wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Drama BJw

Total questions: 40

Worksheet time: 46mins

Name
Class
Date
1.

Karya seni kang diperanake dening pawongan kang dipentasake ing panggung diarani...

a)

Geguritan

b)

Prosa

c)

Drama

d)

Seni Tari

2.

Struktur drama kang isine nepungake paraga utawa wiwitane crita diarani...

a)

Jejer ( Orientasi)

b)

Pasulayan (Konflik)

c)

Pangudhare Prakara ( Resolusi)

d)

Koda

3.

Struktur kang isine yaiku dumadine prekara kang kudu diadepi dening para paraga diarani...

a)

Jejer Jejer ( Orientasi)

b)

Pasulayan (Konflik)

c)

Pangudhare Prakara ( Resolusi)

d)

Koda

4.

Sajrone arep mentasake pagelaran drama, bab kang kudu dilakoni kang wiwitan yaiku...

a)

Milih irah-irahan (judul) lakon

b)

Netepake sutradara

c)

Netepake jadwal gladhen (latiyan)

d)

Netepake paraga

5.

Paraga kang nduweni sipat serakah, iri lan pengin menang dhewe diarani paraga...

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Paraga Utama

6.

Minak Koncar : Dak kira perkara durung rampung. Awit saelingku Adipati Minak Jingga iku kondhang minangka pawongan kang sekti lan pinter, dadi ora gampang kok apusi. Ati-ati loh Patih!


Patih Logender : Hahahaha......(Karo mengkerik) kuwi perkara gampang. Ora usah kuwatir, kabeh mengko bisa dak rampungi. Hahaha...(guyune saya banter). Pancen Minak Jingga pinter, nanging iki mengko bakal kalah karo tipuane Logender (karo ndudingi dhadhane dhewe) hahahaha...


Saka pethikan teks ing ndhuwur, Patih Logender nduweni sipat...

a)

Wicaksana

b)

Sombong

c)

Tanggung Jawab

d)

Pinter

7.
a)

Gubuk

b)

Warung

c)

Pawon

d)

Ing dalan

8.
a)

Sabar

b)

Ceriwis

c)

Iri

d)

Jail

9.

Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa kalebu salah siji saka struktur teks drama kang diarani...

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Dudutan

d)

Epilog

10.

Rantaman utawa urut-urutane crita sajrone teks drama diarani...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Pamaragan

d)

Setting

11.
a)

Kuciwa

b)

Nelangsa

c)

Nesu

d)

Srengen

12.

Sawijining olah seni kang di pentasake , dening para paraga ing punggung pan nduweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani...

a)

Sendratari

b)

Tari tradhisional

c)

Drama/sandhiwara

d)

Bedhaya katawang

13.

Manut jinise drama utawa sandhiwara kaperang dadi loro ,yaiku drama

a)

Tradhisioanal lan klasik

b)

Tradhisional lan modern

c)

Gagrak anyar lan modern

d)

Turgi lan klasik

14.

Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine terkadhang ora kelebu ing nalar, kelebu jenise drama ?

a)

Gagrak anyar

b)

Tradhisioanal

c)

Modern

d)

Jaman saiki

15.

Tembung drama asale saka basa yunani kang tegese sawijining

a)

Tindak-tanduk

b)

Pacelathon/dialog

c)

Aksi/solah bawa

d)

Mimik/ekspresi

16.

Orientasi yaiku sawijining struktur teks drama kang duwe teges ..

a)

Para paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe nganthi klimaks

b)

Para paraga di kenalake watake, uga dhapuke ing drama

c)

Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrumpangake prakarane (pelarian)

d)

Pesen utawa nilai-nilai moral kang di sampekake marang pamiarsa

17.

Para paraga diadhepake ing parakara (konflik) dhewe-dhewe nganthi klimaks , kelebu struktur teks drama sing diarani...

a)

Komplikasi

b)

Koda

c)

Resolusi

d)

Orientasi

18.

Wong sing tugase mimpin lan ngatur lumakune drama yaiku

a)

Actor

b)

Figuran

c)

Antagonis

d)

Sutradara

19.

Drama ingkang nglirwakaken konvensi pangaluran, penokohan, lan tema, kasebat ....

a)

Drama absurd

b)

Tragedi

c)

Melodrama

d)

Komedi

20.

Drama dagelan ingkang dipunbumboni panyenges (sindiran), kasebat ....

a)

Drama absurd

b)

Tragedi

c)

Farce

d)

Komedi

21.

Posisi lan panggenan paraga nalika ing panggung dipunwastani ....

a)

Shooting

b)

Lighting

c)

Acting

d)

Blocking

22.

Supados pentas drama lumaku kanthi sae, pramila para praga (pemain) kedah anut lan nurut dhumateng ....

a)

Panyerat skenario

b)

Tiyang ingkang nanggap

c)

Sutradara

d)

Pimpinan produksi

23.

Paraga ing pagelaran drama wonten 3 inggih menika ....

a)

Protagonis, antagonis, kotagonis

b)

Polemik, tritagonis, kotagonis

c)

Antagonis, hidrogonis, protagonis

d)

Tritagonis, antagonis, protagonis

24.

