NEW
Font size
WorksheetsHOME WORK_6_BAHASA JAWA_1920
Total questions: 50
Worksheet time: 2hrs 40mins
Unen-unen kang kudu dibedhek darani . . . .
cangkriman
Bebasan
Saloka
paribasan
Cangkriman uga diarani . . . .
paribasan
bebasan
bedhekan
saloka
Ing ngisor iki sing kalebu cangkriman yaiku . . . .
ancik-ancik pucuking eri
sega sakepel dirubung tinggi
becik ketitik ala ketara
kebo nusu gudel
Waspadakno ukara ing ngisor
iki!
1. Tibane ing ngisor, digoleki ing ndhuwur
2. Adigang, adigung, adiguna
3. Pitik walik saba kebon
4. Kebo kabotan sungu
5. Burnas kopen
Ukara ing dhuwur sing kalebu cangkriman yaiku nomer . . . .
1,2,3
1,3,4
1,3,5
2,3,5
Cangkriman wancah uga diarani . . . . .
bedhekan pepidhan
bedhekan plesetan
bedhekan cekakan
bedhekan saloka
Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi . . . .
Enem
Papat
Lima
Telu
Ing ngisor iki sing kalebu cangkriman wancah . . . .
Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati
Sega sakepel dirubung tinggi
Bocor malah enak
Segara beldhes
Ing ngisor iki sing kalebu cangkriman plesetan yaiku . . . .
Sing endhek didhuduk, sing dhuwur diurug
Dikethok malah mundhak dhuwur
Pitik walik saba kebon
Burnas kopen
“Tibane ing ngisor, digoleki ndhuwur” kalebu cangkiriman . . . .
wancah
pepindhan
plesetan
Sinawung ing tembang
“Wit thoyung” kalebu cangkriman wancah sing tegese . . . .
Yen dijiwit athoh biyung
Wit-witan thoyung
Dijiwit karo bapa biyung
Wit thoya sing ngrembuyung
Pucung
Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kaya manuk adhedhali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa.
Tembang ing ndhuwur batangane . . .
Mobil
Sepur
Dhokar
Kapal mabur
Dikethok malah tambah dhuwur.
Cangkriman ing ndhuwur batangan . . . .
Klambi
Sewek
Clana
Sarung
Kebo picak cacahe matane ana pira? Cangkriman ing sisih batangane . . . .
4
5
6
7
“Kayu mati ginubet ula mati”, kalebu cangkriman . . . .
wujud wancahan
wujud pepindhan
wujud plesedan
sinawung ing tembang
Cangkriman pitik walik saba kebon kuwi batangane nanas, lha yen pitik walik saba . . . . batangane sulak.
Tembung sing mathuk kanggo njangkepi cangkriman ing ndhuwur yaiku . . . .
Meja
Kali
Omah
Pawon
Batangane “onthong gedhang”. Cangkrimane, pak demang klambi abang . . . . .
Rupane kaya kranjang
Penggaweane saba blumbang
Disawang malah ilang
Disuduk mantuk-mantuk
“Diketok malah mundhak dhuwur”, kalebu cangkriman . . . .
wujud wancahan
wujud pepindhan
wujud plesedan
sinawung ing tembang
“Pak bomba, pak lawa,pak piut”,kalebu cangkriman. . . .
wujud wancahan
wujud pepindhan
wujud plesedan
sinawung ing tembang
Cangkriman sing ukarane jelas nanging nduweni karep
liyane diarani cangkriman . . . .
wujud wancahan
wujud pepindhan
wujud plesedan
sinawung ing tembang
Batanganne “gelang jam” ing cangkriman sinawung ing tembang yaiku . . . . .
Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kaya manuk adhedhali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa.
Bapak pucung among sirah lawan gembung,
Padha kinunjara,
Mati sajroning ngaurip,
Mijil baka si pucung dadi dahana.
Bapak pucung endi elor endi kidul,
Laku tapa brata,
Mung kepingin bisa malih,
Dadi kupu si pucung wedaring tapa.
Bapak pucung wujud mlungker kaya kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Ngomong ing ngarepe wong akeh nganggo pangucapan kang ditata apik kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan,gagasan, warta, lan liya-liyane diarani . . . . .
maca
pidhato
wara-wara
pengumuman
Pidhato uga diarani . . . . .
sesorah
sesanti
slogan
iklan
Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan . . . . . pidhato.
isi
pambuka
panutup
dudutan
Atur panuwun lan nyuwun pangapura kalebu perangane . . . . pidhato.
isi
pambuka
panutup
dudutan
Cara nulis pidhato:
1. Gawe warangka.
2. Ngandharake isi naskah pidhato kanthi runtut lan gamblang.
3. Nemtokake tema utawa masalah.
Urutan cara nulis pidhato sing bener yaiku nomer . . . . .
