NEW
Font size
WorksheetsWULANGAN BASA JAWA BAB I UNGGAH-UNGGUH BASA KELAS 9
Total questions: 15
Worksheet time: 1hrs 15mins
Ngecakake unggah-ungguh menika wonten mupangatipun, inggih menika…
supados dialem tiyang sanes
supados pikantuk bebungah
ndadosake siswa siap majeng lomba
ndadosaken pribadhi ingkang andhap asor
gatekna pacelathon ngisor iki!
Wati: “Dhik, kepiye yen mengko sore neng Gramedia?
Rani: “…””
Wangsulane rani kang trep kanggo nyarujuki usule wati yaiku…
waduh, mengko sore aku arep nggarap tugas mbak
wegah aku mbak, kesel!
wah, gelem aku mbak, aku pengin tumbas buku
mbok sesuk wae mbak, yen mengko sore aku arep pit-pitan
Ukara ana ngisor iki kanggo mratelakake rasa sedhih amarga kelangan barang, kajaba…
ndherek prihatos bulik, mugi-mugi Gusti Allah paring lintu langkung sae
Ndherek prihatin mbak, muga-muga motore enggal ketemu
ndherek prihatos budhe, mugi-mugi pakdhe enggal dhangan
Ndherek prihatos paklik, mugi-mugi mendhet laptopipun saged kepanggih
Dina iki ana asesmen harian kanggo kelas 9F. sakdurunge marigi soal, Bu Guru ndhawuhi para siswa padha ndedonga dhisik.
Kepiye donga kang trep karo andharan ing nduwur?
Muga-muga aku bisa lulus kanthi biiji kang apik
Muga-muga aku bisa nggarap soal kanthi bener
Dhuh Gusti, mugi-mugi acara menika lumampah kanthi rancag
Pangajabku kowe kabeh bisa ketampa sekolah sing dikarepke
gatekna pranyatan ngisor iki!
1. Muga-muga kowe bisa nggarap soal-soal ujian sekolah kanthi bener ya, Le!
2. Mugi-mugi gegayuhan kula dipun ijabah dening gusti Allah
3. Muga-muga apa sing dadi gegayuhanmu bisa kasembadan ya, Nduk.
4. Mugi-mugi adicara dinten menika saget lumampah kanthi gangsar.
Ukara isi pandonga saka wong tuwa marang putrane yaiku nomer…
1 lan 3
2 dan 3
1 dan 4
2 dan 4
Gatekna andharan ngisor iki!
Esuk iki kelas 9 arep outingclass ing kulon progo. Kabeh siswa dilumpukake dhisik saperlu mirengake arahan saka ibu Kepala Sekolah. Ing Pungkasan, para siswa didhawuhi ndedonga.
Kepiye ukara pangarep-arep kang trep kanggo para siswa kelas 9?
muga-muga kegiyatan iki lancar tanpa alangan
kekarepanku, besok dianakake meneh kegiyatan kang luwih apik
Aku pingin bisa melu kabeh kegiyatan sekolah
Kegiyatane apik banget lan aku bisa melu
Unggah-ungguh nalika ngaturake rasa prihatin marang budhemu sing trep yaiku…
ndherek prihatin sakitipun budhe, mugi-mugi budhe enggal kaparingan waras
Aku sedhih budhe sakit, mugi-mugi budhe enggal sehat
Ndherek prihatos awit gerahipun budhe, mugi-mugi budhe enggal dhangan
Ndherek belasungkawa awit sakitipun budhe, m
Sore iku bali sekolah, kowe karo kanca-kancamu padha layat menyang omahe kancamu kang kesripahan bapake. Sawise tekan, kowe nuli nyeraki ibune kancamu karo matur… Ukara kang trep miturut unggah-ungguh kanggo ngganepi andharan kasebut…
atur belasungkawa awit pejahipun bapak, mugi-mugi pikantuk papan ingkang sae.
kula ngucapaken belasungkawa nggih bu, mugi bapak husnul khotimah.
Bu, kula tumut paring belasungkawa nggih, mugi bapak seda husnul khotimah.
ndherek belasungkawa awit sedanipun bapak, mugi-mugi husnul khotimah.
Ukara kang trep kanggo mratelakake rasa seneng nalika ambalwarsa yaiku…
Ndherek mangayubagya aggenipun tindak haji, mugi ibadahipun lancer
ndherek bingah mbak, sampun katampi ing UNY
sugeng ambalwarsa budhe, mugi pinaringan yuswa ingkang barokah.
alhamdulillah, melu seneng aku Dhik.
Miturut para siswa, tata krama nalika dhateng tiyang ingkang langkung sepuh, tinemu ing pranyatan…
matur kanthi santun, nganggo basa kang becik trep karo unggah-ungguh.
patrape sopan kanthi ngadeg jejeg sirah ndangak.
ngadeg jejeg tangane dilebokake ing sak kiwa tengen, basa ngoko
tangan ngapurancang, matur nganggo basa ngoko
Yen arep matur marang wong liya kamangka wong iku mau lagi ngendikan prayogane…
ngenteni nganti ngendikane rampung
enggal matur, ora perlu ngendikane rampung.
yen perlu nyela sanajan ngendikane during rampung.
cepet-cepet matur, sing sero supaya aturmu dirungokake
wong guneman iku prayogane…
guneman sing becik lan saperlune wae.
Guneman sing sora supaya kabeh wong krungu
kabeh kudu diomongake sanajan ora perlu, supaya marem.
guneman kudu manut karepe dhewe
Yen ora sarujuk karo penemune wong liya prayogane…
ora perlu digatekake, amarga ora sarujuk.
perlu digatekake nanging sing perlu wae
tetep nggatekake lan ngurmati.
digatekake ora perlu ngrumati.
Yen panemumu ora disarujuki dening wong liya, prayogane…
ora perlu nerusake rapat.
Njaluk supaya didadekake keputusan
Meksa supaya kabeh nyetujoni
kudu legawa
Deri arep mangkat sekolah. Olehe matur pamitan marang ibune…
Bu, Nyuwun pamit kula badhe bidhal sekolah.
Bu, nyuwun pamit kula badhe tindhak sekolah
Bu, nyuwun pamit kula badhe kesah sekolah.
Bu, nyuwun pamit kula badhe jengkar sekolah.
