NEW
Font size
WorksheetsLatihan soal
Total questions: 20
Worksheet time: 1hrs 27mins
Pak Taya entuk emas picis raja brana saka raseksa ing alas nalika semana. Pak Taya banjur mbangun omahe. Minangka wujud syukur marang Gusti Allah, Pak Taya tansah dedana marang sapadha-padha. Dheweke tansah weweh pitulungan marang tangga-tanggane. Tanggane aran Boneng kepenging kaya dheweke, gondhonge ilang lan sugih mblegedhu.
Boneng : “Kula nuwun.”
Pak Taya : “Mangga. E, Boneng. Kene.. kene. Kok kadingaren, ana apa, Lik Boneng.”
Boneng : “Mekaten, Pak Taya. Kula punika gumun. Kala rumiyin Pak Taya rak
kagungan gondhong. Boten mangertos anggenipun oprasi kok samangke
sampun boten kagungan gondhong malih. Kula kepengin sanget kados
panjenengan punika. Wonten pundi ta, Pak, anggenipun ngusadakaken?”
Pak Taya : “O, bab iku ta. Mangkene dakcritani.” (Pak Taya banjur nyritakake kadadean
sing dialami nalika ing alas lan ketemu karo raseksa)
Boneng : “Manawi makaten kula inggih badhe mrika, Pak.”
Pak Taya : “Ya, aku nyangoni slamet.”
Pratelan ing ngisor iki kang ora jumbuh karo isine sandiwara kasebut yaiku ....
Pak Taya pengin gondhonge ilang kaya Boneng
Boneng kepengin sugih mblegedhu kaya Pak Taya
Boneng banjur budhal menyang alas pengin nemoni raseksa sawise dicritani Pak Taya
Pak Taya tansah aweh marang sapadha-padha minangka wujud syukur marang Gusti Allah
Gatekake pacelathon iki!
Ardi : “Assalamualaikum.”
Pak Ratno : “Waalaikumsalam.”
Ardi : “….”
Pak Ratno : “Iya bener. Iki omahe Putra. Ana apa, Le.”
Ardi : “Kula badhe sinau kelompok kaliyan Putra, Pak.”
Pak Ratno : “Ayo mlebu, lungguha dhisik.”
Ardi : “Inggih, Pak. Matur nuwun.”
Adhedhasar pacelathon kasebut, ukarane Ardi durung rampung. Ukara kang becik kanggo ngganepi pacelathone Ardi marang Pak Ratno kang migunakake unggah-ungguh kang trep yaiku ...
Pak, Putranipun dhateng griya?
Putra sampun wangsul dereng, Pak?
Menapa leres menika griyanipun Putra?
Dalemipun Bapak kaliyan Putra caket napa tebih?
Wacanen pacelathon iki!
Widada : “Nyuwun pangapunten, kula kentun Pak, sebab kedah nambalaken ban langkung rumiyin, kula nyuwun idin medal.”
Pak Suhardi : “Dadi mangkono sebabe tekamu keri, wis ora opo-opo. Iki jenenge alangan, besuk sing ati-ati ya, saiki kana enggala lungguh.”
Widada : “Matur nuwun, Pak.”
Panulisan tembung kang kacithak kandel ing ukarane Pak Suhardi benere yaiku ….
wis ara apa-apa
wis ora apa-apa
wes ora apa-apa
wes ora opo-opo
Gatekake pacelathon iki!
Raja Kertamarta : “Putriku leloro, mrenea cah ayu!”
Candra Kirana : “Wonten dhawuh, Rama.”
Dewi Galuh : “Rama ugi nimbali kula?”
Raja Kertamarta : “Ya, putriku. Rama arep ngendika. Rong dina maneh Raden Inu Kertapati saka Kraton Kahuripan bakal rawuh. Rama wis kagungan rembug karo ramane Raden Inu Kertapati kang bakal ndhaupake Raden Inu Kertapati karo salah siji putrine Rama.”
Dewi Galuh : “Lajeng kaliyan sinten, Rama?”
Raja Kertamarta : “Rama wus sarujuk bakal ndhaupake Candra Kirana karo Raden Inu Kertapati.”
Candra Kirana : (Mesem karo mlayu ngrangkul Ramane) “Matur nuwun, Rama. Menika sampun dados impen kula wiwit alit.”
Raja Kertamarta : “Apa bener, putriku? Tegese Rama ora kleru.”
