Font size
WorksheetsTugas Akhir Bahasa Jawa Kelas IX
Total questions: 40
Worksheet time: 40mins
Wacanen kanthi setiti!
Dhuwung (keris) utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun turangga, wisma, wanita kaliyan kukila. Curiga utawi keris punika gadhah makna lanang, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, saged mbéla piyambakipun, kulawarga, saha saged mbéla nagari. Ricikan keris inggih punika: Pesi, Methuk, Ganja, Greneng, Randha Nunut, lsp. Keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados bebungah ingkang paling saé mliginipun manawi bebungah keris saking raja. (wikipedia)
Ide pokok teks tanggapan deskriptif ana ing wacanan paragraf ing dhuwur yaiku …
Dhuwung (keris) utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal
gaman utawi sanjata tradhisional masarakat Jawa ugi dados salah satunggal
lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun turangga, wisma, wanita kaliyan
kukila.
Curiga utawi kerispunika gadhah makna lanang, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, saged mbéla piyambakipun, kulawarga, saha saged mbéla nagari.
Ricikan keris inggih punika: Pesi, Methuk, Ganja, Greneng, Randha Nunut, lsp.
Keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados bebungah ingkang paling saé mliginipun manawi bebungah keris saking raja.
Candhi Borobudhur
Candhi Borobudhur kalebu candhi Buddha ing alam donya. Candhi Borobudhur ginawe ing abad IX dening Raja Semaratungga (ingkang ngasta kraton Mataram Hindu). Dumunung ing sakidul kulone Muntilan, kutha Magelang, Jawa Tengah..
Pethikan teks tanggapan deskriptif ing dhuwur, kalebu struktur bagean ...
Idhentifikasi
Klasifikasi
Dheskripsi
Orientasi
Wacanen teks profil tokoh iki kang patitis!
RADEN AJENG KARTINI
Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini. ………….
(kirtya basa kelas VII kaca 19)
R.A Kartini nduweni dulur sing cacahe ana …
2
3
4
1
Pepeling kang bisa kajupuk saka wacan kasebut, yaiku ...
Dadi manungsa kudu duweni bojo loro supaya duweni anak satus.
Dadi manungsa kudu bisa trampil manah supaya bisa mandhegani nagara tertemtu.
Dadi manungsa kudu duweni watak bekti marang sesepuh lan taberi tirakat anggegulang ngelmu.
Dadi manungsa kudu bisa nggulawentah (gladhi) kanthi dhiwasa supaya disegani marang liyane.
Gatekna teks tembang kreasi iki!
YEN ING TAWANG ANA LINTANG
Dening: Anjar Any
Yen ing tawang ana lintang, cah ayu Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa, nimas Sun takokke pawartamu
Janji-janji aku eling, cah ayu Sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas Tresnaku sundhul wiyati
Dek semana, janjimu disekseni
Mega kartika, kairing rasa tresna asih
Yen ing tawang ana lintang, cah ayu Rungokna tangis ing ati
Binarung swaraning ratri, nimas Ngenteni mbulan ndadari
Janji-janji aku eling, cah ayu Sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas Tresnaku sundhul wiyati
Saka tembang kreasi ing dhuwur tembung kartika nduweni teges. . . .
rembulan
lintang
mendhung
srengenge
Lir-ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Ta ijo royo-royo
Ta sengguh tematen anyar
Cah angon, cah angon
Penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna
Kanggo basuh dodotira
Dodotira, dodotira
Kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana, jlumatana
Kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya surak a… surak iya…
Miturut tembang ing dhuwur, pesen moral sing bisa kajupuk yaiku ...
Tuntunan kanggo eling lan nindakake prentahe Gusti
Tuntunan kanggo dolanan mumpung padhang bulan
Nyuguhi blimbing kanggo temanten anyar
Menekake blimbing kanggo cah angon
Wacanen geguritan iki kang patitis!
MERAPI
(Putu Aryana)
………………………………………..
