wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN BAHASA JAWA 2

Total questions: 37

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

1. Jenis karangan sing nyritakake sawijining kedadeyan kanthi runtut, diarani….

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Argumentasi

d)

Persuasi

2.

Wacan narasi kaperang dadi pira….

a)

1

b)

4

c)

2

d)

3

3.

Novel, dongeng, cerkak kuwi klebu crita Narasi….

a)

Narasi kolaborasi

b)

Narasi Sugestif

c)

Narasi Pentagonis

d)

Narasi Ekspositoris

4.

Tembung loro kang digandheng nduweni teges padha diarani tembung….

a)

Entar

b)

Rura Basa

c)

Saroja

d)

Kerata Basa

5.

Melu seneng seneng nanging ora gelem meli ragat. Pribahasane....

a)

Keplok keplok

b)

Keplok awe awe

c)

Kepol tangan

d)

Keplok ora tombok

6.

“ Keluargane Bu Tuminah sakiki urip ayem tentrem”

Tuladha ukara ing nduwur kalebu tembung . . . .

a)

Tembung Lingga

b)

Tembung Andahan

c)

Tembung Saroja

d)

Tembung Entar

7.

Ing ngisor iki kang kalebu tembung Saroja, kajaba . . . .

a)

Abang mbranang

b)

Plung

c)

Babak bundas

d)

Adem ayem

8.

Meh saben wulan ing salah sawijining papan Jawa Tengah nganakake kenduren iku tanda yen warga Isih nguri nguri…..

a)

Tata karma

b)

Budaya

c)

Tata susila

d)

Upacara

9.

Tembang Macapat iku duweni guru ing ngisor iki , kajaba….

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru sastra

10.

Apa watake tenbang Sinom…..

a)

Galak

b)

Grapyak

c)

Seneng

d)

Lugu

11.

Ing ngisor iki tegese nendra , kajaba….

a)

Turu

b)

Wungu

c)

Sre

d)

Tilem

12.

Sing mimpin donga iku lumrahe…..

a)

Kaum

b)

Naib

c)

Carik

d)

Modin

13.

Kang ora disuwun warga nalika kenduren yaiku….

a)

Keslametan

b)

Kebagaswarasan

c)

Lancar Rejekine

d)

Kacilakan

14.

Budhe : iseh ngopo kowe Ri ning kono?

Ari : Niki kulo badhe bucal sampah.

Budhe : kok umpet-umpetan lewat kono to Ri?

Ari : Nggih Budhe

Budhe : Kenopo jane?

Ari : Kulo badhe bucal sampah ten kali.

Budhe : woalah, berati kowe isin to sakjane.

Ari : hehe... nggih budhe

Budhe : Yo yen awakmu ngerti kuwi salah , ojo dilakoni nuw.

Ari : Nggih Budhe nyuwun pangapunten, kulo mboten sios ten kali mbucalipun.

Budhe : Bener Le, yen mbuwak sampah ning kali kuwi ora apik, biso marakke mampet, mengko yen mampet, kaline biso banjir.

Ari : nggih Budhe, maturnuwun.

Tetembungan kang digunakake Ari marang budhe migunakake bahasa . . . .

a)

Krama Alus

b)

Krama Inggil

c)

Ngoko Alus

d)

Ngoko

15.

Pak Marlanpemain kethoprak tiba, bathuke, pipine, lan tangane diperban. Tembung sing ditulis miring, karma inggile....

a)

Mustakane, pangarasane, astane

b)

Granane, pangarasane, astane

c)

Palarapane, granane, astane

d)

Palarapane, pangarasane, astane

16.

Aku dhek wingi .... daleme bu guru, …. Yen sakiki ora mangkat sekolah. Ukara iku ganepana supaya dadi basa ngoko alus seng bener!

a)

Mara, kandha

b)

Sowan, matur

c)

Sowan, ngendika

d)

Tindak, ngendika

17.

Aku dikongkon Bapak supaya menehake layang marang Pak Guru.

Ukara kasebut yen diowahi dadi krama alus yaiku …

a)

Kula dipunutus bapak Bapak supados nyaosaken serat dhateng Pak Guru

b)

Kula dipunaturi Bapak supados nyaosaken serat dhateng Pak Guru

c)

Kula dipundhawuhi Bapak supados maringaken serat dhateng Pak Guru

d)

Kula dipundhawuhi Bapak supados ngaturaken serat dhateng Pak Guru

18.

