wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA GENAP KELAS VII

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

1. Geguritan yaiku.....

a)

Asiling kasusastran Jawa kang wujud puisi lan kaiket paugeran kang gumathok

b)

Asiling kasusastran Jawa kang wujud puisi lan ora kaiket paugeran kang gumathok

c)

Asiling kasusastran Jawa kang wujud pantun lan kaiket paugeran kang gumathok

d)

Asiling kasusastran Jawa kang wujud pantun lan ora kaiket paugeran kang gumathok

2.

Kembang mlathi warna seta

Amrik sumebar arum angganda

Tembung seta lan amrik yaiku.....

a)

Putih lan wangi

b)

Kuning lan suci

c)

Putih lan suci

d)

Kuning lan wangi

3.

Nggagapi isine geguritan (interpretasi/menafsirkan) sadurunge maju gunane kanggo…

a)

Supaya apal kabeh tetembungan kang ana ing geguritan

b)

Maca tanpa ndeleng cathetan terus-terusan amarga ngurangi biji

c)

Ngerteni isine geguritan, yaiku seneng, sedhih, keduwung, nesu, lsp

d)

Nandhani yen sing arep maca geguritan wis paham teknik maca geguritan

4.

Purwakanthi tansah ngati-ati yen ngomongan karo sapa wae, aja nganti gawe gela lan kuciwa tumrap sing diajak omongan, sebab yen nganti kawetu tembung-tembung kang ora becik tundhone mung bakal ngasorke dhiri pribadine lan gawe seriking liyan, paribasan.....

a)

Ajining dhiri gumantung kendaling lathi

b)

Ajining raga gumantung saka busana

c)

Ajining awak gumantung saka tumindak

d)

Becik ketitik ala letara

5.

Supaya katon luwih endah dirasakake lan diwaca, gawe geguritan prayogane uga nggunakake....

a)

Purwakanthi

b)

Parikan

c)

Diksi

d)

Tembung jawa kuna

6.

Gawe geguritan iku njejer tembung-tembung sing madhet, kempel, duwe makna. Mula nalika milih tembung kudu cermat, nek perlu ditimbang-timbang endi ta tembung sing dianggep paling cocok, pas, trep manut ide-ide. Tingkatan milah lan milih tembung iki diarani.....

a)

Amanat

b)

Tema

c)

Purwakanthi

d)

Diksi

7.

Apa bedane geguritan lan tembang macapat.....

a)

Geguritan iku puisi bebas, dene tembang macapat mawa aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

b)

Geguritan iku pantun bebas, dene tembang macapat mawa aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

c)

Geguritan iku mawa aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, dene tembang macapat iku puisi bebas

d)

Geguritan iku mawa aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, dene tembang macapat iku pantun bebas

8.

Sadurune gawe geguritan, sing kudu digatekake yaiku ing ngisor iki kajaba ....

a)

Nemtokake tema utawa undheraning gagasan

b)

Nemtokake tembung wigati

c)

Migunakake lelewaning basa

d)

Nemtokake baris saben sapadha

9.

Adoh saka kutha

Adoh saka punjering warta

Sandhingku gumuk lan watu

Kiwa tengenku alas gung umyek tetuwuhan

Kiwa tengenku alas gung umyek tetuwuhan

Alas gung iku apa ?

a)

Alas kang akeh tetuwuhane

b)

Alas rungkud pinggir desa

c)

Alas cilik papan kanggo dolan

d)

Alas kang gedhe

10.

Nyi Rumpih

Awakmu wis ringkih

Mlaku gleyoran krengkih-krengkih

Dene atimu ora wigah-wigih

Kepengin anak dadi wong sugih

Pethikan geguritan kasebut nyaritakake ?

a)

Sanajan ringkih, nanging tetep kepengin anake dadi wong sugih

b)

Wong kang ringkih, amarga anggone mlaku wis gleyoran

c)

Atine ora wigah-wigih sanajan wis ringkih

d)

Wis ora kuwat ngapa-ngapa

11.

Pancen mung wora wari

Sekar arga datan hambejaji

Nanging …

Jambon abang warnanya

Nuwuhaken sumringah suka

Saka pethikan geguritan ing ndhuwur iku, tegese tembung arga yaiku …

a)

Dalan

b)

Bukit

c)

Gurun

d)

Gunung

12.

