WorksheetsLatihan Soal PTS 1 Basa Jawa Kelas 6
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Wantoro ndeleng Ruwat Bumi guci.
Ukara ing dhuwur jejer lan Wasesane yaiku ?
a. Wantoro lan Ruwat
b. Wantoro lan ndeleng
c. Wantoro lan Bumi
d. Wantoro lan Guc
Mas Bagas didukani bu guru…Bal-balan nang ruang kelas.
Tembung panggandeng kang trep kanggo ngisi cecek-cecek yaiku ?
a. Utawa
b. Terus
c. Lan
d. Amarga
Ukara-ukara ing isor iki endi sing kalebu basa ngoko alus?
a. Devi : “Rani taken pak guru engko sore tindak belih?”
b. Devi : “Rani takon pak guru ko sore tindak belih?”
c. Devi : “Rani nyuwun pirsa pak guru engko sore tindak belih?”
d. Devi : “Rani nyuwun pirsa pak guru engko sore kesah belih?”
Wangsalan Kiye rampungna!
Janur gunung ………………………….(Aren)
a. Leganana panjaluke
b. Kadingaren mene
c. Apuranta lepat kulo
d. Aja klalen sering mene
Akhmad kae bocah sing … mulane taun iki juara kelas.
Tembung entar sing cocok kanggo ngisi titik-titik sing trep yaiku …
a. Padhang langite
b. Gilik tekade
c. Landhep pikire
d. Tipis lambene
Kula wau wangsul sekolah … buku riyin pak.
a. Mundhut
b. Tuku
c. Tumbas
d. njukut
Simbah lagi lara untu.
Ukara iku yen di owah dadi krama alus dadi …
a. Eyang lagi gerah untu.
b. Eyang nembe gerah waja.
c. Eyang saweg gerah untu.
d. Eyang lagi gerah waja.
tulisan jawa iku yen di waca …
a. Adhipati Karna
b. Hadi pati Karna
c. Adipati Karni
d. Adipati Karna
Ruwat Bumi Guci mujudake budaya kabupaten Tegal mula kudu diuri-uri supaya …
a. Lestari
b. Musnah
c. Ilang
d. Rusak
Ibu kondur saking Bandung … Bus.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku …
Numpak
Nunggang
Nitih
Nunggu
Nang Kab. Tegal ana acara sing mujuake Tanda syukur marang Gusti Allah Kang Maha Kuasa kang wis maringi alam sing subur Makmur di arani acara …
Ruwat Bumi Kita
Ruwat Bumi Putra
Ruwat Bumi Gede
Ruwat Bumi Guci
Mas Ardi nulis layang.
Jejere yaiku …
Mas Ardi
Nulis
Layang
Mas Ardi nulis
Mba Ratna sregep sinau … dadi Juara Kelas.
Kejaba
menawi
Lan
Mulane
Gathutkaca iku putrane Raden …. Panengahe Pandhawa.
Raden Yudistira (Puntadewa)
Raden Bima (Werkudara)
Raden arjuna (janaka)
Raden Nakula Sadewa
Adhipati Karna kuwi Ratu ing …
Astina
Alengka
Awangga
Astapura
Bocah sing dawa tangane nang endi-endi kudu diawasi.
Dawa Tangane tegese …
Seneng Tuku
Seneng Nyolong
Seneng nyambut gawe
Seneng tetulung
Apa Basa Kramane "Rai" ?
Palarapan
Pangarasan
Padharan
Pasuryan
yen ditulis latin dadi …
Gathutkaca Geger
Gathutkaca Gugur
Gathutkaca Gerah
Gathutkaca Kalah
Apa Tegese Jejer ...
Pakaryan sing ditindaake Jejer
Obyek sing dikenani pakaryan
Katrangane sing nerangke ukara
Sing nindaake pakaryan
Apa tegese Wasesa?
Sing nindaake Pakaryan
Pakaryan sing ditindaake jejer
obyek sing dikekani pakaryan
Katrangan sing nerangake ukara
Apa tegese Lesan ?
Obyek sing dikenani pakaryan
Sing nindaake pakaryan
Pakaryan sing ditindaake jejer
Katrangan sing nerangake ukara
Apa Basa Kramane tembung : Mlaku - Nggawa- Tangi
Mlampah - Nggawa - wungu
Mlampah - Ngasta - Tangi
Mlampah - Ngasta - wungu
Mlampah - Nggawa - Tangi
Bapak numpak pit motor, yen di krama ke yaiku ....
Bapak Numpak Sepeda motor
Bapak Nitih sepeda motor
Bapak Nitih pit motor
Bapak nunggang sepeda motor
Ibu lunga pasar bareng mb Tari ...
yen di krama ke yaiku
Ibu Tindak Pasar sareng mbak Tari
Ibu lunga pasar sareng Mbak Tari
Ibu budal peken sareng mbak Tari
Ibu tindak peken sareng mbak Tari
Pak Bayu tuku mobil nang Jakarta
yen dikrama ke yaiku ...
Pak Bayu Mundhut Mobil Wonten Jakarta
Pak Bayu tumbas mobil teng Jakarta
Pak Bayu Tumbas mobil wonten Jakarta
Pak Bayu Mundhut mobil nang Jakarta
