NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN KLS 7
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Dhugdheran
Sonten bakda Ashar, sedinten sadurungre Ramadhan ing tahun 1881, swara "Dhug dhug dhug," "dher dher dher," swara bedhug Masjid Agung Kauman ingkang dipuntabuh KRMT Purbaningrat lan disusul suara meriam sing disumet ing ngajeng pendapa kabupaten ing Kanjengan.
Krungu suara Dhug Dher yaiku asale saka “dhug” swara bedhug kang ditabuh lan “dher” swara meriam kang di sumet saka masjid agung utawa istilah kondange nganti saiki yaiku “dhugdheran” , warga masyarakat Semarang banjur padha teka ningali prastawa kang dumadi. Masyarakat kang teka saka maneka warna golongan yaiku Jawa, Tionghoa, Arab lan Melayu padha bebarengan kumpul ing alun-alun, banjur Kanjeng Bupati lan Kyai Tafsir Anom medal saking Masjid Agung maringi pengumuman bab awal pasa ramadhan, boten kesupen maringi pesan supaya warga tansah sregep anggone nambah ibadah, tali silaturahmi lan paseduluran. Tradisi Dhugderan ingkang taksih lestari ngantos sakpunika wonten 3 agenda kang kalaksanan yaiku (1) Pasar malam; (2) Pengumuman awal pasa; lan (3) Kirab budaya warak ngendhog.
Warak ngendhog salah setunggaling patung kewan minangka piranti prastawa kirab budaya sing ditunggu para warga. Sing dados ikon kota Semarang yaiku kewan mitologi ingkang nggambaraken persatuan tigang etnis mayoritas ingkang wonten ing Semarang. Kanthi akulturasi, sirah Warak Ngendog dijupuk saka sirah naga utawa kilin minangka makhluk kuat ing budaya Cina, saengga makili suku Tionghoa sing ana ing Semarang. awake warak dijupuk saka buroq, kewan kendharaane Nabi Muhammad nalika Isra Miraj, iki makili suku Arab, yen sikile dijupuk saka sikil wedhus Jawa, makili suku Jawa. Acara kirab dhugdheran warak ngendhog diwiwiti saka Masjid Agung Kauman ngantos Gubernuran.
1. Teks wacan kasebut irah-irahane (judhule) yaiku…
A. Dhug-dheran
A. Grebeg besar
A. Suronan
A. Warak Ngendhog
Sonten bakda Ashar, sedinten sadurunge ramadhan ing tahun 1881, suwara "Dhug dhug dhug," "dher dher dher," keprungu suara bedhug Masjid Agung Kauman dipuntabuh KRMT Purbaningrat.
Miturut ukara kasebut kapan suwara “dhug dhug dher dher” kuwi kadadeyan..
A. Sonten Bakda isya’
A. Sedinten sadurunge ashar
A. Tahun 1881 bakda isya sadurunge pasa Ramadhan
A. Sonten bakda ashar sedinten sadurunge ramadhan ing taun 1881
Sonten bakda ashar, sedinten sadurungre Ramadhan ing tahun 1881, suwara "Dhug dhug dhug," "dher dher dher," keprungu suwara bedhug saka Masjid Agung Kauman ingkang dipuntabuh dening KRMT Purbaningrat.
Papan panggonan sumber suwara bedhug “dhug dhug dher dher” kuwi mapan ing...
A. Semarang
A. Pasar Johar
A. Masjid Agung Kauman
A. Gubernuran Kota Semarang
Sonten bakda ashar, sedinten sadurungre Ramadhan ing tahun 1881, suwara "Dhug dhug dhug," "dher dher dher," keprungu suwara bedhug saka Masjid Agung Kauman ingkang dipuntabuh dening KRMT Purbaningrat.
1. Sinten ingkang nabuh bedhug kang keprungu swara “dhug dhug dher” kuwi…
A. KRMT Purbaningrat
A. Raden Mas Pandanaran
A. Kanjeng Raden Sahid
A. Kyai Masjid Agung Kauman
Krungu suara Dhug Dher yaiku asale saka “dhug” swara bedhug kang ditabuh lan “dher” swara meriam kang disumet saka masjid agung mula istilah kondange nganti saiki yaiku “dhugdheran” , warga masyarakat Semarang banjur padha teka ningali prastawa kang dumadi. Masyarakat kang teka saka maneka warna golongan yaiku Jawa, Tionghoa, Arab lan Melayu padha bebarengan kumpul ing alun-alun, banjur Kanjeng Bupati lan Kyai Tafsir Anom medal saking Masjid Agung maringi pawarta bab awal pasa ramadhan, boten kesupen maringi pesan supaya warga tansah sregep anggone nambah ibadah, tali silaturahmi lan paseduluran. Tradhisi Dhugderan ingkang taksih lestari ngantos sakpunika wonten 3 agenda kang kalaksanan yaiku (1) Pasar malam; (2) Pengumuman awal pasa; lan (3) Kirab budaya warak ngendho/
1. Masyarakat Semarang gadhah istilah kondang ngenani “dhugdheran” yaiku kangge menehi tandha awal pasa Ramadhan. Asal mula tembung “Dhugdheran” kaya katrangan kasebut kejaba (kecuali):
A. Istilah “dhug” saka swara bedhug kang ditabuh
Istilah “dher” saka swara meriam kang disumet saka masjid agung
A. Dhugdher saka swara masyarakat Semarang kang akeh teka gemruduking alun-alun
A. Swara dhugdher kuwi gabungan saking swara bedhug kang ditabuh lan meriam kang disumet.
Siti : “Wah, aku nembe ngerti yen Ki Hajar Dewantara iku jebul putra kraton.”
Yusuf : “Apa durung tau maca katrangan bab panjenengane?”
Siti : “Mbok aja ngece.”
Yusuf : “Ngece?”
Siti : “Halah, kowe ndakwa aku kesed maca ngono ta?”
Yusuf : “Ora, mesthine bisa digatekake saka asma asline iku, Suwardi Suryaningrat,
cetha tedhak turune ningrat, beda yen aku.”
Siti : “Yen kowe bedane apa?”
Yusuf : “Heheheh, aku turunan ning ratan.”
Siti : “Iya, Ki Hajar senajan tedhak turun ningrat nanging cedhak karo kawula, apa
meneh nalika kagungan krenteg minterake masarakat.”
Yusuf : “Cocok karo kandhamu, malah nganti mlebu metu pakunjaran saprelu mbelani
bebener. Mula ora gumun menawa Presiden Soekarno wektu iku maringi ayahan minangka Mentri Pengajaran.”
Siti : “Ora mung kuwi, tanggal wiyosane ditetepake dadi dina Pendidikan Nasional.”
...
Isine pacelathon kasebut yaiku
A. ngrembug Ki Hajar Dewantara
A. miyose Ki Hajar Dewantara
A. Ki Hajar Dewantara dikunjara
A. Ki Hajar dadi menteri
Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo
1. Tutur bener sanadyan metu saka wong sudra iku ...
A. ora pantes dianggo
A. pantes sira anggo
A. pantes digawa
A. pantese diwuruk
Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo.
1. Tuladha tembang .macapat kasebut kalebu jinis tembang gambuh
- LERES
- LEPAT
1. Cacahing gatra tembang kasebut yaiku 6 gatra
- LERES
LEPAT
1. Ki Hajar Dewantara nate dados menteri pengajaran Indonesia.
- LERES
- LUPUT