1-2-3
2-3-1
3-2-1
3-1-2
Aweh katrangan/informasi, ngajak-ngajak, lan aweh panglipur marang wong sing ngrungokake mujudake . . . . . sesorah.
Jinise
tujuwane
strukture
warangkane
Bagian panutup pidhato “cekap semanten anggen kulo matur . . . .”.
Cekap semanten tegese . . . . .
cukup samene
nyuwun sepura
puji syukur
tansah slamet
Yen arep pidhato, becike nggawe . . . .
cengkorongan
gagasan baku
naskah pidhato
strutur teks pidhato
Wacanen kanthi setiti !
Bapak Ibu ingkang tansah kinurmatan, sumangga kita . . . . . . . ingkang tansah paring berkah dumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika saged pepanggihan wonten panggenan punika kanthi sehat walafiat.
Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pidato ing ndhuwur yaiku…
Ngaturaken sugeng enjing dumateng para rawuh
Ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya
Matur nuwun sedaya saged rawuh wonten adicara punika
Ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung
Struktur bakune sesorah yaiku . . . . .
salam, pambuka, panutup
pambuka, isi, panutup
pambuka,panutup, isi
salam, isi, pambuka
Bapak-bapak,Ibu- ibu lan para kanca anggota Karang Taruna ingkang kinurmatan, mbokbilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwu agunging samodra pangaksami.
Perangan pidato ing nduwur yaiku . . . .
isi
panutup
pambuka
kesimpulan
Wacanen sing tliti!
Bapak Ibu para rawuh ingkang kinurmatan,
Mangeti dinten Pendhidikan Nasional ateges ngemut emut dhumateng lelabetanipun Ki Hajar Dewantara ingkang ageng sanget tumprap pendhidikan nasional. Pramila manga kita sedaya sami anuladha lan nglajengaken perjuanganipun Ki Hajar Dewantara, kanthi sesanti ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, Tut Wuri Handayani.
Isi pidhato utawa sesorah ing dhuwur yaiku . . .. .
Mangeti laire Ki Hajar Dewantara
Pangetan dinten pendhidikan nasional
Kemajuan pendhidikan nasional
perjuangan Ki Hajar Dewantara
Wacanen kanthi tliti!
……………………………………………………………………………………………………….
Puja lan puji syukur sumangga sami kita aturaken dumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan, saengga ing wekdal punika kita dipun panggihaken ing pasamuan punika. Minangka sesulihipun kanca-kanca kelas 6, kula ngaturaken gunging panuwun dene Bapak saha Ibu sampun kersa rawuh dhateng pasamuan ingkang kula wontenaken punika.
……………………………………………………………………………………………………….
Perangane pidhato ing dhuwur kalebu…
isi
panutup
pambuka
kesimpulan
Sadurunge pidhato kudu nyiapake ubarampene, yaitu . . . .
Dana
Mobil
Konsumsi
Teks pidhato
Semaken wacan ing ngisor iki!
Bagas : “Pak mbenjing menapa sios olah raga renang?”
Pak Wawan :” Iya ta Bagas.”
Bagas : “ . . . . . . . . . . . . . . “
Pak Wawan : “ Ing Stadion Gajayana.”
Basa krama sing mathuk kanggo njangkepi pacelahon ing ndhuwur yaiku . . . .
Nitih menepa pak Wawan?
Jam pinten dipun wiwiti, Pak?
Sinten ingkang badhe mbimbing, pak?
Wonten pundi panggenanipun, pak?
Methode pidhato sing kanthi cara maca teks utawa naskah . . . . .
naskah
memoriter
impromptu
ekstemporan
Waspadakno pranyatan ing ngisor iki!
