wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Putrane Kyai Asy’ari kang katelu yaiku....

a)

Halimah

b)

Kyai Hasyim Asy’ari

c)

Kyai Abdurrahman Wahid

d)

Kyai Solahudin Wahid

2.

Kyai Hasyim Asy’ari dilebokake kunjara amarga...

a)

Nyemangati para muda ngadepi Walanda

b)

Ngajak para pemuda mungsuhi Jepang

c)

Majuake masyarakate

d)

Digulawentah rama lan eyange

3.

Kyai Hasyim Asy’ari urip lan dididik ana ing ....

a)

Lingkungan bangsa Walanda

b)

Lingkungan pesantren

c)

Lingkungan sekolah umum

d)

Jombang

4.

Sikile Pardi keseleo amarga bal-balan. Tembung sikil krama inggile yaiku ....

a)

Suku

b)

Asta

c)

Ampeyan

d)

Palarapan

5.

Wacanen guritan iki kanthi titi!


......

Dhuh Gusti

Matur suwun kawula sampun panjenengan paringi

Kawarasan sahengga saged manggihi

Wulan suci barokah Illahi

Wulan suci

Wulan kang antuk restu saka para Nabi

Para jin lan setan dikrangkeng ana ing geni

Mugi kita antuk syafaat para Nabi

Mbesok yen kita wis tekan pati


Irah-irahan kang paling bener kanggo geguritan kasebut yaiku ....

a)

Ketemu Wulan Suci

b)

Syafaat Para Nabi

c)

Wulan Suci

d)

Dhuh Gusti

6.

Sego pecel esuk mau wis ( pangan ).

Tembung ing jerone kurung benere yaiku ....

a)

Dipangan

b)

Kokpangan

c)

Dakpangan

d)

Takpangan

7.

Gawe omah ing perumahan iku nyambut gawene borongan paribasane ....

a)

Cedhak celeng boloten

b)

Gajah alingan suket teki

c)

Dhemit ora ndulit, setan ora doyan

d)

Buntel kadut, ora kinang ora udut

8.

Kembang anggrek, rumambat tepining bethek

............

Jangkepe parikan kasebut sing bener yaiku ....

a)

Nganti tuwek, ngelmu iku ora entek

b)

Sambang adik, liwat setono bethek

c)

Nganti entek, rambute ketara buthak

d)

Najan elek, akeh sing golek

9.

Candra saben dina Minggu mancing ing Waduk. Ukara kasebut kalebu ....

a)

Ukara pakon

b)

Ukara pitakon

c)

Ukara langsung

d)

Ukara andharan

10.

... simbah tindak daleme bulek ?

Tembung pitakon sing bener kanggo ukara kasebut yaiku ....

a)

Apa

b)

Sapa

c)

Kapan

d)

Ing ngendi

11.

“Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur”. Cangkriman kasebut yen dibadhe....

a)

Benik

b)

Andha

c)

Prau bocor

d)

Gendheng bocor

12.

Ukara ing jero kotak sing kalebu ukara tanggap yaiku ....

a)

1, 4, 5

b)

1, 2, 3

c)

2, 3, 5

d)

1, 3, 5

13.

ukara kasebut diwoco....

a)

Adhik nangis ing latar

b)

Adik nagih sing anyar

c)

Adhik menyang pasar

d)

Andik diajak ing pasar

14.

Kancil mangan tanduran. Ukara kasebut yen ditulis gawe aksara Jawa yaiku ....

a)
b)
c)
d)
15.

Tembung ing jero kotak kasebut sing kalebu tembung sarojo yaiku ....

a)

1, 2, 3

b)

1, 3, 5

c)

2, 3, 4

d)

3, 4, 5

16.

Pari ing sawah kabeh podho .....

a)

Bangcuk

b)

Kotcuk

c)

Lijo

d)

Barji

17.

Ibu mundhut kulkas ing toko elektronik.

Ukara kasebut sing kalebu keterangan panggonan yaiku ....

a)

Ibu mundhut

b)

Toko elektronik

c)

Mundhut kulkas

d)

Kulkas

18.

Pacelathon iki wacanen kanthi titi !

Bapak : “Esuk-esuk kok wis repot, arep menyang ngendi?”

Salma : “Badhe dateng griyane Ratna, ngerjakne tugas.”

Bapak : “ ....”

Salma : “Bahasa Jawa.”

Ukara sing paling bener kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ....

a)

Tugas apa ta ?

b)

Omahe ngendi ?

c)

Tugas ana ngendi ?

d)

Kancane sapa ?

19.

Cacahe gatra utawa larik ing saben pada diarani ...

a)

Guru wilangan

b)

Guru suara

c)

Guru gatra

d)

Guru lagu

20.

Ali jala iwak wiwit esuk tekan awan oleh....

a)

Sepikul

b)

Saukel

c)

Sakedhok

d)

Sakepis

21.