Merapi... ,
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
…………………………….
(kirtya basa kelas VII kaca 83)
Purwakanthi sing tinemu ing geguritan kasebut yaiku …
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi lumaksita
Pitutur sing bisa dijupuk saka guritan “Dhuwit”, yaiku …
Dhuwit marakake manungsa dadi mlarat lan uga paling sugih.
Dhuwit bisa kanggo nyukupi sakabehe kabutuhan urip.
Dhuwit iku dibutuhake dening sapa wae lan ing ngendi wae.
Dhuwit bisa mupangati lan ora gumantung sing mblanjakake.
Gatekna aksara jawa iki!
jago agung
janggel jagung
jamu lampung
jaman agung
Seratan Aksara Jawa ing inggil, yen diowahi ing aksara Latin kanthi bener lan pener yaiku ...
Kathah sawah ingkang kobong
Kathah sawah ingkang bolong
Katah sawah ingkang kobong
Katah sawah ingkang bolong
sandhangan swara sing ana ing ukara kasebut yaiku …
Taling, pepet, taling tarung
Layar, pangkon, pepet
Wulu, suku, pepet
Wulu, taling, suku
Wacan ing ndhuwur yen katilik saka struktur teks crita rakyat kalebu perangan ….
komplikasi
klimaks
orientasi
resolusi
T E N G G E R
Ing ereng-ereng Gunung Bromo ana kulawarga sing banget rukun lan tentrem uripe, yaiku Kyai Seger lan Nyai Anteng. Sesawangan kang edipeni ing sakupenging ereng-ereng Bromo nuwuhake rasa kang ngresepake tumrap wong sakloron, sanadyan wis ora enom maneh. Kahanan kang ngresepake iku
pranyata ora langgeng. Wong sakloron rumangsa keganggu amarga durung duwe momongan.
Ing pangangkah wong sakloron arep semedi ing sikile Gunung Bromo saperlu nyenyuwun sihing Dewa Brahma, kaparingana turun. Dumadakan Nyai Anteng krungu swara, aweh sasmita yen ta panyuwune bakal kaleksanan. Dheweke bakal ngandhut ping selawe, angger anak pambayune dikurbanake marang Gunung Bromo. Tanpa mikir dawa Nyai Anteng nyaguhi pamundhute Dewa Brahma.
Latar/setting panggonan kang ana ing crita Tengger yaiku….
Gunung Anjasmara
Gunung Merbabu
Gunung Merpati
Gunung Bromo
Salah sawijine janma manungsa kang wus katon sepuh, simbah Kayat. Panjenengane nyendherake sepedha kuno aneng ngisor wit ringin ngajeng balai dhusun Trowangsan.
Kahanan katon rame umyeng aneng kono, amarga ana pamariksan data penduduk ing dhusun Trowangsan. Simbah Kayat rawuh lan pinarak aneng oyot wit ringin, nalika pikantuk nomer antrian buri dhewe. Ora nyana, wus sejam simbah Kayat ngenteni jatah nomer antrian. Ora let suwe, nomer antrian simbah Kayat ditimbali dening petugas BKD Trowangsan.
Panjenengane mlebet rowangan kanthi ngasta map abang kang diwungkus kresek ireng.
Petugas BKD Trowangsan langsung wae buka isine map abang siji mbaka siji. Petugase uga ngaturi unjukan kanggo mbah Kayat kang wus ngrasa nelak, kanthi nggunakake basa krama inggil.
Miturut cerita cekak, piweling kang bisa kajupuk yaiku …
Dadia manungsa kang bisa menehi ngombe
Dadia manungsa kang loma lan ngetrapake unggah-ungguhing Jawa
Dadia manungsa kang gelem ngantri supaya oleh unjukan saka petugas
Dadia manungsa sabar ngantri supaya ora diamuk para petugas kelurahan
Pejabat kuwi kaya dene pemimpine rakyat, yen pejabat gelem rekasa rakyate bakal mulya yen dipindhane obah ngarep kobet mburi. Ukara kasebut kalebu basa rinengga jinis …
Saloka
Bebasan
Paribasan
Pepindhan
Ing ngalam donya iki isih akeh asu belang kalung wang.
