Worksheetssoal basa jawa kelas 7
Total questions: 10
Worksheet time: 6mins
Setitekna pacelathon iki!
1. A : “ Bapak benjang dinten Senin diaturi tindak sekolahan.”
B : “ La, ana apa,Le. Kok kadingaren Bapak ditimbali gurumu.”
A : “Anu, pak, ngendikanipun Pak guru babagan beasiswa ngaten.”
B : “ O, ya. Sesuk Bapak tak menyang sekolahmu.”
2. A : “ Mbak, ibuk tindak endi to, kok sepi.”
B : “ Ibuk tindak daleme bu Lurah, jare arep arisan.”
A : “ La Bapak tindak endi, Mbak?”
B : “ Bapak durung kondur seka kantor.”
3. A : “ Mas Bayu, kene pinarak kene sik.”
B : “ Nggih, matur nuwun Pakdhe, menika kesesa.”
A : “ Arep tindak endi to?”
B : “ Badhe methuk Ibu wonten stasiun, Pakdhe.”
4. A : “ Gus, ana PR Basa Jawa apa ora.”
B : “ Ana. Kaca 75 tekan kaca 78.”
A : “ Aku mengko diajari ya, aku durung mudheng.”
B : “ Ya, iki aku tak nggarap Matematika sik.”
Pacelathon kasebut kang nuduhake pacelathon antarane anak lan wong tuwa katuduhake ing angka . . . .
1
2
3
4
Pacelathon kanggo mangsuli pitakonan!
Ibu : “ Ndhuk, tulung tukokke uyah ing warunge mbak Yah.”
Rindi : “ ....................................”
Ibu : “ Aja suwi-suwi, selak dinggo masak.”
Wangsulane Rindi ana ing pacelathon kasebut kang bener yaiku . . .
Nggih, bu
Emoh, bu
Mengko sik, bu
Aja aku ta, bu
Aksara Jawa utawa carakan Jawa iku cacahe ana...
8
7
20
16
Sandhangan swara "u" jenenge...
Taling tarung
Taling
Suku
Pepet
Yen ditulis nganggo aksara latin...
Timba amber
Timba kembar
Simbah kembar
Simbah ambyar
Sinten garwane Ramayana?
Dewi Kunti
DEWI MADRIM
Sarpakenaka
Dewi sinta
Paraga kang ndusta Dewi Sinta jenenge...
Anoman
Subali
Lesmana
Dasamuka
Adhine Ramayana sing melu ngumbara ing wana jenenge...
Lesmana
Duryudana
Semar
Subali
Watage Dasamuka ing crita Kidang Kencana yaiku...
Becik
Loma
Pelit
Angkara murka
Kewan wujude kethek putih kang nulungi Dewi Sinta jenenge....
Anoman
Subali
Sugriwa
Sarpakenaka
