wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Teks Sastra dan Non Sastra

Total questions: 10

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

Apa kang diarani teks sastra ?

a)

Teks kang katulis adhedhasar imajinasine pengarang

b)

Teks kang katulis adhedhasar pawarta

c)

Teks kang katulis adhedhasar kasunyatan

d)

Teks kang katulis adhedhasar polemik kang dumadi

2.

Apa kang diarani teks non sastra ?

a)

Teks kang katulis adhedhasar imajinasine pengarang

b)

Teks kang katulis adhedhasar pawarta

c)

Teks kang katulis adhedhasar kasunyatan

d)

Teks kang katulis adhedhasar polemik kang dumadi

3.

Bedane basa kang dianggo ing teks sastra lan teks non sastra yaiku...

a)

Teks sastra akeh nggunakake tembung kang tegese konotatif dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugu utawa denotatif.

b)

Teks sastra akeh nggunakake tembung denotatif dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugu lan faktual (apa anane).

c)

Teks sastra akeh nggunakake tembung kang lugas dene teks non sastra nggunakake tembung kang artistik lan endah.

d)

Teks sastra akeh nggunakake basa resmi dene teks non sastra nggunakake basa ora resmi.

4.

Titikane teks sastra yaiku kajaba...

a)

Karya imajinatif lan asipat subjektif

b)

Migunakake basa sastra kanggo nuwuhake kaendahan

c)

Pilihan tembung, ukara lan lelewaning basa maneka werna

d)

Nduweni teges denotatif

5.

Titikane teks non sastra yaiku kajaba..

a)

Katulis adhedhasar fakta lan asipat objektif

b)

Migunakake basa kang cetha lan ilmiah

c)

Katulis adhedhasar imajinasine pengarang

d)

Nduweni teges lugu/denotatif

6.

Jawa Timur bali dadi juara umum kanthi nggondhol 19 medhali. Posisi kaloro dipethik Jawa Tengah kanthi 15 medhali, lan disusul Banten kanthi 13 medhali. Ana 165 medhali kang wis digawe rebutan ing ajang kompetisi sains ka- VIII sasi September mentas iki kuwi.

Pethikan teks ana ing dhuwur kalebu teks apa ?

a)

Teks objektif

b)

Teks sastra lan teks non sastra

c)

Teks sastra

d)

Teks non sastra

7.

Lega

Rhamaditya Khadifa

Dina iki aku wis lega

Amarga wis bisa ngleksanani

Apa kang dadi prentahe

Arepa durung nyawiji

Marang prentahe Gusti

Nanging aku wis lega

Bisa ninggalake kahanan

Kang maneka warna

Arepa ora nganti nerjang

Prentahe agama

Nanging aku wis lega

Bisa nyenengake wong tuwa

Amarga dina iki aku wis wisudha

Tuladha pethikan teks ana ing dhuwur diarani apa?

a)

Geguritan

b)

Cerkak

c)

Cerbung

d)

Parikan

8.

Ing dina Jemuwah 27 September 2019 plataran bawera ing sacedhake Pesisir Teluk Penyu katon jejel riyel dikebaki dening masyarakat Cilacap dalah sakiwa tengene saengga bageyan keamanan kuwalahan anggone ngatur lan nertibake para pengunjung.

Pethikan teks kasebut kalebu teks apa?

a)

Sastra

b)

Non sastra

c)

Sastra ilmiah

d)

Artikel ilmiah

9.

Pramudjo ora bisa kumecap. Soimah prawan kembang desa sing saiki isih katon tilas ayune, senajan ora pati kerumat.

Kembang desa tegese yaiku...

a)

Wong kang paling ayu

b)

Wong tua

c)

Wong kang paling apik

d)

Wong kang paling sopan

10.

Sapa jeneng jangkepe Bu Indah?

a)

Indah Arum

b)

Indah Permata Sari

c)

Indah Nur'aini

d)

Indah Mawar Sari