Basa rinengga (saloka) sing kacethak miring sajrone ukara kasebut nduweni teges …
Wong ala, nanging sugih kapinteran.
Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Wong asor, nanging sugih bandha donya.
Wong kang angel ninggalake pakulinan sing ora becik.
Gatekna pethikan wawancara iki!
Sinta : Kula nuwun.
Pak Hadi : Mangga nak, kene mlebu kene.
Sinta : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Hadi : ana perlu apa kok sajak wigati banget.
Sinta : Punika lho pak, kula pengin ngertos batik kagungan njenengan.
Pak Hadi : Apa wae sing pengin dimangerteni nak?
Sinta : Punapa naminipun usaha batik panjenengan pak?
Pak Hadi : Usaha batik iki tak jenengake Sekar Jagad.
Informasi penting saka wawancara ing dhuwur yaiku ....
sajak wigati banget
pengin ngertos batik Pak Hadi
usaha batik Sekar Jagad dening Pak Hadi
shinta sowan pak Hadi amarga perkara wigati
Basa sing digunakake bu Marni yaiku ...
Basa Ngoko alus
Basa Ngoko lugu
Basa Krama lugu
Basa Krama inggil
Gatekna layang iki kanthi permati!
Bagean sing diwenehi tandha panah diarani …
Paprenah
Papan lan titi mangsa
Pambuka
Adangiyah
Sing kalebu wasana basa (panutup layang) sajrone layang pribadhi ing ndhuwur dituduhake dening nomer ....
2
2
3
4
Layang kaebut kalebu layang....
ulem
kitir
lelayu
resmi
Surabaya, 28 Februari 2019
Katur dhumateng Riski
Ing plataran
Assalamu’allaikum Wr. Wb.
Inn lillahi wa inna illahi roji’un. Sampun kapundhut wonten ngarsanipun Gusti Alah SWT inggih menika Fitri Rosianti Utami:
Pidalem ing : Manukan Tengah
Seda : Sabtu Wage, 20 Februari 2019
Yuswa : 14 taun
Nyarekake layon insha’allah :
Dinten : Sabtu Wage, 20 Februari 2019
Tabuh : 14.00 WIB
Ing makam : Manukan Lor
Mekaten pawartos lelayu menika kaaturake. Mugia dadosake kawuning dhumateng sedaya sanak kadang. Awit kawigatosanipun sedaya kulawarga ingkang tinilar ngaturake agunging panuwun. Wassalamu’allaikum Wr. Wb.
Miturut perangan Layang ing dhuwur, isine yaiku …
Fitri Rosianti Utami kapundhut ing Manukan Lor
Fitri Rosianti Utami kapundhut tanggal 28 Februari 2019
Fitri Rosianti Utami kapundhut dina Sabtu Wage, 20 Februari 2019
Fitri Rosianti Utami disarekake ing Manuka Tengah dina Sabtu Wage
Gatekna tembang iki kanthi permati!
Pucung
Bapak pucung amung sira lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana
Tembang kasebut guru lagune yaiku …
U, A, A, A
U, I, A, A
U, A, I, I
U, A, I, A
Guru wilangan sajrone tembang Dhandhanggula ing ndhuwur, yaiku ....
10, 10, 9, 7, 8, 7, 6, 8, 12, 7
10, 10, 8, 7, 9, 6, 7, 8, 12, 7
10, 10, 9, 7, 8, 6, 7, 8, 12, 7
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
Gatekna tembang macapat iki!
Tutur bener puniku,
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo.
Guru wilangan saka tembang ing dhuwur yaiku....
(7) - (10) - (12) - (8) - (8)
(7) - (10) - (12) - (7) - (8)
(8) - (10) - (12) - (8) - (8)
(8) - (10) - (12) - (7) - (8)
Ukara ing dhuwur yen katulis ing aksara Latin kanthi bener lan pener, yaiku ....
