

d)

dipuntimbali

e)

dipunaturi

48.

Yen diowahi nganggo Aksara Latin dadine....

a)

Pacitan awane udan deres banget.

b)

Pacitan awane adhem banget.

c)

Pacet hawane adhem banget.

d)

Pacet awane krasa adhem.

e)

Pacet awane udan deres banget.

49.

Ibu lunga pasar numpak sepur mau esuk.


Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus dadine...

a)

Ibu tindak peken nitih trem kala wau enjing.

b)

Ibu kesah peken nitih turangga kala wau enjing.

c)

Ibu tindak peken nitih pit kala wau enjing.

d)

Ibu kesah peken nitih pit kala wau enjing.

e)

Ibu tindak peken nitih turangga kala wau enjing.

50.

Tembang kasebut mujudake wiwitane tembang macapat....

a)

Asmaradana

b)

Pangkur

c)

Mijil

d)

Maskumambang

e)

Kinanthi