wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis kelas 7

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Serbet, sapu datan keri

Ukara mau migunakake purwakanthi sastra ....

a)

S

b)

B

c)

K

d)

L

2.

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung gurit kang ateges ....

a)

Tembang

b)

Tulisan

c)

Wacana

d)

Lagu

3.

Sing kalebu titikaning geguritan yaiku, kajaba ....

a)

Cekak

b)

Mentes

c)

Nggladrah

d)

Tembung – tembunge pilihan

4.

Maca geguritan kudu nggatekake wiaraga, kang ateges ....

a)

Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan

b)

Patrap solah bawa nalika arep maca geguritan

c)

Patrap , sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan

d)

Patrap , sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan

5.

Babagan wirasa uga wigati, aja dilaleke amarga wirasa iku ....

a)

Kanggo mbedakake apik lan orane geguritan

b)

Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca

c)

Kanggo nambahi greget anggone maca geguritan

d)

Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu

6.

Geguritan iku salah sawijining asil kasusastran Jawa ....

a)

Modheren

b)

Tradisional

c)

Tengahan

d)

Kuna

7.

Sing kalebu tegese pupuh yaiku ....

a)

Kumpulan paugeran

b)

Kumpulan wewaton

c)

Kumpulan pada tembang sawarna

d)

Kumpulan bait

8.

Prekara-prekara kang kudu digatekake nalika nembang kajaba ....

a)

Wirasa

b)

Pedhotan

c)

Titi laras

d)

Intonasi

9.

Kang kalebu tembang macapat yaiku kajaba ....

a)

Kinanthi, pocung, durma

b)

Gambuh, pangkur, bang bang rahina

c)

Sinom, asmaradana, kinanthi

d)

Megatruh, maskumambang,mijil

10.

Urip ing donya iki,

Kudu tansah gemi, setiti, lan ngati-ati

Duwe pakarti kang edi peni.

Geguritan kasebut nganggo Purwakanthi ....

a)

Purwakanthi sastra

b)

Purwakanthi basa

c)

Purwakanthi swara

d)

Purwakanthi lumaksita

11.

“Bud, apa kowe wes ngerti yen desane awake dhewe bakal nganakake pengetan pahargyan 17-an ing alun-alun?” ukara kasebat migunakake unggah-ungguh basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

12.

Nalika bocah omongan marang bocah ngomongke bocah liyane, unggah-ungguh bsa kang digunakake yaiku ....

a)

Ngoko Alus

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Krama

13.

Ukara kang bener manut unggah-ungguh yaiku ....

a)

Pak guru dereng mlampah.

b)

Pak guru dereng dumugi

c)

Pak guru dereng rawuh.

d)

Pak guru dereng tekan.

14.

Mlaku ing sangarepe wong tuwa kudu matur ....

a)

“Nuwun sewu, ndherek langkung.”

b)

“Nuwun sewu kula ngrumiyini.”

c)

“Nuwun sewu ndherek liwat,”

d)

“Mangga lenggah mriki.”

15.

Kang ora kalebu tata krama nalika mlaku ing dalan yaitu ...

a)

Mlaku ing sisih kiwa

b)

Mlaku sinambi gojegan

c)

Sepatu utawa srandhale ora diseret

d)

Karo nggatekake kiwa tengen

16.

Ing ngendi papan, waktu, wong-wong padha nindakake tata krama. Mung wae kudu eling Papan siji lan sijine, ora padha anggone ngetrepake. Kabeh mau trep karo unen-unen ....

a)

Desa mawa cara negara nawa tata

b)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

c)

Becik ketitik ala ketera

d)

Jer basuki mawa bea

17.

Nalika aku wis bisa numpak pit anggonku numpak tanpa ndeleng kiwa tengen ngerti-ngerti aku nabrak tembok omah. Aku semaput lan digawa menyang rumah sakit. Sikilku retak lan aku kudu istirahat kanggo sawetara wektu.

pengalaman ing dhuwur nggambarake pengalaman kang ….

a)

Gumbira

b)

Seneng

c)

Sedhih

d)

Suka-suka

18.

Nalika prei unggah-unggahan kelas aku sakanca padha dolan ing curug Banyu Niba. Pengalamanku ing papan iku nyenengake banget. Crita kang dialami banjur ditulis diarani ….

a)

Crita sambung

b)

Crita cekak

c)

Crita pengalaman

d)

Crita roman

19.

Bab kang ora ana ing sajrone crita pengalaman yaiku ….

a)

Paraga utawa tokoh

b)

Kedadeyan kang dumadi

c)

Pacelathon antarane paraga

d)

Papan lan wektune prastawa/kedadeyan

20.

Srengenge dak sawang isih aras-arasen metu saka paturone, sunare klaput-klaput nrobos selaning mega. Sawetara iku swara mesin cuci dak rungokake sero kaya-kaya ngunggah adhiku sing turu.

Pethikan crita kasebut nuduhake wayah....

a)

Esuk

b)

Bengi

c)

awan

d)

Sore