wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen US Jawa 3

Total questions: 15

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Aksara Jawa kasebut diwaca ....

a)

Pahri lagi sinau aksara jawa.

b)

Fahri lagi sinau maca aksara jawa.

c)

Fahri lagi sinau nulis aksara jawa.

d)

Fahri lagi sinau basa jawa

e)

Pahri lagi maca akasara jawa

2.

Aksara Jawa kasebut diwaca ....

a)

Pahri lagi sinau aksara jawa.

b)

Fahri lagi sinau maca aksara jawa.

c)

Fahri lagi sinau nulis aksara jawa.

d)

Fahri lagi sinau basa jawa

e)

Pahri lagi maca akasara jawa

3.

Siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat,lima donya iku sinandhi mung Gusti Kang Maha Kuwaos kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tuwa. Tatacara mantu kang maknane wujud bekti mring wong tuwa, yaiku ...

a)

Siraman

b)

Midodaren

c)

Kacar kucur

d)

Sungkeman

e)

Upacara wiji dadi

4.

Siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat,lima donya iku sinandhi mung Gusti Kang Maha Kuwaos kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tuwa. Tatacara mantu kang maknane penganten kakung ngupaya menehi nafkah utawa tanggung jawab marang penganten putri , yaiku ...

a)

Siraman

b)

Midodaren

c)

Kacar kucur

d)

Sungkeman

e)

Upacara wiji dadi

5.

Sandhangan mandaswara ing wacan kasebut manggon ana ing ukara……

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

6.

Saking wewaler sing ana ing ukara kasebut, sing nuduhake gugon tuhon wayah wengi aja nganggu ketentremane wong liya kang lagi leren yaiku …

a)

Aja sangga uwong

b)

Aja Singsot

c)

Aja ngethoki kuku wayah wengi

d)

Aja lungguh ngarep lawang

e)

Aja nglungguhi bantal

7.

Yen kowe arep rembugan, pikiren luwih dhisik tetembungan kang arep sira wetokake. Apa wis ngenggoni telung perkara, yaiku bener, manis, lan migunani. Ewa semono kang bener iku isih perlu ditintingi maneh, yen gawe gendrane liyan prayoga wurungna. Dene tembung manis kudu ora duwe pamrih, yen ana pamrihe ya mung agawe seneng liyan kang tundhane migunani tumprape jagading bebrayan.

Ancase wewaler yaiku ....

a)

Supaya dadi kapercayan

b)

Kanggo ngurmati leluhur

c)

Supaya ora kena ngelmu ghaib

d)

Supaya bocah nduweni tata krama

e)

Supaya ditresnani wong tuwa.

8.

Wewaler utawa ila-ila marang pakarti tinamtu kang sipate menggak kerep kaucapake dening leluhur. Wewaler bisa ditegesi minangka sawijining “larangan” kang ana ing masarakat saka pangandhikane leluhur. Wewaler kasebut wekasan dadi kepitadosan turun temurun.

Wewaler bisa ditegesi minangka sawijining larangan.


Tembung kacithak kandel bisa ditegesi tembung ....

a)

Kawigaten

b)

Titah

c)

Prastawa

d)

Pepali

e)

Lelewa

9.

Teks Tembang Dhandhanggula


Lire lalabuhan tri prakawis,

Guna bisa saneskareng karya,

Binudi dadi unggule,

Kaya sayektinipun,

Duk bantu prang Manggada nagri,

Amboyong putri domas,

Katur ratunipun,

Purune sampun tetela,

Aparang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.


Saka pupuh tembang Dhandanggula kasebut, ingkang diarani tri prakawis yaiku...

a)

Guna, Putri, Domas,

b)

Guna, Kaya, Purun

c)

Guna, Mati, Ngrana.

d)

Guna, Tandhing, Aji,

e)

Guna, Manggada, Tetela,

10.

Fatimah wasis nembang macapat”.

Ukara kasebut menawa disalin ing aksara Jawa dadi …

a)
b)
c)
d)
e)
11.

