WorksheetsTembang macapat I
Total questions: 25
Worksheet time: 28mins
Tembang basa kramane yaiku.....
Sekar
Musik
Lagu
Tabuhan
Tembang macapat cacahe ana pira?
10
11
12
13
Paugeran tembang macapat yaiku.....
Guru lagu, guru gatra, guru wilangan
Guru swara,guru sastra, guru gatra
Guru swara guru sastra, guru lumaksita
Guru lagu, guru gatra, guru lumaksita
Tembang macapat sing gatrane paling dawa yaiku...
Dhandhanggula
Pangkur
Asmarandhana
Megatruh
Supaya bisa nulis/ngarang tembang macapat kudu mangerteni bab-bab ing ngisor iki, kajaba.....
Guru gatra, guru lagu, guru wilangan
Sasmitane tembang
Swasana batine pengarang
Watake tembang
Titilaras pelog lan slendro iku bedane ana ing angka...
4 lan 6
4 lan 1
4 lan 7
5 lan 7
Cacahing larik saben sapada diarani guru...
gatra
wilangan
lagu
cacah
sing diarani macapat yaiku...
nembangake kanthi maca 4-4
nembangake kanthi maca cepat
nembangake kanthi titilaras tepat
maca kanthi cepat
sing diarani guru lagu yaiku...
cacahing wanda saben sapada
cacahing larik saben sapada
dhong dhinge swara mburi
dhong dhinge swara ngarep
"Jungkat siti panggaraping sabin"
guru wilangan lan guru swarane yaiku...
10 i
10 n
11 i
11 n
Paugeran tembang macapat dhandhanggula yaiku...
10i-10a-8e-7u-9i-7a-6u-8a-12i
10i-10a-8a-7a-9i-7a-6u-8a-12i
10i-10a-7e-8u-9i-7a-6u-8a-10i
10i-10a-7e-8u-9i-7a-6u-8a-110i
Tembang Dhandhanggula nduweni watak...
Manis, luwes
Manis, srengen
Luwes, getun
Luwes, asih
deretan angka sajrone tembang macapat diarani...
titilaras
cakepan
not
paugeran
"Jungkat siti panggaraping sabin"
tembung siti dasanamane...
lemah
banyu
gunung
srengenge
Ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat kajaba.....
Maskumambang
Asmarandhana
Jamuran
Megatruh
Ing ngisor iki fungsine tembang macapat kajaba...
Pitutur becik kanggo manungsa
sarana panglipur
Nyritakake uripe manungsa
sarana promosi
"Sarung jagung godhong gedhang garing
ora abot sanggane wong gesang
bisa sakepenak larase
nanging yen sira purun
nindakake laku utami"
pesen moral sajrone tembang macapat ing ndhuwur yaiku...
Kudu seneng reresik lingkungan supaya urip laras
manungsa urip kudu tansah jaga lingkungan
manungsa aja urip sapenake dhewe
manungsa bakal penak uripe yen tumindak becik
Angger kowe pengin biji apik
Mula kowe pada akeh (...........)
Supaya dadi 10i - 10 a, mula titik -titik ing ndhuwur diisi tembung...
usaha
maca
sinau
latihan
Tembang macapat nduweni telu paugeran yaiku guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Sing diarani guru wilayangan yaiku...
Cacahe wanda saben sagatra
Cacahe gatra saben sapada
Dongdinge swara ing pungkasaning gatra
Cacahe gatra saben sak wanda
Lamun sira ameguru kaki
Amiliha menungso sanyata
Ingkang becik martabate
Sero weruh ukum
Kang ibadah lan kang wirai
pratelan kang ngandharake kahanane tembang ing ndhuwur yaiku...
dumadi saka 5 pada, 1 gatra
dumadi saka 5 gatra, 1 pada
dumadi saka 5 wanda, 1 gatra
dumadi saka 5 wanda, 1 pada
Lamun sira ameguru kaki …
Amiliha menungso sanyata …
Ingkang becik martabate …
Sero weruh ukum …
Kang ibadah lan kang wirai …
Guru lagu tembang kasebut yaiku...
i-a-e-u-i
i-a-o-u-i
i-a-e-m-i
i-a-e-u-a
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
tembang ing ndhuwur kalebu tembang macapat...
Dhandhanggula
pangkur
gambuh
pocung
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
Pratelan kang trep ngandharake kahanane tembang ing ndhuwur yaiku...
dumadi saka 10 gatra, 1 pada
dumadi saka 10 gatra, 1 wanda
dumadi saka 10 wanda, 1 pada
dumadi saka 10 wanda, 1 gatra
Tembang macapat kang paling sithik dhewe cacahe gatrane yaiku...
pocung lan maskumambang
sinom lan pocung
sinom lan maskumambang
maskumambang lan mijil
11 Tembang macapat kuwi gambarake uripe manungsa wiwit isih ana ing jero kandhutane ibu nganti pegate nyawa, tembang Dhandhanggula kuwi gambarake.....
Ngadohi bab-bab sing ala sajrone urip
tansah manis atine sajrone urip
panguripan kang kebak bebungah
pisahe nyawa saka dhiri manungsa
