Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 6 Pak Iwan

Total questions: 30

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Tembang Macapat


Manut sejarahe tembang macapat iku karipta dening para sunan lan para winasis kraton Surakarta lan Ngayogyakarta, malah ana sing ngarani jaman Majapahit. Tembang macapat iku carane maca papat-papat (patang wanda) uga nduweni teges minangka filsafat laku jantrane wong urip wiwit jaman ruh nganti tumekane pati utawa diarani "Sangkan Paraning Sumadi". Kaya kang diterangake ing ngisor iki.

1. Maskumambang nggambarake manungsa isih awujud ruh kang dititipake ing guwa garbaning ibu.

2. Mijil tegese lair dadi manungsa ngalami fase bayi wiwitan ngenal donya.

3. Sinom nggambarake tataran masa mudha utawa kanoman, yaiku fase manungsa wiwit kenal perkara-perkara anyar.

4. Kinanthi ing tataran iki mujudake mangsa goleki jati dhiri, cita-cita, lan maknane urip.

5. Asmaradana ing fase iki manungsa wis mikirake asmara/cinta, golek calon pasangan uripe.

6. Gambuh, fase wiwit nindakake panguripan anyar, yaiku mbangun kulawarga kanthi lelambaran suci, giligake visi, misi, lan ancas uripe.

7. Dhandhanggula, fase iki manungsa ngalami masa paling dhuwur, nggambarake pait getire urip, unggulan kahanan fisik lan materi.

8. Durma ing tataran iki manungsa urip iku ora dhewe, ya kudu mikirake wong liya.

9. Pangkur fase iki manungsa wis ngancik umur, duwe rasa welas asih marang wong kang gawe uripe tegese wis ora pati mikir kadonyan, nanging tansah mbudidaya anggone luwih cedhak karo sing gawe urip.

10. Megatruh, tegese mangsa pisahe roh karo jasade (mati) tumuju mring alam keabadhian.

11. Pucung, tegese wis dadi pocongan dibuntel mori putih, nggambarake ya mung amal kang suci sing dienggo sangu ngadhep Gustine. Surge lan neraka bakal ditampa jumbuh karo amal tumindhake nalika urip ning donyane.


1. Tembang macapat iku cacahe ana ....

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

2.

Tembang macapat kang dumadi saka 5 gatra yaiku ....

a)

maskumambang lan pocung

b)

megatruh lan gambuh

c)

durma lan kinanti

d)

pangkur lan asmaradana

3.

Sing miwiti ngripta tembang macapat, yaiku ....

a)

sunan wali songo

b)

rajamojopahit

c)

sultan agung

d)

pakubuwono

4.

Fase iki manungsa wis wayahe ngudi anggone cedhak karo Gusti Allah, nyuda wawa nyingkur perkara kadonyan. Digambarake ing tembang ....

a)

kinanti

b)

asmaradana

c)

pangkur

d)

durma

5.

Jabang bayi mijil saka guwa garbane ibu, tegese tembung mijil ing ukara kasebut ....

a)

metu

b)

lewat

c)

mampir

d)

lahir

6.

Yen wig titi mangsane nyawa lan raga bakal pisah. Raga disarekake ing kuburan dene nyawa bali marang asal usule iku digambarake sajroning tembang ....

a)

Gabuh

b)

Megatruh

c)

Durma

d)

Pocung

7.

Jaman saiki kabeh kebutuhane wong wis sarwa cumawis, kanthi cara gampang lan cepet bisa digayuh sing penting ana dhuwite, sakthek kliwer donya kaya-kaya dicekel tangan, amarga saenenge irung njungkir padha nyekel HP. Jaman kang kaya ngene iki diarani. ....

a)

jaman modernisasi

b)

jaman kulturasi

c)

jaman globalisasi

d)

jaman internasionaisasi

8.

Jupuk ian ngirim dhuwit ore usah antri ing ngarepe petugas bank, cukup nganggo kartu ATM, wis bisa nindakake jupuk lan ngirim dhuwit kanthi cepet. ATM singkatan ....

a)

alat tunai mandiri

b)

anjungan tunai mandiri

c)

alat tarik mudah

d)

alat tukar menukar

9.

Wingi bengi Dargo kecekel lan ditahan ning kantor polisi gara-gara njupuk HP-ne kancane tanpa taren. Pak Nasib bapake Dargo melu therak-therek ngurusi anake ning kantor polisi. Kaye ngene iki paribasane ....

a)

anak polah bapa obah

b)

anak polah bapa kepradhah

c)

polae anak podo karo bapak

d)

anak anung anindhita

10.