(Raja Kertamarta lan Candra Kirana ninggalake papan. Mung ana Dewi Galuh)
Dewi Galuh : “Aku ora sarujuk karo jejodhoan iki. Genea kudu Candra Kirana kang dipilih. Kamangka wis nyata manawa aku luwih ayu. Amung aku siji-sijine kang bakal dadi garwane Raden Inu Kertapati.”
Isine pirembugan antarane bapak karo anak ing pacelathon kasebut yaiku ngrembug bab ….
karawuhane Raden Inu Kertapati
Dewi Galuh bakal diomah-omahake
anane perang saka Kraton Kahuripan
Raja Kertamarta bakal lengser keprabon
Gatekake pupuh Sinom iki!
Ambeke kang wus utama
Tan ngendhak gunaning jalmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone didokok ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha padhaning jalmi
Suka bungah den ina sapadha-padha
Pitutur luhur kang bisa kajupuk adhedhasar isine pupuh Sinom kasebut yaiku ....
aja ngina/ngenyek marang kapinterane wong liya
kabeh tingkah lakune ora prelu dipikir dhisik
kudu ngantonake pintere marang wong liya
karo kanca kudu njaluk pamrih
Wacanen pupuh Dhandhanggula iki!
Pamedhare wasitaning ati
Cumanthaka aniru pujangga
Dahat mudha ing batine
Nanging kedah ginunggung
Datan wruh yen akeh ngesemi
Ameksa angrumpaka
Basa kang kalantur
Tutur kang katula-tula
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
Mrih padhanging sasmita
Datan wruh yen akeh ngesemi. Tegese gatra kang kacithak miring kasebut yaiku ….
akeh sing padha seneng
ora weruh arep mlaku ning endi
ora weruh yen akeh sing ngremehake
eseme wong akeh marakake seneng ing ati
Gatekake pupuh Durma ngisor iki!
Ing pangawruh lair batin aja mamang
yen sira wus udani
ing sariranira
yen ana kang amurba
misesa ing alam kabir
dadi sabarang
pakaryanira ugi
Tegese gatra kapindho tembang kasebut tegese ....
yen aku weruh
yen mangsa udan
yen kowe lagi udan-udan
yen kowe wis weruh/ngerti
Gatekake pupuh Gambuh iki!
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Gatra kapat yen katulis mawa aksara Jawa yaiku ….
Gatekake crita iki!
Pancen lumrah yen manungsa iku seneng bandha donya. Sipat iki uga sing njalari lampahe Ki Ageng Pandhanaran lan garwane Nyai Kaliwungu. Kanggo netepi tekade bakal meguru marang Sunan Kalijaga. Ki Ageng Pandhanaran ninggalake kalungguhan adipati ing Semarang lan kabeh bandha donya sing diduweni.
Dheweke mlaku ngetan ngetutake tekan ngendi playune Sunan Kalijaga. Dene Nyai Kaliwungu, bojone, ora gelem ditinggal nanging uga isih ngeman bandha donya sing ditinggal. Ing tengah dalan, Nyai Kaliwungu isih nggawa mas-masan, inten raja brana lan dhuwit sing akeh banget. Wis dielingake Ki Pandhanaran supaya bandha donyane ditinggal supaya ora nyrimpet-nyrimpeti nanging Nyai Kaliwungu ora manut kandhane garwane. Amarga ora manut, ing tengah dalan Nyai Kaliwungu dibegal dening wong telu. Emas, inten, lan dhuwit sing digawa ludhes dibegal. Entuk piwulang saka kadadeyan mau, Nyai Kaliwungu dadi eling menawa bandha donya kuwi dudu sing utama. Sing sejatine kudu digondheli kuwi iman marang Gusti Allah, sing ora kena ilang tumekaning pati.
Adhedhasar crita kasebut, akeh piwulang kang bisa kajupuk. Piwulang ing ngisor iki kang jumbuh marang crita kasebut yaiku ….
kudu ngurmati tiyang sepuh
bandha donya iku kudu sing utama
manungsa kudu duweni iman marang Gusti
kudu manut kabeh printahe wong tuwa, guru, lan garwa
Wacanen crita wayang Ramayana ‘Resi Jatayu’ iki!
Jatayu menika kanca raketipun Prabu Dasarata, ramanipun Ramawijaya tuwin Raden Laksmana. Jatayu ingkang manggihi nalika Sinta kadhusta dening Rahwana. Jatayu enggal-enggal ngrebat Sinta saking regemaning Rahwana. Nanging, Jatayu kalah kuwat, mila Jatayu kawon.
