wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BOSO JOWO KELAS XII

Total questions: 39

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Sampun sawatawis dangu sri pinanganten lenggah ing sasane kursi rinengga kinebutan elaring manyura, kongas gandhane kadyya bethari supraba.


Teks pranata adicara ing ndhuwur ditujokake kanggo nyandra...

a)

Manten putri

b)

Mnten kakung

c)

Bapak lan Ibu

d)

Bapak lan Ibu Besan

e)

prosesi temu manten

2.

Pawongan kang kadhapuk dadi Mc manten diarani...

a)

Pranataadicara

b)

Pambagya

c)

Cucuklampah

d)

Pembawa acara

e)

Prajamudhakarana

3.

Ancik-ancik pucuking eri

tegese yaiku uripe tansah kuatir


unen-unen kasebut kalebu tembung...

a)

Bebasan

b)

Paribasan

c)

Saloka

d)

Pepindhan

e)

Wangsalan

4.

"Warga Desa Mojotrisno ayem tentrem lan guyub rukun. Kabeh padha seneng tetulung marang sapadha"


Tembung ayem tentrem lan guyub rukun kalebu tembung...

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Bebasan

d)

Kawi

e)

Paribasan

5.

Tradisi kenduren taksih perlu dianakake.

Tanggapan kang trep saka ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

Perlu diuri-uri amarga gawe seneng lan tentrem atine para warga

b)

Kadhangkala ditindakake supaya para warga ora was sumelang

c)

Ora perlu dilestarikake, amarga wis ora jumbuh karo jama

d)

Perlu dilestarikake, amarga kanggo nguri-uri budaya Jawa

6.

Adat utawi tradisi kenduren inggih menika tradisi ingkang sampun turun tumurun saking nenek moyang ing jaman rumiyin. Tradisi kenduren kawontenan ing masyarakat Jawa Tengah ingkang taksih asring dipunlaksanakaken ngantos sakmenika. Tradisi menika kagungan ancas yuwun kaslametan dening Gusti Allah. Wonten adat menika ingkang kedah dipundongani sesarengan kaliyan para rawuh, ingkang dipunpimpin kaliyan pemuka adat utawa sesepuh adat. sasampunipun tumpeng dipundongani lajeng dipunbagekaken ingkang asring dipunwastani carikan utawi brekat.


Manut teks ing dhuwur kang kudu disiapake nalika kenduren yaiku ....

a)

tumpeng lan brekate

b)

tumpeng lan wargane

c)

tumpeng lan lawuhe

d)

tumpeng lan wadhahe

7.

Bersih desa iku salah sijining upacara adat Jawa kang dianakake bubar panen pari kanggo ngaturake rasa syukur marang Gusti Allah amarga panen pari kasil apik. Wondene sedyane bersih desa yaiku kanggo sarana nyenyuwun marang Gusti Allah supaya para warga desa diadohake saka sakabehing lelara lan pageblug. Bersih desa iku minangka gegambaran kanggo ngresiki desa lan wargane saka alangan supaya kahanan desa dadi aman lan tentrem.


Ancas upacara bersih desa saka teks ing dhuwur yaiku ....

a)

supaya warga desa tambah sregep

b)

supaya warga desa dadi tambah akeh

c)

atur syukur marang Gusti Allah

d)

nyuwun rezeki marang Gusti Allah

8.

Upacara tingkeban nganti saiki isih ditindakake ana ing masyarakat Jawa. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisan. Upacara tingkeban dianakake kanthi ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa.

Upacara tingkeban kawiwitan kanthi sungkeman. Calon ibu lan bapak nindakake sungkeman ing ngrasane bapak lan ibune kanthi ati kang bungah. Sungkeman iku nduweni teges muga-muga jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane.

Tebung mbobot saka teks ing ndhuwur tegese yaiku ....

a)

nggawa

b)

naganggo

c)

ngandhut

d)

nimbang

9.

Upacara tingkeban nganti saiki isih ditindakake ana ing masyarakat Jawa. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisan. Upacara tingkeban dianakake kanthi ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa.

Upacara tingkeban kawiwitan kanthi sungkeman. Calon ibu lan bapak nindakake sungkeman ing ngrasane bapak lan ibune kanthi ati kang bungah. Sungkeman iku nduweni teges muga-muga jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane.

