WorksheetsUH Kelas IX
Total questions: 10
Worksheet time: 27mins
‘’ Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur katur dhumateng Gusti Allah”. Pratelan pidato kasebat ing perangan ...
Salam Pambuka
Purwaka
Dudutan
Panutup
Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.
Tembung “kebagaswarasan” ing ukara menika tegesipun ...
kamulyan
kapinteran
kasehatan
kabegjan
Tuladha ukara ingkang isinipun pangajeng-ajeng ( harapan ) ing pamedharsabda inggih menika ...
Mugi-mugi perjuwanganipun para pahlawan ing jaman kamardikan saged dados patuladhan kangge generasi mudha.
Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring berkah lan kanikmatan kangge kita sedaya.
Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati, kula nyuwun pangapunten amargi kula sekolah ing ngriki nate tumindak lepat.
Para rawuh, tiyang menika kedah gadhah kesadharan kangge mbucal uwuh ing panggenanipun supados lingkungan resik.
Ukara ingkang dipunaturaken ing perangan purwaka/pambukanipun pamedharsabda inggih menika ...
Mugi-mugi menapa ingkang kula aturaken saged nambah pangertosan dhumateng panjenengan sedaya.
Sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan.
Boten kesupen kula nyuwun pangapunten bilih wonten atur lan tindak-tanduk kula ingkang lepat.
Para rawuh, kita sedaya mangertosi bilih kesehatan menika penting sanget, mila kedah dipunjagi.
"Keparenga kula matur minangka sesulih siswa-siswi SMP Pelita Bangsa, ngaturaken sugeng rawuh wonten ing adicara perpisahan kelas 9 ingkang sampun purna anggenipun sekolah kanthi lancar sedayanipun"
Tema pamedharsabda ing inggil inggih menika ...
Pengetan Dinten Pahlawan
Nampa siswa enggal
Perpisahan kelas 9
Pentas seni
Supados saged narik kawigatosanipun para pamidhanget, nalika medharsabda kedah migatosaken bab-bab ing ngandhap inggih menika ...
Vokal/swara, intonasi, ekspresi lan isi pamedharsabda kedah cetha.
Vokal/swara, intonasi, ekspresi lan improviasi kedah cetha
Impromtu, memoriter, intonasi, lan ekspresi kedah cetha
Impromtu, vokal/swara, intonasi lan ekspresi kedah cetha
Ukara pakurmatan pamedharsabda ingkang dipuntindakaken ing ngajeng kanca setunggal kelas inggih menika ...
Kanca-kanca ingkang kinurmatan
Kanca-kanca ingkang wilujeng
Kanca-kanca ingkang kula tresnani
Para kanca sedaya kemawon
"Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya".
Ingkang maos pidhato ing dinggil inggih menika ...
Bapak/ibu kepala sekolah
Guru kelas VI
Perwakilan siswa kelas IX
Adhik-adhik kelas
Nalika maragani dados pamedharsabda wonten 4 metodhe ingkang dipunginakaken, inggih mneika ...
Naskah, deskripsi, eksposisi, narasi.
Impromptu, memoriter, naskah, ekstemporan.
Persuasi, naskah, deskrisi, ekstemporan.
Memoriter, sesanti, deskripsi, impromptu.
Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
Pethikan ukara ing inggil dipunaturaken wonten ing perangan ...
Purwaka/Pambuka
Wasana/Panutup
Isi Pamedharsabda
Perangan wigatos