Tumekaning Rama ing panggenanipun Jatayu, Jatayu megap-megap kados meh pejah. Nanging taksih saged nyariyosaken lelakonipun saha paring pirsa dhateng pundi Rahwana nyolong Sinta.
Pitutur luhur kang bisa kajupuk saka crita Resi Jatayu kasebut yaiku ….
karo sedulur kudu welas asih
aja gelem kalah karo mungsuh
yen tetulung kudu kanthi ikhlas
urip ing donya ora prelu memungsuhan
Gatekake sesorah ngisor iki!
Assalamualaikum warahmatullahi wa barakatuh.
Para bapak lan ibu ingkang kula hormati, adhik-adhik mudha-mudhi anggota karang taruna Kampung Asri ingkang kula tresnani.
Sedaya puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit kita sedaya sampun saged makempal ing papan panggenan ngriki saperlu angadani pepanggihan mudha-mudhi.
Kula minangka Ketua RW ing Kampung Asri menika rumaos suka bagya, awit adhik-adhik sampun kagungan tekad ingkang luhur, inggih punika makempal wonten ing wadhah karang taruna Kampung Asri punika. Kula suwun mugi-mugi adhik-adhik tansaha ngindhahaken kadharing patunggilan punika, kanthi pakaryan-pakaryan ingkang saged murakabi tumraping alam pembangunan punika.
Dhumateng adhik-adhik ingkang hanggadhahi kagunan punapa kemawon, mugi saged nularaken kagunan punika dhumateng adhik-adhik sanesipun, murih sedaya adhik-adhik mudha-mudhi ing ngriki sageda tampah seserepan saha saged nyengkuyung dhumateng kemajenganipun pasinaonan, saengga saged nggayuh cita-citanipun kanthi gampil.
Setunggal tuwin setunggal mugia tansah caos pepenget, mbok bilih wonten tindak ingkang nalisir saking garising leres, supados sedayanipun tansah saged lumampah ing garising kaleresan, saengga saged dados panutaning adhik-adhik ingkang langkung taruna.
Kula kinten kirang wicaksana menawi atur kula kathah-kathah, pramila kula cekapi semanten. Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, wa ridha wa innayah, wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Isine sesorah kang diandharake ing wacan kasebut yaiku ….
para mudha kaajab dadi manungsa kang wicaksana
para mudha ing kampung asri saged padha kumpul
ilmu kang diduweni bisa katularake marang adhik-adhike ing omah supaya bisa tambah diwasa
para mudha saged nggunakake pakumpulan karang taruna kasebut kanggo nyengkuyung kemajuane pasinaonan
Wacanen crita Ramayana ing ngisor iki!
Kraton Alengka dadi segara geni. Dene Anoman waras seger buger ora kobong. Para wanara rame surak-surak mapag baline Anoman menyang Kiskendha nemoni Rama. Rama matur nuwun marang Anoman wis paring ngerti kahanane Sinta ana Alengka. Sawise iku, Rama lan Sugriwa mikirake cara kanggo mbudhalake wadya bala kethek nempuh Alengka.
Tembung kang kacithak kandel ing wacan kasebut tegese ….
kethek
raseksa
Anoman
Dewi Sinta
Gatekake geguritan iki!
Lintang Panjer Rahina
(Slamet SA)
Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki
Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa
Piwulang luhur kang bisa kajupuk saka geguritan kasebut yaiku ….
bumi ciptaane Gusti Allah kudu dijaga
pagaweyane manungsa kudu sing halal
manungsa kudu ngupaya golek rejeki kanggo uripe
wektu esuk wayahe jago padha kluruk kudu dirungokake
Pendhapa Agung utawa pendhapa gedhe duwe ukuran sing gedhe
Pendhapa Agung utawa pendhapa gedhe duwe ukuran sing jembar
Pendapa Agung utawa pendapa gedhe duwe ukuran sing amba lan jembar
Pendapa Agung utawa pendapa gedhe duwe ukuran sing jembar lan gedhe
Gatekake crita iki!
...
Bandung Bandawasa : ”Diajeng, wong ayu... Aku tresna banget marang sliramu, mula gelema dadi garwaprameswariku. Sliramu bakal dakmulyakake rina lan wengi.”
Rara Jongrang : (Rara Jonggrang dheleg-dheleg amarga rumangsa kabotan nuruti panjaluke Bandung Bandawasa kang wus nyedani bapake. Sawise rada suwe anggone mikir, Rara Jonggrang banjur ngendikan.)