Milih topik : topik sing dipilih apike topic sing, lan ….

a)

Bias dirembug

b)

Narik kawigaten

c)

Nyenengake sing ngrungokake

d)

Kabeh bener

19.

Mula manungsa mono kudune cedhak karo sing gawe urip supaya kuwat ngadhepi kahanan.

Pratelan ukara ing dhuwur kalebu perangan unsur pembangun crita cekak kang aran…

a)

Paraga/ tokoh

b)

Tema

c)

Amanat

d)

Latar/ setting

20.

Milih topik : topik sing dipilih apike topic sing, lan ….

a)

Bias dirembug

b)

Narik kawigaten

c)

Nyenengake sing ngrungokake

d)

Kabeh bener

21.

Ngembangake topik dadi kerangka cerita ….

a)

Sapa, apa, nanging

b)

Apa, sapa, kepiye, apa sebabe, kapan

c)

Kepiye, kabar, seneng

d)

Kapan, mbesok, mengko, sapa

22.

Tetembungan ing tembang macapat diarani ….

a)

Laras

b)

Ukara

c)

.Cakepan

d)

Titi laras

23.

Angka kang katulis ing tembang macapat iku jenenge ….

a)

Laras

b)

Ukara

c)

Cakepan

d)

Titi laras

24.

Ing ngisor iki kang nuduhake pathokane tembang dhandanggula yaiku ….

a)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

c)

12a, 7i, 6a, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

25.

Cacahing wanda ing saben gatra tembang macapat diarani ….

a)

Guru gatra

b)

Guru sastra

c)

Guru wilangan

d)

Guru lagu

26.

Yen cacahing gatra ing saben pada tembang macapat diarani ….

a)

Guru sastra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru gatra

27.

Karya sastra kang bisa dipentaske/ditonilake iku wujude...

a)

Geguritan

b)

Kethoprak

c)

Gancaran

d)

Parikan

28.

Kowe didhawuhi Bapakmu supaya ngaturi Paklikmu teka menyang omahmu. Kowe banjur matur....

a)

Paklik kula didhawuhi Bapak, Paklik dipun dhawuhi tindhak dhateng panggenan kula.

b)

Paklik kula dipundhawuhi Bapak, Paklik diken teng nggen kula.

c)

Paklik kula diutus Bapak, Paklik didhawuhi dhateng griya kula.

d)

Paklik kula dipunutus Bapak, Paklik dipunaturi tindak dhateng panggenan kula.

29.

Yen arep tindak Surabaya aku nderek Om. Menawa dipunewahi ngangge basa krama alus dados....

a)

Menawi badhe tindak Surabaya kulo nderek Om.

b)

Menawi badhe dhateng Surabaya kula nderek Om.

c)

Menawi badhe tindak Surabaya kula tumut Om.

d)

Menawi badhe teng Surabaya kula tumut Om.

30.

Kayune kabeh isi (tali) durung ana sing udharan. Tembung ing njero kurung dirimbag dadi mangkene, supaya ukarane bener....

a)

Talian

b)

Talenana

c)

Talenan

d)

Talen

31.

Bulik punapa …sampun …menawi simbah wonten Rumah sakit

Ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku …

a)

Panjenengan, pirsa

b)

Panjenengan, ngertos

c)

Sampeyan, pirsa

d)

Sampeyan, ngerti

32.

Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki yaiku…

a)

Surop

b)

Awan

c)

Bengi

d)

Esok

33.

Basa krama iku digunakake kanggo sapa wae?

a)

Anak marang wong tuwa

b)

Guru marang murid

c)

Wong tuwa marang anak

d)

Simbah marang bapak

34.

Basa ngoko lugu iku digunakake kanggo sapa wae?

a)

Wong tuwa marang wong dewasa

b)

Bocah mbasakake awake marang wong tuwa

c)

Siswa karo kancane

d)

Wong tuwa kang durung akrab

35.

Basa ngoko alus iku digunakake kanggo sapa wae?

a)

Yen pinuju ngudarasa

b)

Sapadha-padha kang durung kulina

c)

Kanggo sesorah

d)

Wong tuwa marang wong dewasa kang luwih dhuwur pangkate

36.

“Mbak Dina mau sida tindak Sleman apa ora?” Ukara iku nganggo basa apa?

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lumrah

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

37.

Kepiye basa krama alus “Simbah menyang pasar tuku bubur”.......

a)

Simbah kesah peken mundhut bubur

b)

Simbah tindak peken tumbas bubur

c)

Simbah kesah peken tumbas bubur

d)

Simbah tindak peken mundhut bubur