Worksheetsunggah-ungguh basa
Total questions: 11
Worksheet time: 11mins
Renita : “Kados pundi pengemasanipun?”
Bu Ninik : “Kanggo produk olahan gedhang sing garing, pengemasane jaman biyen nganggo plastik dislomot geni saka lilin utawa ublik. Nanging saiki jaman saya tambah maju, mula pengemasan wis kanthi modern. Aku nggunakake teknologi mesin press. Saliyane iku uga ditambahi merk utawa cap ing kemasane. Senajan biayane pengemasan larang.
Adhedhasar ragam basane, pethikan wawancara kasebut basa kang digunakake yaiku....
ngoko alus, krama lugu
krama lugu, krama alus
krama alus, ngoko lugu
ngoko alus, ngoko alus
Anisa : ......
Pak Hendar : Aku sinau ndhalang wiwit cilik, Mbak.
Anisa : Sinten ingkang ngajari, Pak?
Pak Hendar : Swargi bapak.
Ukara kang trep ragam basane kanggo njangkebi pethikan teks wawancara kasebut yaiku ....
Pak Hendar ajar ndhalang kaliyan sinten?
Wiwit kala punapa Pak Hendar ajar ndhalang?
Kapan Pak hendar lekas blajar ndhalang?
Ing ngendi Pak Hendar ajar ndhalang?
Rudi : Bapak badhe tindak dhateng pundi?
Bapak : Menyang daleme budhemu.
Hasan : Wonten napa Pak? Kadosipun nembe tindak mrika?
Bapak : .........
Rudi : O, kula kinten sampun dhangan. Ing Griya sakit pundi?
Adhedhasar pacelathon kasebut ukara kang mathuk trep unggah-ungguhe kanggo njangkepi yaiku....
Budhemu gerah maneh.
Budhemu lara ing rumah sakit.
Budhe sampeyan sakit.
Budhemu gerah maneh, ing rumah sakit.
Rudi : Bapak badhe tindak dhateng pundi?
Bapak : Menyang daleme budhemu.
Hasan : Wonten napa Pak? Kadosipun nembe tindak mrika?
Bapak : .........
Rudi : O, kula kinten sampun dhangan. Ing Griya sakit pundi?
Adhedhasar pacelathon kasebut ragam basa sing digunakake Rudi yaiku ....
Basa Ngoko lugu
Basa Ngoko alus
Basa Krama lugu
Basa Krama alus
Rudi : Bapak badhe tindak dhateng pundi?
Bapak : Menyang daleme budhemu.
Hasan : Wonten napa Pak? Kadosipun nembe tindak mrika?
Bapak : .........
Rudi : O, kula kinten sampun dhangan. Ing Griya sakit pundi?
Adhedhasar pacelathon kasebut ragam basa sing digunakake Bapak yaiku ....
Basa Ngoko lugu
Basa Ngoko alus
Basa Krama lugu
Basa Krama alus
Tomo : Coba delengen!
Salim : Napa ingkang kedah kula tingali?
Tomo : Kae lo, kancamu kok kaya wong lara?
Pacelathon ing ndhuwur yen diowahi nganggo basa krama lugu yaiku....
Tomo : Cobi delengen!
Salim : Apa sing kudu dakdeleng?.
Tomo : Punika lo kanca panjenengan kok kados gerah?
Tomo : Cobi sampeyan tingali!
Salim : Napa ingkang kedah kula tingali?
Tomo : Kae lo, kancamu kok kaya wong lara?
Tomo : Cobi sampeyan tingali!
Salim : Napa ingkang kedah kula tingali?
Tomo : Nika lo, kanca sampeyan kok kados sakit?
Tomo : Cobi njenengan pirsani!
Salim : Napa ingkang kedah kula tingali?
Tomo : Nika lo, rencang panjenengan kok kados gerah?
Menawi mboten kawratan, liburan semester ngajeng mangke kula badhe sowan Budhe ing Kediri. Kula suwun budhe kersa ngajak kula ningali kaendahanipun Kabupaten Kediri. Kabaripun kathah papan wisa ingkang ngremenaken.
Adhedhasar pethikan layang kasebut, ragam basa kang digunakake yaiku…
Krama alus
Krama lugu
Ngoko alus
Ngoko lugu
Demiati : Pak, sampun dangu sampeyan sadeyan ing Kawasan Kelud mriki?
Bakul : Wis, Mbak.
Demiati : Kejawi Kawasan Kelud, wisata Kediri ingkang sae pundi, Pak?
Bakul : Akeh Mbak, kayata: SLG, BDI, lan Besuki, lan liya-liyane.
Demiati : Sampeyan nggih nate sadeyan mrika?
Bakul : Ora Mbak, ing kene wis cukup kanggo nguripi anak bojo, kok.
Demiati : Alhamdulillah, sampun, Pak. Kula pengin ningali sadaya wisata Kediri
Adhedhasar pethikan teks wawancara kasebut, ragam basa kang digunakake Demiati yaiku….
karma alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
Kanggo
Anakku kang dakteresnani .…
Pandongane bapak lan ibu, muga kasil kang dadi gegayuhanmu, ngger….
Adhedhasar pethikan teks layang kasebut, ragam basane yaiku….
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
karma lugu
Bapak dalasan ibu ingkang kula tresnani, mbenjang wulan ngajeng kula badhe ujian. Pramila kula nyuwun donga pangestunipun. Mugi-mugi kula saged ndherek ulangan kanthi lancar.
krama lugu
ngoko lugu
ngoko alus
krama alus
Apa kang bisa kita wenehake marang negara?
Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa karma alus yaiku….
Apa kang bisa kita paringake marang negara?
Punapa ingkang saged kita wenehaken dhateng negari?
Punapa ingkang saged kita aturaken dhateng negari?
Napa ingkang saged kita caosaken teng negara?