Teks Tembang Dhandhanggula


Wonten malih tuladhan prayogi

Satriya gung nagari Ngalengka,,

Sang Kumbakarna namane,

Tur iku warna diyu,

Suprandene nggayuh utami,

Duk awit prang Ngalengka,

Dennya darbe atur,

Mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

Den mung mungsuh wanara


Saka pupuh tembang Dhandanggula kasebut, raja ing kang diandharake yaiku.....

a)

Patih Suwanda

b)

Bambang Sumantri

c)

Kumbakarna

d)

Adipati Karna

e)

Duryudana

12.

Teks Tembang Dhandhanggula


Wonten malih kinarya palupi

Suryaputra Narpati Ngawangga,

Lan Pandhawa tur kadange,

Len yayah tunggil Ibu,

Suwita mring Sang Kurupati,

Aneng nagri Ngastina,

Kinarya gul-agul,

Manggala golonganing prang,

Bratayuda ingadegken senapati

Saka pupuh tembang Dhandanggula kasebut, raja ing Ngawangga yaiku.....

a)

Patih Suwanda

b)

Bambang Sumantri

c)

Kumbakarna

d)

Duryudana

e)

Adipati Karna

13.

Gatekake tugelan crita pengalaman ing ngisor iki!


Nalika semanten dinten Selasa, 6 Nopember 2007. Kula lan kanca-kanca kempal ing Auditorium UNNES saperlu kangge dipunbidhalken ing saben-saben papan KKN ingkang dangunipun 45 dinten. Nalika semanten kula boten gadah pamanggih kados pundi Kec. Lebakbarang punika,nanging terosipun kanca-kanca papan kangge KKN menika biasanipun daerah ingkang terpencil lan pegunungan. Pancen leres punapa ingkang sampun dipungambarken kanca kala wau. Saksampunipun badhe dugi papan tujuanipun menika wau hawanipun krasa adem, alas ing kiwa tengen banjur kepireng kempricik toya saking lepen. Kula sarombongan tumujeng ing dusun Pamutuh sareng Pak Lurahe ingkang sampun methuk wonten ing Kecamatan. Poskonipun manggen ing dalemipun Pak Lurah piyambak. Kula sakanca kalebet begja amargi papanipun sekeca boten kados papan sanes ingkang wonten ing dusun sanesipun. Cariyos saking kanca-kanca ingkang wonten ngrika papanipun menika dereng wonten listrik, adus ugi wonten lepen, boten wonten sinyal lan papanipun menika taksih kathah alas malah wonten kewan-kewan liyar. Dinten-dinten ingkang kula lampahi sakdangunipun kegiyatan KKN lumampah kanthi ngremenaken, amargi kathah pengalaman saha tantangan ingkang kedah dipunadepi.


Crita pengalaman ing ndhuwur kalebu crita pengalaman sing priye?

a)

sedhih

b)

lucu

c)

ngguyokke

d)

nyenengake

e)

medeni

14.

Gatekna tugelan cerkak ing ngisor iki!


......Dhik Titik mlebu, aku dhewe lungguh ing sofa kanthi slonjor mbuwang kesel. Njeron omah uga resik, cet tembok sing lembut nuwuhake rasa ayem, apa maneh prabotan kang senajan prasaja ditata becik. buffet isi maneka hiasan, rak kebak buku sarwa kandel kayadene kamus. Tekan televisi 20 inci, sing ditaplaki sarta diwenehi vas kembang. Ana omahe dhik Titik aku pancen krasan, cengkah karo kamarku kang pating blengkrah tur mbleder, ngluwihi kapal pecah. Nganti angger Minggu dheweke mesti njur resik-resik kamar ora ketang karo gemremeng. (Suharyono, 1993:26)


Latar panggonan cuplikan novel kasebut yaiku.....

a)

kantor

b)

ruwang tamu

c)

pawon

d)

ruwang makan

e)

ngarep omah

15.

Aksara Jawa kasebut diwaca ....

a)

Bukune basa jawa iki nganti kaca 261

b)

Bukune basa jawa iki tekan kaca 162

c)

Bukune basa jawa iki nganti kaca 291

d)

Bukune basa jawa iki tekan kaca 192

e)

Bukune basa jawa iki nganti kaca 162