Pranyatan kang trep karo teks ing dhuwur yaiku ....

a)

Upacara tingkeban iki minangka upacara kanggo calon ibu kang mbobot kaping pitu.

b)

upacara tingkeban dianakake kanthi sedya supaya bayi lair gampang lan slamet.

c)

upacara tingkeban kawiwitan kanthi sungkeman calon ibu marang calon bapak

d)

upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa jaman saiki wis ora padha ditindakake.

10.

Tembang macapat iku disebarake dening...

a)

KGPAA Mangkunegara IV

b)

Walisanga

c)

Pakubuwana IX

d)

Hamengkubuwana VI

e)

KGPAA Mangkunegara VI

11.

tembang kang nggambarake wong isih ana ing kandhutan ibune yaiku ...

a)

dhandhanggula

b)

kinanthi

c)

asmaradana

d)

sinom

e)

maskumambang

12.

tembang macapat cacahe ana ...

a)

10

b)

11

c)

12

d)

14

e)

9

13.

watak tembang gambuh, yaiku ...

a)

kakaluwargan, seneng, semangat

b)

sumadulur, luwes, sedhih

c)

paseduluran, kekarepan, akrab

d)

piwulang, sedhih, gumregah

e)

akrab, luwes, sedhih

14.

Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan … .

a)

caos seserepan dhumateng para rawuh

b)

caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara

c)

nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara

d)

atur pangandikan ing salebetipun adicara

e)

pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.

15.

Kula minangka pranata adicara, mbok bilih wonten galap gangsuling atur saestu kula nyuwun pangapunten. Tembung galap gangsuling atur tegese….

a)

kaluputan anggone matur/ngomong

b)

kaluputan wektu

c)

kaluputan sandhangan/ dandanan

d)

kaluputan panggonan/ papan

e)

keluputan sandang/klambi

16.

Nuwun,

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.

Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan....

Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …

a)

purwaka basa

b)

surasa basa

c)

salam pambuka

d)

wasana basa

e)

pambagya harja

17.

Supaya bisa nyenengake, pembiwara kudu nduweni......

a)

Selera humor.

b)

Polatan kang serius.

c)

Sandhangan kang apik.

d)

Rupa kang bagus utawa ayu.

e)

Anggon – anggon kang komplit

18.

Struktur pembuka ing teks pewara kang runtut yaiku..............

a)

Salam pembuka, panyapa, atur pakurmatan, atur puji syukur, pengajak miwiti acara

b)

Salam pembuka, atur panuwun, atur puji syukur, atur pakurmatan, panyapa

c)

Salam pembuka, atur panuwun, atur puji syukur, atur pakurmatan, panyapa

d)

Salam pembuka, panyapa , atur puji syukur, atur pakurmatan, miwiti

e)

Salam pembuka, atur pakumatan, atur panuwun, atur puji syukur, pangajak miwiti acara

19.

. “ing ngisor iki sebutane liyane pranatacara, kecaba.......

a)

Pangendhaliwara

b)

Pranata titi laksitaning adicara

c)

Pambyawara

d)

Pamedhar sabda

e)

Pranata wicara

20.

Olehe nyambut gawe direwangi adus kringet. Ukara kasebut tegese...

a)

Olehe nyambut gawe panggonan ing nggon panas banget

b)

Olehe nyambut gawe rekoso banget

c)

Nyambute gawe ing panggonan kanggo olag raga.

d)

Olehe nyambut gawe nggarahi sehat.

e)

Olehe nyambut gawe kepenak banget.

21.

Para wiranem ing Rt 1 arep nganakake gladhi sesorah, mapane ing bale Rt. Minangka ketua Pemudha Rendi nyuwun idin marang pak Rt kang ndilalah kok bapake Rendi dhewe. Kepriye ature Rendi?

a)

Pak, kula ajeng nganake latihan sesorah, nek nyilih bale Rt entuk ora?

b)

Pak, menawi angsal kula ajeng nyilih bale Rt ngge gladhen sesorah.

c)

Pap Rt, menapa angsal menawi bale Rtne dingge gladhen sesorah?

d)

Pak, Para wiranem ing Rt 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.

e)

Pak, Para wiranem ing Rt 1 ape ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.