Bentenipun struktur drama kaliyan struktur gancaran (prosa) ingkang awujud cerkak, cersam, novel, menapa dene roman inggih menika ....

a)

Ing teks drama wonten antawacananipun

b)

Ing teks drama mboten wonten antawacananipun

c)

Ing teks drama wonten alur utawi plotipun

d)

Ing teks drama mboten wonten alur utawi plotipun

25.

Drama ingkang isinipun panyaruwe dhumateng kahanan lan bebrayan, kasebat ....

a)

Drama absurd

b)

Satire

c)

Farce

d)

Komedi

26.

Umumipun pagelaran drama nglangkungi sawernanipun tataran inggih menika ....

a)

Komplikasi, eksposisi, konflik, klimaks, antiklimaks, lan resolusi

b)

Eksposisi, komplikasi, konflik, klimaks, antiklimaks, lan resolusi

c)

Eksposisi, komplikasi, klimaks, antiklimaks, konflik, lan resolusi

d)

Resolusi, eksposisi, komplikasi, klimaks, antiklimaks, lan konflik

27.

Bab ingkang kedah kagatosaken kanthi mirunggan ing salebetipun pagelaran drama inggih menika pamilihipun paraga ingkang pas, kajumbuhaken kaliyan panyuwunipun ....

a)

Skenario

b)

Produser

c)

Sutradara

d)

Aktor/aktris

28.

Pagelaran drama mujudaken asilipun gotong royong ing antawisipun....

a)

Panyerat naskah, sutradara, lan pananggap

b)

Panyerat naskah, sutradara, lan pamain

c)

Penyerat naskah, pananggap, lan pamain

d)

Pananggap, sutradara, lan pamain

29.

Drama ingkang mutunipun sae, ingkang nonton mesthi rumaos marem. Jalaran ....

a)

Sedaya ingkang dipungambaraken kados mboten nyata

b)

Sedaya ingkang dipungambaraken ketingal dipun damel-damel

c)

Sedaya ingkang dipungambaraken kados nyata

d)

Sedaya ingkang dipungambaraken ketingal mboten nyata

30.

Tataran gladhen drama ingkang para paraga sampun apal antawacana lan polah tingkah ingkang kedah dipuntindhakaken, lajeng kajumbuhaken kaliyan paraga sanes kanthi tuntunan sutradara, kasebat gladen ....

a)

Maos

b)

Alusan

c)

Tingkah

d)

Jangkep

31.

Pacaturan ingkang kedah dipunucapaken kanthi swara alus ing pagelaran drama, inggih menika ....

a)

"Wis kana, ndang minggata!"

b)

"Bocah kok nakale ora jamak, ta ya?"

c)

"E..., aja sembarangan kowe ndakwa aku, ya!"

d)

"Wis ta, aja padha tukar padhu yen karo kanca mbok sing rukun!"

32.

Ing tlatah Jawi drama kasebut ugi sandhiwara, tegesipun ....

a)

Ajaran ingkan dipunwulangaken ngangge sandhi

b)

Ajaran ingkan dipunsingitaken utawi dipunsamaraken

c)

Ajaran ingkan dipunsingitaken dening gurunipun

d)

Ajaran ingkan dipunsamaraken nalikan mulangaken

33.

Gladhen ingkang wiwit babak sepisan ngantos pungkasan, dipunambali wongsal-wangsul ngantos gansar lan sae, kasebat gladhen ....

a)

Tingkah

b)

Maos

c)

Alusan

d)

Resik

34.

Ingkang mboten kalebat unsur intrinsk teks drama inggih menika ....

a)

Punjering cariyas

b)

Panyarita

c)

Wewatak

d)

Tata busana

35.

Supados paraga drama saged acting ingkang wajar, nyawijikaliyan tokoh ingkan dipunparagani, kreatif nafsiraken naskah, lan nggadahi solah bawa ingkang saged milut utawi mikat panggalihipun ingkang mirsani drama, paraga drama kedah migatosaken ....

a)

Tata rias, obahipun suku, suwanten, lan solah bawanipun

b)

Praupan, tata busana, suwanten, lan solah bawanipun

c)

Praupan, obahipun suku, tata pentas, lan solah bawanipun

d)

Praupan, obahipun suku, suwanten, lan solah bawanipun

36.

Drama ingkang cariyasipun sarwa nrenyuhaken inggih menika kasebat ....

a)

Komedi

b)

Melodrama

c)

Tragedi

d)

Satire

37.

Sabar narima kabeh pacoban lan tansah ngucap syukur marang apa sing wis diduweni kuwi kalebu nilai moral marang...

a)

Dhiri pribadhi

b)

Gusti Maha Agung

c)

Sapadha-padhane manungsa

d)

Alam lingkungan

e)

Pacoban urip

38.

Sajrone pamentasan drama supaya cetha anggone nuduhake kahanan esuk lan bengi, uga mbangun swasana nalika kahanan srengen, nggegirisi/medeni mula kanggo ndukung bab kaya mau dibutuhake...

a)

Tata kostum

b)

Tata Lighting

c)

Tata Konsumsi

d)

Tata Rias

39.

Para paraga wos nemokake cara kanggo ngrumpangake prakarane (pelarian), kelebu struktur teks drama sing diarani

a)

Komplikasi

b)

Koda

c)

Resolusi

d)

Orientasi

40.

Ing berbrayan jawa drama uga diarani...

a)

Sandhiwara

b)

Teliksandhi

c)

Sandhiasma

d)

Sandhiyudha