Simbah mbiyen nate dhawuh: “Le, mbesuk yen golek jodho ya kudu dipetung saka bibit, bobot, lan bebet.” Tembung kang kacetak miring ngemot purwakanthi ....

a)

swara

b)

sastra

c)

lumaksita

d)

swara sastra

11.

Baratayudha ing crita Mahabarata mujudake perang gedhe antarane ....

a)

pandhawa lan kurawa

b)

ngalengka lan mawaspati

c)

kurawa lan dwuarawati

d)

pandawa lan dwuarawati

12.

Nganggo busana pantes lan prasaja ngadeg jejeg migunakake basa sing alus, sopan lan gampang dimengerti, pandulune rata marang audiens iku mujudake.... pidhato.

a)

persiapan

b)

ancas/tujuan

c)

etika

d)

cengkoronagan

13.

Atur syukur lan atur pakurmatan iku kalebu .... pidhato.

a)

pembuka

b)

isi utawa surasa

c)

penutup

d)

salam penutup

14.

Ukara ngisor iki sing kalebu cangkriman pepindhan, ....

a)

pindhang kileng

b)

gerbong tulis

c)

wiwawite lesba dhonge karwa pake

d)

emboke di elus-elus, anake di idak-idak

15.

Bapak pocung

kedhul-kedhul tekan mendhung

Ngambah jumantara

Asal saka crobong wesi

Yen kalantur bisa dadi tuk bebaya


cangkriman ing dhuwur batangane ....

a)

wong ngerokok

b)

asep pabrik

c)

kenalpot

d)

omah kobong

16.

Tandha ing ngisor iki sing diarani pada pangkat, yaiku ....

a)

"

b)

][

c)

:

d)

'

17.

Susanti ditunjuk minangka wakil kelas lima ing acara perpisahan kelas enem. Sadurunge pidhato Susanti maca teks bola-bali nganti apal. Pas munggah panggung wis gak gawa teks maneh. Teknik pidhatone Susanti iku kalebu ....

a)

maca teks

b)

memoriter

c)

impromtu

d)

ekstemporan

18.

Alat-alat iki kang minangka dadi perangkate komputer, yaiku ....

a)

CPU lan monitor

b)

keyboard lan eskalator

c)

mouse lan eskalator

d)

LCD lan traktor

19.

Ukara-ukara kasebut sing kalebu purwakanthi swara, yaiku ....

a)

pitik walik saba kebun

b)

setiti ngati-ati

c)

sega sekepel dirubung tinggi

d)

welinge guru

20.

Ukara-ukara ngisor iki sing kalebu parikan yaiku ....

a)

asung bekti, bektine marang Gusti

b)

jemek-jemek gula jawa, aja ngenyek marang kanca

c)

sapa salah kudu seleh

d)

kebo bule ancang merang

21.

Raja mudha sing mahambeg berbudi bawa laksana, lan sekti mandraguna ing Kadhipaten Bantarangin duking uni, yaiku ....

a)

kelana sewandhana

b)

pujangga anom

c)

raden katong

d)

ki ageng mirah

22.

Prabu Kelana Sewandana iku kagungan gaman sing ampuh banget diarani ....

a)

songsong tunggul naga

b)

keris nagasasra

c)

pecut samandiman

d)

keris kebolandoh

23.

Buku Mahabharata iku nyritakake riwayate ....

a)

prabu rama sinta

b)

pandhawa lan kurawa

c)

prabu dasamuka lan anoman

d)

prabu dasamuka lan prabu rama

24.

Nakula lan Sadewa iku anake Prabu Pandhu karo ....

a)

dewi madrim

b)

dewi kunthi

c)

dewi ambika

d)

dewi gangga

25.

Sing diarani satriya panengahe Pandhawa

a)

raden werkudara

b)

raden janaka

c)

raden nakulo

d)

raden sadewo

26.

Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku sinebut ....

a)

abdi sekawan

b)

karang kedhempel

c)

kanca sekawan

d)

punakawan

27.

Sing dadi ratune negara Ngamarta iku ....

a)

prabu Puntodewo

b)

prabu duryudana

c)

prabu krena

d)

prabu destarastra

28.

Murid iku wajib bekti lan mituhu

Pituturing dwija

Sabarang reh ngati-ati

Tata krama empan papan katindakna


Tembang ing dhuwur, yaiku tembang ....

a)

maskumambang

b)

pocung

c)

megatruh

d)

mijil

29.

Dasa namane tembung dwija yaiku ....

a)

ibu

b)

bapak

c)

guru

d)

wong tuwa

30.

Awan-awan aja keluyuran,

ana pak mantri numpak sekuter.

Kapan-kapan aku keturutan,

duwe kanca sing pinter-pinter.

Ukara utawa unen-unen ing dhuwur iku diarani ....

a)

wangsulan

b)

parikan

c)

cangkriman

d)

purwakanthi