Le, bocah nom saiki akeh godhane, yen ora ngati-ati pengaruh teknologi sing ora becik bisa ngrusak moral, semono uga srawunge ya kudu dijaga, dipikir kanthi temenan sadurunge tumindak. Sebab seneng tumindak sing ora bener nerak wewaler iku njalari ngasorake marang pribadine dhewe, paribasane........

a)

Ajining dhiri gumantung kendaling lathi

b)

Ajining raga gumantung saka busana

c)

Ajining awak gumantung saka tumindak

d)

Becik ketitik ala letara

13.

Bang bang wis rahina bang bang wis rahina

Srengengene muncul muncul muncul

Sunar sumamburat cit cit cuwit cuwit

Cit cit cuwit cuwit cit cuwit rame Swara ceh ocehan

Tembung kang kacithak kandel tegesipun.....

a)

Esok

b)

Awan

c)

Sore

d)

Bengi

14.

Piwulang saka tembang dolanan bang-bang wis rahina yaiku, kejaba.....

a)

Tangi esuk iku akeh pigunane tumrap kasarasan

b)

Mangerteni kaendahan alam ciptaning Gusti kang akarya jagad

c)

Wong kepengin penak kudu gelem rekasane

d)

Dadi bocah sekolah kudu sregep tangi esok supaya ora telat sekolahe

15.

Srengengene muncul-muncul sunar sumamburat. Tembung srengenge dasanamane....

a)

Bagaskara

b)

Wulan

c)

Rahina

d)

Candra

16.

Kidang talun mangan kacang talun

Mil-kethemil mil-kethemil si kidang mangan lembayung

Tembung talun tegese....

a)

Cilik

b)

Sawah

c)

Lanang

d)

Wadon

17.

Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan

Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak latar

Tembung kang kacithak kandel menika tegesipun....

a)

Sembrana, wadhah gabah, emperan

b)

Gojegan, wadhah gabah, emperan

c)

Gojegan, wadhah sega, plataran

d)

Sembrana , wadhah sega, plataran

18.

Piwulang budi pekerti ing lagu Gundhul Pacul

a)

Yen nyambut gawe bisa disambi sembrana

b)

Tumindak sembrana bakal cilaka lan rugi wekasane

c)

Nyambut gawe kanthi grusa-grusu kanthi setiti lan permati

d)

Nyambut gawe ora perlu cepet-cepet sing penting asile apik

19.

Lagu dolanan padhang bulan ngandhut makna religius (keagamaan). Wosing tembang dolanan kasebut yaiku manungsa kudu tansah atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa kang paring kaendahaning alam kang bisa dirasakake. Kanggo nuduhake rasa syukur mau kanthi ngibadah nindakake kabeh dhawuhe Gusti, utamane nindakake kabeh perintahe lan ngedohi kabeh larangane.

Lagu dolanan padhang bulan ngandhut karep …

a)

Kemasyarakatan

b)

Budi pekerti luhur

c)

religius (keagamaan)

d)

tepa slira marang wong liya

20.

Lagu dolanan padhang bulan ngandhut makna religius (keagamaan). Wosing tembang dolanan kasebut yaiku manungsa kudu tansah atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa kang paring kaendahaning alam kang bisa dirasakake. Kanggo nuduhake rasa syukur mau kanthi ngibadah nindakake kabeh dhawuhe Gusti, utamane nindakake kabeh perintahe lan ngedohi kabeh larangane.

Ing ngisor iki endi kang dadi wosing utawa isine lagu padhang bulan ?

a)

Manungsa kudu tansah atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa kang paring kaendahaning alam

b)

Budi pakarti luhur kudu tansah ditindakake minangka rasa syukur marang Gusti

c)

Padhang bulan iku mratandhani menawa jagad raya ciptaning Gusti

d)

Manungsa becike ngajeni marang sapadha-padha titahe Gusti.

21.

Menthog-menthog tak kandhani

Mung rupamu angisin-isini

Mbokya aja ngetok ana kendhang wae

Enak-enak ngorok ora nyambut gawe

Menthog-menthog mung lakumu

Megal-megol gawe guyu

Piwulang ing lagu menthog-menthog kaya ing ngisor iki, kejaba

a)

Dadi manungsa ora kena umuk, amarga sejatine kabeh titah kang ana ing donya iki kuwasaning Allah

b)

Prayogane mbudidaya nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhane urip.

c)

Wong kesed, seneng turu iku sakarepe dhewe ora kena diatur marang liyan.

d)

Mangerteni marang awake dhewe (introspeksi)

22.

