NEW
Font size
WorksheetsPTS BAHASA JAWA GENAP KELAS VIII
Total questions: 50
Worksheet time: 2hrs 40mins
Gagasan utawa pikiran kang dadi dasare carita diarani....
Tema
Alur
Setting/ Latar
Penokohan
Cacahing gatra saben sapada diarani....
Guru gatra
Guru lagu
Guru wilangan
Pupuh
Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani....
Guru gatra
Guru lagu
Guru wilangan
Pupuh
Tembang Macapat kang nggambarake yen uripe manungsa iku wis pantes/ jumbuh kanggo urip bebrayan yaiku....
Tembang Mijil
Tembang Asmarandana
Tembang Gambuh
Tembang Dhandhanggula
Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !
Sekar Gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluarsa katutuh,
Kapatuh pan dadi awon.
Guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh gatra kaping telu yaiku....
10i
12a
10a
12i
Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !
Sekar Gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluarsa katutuh,
Kapatuh pan dadi awon.
Saka tembang Gambuh kasebut, ukara kang tegese "tumindak kang ora becik bakal dadi omongan" yaiku gatra kaping….
1
2
3
4
Ing ngisor iki kang kalebu watake tembang Gambuh yaiku ….
Sumanak
Nelangsa keranta-ranta
Welas asih
Nesu
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutuk ira pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntut ira
Tembang ing dhuwur jenenge tembang ...........
gambuh
pucung
sinom
mijil
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutuk ira pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntut ira
Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku .........
7i
8i
9i
10i
Tembang macapat kang dumadi saka 10 gatra yaiku tembang .....
kinanthi
dhandanggula
asmaradana
pangkur
"guna kaya purun ingkang den antepi". Cuplikan tembang iki guru wilangan lan guru lagune ......
9u
10o
12i
11a
Rudi : "Saweg nindakake punapa, pak?"
Pak Kardi : " Lagi gawe wayang"
Rudi : "Kagem ndamel wayang, bahan menapa mawon ingkang dipun betahaken, Pak?"
Pak Kardi : "Bahan kang dibutuhake kulit sapi, kebo lan wedhus"
Manut ungguh ungguhane basa, ing wawancara dhuwur iki Rudi nggunaake basa .......
ngoko lugu
ngoko alus
krama alus
krama inggil
"Nut jaman kapungkur tetep nyawiji". Guru wilangan lan guru lagu sagatra tembang iki ...............
11i
12u
10a
8i
Nunggal ingkang ginayuh.
Tembang ginayuh dumadi saka tembung lingga .......
nayuh
gayuh
kayuh
ayuh
Wong kang panggaweyane golek pawarta diarani ......
wartawan
karyawan
budayawan
sutradara
Jenise tembang macapat iku ana .........
10
11
12
13
Tembang kang isine bab cangriman utawa badhekan yaiku tembang .......
mijil
gambuh
pucung
kinanthi
Sore mau aku bali sekolah, bapak lagi nonton tv. Yen diowahi basa krama dadi ....
Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg mirsani tv
Sonten wau kula kondur sekolah, bapak saweg mirsani tv
Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg ningali tv
Sonten wau kula kesah sekolah, bapak saweg mirsani tv
Saben sore simbah lungguh ing teras ngarep.Ukara kasebut yen diowahi nganggo tembung krama inggil .................................................................................................
.Saben sonten simbah lenggah ing teras ngajeng
Saben sore simbah lenggah ing teras ngajeng.
Saben sonten simbah lungguh ing teras ngajeng.
saben sonten simbah lenggah ing griya ngajeng.
Aku mentas nampa layang........budheku sing diterake pak pos.
tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik ing ndhuwur yaiku...
Saka
Arep
Menyang
Kanggo
Layang kang isine ngenani kabar kepaten utawa pawongan kang seda diarani layang...
Ulem
Pribadhi
Lelayu
Paturan
Layang sing isine ngaturi rawuh ( ngundhang ) ing sawijine pahargyan diarani layang....
Ulem
Paturan
Dhawuh
Kitir
Sapa sing dijaluki tulung kanggo ngirim kamus Basa Jawa...
Bagus Adriyan
Jesika
Ibu
Kangmas
Perangan layang sing ditulis keri dhewe, yaiku...
Jenenge sing dituju
Alamat sing dituju
Jenenge sing ngirim
Alamat sing dikirim
Titi mangsa yaiku....