Saben udan deres mesti Surabaya banjir
Saben udan dheres mesti Surabaya banjir
Saben udan deres mesthi Surabaya banjir
Saben udhan dheres mesthi Surabaya banjir
Adhiku jenenge....
Pamacane aksara Jawa kasebut yaiku …
Anina
Untari
Iskandar
Ontario
Ukara mawa angka Jawa ing ndhuwur yen ditulis mawa aksara Latin unine ...
Saiki umurku wis 13 taun.
Saiki umurku wis 14 taun.
Saiki umurku wis 15 taun.
Saiki umurku wis 16 taun.
Banjir Kali Lamong Kapan Mandhege
Puluhan taun kali Lamong mbanjiri warga ing sakiwa tengene. Bupati Gresik, Walikota Surabaya, Gubernur Jawa Timur, wis bola-bali ganti, nanging meksa during bias ngatasi banjir kali ing tapel wates kabupaten Gresik lan kota madya Surabaya iku. Saben taun warga kecamatan Benjeng, Menganti, Cerme ing kabupaten Gresik lan warga kecamatan Benowo ing Surabaya iku mesthi keleban banjir, sing sok nganthi nuwuhake kurban jiwa. Tandhuran pangan padha kelem, iwak-iwak ing tambak padha kentir embuh parane. Sing sekolah kepeksa prei amarga sekolahane kebanjiran. Kantor kecamatan, kantor desa, polsek, lan koramil, uga ora bias aweh paladenan jalaran kelem.
Kang ora kalebu akibat saka banjire kali lamongan yaiku....
iwak-iwak padhakentir embuh parane
koramil bisa aweh paladenan
tanduran pangan padha kelem
sekolahan kapeksa prei
Program kegiyatan adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kemendikbud karo
Kementrian Lingkungan Hidup. Kerja bareng kasebut wis kaleksanan ing tanggal 25 Januari 2020 kanthi bab warga sekolah kang duweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan.
Tahun 2016 Kementrian Negara Lingkungan Hidup. Ancas utawa tujuan adhicara kuwi kanggo ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantar program adiwiyata.
Program adiwiyata mujudake program pemerintah tumrap sekolah kang ....
Ora seneng karo kalestarene lingkungan
Kepingin dadi sekolah taraf Internasional
Pedhuli marang kalestarene lingkungan
Pedhuli marang bocah2 sing mlarat
Gatekna teks iki kanthi permati!
Klana arep njotos Panji Asmara Bangun, ditamani sada lanang dening Dewi Sekartaji, sakala Klana Mudha Asmara kontal tiba ndhepani bumi.
Panji Asmara Bangun : Dhiajeng Sekartaji gandheng wus rampung, Mbok Randha dakkersakake kaboyong ing Jenggala saiki uga, kondur ana ing Tambak Baya.
Dewi Sekartaji : Sumangga kula dherekaken
Ing dhuwur minangka pungkasane drama tradhisional Andhe-Andhe Lumut. Saka perangan crita drama iki bisa disebutake alur critane …
Campuran
Maju
Mundur
Maju mundur
Latar crita sing ana sajrone drama tradhisional “Jaka Tarub”, yaiku ….
kahyangan lan wadhuk
kahyangan lan tlaga
kahyangan lan grojogan
kahyangan lan kali
Ing ruang tamu Pak Narko lan Prayitno padha lagi jagongan. Wong loro padha meneng. Sajake padha asyik karo lelamunane dhewe-dhewe. Sedhela-sedhela usreg mbenakke nggone lungguh. Bu Narko mlebu nggawa ceret, gelas, lan tela godhog, banjur lungguh neng kursi njejeri Pak Narko. Sawetara wektu wong telu padha meneng.
Pak Narko : “Lara rasane atiku!” (rada mbesengut)
Bu Narko : “Mbok Ya wis ta Pak Ra sah dipenggalih. Panjenengan ndang dahar saiki!”
