Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Baja 9-Tugas online 1

Total questions: 10

Worksheet time: 14mins

Name
Class
Date
1.

Kabeh bocah klas 7 A lan B wis mlebu bis jumbuh karo dhaftar lungguh. Sawise kabeh siswa lan guru pendamping mlebu bis, bis zentrum mlaku alon-alon amarga dalane rame. Watara telung kilo, bocah-bocah wis padha pucet rupane karo nyekeli wetenge pratanda mabuk lan arep muntah, klebu aku. Ora let suwe saka lungguhan sisih mburi kaprungu swara ‘hok hok hok hok” pratandha mabuk. Mung bocah pira thok kang ora mabuk amarga dheweke wis kulina lunga adoh dijak wong tuwane. Racake bocah-bocah padha mabuk ing mangka nalika arep mangkat wis diparingi antimo karo guru. Mbok menawa kagawa seneng, bocah-bocah lali ora ngombe antimo. Bareng wis padha mabuk, antimone lagi diombe dening bocah-bocah.

Prayatan kang jumbuh karo pethilan crita ing dhuwur yaiku…

a)

Bocah sing manggon sisih ngarep wiwit mabuk.

b)

Bocah sing mabuk cacahe mung sithik.

c)

Bocah telung kelas melu piknik.

d)

Bocah-bocah kelalen ngombe antimo.

2.

Bu Guru : “Lho Nu, dina Senen wingi Bu Guru ora pirsa kowe melu pelajaran basa Jawa. Kenapa?”

Sunu : “ ........ ”

Wangsulanipun Sunu ngagem ragam krama, ingkang trep inggih punika…

a)

Pangapurane Bu, kula dikongkon Pak Tanto gladhi upacara kangge pengetan HUT RI benjang

b)

Ngapurane Bu, kula dipunkengken Pak Tanto gladhi/latihan upacara kangge pengetan HUT RI benjang.

c)

Pangapuntenipun Bu, kula dipundhawuhi PakTanto gladhi upacara kagem pengetan HUT RI benjang.

d)

Pangapuntene Bu, kula didhawuhi Pak Tanto gladhen upacara kagem pengetan HUT RI benjang.

3.

Aja nganti kebanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kebanjur sayekti kojur tan becik

Becik ngupayaa iku

Pitutur ingkang sayektos


Guru wilangan lan guru lagu saka tembang ing dhuwur yaiku … .

a)

8u, 10u, 12i, 8u, 8o

b)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 7u, 8o

d)

7r, 10r, 12k, 8u, 8s

4.

Ana pocapanipun

Adiguna adigang adigung

Pan adigang kidang adigung pan esthi

Adiguna ula iku

Telu pisan mati sampyoh


Ukara kang kacithak miring manawa ditulis aksara latin sing bener ... (pilih jawaban di gambar atas,lalu klik salah satu jawaban ).

a)

pnHfig=kif=afigunp[nSqi

b)

nHfig=kif=afigunp[nHsQi

c)

punHfig=kif=afigunp[nSqi

d)

pnHfigu=kif=afigunp[nHsQi

5.

Pengin putra panjenengan kalis ing lelara?

Ampun kesupen Imunisasi !


Isi pariwara ing dhuwur babagan . . . .

a)

pendhidhikan

b)

ekonomi

c)

kesehatan

d)

politik

6.

Upacara tedhak siti dianakake nalika bayi umur . . . wulan

a)

6-7

b)

7-8

c)

8-9

d)

9-10

7.

Anoman Duta

Sabanjure Rama ngrembug anggone bakal mbudhalake wadyabala wanara nrabas Alengka, awit papane kraton keletan segara amba. Sugriwa urun panemu gawe bendhungan kang kabangun ing segara tumuju negara Alengka. Anoman sarujuk, semana uga bala wanara. Kabeh padha saguh gawe bendhungan. Bala wanara gedhe ing ati bakal kasil njebol beteng Alengka. Bala wanara gotong royong tumandang gawe tambak.


Tegese tembung kang kagaris yaiku . . . .

a)

nyetujoni

b)

mangkat

c)

budhal

d)

lali

8.

DURMA

Dipunsami ambanting ing badanira,

Nyudha dhahar lan guling,

Darapon sudaa,

Nepsu kang ngambra-ambra,

Rerema ing tyasireki,

Dadya sabarang,

Karyanira lestari.


Saka cakepan tembang ing ndhuwur, gatra kang kacithak miring tegese ...

a)

Kendalikna sing ning atimu iku.

b)

Pepinginanmu kang kaleksanan.

c)

Prihatin ing awakmu dhewe.

d)

Supaya bisa gawe bungah ati.

9.

. . .

Semarang (Kuthane Dhewe). Kemis esuk, 23 Oktober 2014 watara jam 6 ana tabrakan kang nggegirisi ati. Bocah SMP nabrak trek tronton saka arah kang beda. Bocah mau sanalika mati ing TKP (Tempat Kejadian Perkara). Sirahe pecah jalaran mbentus aspal lan ora gelem nganggo helem. Miturut polisi sing mrangguli prastawa iki, sadurunge nabrak tronton, bocah mau ugal-ugalan lan kebut-kebutan. Kanthi prastawa iki, wis ketung watara 5 siswa SMP sing sasi iki mati kacilakan amarga kebut-kebutan.


Adhedhasar pawarta kasebut becike . . .

a)

Para siswa SMP padha bisa numpak montor.

b)

Para siswa SMP ora usah padha numpak montor dhewe.

c)

Para siswa SMP kudu duwe SIM ( Surat Ijin Mengemudi).

d)

Para siswa SMP mangkat kudu sekolah numpak montor.

10.

gmB|h

?[zG/put]kuchayu

[aorlliput]ikuchayu

[fnS}gepz=sukwR|h[zlM|

m_[kobklK=[goszu

k=[go[sownS=a-m[nom\,

Perhatikan gambar disamping. Soal ada di dalam gambar.

Ukara kang kacithak miring manawa ditulis aksara latin sing bener ....

a)

Ora lali putriku cah ayu

b)

Ora ngerti cah ayu lali

c)

Ora tau lali cah ayu

d)

Ora bali putrine cah ayu