Enak-enak ngorok ora nyambut gawe, iku watak kang ora prayoga, becike.....

a)

Nyambut gawe iku samadya wae

b)

Ora kakehan turu yen wayahe nyambut gawe

c)

Turu sawayah-wayah ora perlu nyambut gawe

d)

Jaman saiki yen ora nyambut gawe ora bisa mangan

23.

Menthog-menthog mung lakumu, megal-megal gawe guyu. Pethikan lagu kasebut ngemu teges …

a)

Ala tumindake uga ala bebudene

b)

Saala-alane wong iku mesthi ana apike

c)

Wong ala lakune nanging apik bebudene

d)

Ala apike wong gumantung pribadhine dhewe

24.

Dodotira-dodotira kumitir bedhah ing pinggir

Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore

Apa tegese dodot ing lagu “Lir-ilir” ?

a)

Iket

b)

Jarit

c)

selendhang

d)

bebed/sarung

25.

Ing ngisor iki kang dudu piwulang budi pekerti ing lagu lir-ilir....

a)

Ngibadah kanthi temenan manut agama

b)

Kanggo nggayuh kamulyan akeh pepalange

c)

Kanggo nggayuh pepinginan kang becik akeh pacobane

d)

Yen kebacut tumindak ala lan ora perlu njaluk pangapura

26.

Cublak-cublak suweng

Suwenge teng gelenter

Mambu ketundhung gudel

Pak empong lera-lere

Sapa ngguyu ndhelikake

Sir-sir pong dhele gosong (2x)

Tembung kang kacithak kandel tegese......

a)

Ceplik, anak kebo

b)

Ceplik, anak jaran

c)

Cengkang, anak kebo

d)

Cengkang, anak jaran

27.

Aku duwe pitik tukung

Buntute buntung

Saben dina mangan jagung

Mesthi wani tarung

Sapa wani karo aku

Musuh pitikku

Tembung kang kacithak kandel tegesipun.....

a)

Tugel, tetenger

b)

Pothel, tetenger

c)

Tugel, tetumbukan

d)

Pothel, tetumbukan

28.

Aku duwe pitik tukung

Buntute buntung

Saben dina mangan jagung

Mesthi wani tarung

Sapa wani karo aku

Musuh pitikku

Tembang menika ngemot budi pakarti....

a)

Kang perlu ditiru yaiku seneng adu jago

b)

Yen duwe pitik tukung pakanana jagung

c)

Watak tanggungjawab, yen ngingu kewan kudu diopeni kanthi becik

d)

Sapa sing nandur kabecikan, bakal ngundhuh kacilakan

29.

Titikane tembang dolanan yaiku....

a)

Nganggo guru gatra, guru wilangan, cengkoke prasaja

b)

Cacahe gatra winates, cengkoke prasaja, nganggo guru lagu

c)

Kudu ganep guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

d)

Cengkok lan basane prasaja, isi manut kahanane bocah-bocah

30.

Miturut riwayat, tembang macapat iku minangka pralambang uripe manungsa, wiwit lair nganti mati. Nalika ijih cilik menika kudu dituntun kang pralambange tembang macapat.....

a)

Mijil

b)

Kinanthi

c)

Sinom

d)

Asmarandana

31.

Tembang macapat kaiket ing wewaton/aturan kang diarani guru. Guru kang tegese cacahing wanda (suku kata) ing saben sagatra....

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru lagu

d)

Guru sastra

32.

Tembang macapat kinanthi

Titikane budi luhur (1)

Tansah manembah ing Gusti

Uga bekti mring wong tuwa

Asih tresna mring sesami

Remen tetulung dedana (2)

Adil datan (3) pilih-pilih

Tembang kinanthi ing inggil menika kang kacithak kandel nomer 1 tegesipun....

a)

Tingkah laku

b)

Tingkah laku kang ala

c)

Tingkah laku kang becik

d)

Tingkah laku kang remen

33.