Asmane sing nulis layang
Perangan pungkasaning layang
Tandha tangan panulis layang
wektu anggone nulis layang
"Katur dumateng
Eyang Prawiro Utomo
Wonten Solo"
Ukara ing ndhuwur kalebu perangan...
Paprenah
Adangiyah
Surasa basa
Wasana basa
Isi utawa tujuwan ngirim layang ditulis ana ing perangan...
Surasa basa
Purwaka
Wasanabasa
Paprenah
"Cukup semene wae layang saka aku. Gedhe pangarepku supaya kowe bisa bales layang saka aku. Sepurane menawa ana tetembunganku kang luput"
Pethikan ing ndhuwur kalebu perangan...
Pambuka
Paprena
Surasabasa
Wasana basa
"Ibu tuku beras ing pasar gedhe"
Ukara kasebut yen diowahi menyang basa krama inggil yaiku...
Ibu tumbas uwos ing pasar ageng
Ibu tumbas uwos dhateng pasar ageng
Ibu mundhut uwos dhateng peken agung
Ibu mundut uwos wonten Pasar Gedhe
Piranti kanggo sesambungan (komunikasi) karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuwan menehi kabar tartamtu diarani...
Layang
Handphone
Internet
Yen arep ngirim layang kudu mara ing...
Telkom
Bank
Kantor pos
BPR
Perangan layang kang isine menehi kabar kaslametan diarani...
Adangiyah
Bebuka
Titimangsa
Surasa basa
Bapak nulis layang kagem simbah. Tembung "nulis" benere...
Nyerat
Nyungging
Maos
Kesah
Kajawi saking punika keng putra badhe ngaturi pirsa menawa keng putra pindah kerja wonten ing PT. Indofood. Keng putra dipunangkat dados bagian marketing.
Pethikan layang ing ndhuwur kalebu perangan...
Surasa basa
Wasana basa
Purwaka
Paprenah
perangan nomer 8 diarani...
Asma Terang
Tapak Asma
Wasanabasa
Paprenah
Perangan nomer 2 diarani...
Adangiyah
Paprenah
Surasabasa
Salam pambuka
Perangan layang kang isine nerangake sapa sing sing dikirimi, tuladhane kanggo ibu, kanggo kancaku, kanggo Bapak, kanggo Pak de diarani...
Adangiyah
Paprenah
Surasabasa
Wasana basa
Dhik, aku njaluk tulung matura Ibu supaya kangmas dikirimi kamus Basa Jawa ya sesuk. Amarga ing Malang ora ana.
Apa isi layang kasebut?
Nyuwun tulung ibu supaya ngutus adhik ngirimi kamus
Nyuwun tulung adhik supaya Ibu ngirimi kamus
Nyuwun ditumbasaken kamus amarga ing Malang ora ana
Nyuwun dikirimi kamus basa jawa saka malang
Ana ing buku paketmu layang diperang dadi pirang jinis?
6
5
7
4
Layang pribadhi uga diarani layang...
Iber-iber
Swara
kitir
paturan
Ing ngisor iki kang ora kalebu perangan layang yaiku...
Indentifikasi
Wasanabasa
Surasabasa
Pambuka
Kanthi serat punika keng wayah badhe atur pawarta bilih keng wayah tansah wilujeng slamet.
Tembung pawarta tegese...
Gosip
Kabar
Duwit
Layang
Kanthi serat punika keng wayah badhe atur pawarta bilih keng wayah tansah wilujeng slamet.
Tembung wayah tegese...
Anak
Putu
Simbah
Paman
Pacelaton utawa omong-omongan karo wong sing lagi kenal, pantese migunakake basa...
Krama alus
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama lugu
Mbah putri . . . waja.
lara
gerah
sambat
Pak Karto remen . . . sepedha yen tindak kantor.
nunggang
numpak
nitih
Mbah kakung remen . . . dhateng taman.
mlampah-mlampah
mlaku-mlaku
mlayu-mlayu
Bu Sutik . . . jam 07.30 enjang.
teko
rawuh
budhal
"Pendik dhahar sedinten kaping tiga." Ukara iku yen diowahi nganggo basa ngoko dadine . . .
Pendik mangan sedino kaping tiga
Pendik mangan sedino kaping telu
Pendik mangan sedinten kaping telu
Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.
Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
numpak
nitih
ngasta
mbeta
