wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....

a)

Baratayudha

b)

Ramayana

c)

Mahabharata

d)

Badar

2.

Dewi Arimbi iku garwane ....

a)

Werkudara

b)

Gathutkaca

c)

Arjuna

d)

Pandhu Dewanata

3.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

4.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

5.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

6.

Kesenian Reog Ponorogo asale saka tlatah . . . .

a)

Ponorogo

b)

Banyuwangi

c)

Semarang

d)

Solo

7.

Gamelan iki jenenge . . . .

a)

kenong

b)

gambang

c)

gong

d)

saron

8.

Piranti gamelan iki arane . . . .

a)

saron

b)

gambang

c)

demung

d)

siter

9.

Tugase Dhalang yaiku....

a)

Tukang nglakokne wayang

b)

Tukang nabuh gamelan

c)

Sing gaweyane nembang

d)

Tukang nggawe wayang

10.

Gatotkaca Satriya saka....

a)

Madukara

b)

Pringgadani

c)

Astina

d)

Sawojajar

11.

Gambar Punokawan iki arane....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

12.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

13.

Senjatane Karna sing dinggo mateni Gathutkaca arane ....

a)

Kuntowijayadanu

b)

Jamus Kalimasada

c)

Panah Pasopati

d)

Gada Rujakpolo

14.

Panengahe Pandhawa yaiku ....

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Puntadewa

d)

Duryudhana

15.

Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Argumentasi

d)

Eksposisi

16.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Persuasi

17.

Blumbang kang ana mburi omahku pancen nyengsemake ati. Kiwa tengene ditanduri kembang maneka warna. Jerune blumbang sameter setengah. Banyune bening tur iwake akeh.

Teks kasebut kagolong gancaran (paragraf)

a)

A. Narasi

b)

B. persuasi

c)

C. diskripsi

d)

D. argumentasi

18.

Sawah ing desaku isih jembar bawera, galengan kang mbatesi kedhoan siji lan sijine kaya klogete ula naga. Disawang katon indah ing mata.Tandurane katon ijo royo-royo. Kali sing ana desaku banyune megung tur bening

Kepriye kahanane sawah ing desaku ?

a)

A. megung tur bening

b)

B. isih jembar bawera

c)

C. dawa kaya ula naga

d)

D. katon indah ing mata

19.

Eseme manis banget,amerga untune...

a)

A. Nyela cendhane

b)

B. Miji timun

c)

C. ngudup turi

d)

D. manjang ngilang

20.

Entheng kaya kapuk.Ukara iku kalebu jenise tembung....

a)

A. Panyandra

b)

B. Parikan

c)

C. panyendhu

d)

D. pepindhan

21.

Wajik klethik....,luwih becik sing prasaja.

a)

A. Gula legi

b)

B. Gula aren

c)

C. gula jawa

d)

D. gula abang

22.

Bocah kuwi pancen merak ati,eseme pahit madu tur drijine…

a)

A. Ngulan-ngulan

b)

B. Mucuk eri

c)

C. duren sajuring

d)

D. ngandan-ngandan

23.

Amril iku bocahe bagus,nanging mripate…

a)

A. Guwing

b)

B. Kero

c)

C. tepos

d)

D. cekot

24.

Mas Joko lara mripat amerga kerep maca ing panggonan kang kurang padhang.Tembung mripat dasanamane yaiku...

a)

A. Grana

b)

B. karna

c)

C. tutuk

d)

D. soca

25.

Bapak mangan aku adus. Krama inggile ukara iki yaiku…

a)

A. Bapak nedha kula adus

b)

B. Bapak nedha kula siram

c)

C. Bapak dhahar kula siram

d)

D. Bapak dhahar kula adus

26.

Putrane pak Ali cacahe tiga. Basa ngoko ukara iki yaiku...

a)

A. Anake pak Ali akehe telu

b)

B. Anake pak Ali kabehe telu

c)

C. Yogane pak Ali kabehe telu

d)

D. Yogane pak Ali jumlahe telu

27.

Jalaran ora gelem adus, mangkane gandane…

a)

A. arum jeram

b)

B. arum jamban

c)

C. arum manis

d)

D. arum tenan

28.

Cipir mrambat kawat, ora mampir angger...

a)

A. liwat

b)

B.Gawat

c)

C. kumat

d)

D. sambat

29.

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah padha seneng adus ing kali. Sisih kiwane kali ana sawah kang ditanduri jagung lan pari. Sisih tengene kali ana dalan kang nyambung desaku lan desa liyane.

Apa kang ana kiwa tengene kali ?

a)

A. sawah lan tambak

b)

B. wit-witan lan dalan

c)

C. sawah lan dalan

d)

D. kebon lan sumur

30.

Gunung Semeru kapetung gunung sing dhuwur dewe ana ing tlatah Jawa. Dununge ana ing kutha Malang lan Lumajang. Gunung iki puncake ana jenenge yaiku junggring saloka. Kapetung gunung sing kerep mbledhos.

Ing kutha ngendi dununge gunung Semeru?

a)

A. Jawa

b)

B. Malang

c)

C. Lumajang

d)

D. Malang lan Lumajang

31.

Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ....

a)

Basa baku

b)

Basa standar

c)

Dhialek lan idhiolek

d)

Lelawaning basa

e)

Basa padinan

32.

Pakaryan ngowahi basa liya menyang basa Jawa, tanpa ngowahi runtute crita diarani ....

a)

Njarwakake

b)

Nyadhur

c)

Ngrepek

d)

Njiplak

e)

Nganggit

33.

Nalika nyadhur cerkak, ora kena ngowahi ....

a)

Basane cerkak

b)

Lelawaning basa cerkak

c)

Isi lan rasane cerkak

d)

Titikane basane cerkak

e)

Kaendahan basane cerkak

34.

Crita cekak iku kalebu golongane ....

a)

Film

b)

Sastra fiksi

c)

Sastra nonfiksi

d)

Nonsastra fiksi

e)

Nonsastra lan nonfiksi

35.

Ciri khas crita cekak, yaiku ....

a)

Migunakake alur flashback

b)

Munjerake marang siji kedadeyan

c)

Setting panggonan lan wektu akeh

d)

Prakara kang tuwuh ing crita rumit

e)

Kadadeyan sing dialami tokoh bola-bal

36.

Kalungguhane pengarang ing sajroning crita diarani ....

a)

Pamawas

b)

Latar

c)

Paraga

d)

Alur

e)

Tema

37.

Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ....

a)

Latar

b)

Panggonan

c)

Paraga

d)

Alur

e)

Tema

38.

Ing ngisor iki sing kalebu ukaran kandha, yaiku ....

a)

"Apa bukuku katut kok gawa?"

b)

Rini lagi maca kalawarti.

c)

Asti lagi sinau nulis cerkak.

d)

Rini takon marang Astri sesuk dheweke sida budal apa ora.

e)

Coba kalawarti kae gawanen mrene!

39.

Ing ngisor iki sing kalebu unsur intrinsik cerkak, yaiku ....

a)

Tema, amanat, watak, alur, dialog

b)

Tema, blegere crita, penokohan

c)

Amanat, isi, latar

d)

Sudut pandang, alur, dialog, pamawas

e)

Pamawas, alur, tokoh, amanat

40.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara crita kang trep, yaiku ....

a)

"Tugase kae garapen!" Jarene Rina

b)

"Nyuwun pirsa, menika menapa dalemipun Pak Burhan" pitakone Sasti

c)

"Coba wedang iki tilikana!"

d)

Katno kandha yen kelase arep diresiki.

e)

"Ayo, enggal dirampungake tugase"

41.

"An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener" pitakone Rani marang Ani. Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ....

a)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

b)

Rani takon Ani kapan ibune gerah.

c)

Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah

d)

Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah

e)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

42.

Gambar ing dhuwur yaiku salah sawijine prosesi ….

a)

Sindur

b)

Balang gantal

c)

Pasang tarub

d)

Tuwuhan

e)

Dulang dulangan

43.

Gambar ing dhuwur yaiku prosesi…..

a)

Pasang tarub

b)

Seserahan

c)

Tuwuhan

d)

Sindur

e)

Ijab kabul

44.
Karangan faktual kang diwedharake kanthi jangkep kanggo dipublikasekake yaiku
a)
artikel
b)
naskah
c)
geguritan
d)
narasi
e)
argumentasi
45.
karangan kang isine nggambarake sawijining kahanan
a)
deskripsi
b)
naskah
c)
geguritan
d)
narasi
e)
artikel
46.
Eksposisi yaiku jinise Artikel sing isine
a)
menehi informasi
b)
ngukuhake pendapat
c)
nggambarake kahanan
d)
ngajak nindakake samubarang
e)
dumadi kanthi waktu tartamtu
47.
Karangan sing duweni tujuan ngajak pamaose supaya gelem nglakoni sing dikarepake penulis yaiku
a)
Persuasi
b)
narasi
c)
argumentasi
d)
eksposisi
e)
deskripsi
48.
Suramadu dadi sawijining ikon Jawa Timur, jembatan iki manggon ing pucuk wetan surabaya lan nyambung nganti Madura. Ing kono pemandangane apik banget apa maneh wayah isuk lan surup. Artikel iki kalebu jinis ?
a)
ekposisi
b)
Persuasi
c)
narasi
d)
argumentasi
e)
deskripsi
49.
Sawijining dina aku karo adhikku dolan menyang Taman Bungkul, neng kono aku tumbas pentol lan jus melon sing murah regane nanging rasane enak banget. Karangan iki kalebu jinise . .
a)
narasi
b)
argumentasi
c)
eksposisi
d)
deskripsi
e)
Persuasi
50.
Para warga lumrahe wis padha ngerti yen sampah kuwi ora oleh dibuang neng Kali, nanging kasunyatane isih ana wae sing kurang duweni kesadaran babagan kuwi. Mula minangka generasi muda sing apik, aja nganti buang sampah ing kali, supaya ing tembe buri ora enek kedaden banjir sing bisa gawe sengsarane penduduk. Karangan iki kalebu jinis . .
a)
Persuasi
b)
narasi
c)
argumentasi
d)
eksposisi
e)
deskripsi