wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Crita Rakyat

Total questions: 10

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Dhek jaman biyen Kademangan Klindungan misuwur minangka desa sing tentrem.Sesawangane endah banget. Kindungan dikupengi alas sing ketel ngresepake. Sawijining dina ana wanita tekaing desa Klindungan.Wanita mudha iku nduweni pasuryan kang sulistya. Kasulistyane wanita kasebut ora ana sing nandingi ing desa Klindungan.Yen dideleng saka sandhang panganggone, wanita kasebut dudu kaya wanita biyasa. Sandhangane pating gebyar kaya sandhang panganggone putri kraton. Wanita kasebut aran Endang Sukarni.


Pethikan crita ing dhuwur kalebu perangane struktur teks crita rakyat bagean ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

2.

Sing kalebu struktur teks crita rakyat yaiku...

a)

orientasi, kompilasi, resolusi

b)

orientasi, komplikasi, resolusi

c)

kompilkasi, resolusi, verifikasi

d)

resolusi,komplikasi, relevansi

3.

Struktur crita rakyat kang ngandharake paraga ngalami perkara (masalah) kang ruwet diarani ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

4.

Crita Dumadine Ranu Grati iku kalebu crita rakyat jenis ....

a)

fabel

b)

mite

c)

legenda

d)

sage

5.

....

Teka dina katelu anggone perang tanding,kekarone wis padha kesele. Awake iwak Sura lan Baya babak bundhas kabeh. Untu landhepe iwak Sura gawe suweke kulite Baya senajan kulite kasar lan alot. Semono uga untune Baya sing kuwat kasil nyuwek-nyuwek iwak Sura.

....

Punggelan crita ing dhuwur kalebu crita rakyat jenis ....

a)

fabel

b)

legenda

c)

mite

d)

sage

6.

ing ngisor iki sing ora kalebu titikane (ciri-ciri) crita rakyat yaiku ....

a)

ngrembaka sarana gethok tular

b)

turun tumurun

c)

ora ana piwulang becike

d)

anonim

7.

Ibu guru ngendikan menawa minggu ngarep ulangan basa Jawa.

UKara ing dhuwur kalebu ukara ...

a)

langsung

b)

ora langsung

c)

lamba

d)

camboran

8.

Sarampunge gara-gara ing alas Ngrayudan,kahanan ing kraton Gagarmayang komlang tanpa ratu. Warga Gagarmayang banjur nyengkake Jaka Lintang minangka gantine Ratu kang wis ilang katut banyu banjir.

....

Punggelan crita ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu perangane....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

9.

"Nyuwun pangapunten Kisanak, menika tlatah pundi nggih?" pitakone Endang Sukarni marang pawongan desa Dhadapan.


Pitakone Endang Sukarni migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

10.

Adikku lagi maca crita "Dumadine Gunung Bromo".

Ukara ing dhuwur kalebu ukara ....

a)

lamba

b)

camboran

c)

langsung

d)

ora langsung