1. Pambuka (salam pambuka, pakurmatan, puji syukur)
2. Isi (ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan)
3. Panutup ( kesimpulan, payuwunan pangapura, lan salam panutup)
Pranyatan ing dhuwur kalebu . . . . pidhato.
jinise
tujuwane
strukture
warangkane
Kanggo sesorah utawa pidhato perlu disiapake naskah luwih dhisik supaya nalika pidhato bisa rancag lan ora nglantur. Supaya luwih gampang mangerteni teks pidhato kita kudu ngerteni struktur pidhato. Struktur pidhato yaiku . . . . .
bagian-bagian pidhato (pambuka, isi panutup)
bagian-bagian nulis layang (papanpanggonan, sing dituju, salam, isi, panutup, titi mangsa)
bagian-bagian narasi (orientasi, komplikasi, resolusi)
bagian-bagian deskripsi (dekskripsi umum, klasifasi,deskripsi bagiyan)
Kanggo sesorah utawa pidhato perlu disiapake naskah luwih dhisik supaya nalika pidhato bisa rancag lan ora nglantur. Anggone ngandharake pidhato uga ana methode pidhato yaiku impromptu, memoriter, naskah, lan ekstemporan. Methode iku uga diarani . . . .
Cara
struktur
tujuwan
bagian
Waspadhakno pranyatan ing ngisor iki!
1. Naskah
2. Vokal (swara)
3. Ekspresi
4. Intonasi
5. Tujuwan pidhato
Pranyatan ing dhuwur sing kudu digatekake naliko pidhato yaiku nomer . . . .
1,2,3
2,3,4
1,4,5
1,2,5
. . . . . carane nggoreng kripik tempe sing renyah lan rasane gurih?
Tembung pitakon sing mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
Apa
Pira
Kepriye
Ing ngendi
Wacanen kanthi tliti!
1) Bapak –Ibu guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula urmati sakedhap malih kula sarencang badhe nilaraken, Bapak-Ibu guru tuwin adhik adhik kelas sedaya,
kangge nglajengaken pasinaon wonten SMP.
2) Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, Bapak-Ibu guru ingkang kula kurmati, sedaya rencang menapa dene adhik adhik ingkang kula tresnani.
3) Kula kinten boten prayogi menawi atur kula pamitan punika kedangon, pramila cekap semanten, bilih wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangaksami.
4) Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula lan panjenengan sami saget makempal wonten ing papan punika kangge ngawontenaken perpisahan.
Kepriye urutane pidhato kang bener?
2 – 1 – 4 – 3
4 – 2 – 1 – 3
2 – 3 – 4 – 1
2 – 4 – 3 – 1
Jenis pidhato ono 2. Jenis pidhato sing basane umume ora trep lan digunakake ing kahanan ora resmi diarani pidhato. . . . .
resmi
ora resmi
HUT sekolah
Dina Pendhidikan Nasional
Wacanen kanthi titi!
Puja lan puji syukur sumangga sami kita aturaken dumateng . . . . . . . . ., ingkang sampun paring kawilujengan, saengga ing wekdal punika kita dipun panggihaken ing pasamuan punika. Minangka sesulihipun kanca-kanca kelas 6, kula ngaturaken gunging panuwun dene Bapak saha Ibu sampun kersa rawuh dhateng pasamuan ingkang kula wontenaken punika.
Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pidato ing ndhuwur yaiku…
Gusti Ingkang Maha Agung
Bapak Kepala Madrasah
Bapak Ibu Guru
Kanca-kanca
Basa sing digunakake ing pidhato ono sing nggunakake ukara jangkep.
Ing ngisor iki sing kalebu ukara jangkep yaiku . . . . .
Upacara Hari Pendhidikan Nasional
Upacara mangeti Hari Pendhidikan Nasional ing MIN 2 Kota Malang
Upacara ing MIN 2 Kota Malang
mangeti Hari Pendhidikan Nasional
Jenis pidhato ono 2 yaiku pidhato resmi lan pidhato ora resmi. Basa sing digunakake ing pidhato ora resmi yaiku . . . .
Nganggo ukara jangkep
Nganggo tembung baku
Kerep nganggo ukara ora jangkep
Intonasi datar
Ing ngisor iki sing kalebu pidhato resmi yaiku . . . .
tasyakuran
ulang taun
perpisahan kelas 6
munggah pangkat
Pidhato sing nggunakake ukara jangkep lan, intonasi tetep diarani jenis pidhato . . . .
resmi
ora resmi
HUT sekolah
Dina Pendhidikan Nasional
Kutha Malang hawane pancen adhem. Tembung adhem yen dikramakake yaiku . . . .
Njakut
Ayem
Asrep
Benter
Ing ngisor iki sing kalebu ciri-cirine pidhato resmi yaiku . . . . .
Ukarane kerep ora baku
Migunakake tembung baku
Digunakake ing pidhato ulang tahun
Kanggo menehi hiburan marang audience/pendengar
