NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa Mulia 9
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Pidhato kanthi cara namung maca naskah lan ora diapalake diarani cara...
Naskah
Apalan
Impromptu
Ekstemporan
Kang diarani paraphrase geguritan tegese ...
Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambang geguritan
Anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng, wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane
Iketaning basa kaya dene syair
Proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragrap, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha
Obahing awak uga diarani ...
Wirasa
Wirama
Wiraga
Wicara
Basa endah ana ing geguritan uga diarani ...
Basa ngoko
Basa krama alus
Basa rinengga
Basa krama lugu
Kang diarani wirama yaiku ...
Banter alone lan munggah mudhune swara
Bisa ngrasakake susah, senenge, nesu, lan sapanunggalane saka isine geguritan
Obahe awak kanggo nyengkuyung kahanan kang diwaca
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung
Urut-urutane pidhato kang bener, yaiku ...
Purwaka, atur puji syukur, surasa, salam panutup
Pambuka, atur pakurmatan, wasana basa, salam panutup, panutup
Salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, wasana basa, salam panutup
Salam pambuka, purwaka basa, wasana, surasa, salam panutup
Perangane pidhato kang ngemot pangarep-arep lan ngaturake kaluputan klebu perangan ...
Purwaka basa
Wasana basa
Surasa basa
Adangiyah
Kang ora klebu ancase pidhato, yaiku ...
Nyindir wong liya
Menehi hiburan
Menehi kawruh
Ajak-ajak
Isi pidhato uga diarani ...
Purwaka basa
Uluk salam
Surasa basa
Wasana basa
Pawongan kang nindakake pidhato diarani ...
Panatacara
Pamedharsabda
Paniticara
Panitilaksana
Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuhu,
Ukara kasebut perangane pidhato kang diarani ...
Atur pambuka
Uluk salam
Purwaka basa
Salam panutup
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula, aamiin.
Ukara kasebut kalebu ukara ...
Wasana basa
Purwaka basa
Salam panutup
Uluk salam
Kang kalebu ukara pangarep-arep, yaiku ...
Sadurunge kawiwitan ayo pafha ngeningake cipta!
Mbok kowe mengko dolan menyang omahku!
Duwea dhuwit, aku wis tuku omah.
Panasa ya klambiku ben garing.
Jupukna sandhal kae!
Ukara kasebut kalebu ukara ...
Crita
Pakon
Pitakon
Upama
Mengko sore, kowe aja lunga dhisik!
Ukara kasebut kalebu ukara ...
Panjaluk
Pakon
Pamenging
Prajanji
Ukara kang nyritakake sawijining bab utawa prastawa diarani ukara ...
Pakon
Pitakon
Crita
Pangajak
"Sun nggegurit" minangka pathokane geguritan ...
Gagrag anyar
Parikan
Wangsalan
Gagrag kuna
Nyangking ember, kiwa tengen
Lungguh jejer, tamba kangen.
Ukara kasebut kalebu ...
Wangsalan
Parikan
Tembang
Pepindhan
Bapak lunga menyang Jakarta dina Minggu.
Owahana dadi krama alus ...
Bapak tindak menyang Jakarta dina Minggu.
Bapak kesah dhateng Jakarta dinten Minggu.
Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
Bapak tindak dhateng Jakarta dina Minggu.
Panjenengan arep tindak ngendi kok wis necis?
Ukara kasebut kalebu basa ...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