Tembang macapat kinanthi

Titikane budi luhur (1)

Tansah manembah ing Gusti

Uga bekti mring wong tuwa

Asih tresna mring sesami

Remen tetulung dedana (2)

Adil datan (3) pilih-pilih

Tembang kinanthi ing inggil menika kang kacithak kandel nomer 2 tegesipun....

a)

Golek dana

b)

Golek bantuan

c)

Menehi dana

d)

Menehi bantuan

34.

Tembang macapat kinanthi

Titikane budi luhur (1)

Tansah manembah ing Gusti

Uga bekti mring wong tuwa

Asih tresna mring sesami

Remen tetulung dedana (2)

Adil datan (3) pilih-pilih

Tembang kinanthi ing inggil menika kang kacithak kandel nomer 3 tegesipun....

a)

Ora

b)

Remen

c)

Seneng

d)

Pinter

35.

Temtokna guru wilangan lan guru lagu ing tembang macapat kinanthi yaiku....

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

8u, 7i, 8a, 8i, 7a, 8i

c)

8r, 8i, 8a, 8i, 8a, 8h

d)

8r, 7i, 8a, 8i, 7a, 8h

36.

Bebuden luhur apa wae kang kamot ing tembang kinanthi yaiku, kajaba....

a)

Tansah manembah marang Gusti

b)

Bekti karo wong tuwa

c)

Asih tresna karo sapepadhane

d)

Adil seneng pilih-pilih

37.

Urip wis kumambang antarane kadonyan lan akherat menika isinipun saking tembang macapat....

a)

Megatruh

b)

Pangkur

c)

Maskumambang

d)

Kinanthi

38.

Tembang macapat kang gunane kanggo medharake rasa susah, bukaning carita/mangayubagya yaiku tembang macapat kang aran....

a)

Mijil

b)

Kinanthi

c)

Sinom

d)

Asmarandana

39.

Tuladha tumindak manembah ing Gusti yaiku.....

a)

Srawung karo wong liya kanggo sarana manembah ing Gusti

b)

Tansah ngibadah nindakake dhawuhe Gusti

c)

Tansah nindakake larangane Gusti

d)

Tansah nindakake aturan pamarintah

40.

Saben teks tembang macapat kaiket dening paugeran ...

a)

guru gatra, guru lagu, guru swara

b)

guru gatra, guru wilangan, guru swara

c)

guru gatra, guru pada, guru swara

d)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

41.

Guru gatra yaiku ...

a)

cacahing gatra saben sapada

b)

cacahing gatra saben sawanda

c)

cacahing pada saben sagatra

d)

cacahing pada saben sawanda

42.

Guru wilangan yaiku ...

a)

cacahing wanda saben sapada

b)

cacahing wanda saben sagatra

c)

cacahing gatra saben sapada

d)

cacahing gatra saben saukara

43.

Guru lagu yaiku ...

a)

Dhong-dhinge swara saben pungkasan wanda

b)

Dhong-dhinge swara saben pungkasan pada

c)

Dhong-dhinge swara saben pungkasan gatra

d)

Dhong-dhinge swara saben pungkasan

44.

Paugerane tembang Pucung ...

a)

4 gatra = 12u, 6i, 8a, 12u

b)

4 gatra = 12a, 6a, 8i, 12u

c)

4 gatra = 12u, 6a, 8i, 12u

d)

4 gatra = 12u, 6a, 8i, 12a

45.

Paugerane tembang Maskumambang ...

a)

4 gatra = 12a, 6i, 8a, 12i

b)

4 gatra = 12i, 6a, 8i, 12a

c)

4 gatra = 12a, 6i, 8a, 8i

d)

4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a

46.

ukara : Suwene-suwe siswa-siswane saya sehat, iki migunakake purwakanthi...

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru basa/ wewilelan

d)

guru lagu

47.

Tembung : plonga-plongo mujudake ewone tembung ...

a)

dwilingga wantah

b)

dwilingga semu

c)

dwilingga salin swara

d)

dwilingga andhahan

48.

Tembang sing cacahing gatrane padha karo tembang pucung ...

a)

Megatruh

b)

Pangkur

c)

Gambuh

d)

Maskumambang

49.

Dani cengengesan wae yen dituturi Pak Guru.

Cengengesan iku mujudake tembung ....

a)

dwipurwa

b)

dwilingga

c)

dwiwasana

d)

dwilingga wantah

50.

Tembung sing durung owah saka asale arane...

a)

tembung lingga

b)

tembung wuwuhan

c)

tembung seselan

d)

tembung andhahan