22.

Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.

a)

njaluk, aweh

b)

nyuwun, paring

c)

njaluk, caos

d)

njaluk, paring

e)

nyuwun, aweh

23.

Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?

a)

Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh

ora?

b)

Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?

c)

Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik

dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?

d)

Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh

melu piknik?

e)

Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik

ten Bali, menapa kula kepareng ndherek?

24.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

e)

ngaturaken

25.

Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?

a)

Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.

b)

Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!

c)

Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan

pangandikan.

d)

Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.

e)

saya minta bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!

26.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

e)

Budal, mlajar

27.

Pupuh ing Serat Wedhatama ingkang pungkasan inggih menika...

a)

Gambuh

b)

Pocung

c)

Sinom

d)

Kinanthi

e)

Pangkur

28.

Salami mung awas eling. Menapa ingkang dados makna saking ukara menika...

a)

Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah ngawasi lan eling dhateng Gusti ingkang kuwaos

b)

Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah ngawasi lan eling marang sapadha

c)

Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah waspada lan eling marang sapadha

d)

Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah waspada lan eling dhateng Gusti ingkang kuwaos

e)

Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah was sumelang lan eling dhateng Gusti ingkang kuwaos

29.

Nalika panjenengan nitih motor, panjenengan boten kesupen anggenipun ngangge helm, lan ugi boten nate mbucal uwuh sembarangan kangge njagi lingkungan. Menika kalebet realita saking makna ukara...

a)

supadya dadya utami

b)

salami mung awas eling

c)

marma den taberi kulup

d)

mangka kathining tumuwuh

e)

yeku pangreksaning urip

30.

Paugeran tembang Kinanthi inggih menika...

a)

6 gatra, 8u-8i-8a-8i-8a-8i

b)

6 gatra, 8u-8a-8i-8a-8i-8i

c)

6 gatra, 8u-8i-8i-8a-8a-8i

d)

6 gatra, 8u-8a-8a-8i-8i-8u

e)

6 gatra, 8u-8i-8a-8i-8a-8a

31.

Geguritan menika kalebet kasusatran Jawi...

a)

Kuno

b)

Tengahan

c)

Anyar

d)

Modern

e)

Kawi

32.

Pilih kalih (2) jawaban ingkang leres! Bentenipun geguritan kaliyan tembang macapat inggih menika...

a)

geguritan boten gadhah paugeran, macapat gadhah paugeran

b)

geguritan gadhah paugeran, macapat boten gadhah paugeran

c)

geguritan gadhah notasi, macapat gadhah intonasi

d)

geguritan gadhah intonasi, macapat gadhah notasi

e)

kekalihipun sami

33.

Ingkang boten dipunbiji nalikanipun maos geguritan inggih menika...

a)

ekspresi/mimik

b)

intonasi

c)

irama

d)

jeda

e)

awalan

34.

Ingkang sanes kalebet syarat geguritan inggih menika..

a)

wirama

b)

wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

e)

wibawa

35.

saben wayah lingsir wengi, eseme candra kang nyekseni. Tembung candra anggadhahi teges...

a)

bagaskara

b)

lintang

c)

kartika

d)

rembulan

e)

mega

36.

Wiru tiyang estri agengipun se... utawi ... dene wiru tiyang jaler agengipun...

a)

driji, 2 driji, 4 driji

b)

jempol, sedriji, 4 driji

c)

driji, 2 driji, 5 driji

d)

jempol, 2 driji, 3 driji

e)

jempol, sedriji, 3 driji

37.

Motif batik menika kagungan asma...

a)

kawung

b)

sido luhur

c)

sido asih

d)

sido mukti

e)

truntum

38.

Jinis beskap ing gambar menika...

a)

V

b)

atela

c)

surjan

d)

rasukan

e)

beskap

39.

Bentenipun iket lan udheng inggih menika...

a)

udheng langsung saged dipunagem, iket boten

b)

iket langsung saged dipunagem, udheng boten

c)

iket dipunagem teng mustaka, udheng sanes

d)

udheng dipunagem teng mustaka, iket sanes

e)

udheng lan iket menika boten wonten bentenipun