Rara Jonggrang : ”Kakangmas..., kula purun dipundadosaken garwa panjenengan ananging kula kedah dipundamelaken rumiyin candhi cacah setunggal ewu kanthi wekdal setunggal dalu.”....
Bandung Bandawasa : ”Diajeng..., sliramu ora usah kuwatir. Aku bakal nuruti panyuwunmu iku cah ayu.”
...
Watake Rara Jonggrang yaiku ....
setya marang Bandung
ora wani ngomong jujur
seneng marang kamulyan
tresna asih marang sedulur
Gatekake pupuh Pangkur iki!
sekar pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipunkadulu
miwah ingkang tata krama
den kaesthi siyang ratri
Isine tembang Pangkur kasebut yaiku …
Aja padha nglalekake nalar lan pikiran embuh nalika melek, lungguh, tangi turu, mlaku, meneng, ngomong, lan nalika turu.
Ana ing pagaweyan apa wae, ing perkara gedhe lan cilik, kudu dilakoni saben dinane awan lan bengi, aja koklalekake nalar lan mikir.
Tembang Pangkur isine bab kabecikan kanggoning wong urip. Tumindak ala lan becik kudu dingerteni, tata krama kudu ditindakake awan wengi.
Upama ana manungsa kang nglalekake nalar, iku ora becik utawa ora patut ngumpul marang wong akeh, wong kang kaya mangkono bakal gawa karusakan.
Gatekake pupuh Kinanthi iki!
Nadyan asor wijilipun
yen kelakuane becik
utawa sugih carita
carita kang dadi misil
iku pantes raketana
darapon mundhak kang budi
Bakuning gagasan pupuh Kinanthi kasebut yaiku ….
yen srawung iku becike karo wong sing tumindake becik sinaosa saka golongan asor
yen kepengin mundhak kawicaksananmu kudu srawung karo wong sugih
wong sugih iku tumindake pantes ditiru
wong asor iku tumindakake uga asor
Gatekake pupuh Durma ngisor iki!
Ing pangawruh lair batin aja mamang
yen sira wus udani
…
yen ana kang amurba
misesa ing alam kabir
dadi sabarang
pakaryanira ugi
Gatra katelu kanthi guru wilangan lan guru lagu 6a bisa dijangkepi kanthi ukara ....
ing sariranira
sakeh durgama
pramila den ngati-atia
dudu saking wong liya
Wacanen crita Ramayana ngisor iki!
Rama kasuwun dening Sinta nyekelake kewan kang memencut ati kasebut. Rama banjur ninggalake Sinta karo Laksmana. Kidang ditutake saka mburi. Kidang saya adoh. Rama ngetutke maneh. Kidangmlayu sangsaya adoh. Suwe-suwe, playune kidang adoh saka
papan dununge Sinta lan Laksamana. Raden Rama suda kasabarane, banjur menthang gandhewa nglepasake jemparing. Kidang kapanah. Sakala kidang njola, mbekik sarosane nganti keprungu dening Sinta.
Pambekiking kidang lamat-lamat kaya swarane Raden Rama. Dewi Sinta ngira manawa Rama nemahi tiwas. Dewi Sinta sigra dhawuh mring Laksmana, supaya enggal nggoleki Rama, aweh pitulungan. Kanthi gegancangan, Laksmana ngestokake dhawuh. Samangke Sinta tanpa rowang. Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Eba kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Pratelan ing ngisor iki kang jumbuh marang isine crita kidang kencana yaiku ....
Sinta kanthi kepeksa melu ngumbara menyang alas Dhandhaka
Rama rumangsa kapusan dening wujude kidang kang sulistya ing warni
Laksmana kasuwun nyekelake kidang kencana kang dipengeni dening Dewi Sinta
Rahwana malih rupa dadi kidang kencana kang wira-wiri ing sacedhake Dewi Sinta
Gatekake geguritan iki!
Lintang Panjer Rahina
(Slamet SA)
Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki
Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa
Isine geguritan kasebut yaiku ….
srengenge gawe padhanging bumi saka esuk nganti tekan tumekaning sore
swasana esuk nalika para manungsa padha miwiti sakabehing pagaweyane
rembulan, lintang, lan srengenge iku kabeh ciptaane Gusti Allah
kabeh manungsa duwe pagaweyan dhewe-dhewe aja dipaido