Pak Narko : “ Lha wong wis kadhung lara tenan atiku dicap kaya ngono iki anake dhewe pancen ya kurang ajar, ning lek wong tuwane dicandhak-candhak elek, sapa sing ora muntab!”
Bu Narko : “Mulane bener jare unen-unen kae Pak, anak polah bapa kepradhah.”
Miturut teks drama ing dhuwur watak saka Bu Narko yaiku....
sabar
cilik ati
muntab
mbesengut
Pethikan drama kasebut, Romi migunakake unggah-ungguh basa …
Ngoko kasar
Ngoko alus
Krama lugu
Krama Inggil
Gatekna teks iki kanti permati!
Kadang kula kelas VII ngantos IX ingkang kula tresnani, sakedhap malih kula sakanca kelas IX badhe nilaraken pawiyatan punika. Pramila, mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sadaya wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang mranani ing panggalih panjenengan sadaya, kula sakanca nyuwun agunging pangapunten.
Perangan pidhato kasebut surasane ngenani …
Perpisahan sekolah
Pengetan kamardhikan
Ulang taun
Sekolah anyar
Ukara sing trep kanggo njangkepi teks pidhato perangan purwaka, yaiku …
Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
Bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sadaya wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang mranani ing panggalih panjenengan sadaya, kula sakanca nyuwun agunging pangapunten.
Adhik-adhik, kula ndherek paring pepenget dhumateng panjenengan sedaya, sakmedhal kula saking pawiyatan punika, pangajab kula adhik-adhik sageda dados siswa-siswi
ingkang tansah mbangun miturut dhumateng Bapak saha Ibu Guru, lan dados murid ingkang pinter saha kreatif.
Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun paring sedaya kanikmatan lan kesarasan dumateng kita dumugi sakmenika kita sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan siwa kelas 9 SMPN Surabaya.
Perangan naskah pidhato ing dhuwur kalebu....
pambuka
panutup
isi/wos
salam taklim
…...
Sugeng enjing, Assalamu’allaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Keparenga kula atur uninga rerangkening acara ing wekdal menika, ingkang kapisan menika pambuka, kaping kalih atur pambagya saking pandhega karang taruna, kaping tiga sesorah saking Pangarsa Kalurahan Benowo, kaping sekawan pirembagan panitia pengetan dinten kamardika, lan donga panutup.
Miturut prethelan pidhato utawa sesorah ing dhuwur, kalebu struktur teks pidhato bagean yaiku
Adangiyah
Surasa basa
Wasana basa
Purwaka basa
Gatekna teks iki kanthi permati!
SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata. Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah, para siswa ora mung sinau neng njero kelas wae. Kanggo nambahi jembare wawasan tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para siswa perlu sinau ing laboratorium alam.
Saka wacan kasebut siswa kelas 9 mbutuhake tambahan wawasan kang dibutuhake arupa …
Kasenengan ndeleng film
Srawung karo kancane
Ndeleng kasunyatane ing alam
Srawung ing madyaning bebrayan
Dudutan sing bisa dijupuk saka teks lapuran kagiyatan ing ndhuwur, yaiku …
Kagiyatan karya wisata menyang WBL (Wisata Bahari Lamongan) bisa nambah kapinteran lan ketrampilane bocah-bocah klas 9 SMP Nusa Indah.
Dina Minggu, tanggal 8 September 2018, bocah-bocah klas 9 SMP Nusa Indah nganakake kagiyatan karya wisata ing papan wisata ing Jawa Wetan.
Ancase kagiyatan karya wisata kasebut kanggo ngrembakakake wawasan lan ngidhentifikasi obyek wisata ing WBL lan wisata alam sing ana gegayutane karo kedadeyan alam.
Kagiyatan karya wisata bocah-bocah klas 9 SMP Nusa Indah mung tumuju ing WBL (Wisata Bahari Lamongan) lan Tanjung Kodhok wae.
