NEW
Font size
WorksheetsTry Out B. Jawa UPT SDN 225 Gresik
Total questions: 50
Worksheet time: 1hrs 24mins
Teks karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca diarani teks ....
persuasi
pariwara
pawarta
slogan
"Lingkungan sing resik uga bisa urip sehat. Urip sehat pikiran uga sehat. Supaya lingkungan kita lestari, ayo kabeh warga kudu tansah sadar njaga kelestarian alam. Aja nebangi alas sembarangan. Amarga bisa njalari rusake lingkungan." Teks kasebut kalebu jenis teks ....
persuasi
pawarta
pariwara
sesanti
Teks informasi kang ngandharake fakta diarani ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti
pariwara
Karangan deskripsi yaiku karangan sing isine nggambarake
Kedadeyan kang nyata kaya-kaya sing maca melu ngrasakake, melu krungu, melu ndeleng
Obyek utawa kahanan saenggo wong sing maca kaya-kaya melu melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau
Kedadeyan, prastawa lan nduweni telung unsur arupa kedadeyan, paraga, lan konflik saengga wong sing maca kaya-kaya melu melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau
Bab tartamtu kanggo nerangake utawa njlentrehake supaya sing maca tambah wawasane
Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?
banyu kali kena polusi
akeh wit-witan ing pinggir kali
wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori
wis suwe ora udan
Tembung “mangan nongko” yen ditulis ngango aksara jawa yaiku…
Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........
macapat
dolanan
tengahan
gedhe
Tembang macapat kang awujud lelagon kang ngilingake urip bebrayan lan cita-cita yaiku isine tembang ...
sinom
kinanthi
pucung
maskumambang
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutuk ira pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntut ira
Tembang ing dhuwur jenenge tembang ...........
gambuh
pucung
sinom
mijil
Paugeran tembang macapat iku ana telu, yaiku ...
guru gatra, guru wilangan, guru lagu
guru lagu, guru kula, guru liya
guru wilangan, guru siji, guru telu
guru gatra, guru liyane, guru lagu
Salah sijine tembang macapat iku jenenge...
Kinanthi
pantun
geguritan
ludruk
Kinanthi pada 1
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira,
Sudanen dhahar lan guling
Gatra 1 tembang ing duwur guru wilangane cacahe ana....
5
6
7
8
9
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku
7u, 8i, 8u, 8i, 8o
6u, 8i, 10u, 6u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
12u, 8u, 10i, 8u, 80
Tembang Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Ukara kang kacithak miring iku tegese ….
diudi sapa wae
digawe sapa wae
diudi awan lan bengi
dilakoni awan bengi
Dhugdheran
Dhugdheran iku salah sawijiné adicara padatan Kutha Semarang kang dianakaké sedina sadurungé Pasa. Tembung dhugdhèran iku dumadi saka "dhug-dhug" kang tegesè bedhug lan "dhèr" kang ngemu surasa swara mriem. Padatan Dhugdhèran dianakaké ana ing Pasar Johar, nanging saiki dhugdhèran dianakaké ana ing sakiwa tengene Masjid Agung Jawa Tengah. Dhugdhèran racaké diramekaké kanthi pasar , jajan-jajan pasar, dolanan-dolanan, lan sapanunggalané. Dolanan kang khas ana ing dhugdheran yaiku warak ngendhog lan dolanan pasaran kang digawé saka lemah (grabah). Acara pungkasan ing dhugdhèran racaké dianakaké sedina sadurungé pasa diwiwiti. Adicara iku diramekaké kanthi nganakaké karnaval warak ngendhog kang ditindakake para pejabat ing Kutha Semarang, para siswa kang kapilih, para seniman,lan sapanunggalané.
Dhugdheran saiki dianakake ing ….
Mesjid Kauman Semarang
Mesjid Baiturrahman
Mesjid Agung Jawa Tengah
Ngarep Stasiun Tawang
Kaya asu karo kucing
Unen-unen ing dhuwur kalebu jinise ....
paribasan
bebasan
saloka
parikan
Sing kalebu unen-unen bebasan yaiku ....
bathok bolu isi madu
ula marani gepuk
kebo kabotan sungu
kebanjiran segara madu
Kang kalebu unen-unen saloka yaiku ....
diwenehi ati ngrogoh rempelo
nututi layangan pedhot
pupur sawise benjut
kebo nusu gudel
Seng mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka ....
tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar
tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah
tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu
tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah
Kebo nusu gudel
Tegese unen-unen ing duwur yaiku ....
wong becik dianggap wong ala
wong duwe kekarepan sing mokal kalakone
wong ngrekasa uripe merga kabotan butuh, kakehan anak
wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kacarita ing Kasultanan Demak ana sawijining pangeran kang ajejuluk Made Pandan. Panjenengane kagungan putra aran Raden Pandan Arang. Ing sawijining dina Raden Pandan Arang sarta para pandhereke nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing lemah kang subur iku prenahe ing sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating plencar arang –arang. ”He, sedulurku kabeh padha gatekna,”pangandikane Raden Pandan Arang marang para pendhereke. “Wonten menapa Raden?” Pitakone saperangan pandherek. “Sawangen! Ing sela-selane tanduran kang subur iku, tuwuh wit asem,” pangandikane Raden Pandan Arang. “Oh, nggih leres Raden.” Tumanggape wong-wong sing ndherekake. “Ning kok sajak nyalawadi temen,” pitakone wong-wong mau rada gumun. “Aneh, wit-witan asem iku thukule rada adoh-adoh utawa arang-arang. Kamangka lemah kene subur. Mesthine tuwuhe kerep ora arang-arang ngene iki.” “Inggih leres Raden, punika tuwuhipun sajak nyalawadi,” sambunge para pandhereke.
Tokoh utamane yaiku ....
Pandan Arang
Raden Pandan
Sultan Demak
Wali Demak
Bapak pucung bisa ngerung bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kaya manuk rajawali
Wira wiri nggawa barang lan manungsa
Wacan ing ndhuwur iku arane tembang ….
Bapak pucung bisa ngerung bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kaya manuk rajawali
Wira wiri nggawa barang lan manungsa
Batangane cangkriman sing ana tembang ing dhuwur yaiku ….
Nduwur kencrengan,
ngisor jedhoran,
Cangkriman ing nduwur kelebu jenis cangkriman ….
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lamaku si pucung ngumbar swara,
Cangkriman ing dhuwur batangane yaiku ….
Batangane segane mara sambele pedhes,
Cangkiman sing gathuk kanggo batangan ing nduwur ….
Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangane paparani,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sun bendara,
Batangane yaiku ….
Bapak-bapak,
ibu-ibu warga dusun sukorame ingkang dhahat kinurmatan,
para kanca anggota karang taruna ingkang kula tresnani.
Punggelan pidhato ing dhuwur kalebu pidhato ….
Cekap semanten ingkang kulo aturaken
mbok bilih wonten klenta-klintunipun kula nyuwon pengapunten.
Ukara ing dhuwur iku perangan pidhato sing di arani ….
Nuwun para rawuh sedaya ingkang kawula hormati.
Sakderengipun sumangga kita sesarengan muji syukur ing ngarsanipun gusti ingkang akarya jagad
awit sih nugraha ingkang kaparangaken dhumateng kita sedaya.
Padha ing dhuwur iku punggelan pidhato saka parangan ….
