NEW
Font size
WorksheetsGladhen US Jawa 1
Total questions: 20
Worksheet time: 16mins
Apa ibumu wis mangkat?
Inggih, Ibu sampun ...
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur, yaiku ....
tindak
teka
lunga
kondur
bali
Wis pirang-pirang dina Ibu ora ...
Ngendikane Bapak, Ibu lagi latihan nari ing Kepatihan.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur, yaiku ....
kondur
teka
balik
mulih
Bocah enom kok mlakune banter keyong kaya wong tuwa wae.
Sanepan ing dhuwur sing digaris bawahi nduweni teges ….
cepet banget
butheg banget
alon banget
empuk banget
endhek banget
Pikirane mbok aja landhep dengkul to.
Sanepan ing dhuwur sing digaris bawahi nduweni teges ….
lemu banget
empuk banget
loma banget
kethul banget
landhep banget
Buku kuwi larang regane nanging kandhel kulit bawang.
Sanepan ing dhuwur sing digaris bawahi nduweni teges ….
larang banget
kandhel banget
arang banget
murah banget
tipis banget
Urutane tembung krama “mripat, rambut, bathuk, cangkem, mripat” yaiku ….
soca, rikma, palarapan, tutuk, paningal
rikma, soca, palarapan, tutuk, paningal
tutuk, soca, palarapan, rikma, paningal
palarapan, soca, rikma, tutuk, paningal
paningal, soca, palarapan, tutuk, rikma
Tembung aksara Jawa ingkang ngginakaken sandhangan cecak inggih menika ….
Urutane tembung krama “ngomong, njupuk, lungguh, nduweni” yaiku ….
ngendika, mendhet, lenggah, kagungan
lenggah, mendhet, ngendika, kagungan
mendhet, lenggah, ngendika, kagungan
ngendika, kagungan, lenggah, mendhet
ngendika, lenggah, mendhet, kagungan
Raden Permadi nom-nomane Janaka satriya panengahing
pandhawa. Piyambakipun putrane Prabu Pandhudewanata karo Dewi Kunthi. Wujude
satriya bagus dhewe, satriya pilih tanding. Titise ulah jemparing ora ana sing
madani. Kasektene ngedap-edapi, bisa mabur lan bisa ngilang. Pusakane
pirang-pirang lan ampuh kabeh. Watak wantune andhap asor, ora seneng ngumukake
kaluwihane. Seneng tetulung marang sapada-pada, ngayomi kang sarwa ringkih.
Mula dheweke ditresnani dening sapa bae. Kabeh mau amarga lelabuhane lan seneng
nandur kabecikan ing ngendi bae.
Ingkang boten kalebet watak tokoh inggih menika ….
seneng tetulung
andhap asor
seneng nandur kabecikan
ngayomi ingkang ringkih
seneng umuk
Raden Permadi nom-nomane Janaka satriya panengahing pandhawa. Piyambakipun putrane Prabu Pandhudewanata karo Dewi Kunthi. Wujude satriya bagus dhewe, satriya pilih tanding. Titise ulah jemparing ora ana sing madani. Kasektene ngedap-edapi, bisa mabur lan bisa ngilang. Pusakane pirang-pirang lan ampuh kabeh. Watak wantune andhap asor, ora seneng ngumukake kaluwihane. Seneng tetulung marang sapada-pada, ngayomi kang sarwa ringkih. Mula dheweke ditresnani dening sapa bae. Kabeh mau amarga lelabuhane lan seneng nandur kabecikan ing ngendi bae.
Pratelan ing ngandhap menika ingkang boten cocok kalih crita kasebut yaiku ….
Raden Permadi akeh musuhe, ora disenengi wong akeh
Raden Permadi putrane Prabu Pandhudewanata karo Dewi Kunthi
Raden Permadi kasektene ngedap-edapi bisa mabur lan bisa ngilang
Raden Permadi satriya sing bagus dhewe
Raden Permadi satriya panengahing pandhawa
Raden Permadi nom-nomane Janaka satriya panengahing pandhawa. Piyambakipun putrane Prabu Pandhudewanata karo Dewi Kunthi. Wujude satriya bagus dhewe, satriya pilih tanding. Titise ulah jemparing ora ana sing madani. Kasektene ngedap-edapi, bisa mabur lan bisa ngilang. Pusakane pirang-pirang lan ampuh kabeh. Watak wantune andhap asor, ora seneng ngumukake kaluwihane. Seneng tetulung marang sapada-pada, ngayomi kang sarwa ringkih. Mula dheweke ditresnani dening sapa bae. Kabeh mau amarga lelabuhane lan seneng nandur kabecikan ing ngendi bae.
Raden Permadi menika jeneng liyane ….
Satriya
Prabu Pandhudewanata
Dewi Kunthi
Janaka
Bagus
Ukara kasebut diwaos ….
Sang Maharsi Biyasa
Sang Pandhu Wiyasa
Sang Maharsi Wiyasa
Begawan Abiyasa
Sang Maha Wiyasa
Ukara kasebut ngginakaken pasangan ….
ha
sa
ra
pa
ka
Ukara kasebut diwaos ….
Atur pasrah pinanganten.
Atur pasrah penganten.
Atur pasrah calon penganten.
Atur pasrah manten.
Atur pasrah mantenan.
Unggah-ungguh basa sing bener yaiku ….
Simbah anggenipun nginum teh telas.
Adhi kula wingi tindakipun dipundherekaken.
Ibu nembe kemawon nedha sega goreng.
Simbah ora kesupen maos Koran.
Sinaosa gerah, bapak tindak kantor.
Ukara menika ingkang leres unggah-ungguhipun ….
Sampun sore kula badhe wangsul.
Wis sore aku arep mulih.
Sampun sore kula arep kondur.
Sampun surup kula badhe bali.
Sampun sonten kula badhe wangsul.
Sing ora kalebu tuladha sanepan yaiku ....
abot kapuk
abot merang
gedhe dhuwur
dhuwur kencur
atos debok
Bu Siti menika dawa ususe menawi ngadhepi putrane ingkang asring gawe perkara.
Dawa ususe menika tegese ....
sabar
gumedhe
sugih pangapura
ususe dawa
njaluk ngapura
Jembar segarane menika tegese ....
gumedhe
sabar
sugih pangapura
ususe dawa
njaluk ngapura
Wacan ing dhuwur nyritakake lakon ....
Dewi Citrawati
Bima Bungkus
Bambang Sumantri
Sayembara
Prabu Harjuna