Bocah kembar iku ibarate kaya jambe (sigar). Tembung sing ditulis kandhel benere yaiku ....

a)

Sinigar

b)

Simigar

c)

Sumegar

d)

Semegar

22.

Pandhawa iku cacahe ana lima. Kang pambarep yaiku Prabu Puntadewa dadi ratu ing ....

a)

Ngastina

b)

Cempala

c)

Ngamarta

d)

Maespati

23.

Wacanen tembang iki sing titi !

Mijil

Poma kaki dipun eling,

Ing pitutur ingong,

Sira uga satriya arane,

Kudu anteng jatmika ing budi,

Ruruh sarta wasis,

samubarangipun


Guru wilangan lan guru lagu tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

10i, 6o,10e,10i, 6i, 6u

b)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

c)

8a, 6i, 8i, 7i, 8i, 6a

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

24.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara ora langsung yaiku ....

a)

Bapak kandha : “Bud, mengko sore weduse dilebokne kandang.”

b)

Kandhane Amir esuk mau ana kobongan ing alas.

c)

Siaran TV mau bengi ngandhakne yen arep ana gerhana.

d)

Rif, tulung gawakna sandal jepitku kuwi !

25.

Tembung ing ngisor iki sing kalebu tembung pepindhan yaiku ....

a)

Wulune abang arang

b)

Tangane nggandhewa pinenthang

c)

Baguse kaya Bathara Kamajaya

d)

Swarane gumrenggeng

26.

Bu Guru manis eseme, sahingga akeh sing seneng. Tembung manis eseme kalebu tembung....

a)

Wangsalan

b)

Garba

c)

Entar

d)

Saroja

27.

Bocah-bocah yen dolan omahe budhene nganak kodok.

Tembung sing ditulis kandel ing ukara kasebut tegese ....

a)

Anteng

b)

Pecicilan

c)

Ngaso

d)

Seneng

28.

Ukara ing jero kothak sing kalebu ukara tanggap yaiku ....

a)

1, 3, 5

b)

2, 4, 5

c)

2, 3, 4

d)

1, 4, 5

29.

Omah gentheng saponono,

Cagak pilar kapuren putih

Abot enthteng lakonono,

....

Jangkepe parikan kasebut yaiku....

a)

Ojo gawe larane ati

b)

Ati lara pilihane

c)

Wegah urip nganti pati

d)

Ati susah bakale pulih

30.

Yen ditulis gawe aksara Latin yaiku ....

a)

ngakak saya sayah

b)

bapak sajak sayah

c)

nyapa sajak sayah

d)

bapak saya sayah

31.

Faris olehe (tandang) cepet banget. Tembung ing jero kurung benere ....

a)

temandang

b)

tandang gawe

c)

tumandang

d)

tinandang

32.

Sedoyo siswa mirengaken dawuhipun pak guru. Ukara kasebut ngoko lugune ....

a)

Para siswa padha ngrungokne pak guru.

b)

Kabeh siswa ngrungokake kandhane pak guru.

c)

Siswa kabeh padha mirengne omonge pak guru.

d)

Kabeh siswa padha ngrungokne pak guru.

33.

Ukara ing ngisor iki kang gawe basa krama alus yaiku....

a)

Bapak saben dinten kondur.

b)

Bu Ratih ora nate tindak pasar.

c)

Adhiku lagi seneng amarga duwe dolanan anyar.

d)

Napa ingkang diarani pahlawan ?

34.

Yen awan katon padhang jingglang ananging yen bengi katon....

a)

Asline

b)

Peteng dhedhet

c)

Remeng-remeng

d)

Ayu-ayune

35.

Zalfa blanja entek patang puluh wolu ewu limang atus. Tembung sing ditulis kandhel yen dibasa kramakake ....

a)

Sekawan dasa wolu ewu gangsal atus

b)

Sekawan dasa wolu setunggal

c)

Sekawan wolu dasa ewu setunggal atus

d)

Sekawan dasa wolu setunggal atus

36.

Mangan lawuh krupuk udang. Ukara kasebut yen ditulis gawe aksara jawa yaiku ....

a)
b)
c)
d)
37.

Bocah iku katon ayu, yen melek mripate ....

a)

Mucuk eri

b)

Ngulan-ngulan

c)

Damar kanginan

d)

Blalak-blalak

38.

Ukara ing ngisor iki sing migunakake tembung lingga salin swara yaiku ....

a)

Saben dina sing nyilih klambi gonta-ganti wae.

b)

Fina dolan menyang alon-alon karo adhine

c)

Bocah iku seneng tetulung marang kancane.

d)

Zaenab tuku ondhe-ondhe digawa menyang simbahe

39.

Pusaka sing arupa Gada Wesi Kuning iku kagungane ....

a)

Minakjingga

b)

Raden Arjuna

c)

Prabu Baladewa

d)

Raden Werkudara

40.

Prabu Kresna iku ratu ing negara ....

a)

Dwarawati

b)

Ngastina

c)

Lokapala

d)

Mandura