WorksheetsUTS FONOLOGI A
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
Name
Class
Date
1.
Sistem lambang swara kang arbitrar lan konvensional kanggo ngandharake panemune marang wong liya diarani … .
a)
fonologi
b)
morfologi
c)
fonetik
d)
fonemik
e)
bahasa
2.
Salah sawijining kajian fonologi kang ngrembug babagan raganing swara diarani … .
a)
fonologi
b)
morfologi
c)
fonetik
d)
fonemik
e)
bahasa
3.
Kajian fonetik kang ngrembug babagan panampaning swara (krungu) dening mitra wicara diarani … .
a)
fonetik organis
b)
fonetik akustis
c)
fonetik autogram
d)
fonetik auditoris
e)
fonetik artikulatoris
4.
Kajian fonetik kang ilmune bisa dimafaatake kanggo gawe telepon, ngrekam swara, dubbing yaiku … .
a)
fonetik organis
b)
fonetik akustis
c)
fonetik autogram
d)
fonetik auditoris
e)
fonetik artikulatoris
5.
Swara kang bisa mbedakake tegese tembung sinebut … .
a)
fonem
b)
fona
c)
alofon
d)
alomorf
e)
wanda
6.
Ilmu kang ngandharake babagan proses aggone ngasilake/produksi swara diarani… .
a)
fonologi
b)
morfologi
c)
fonetik
d)
fonemik
e)
bahasa
7.
Fonologi ana ing basa Jawa sinebut … .
a)
widya basa
b)
widya makna
c)
widya ukara
d)
widya tembung
e)
widya swara
8.
Tuladha ing ngisor iki kang bisa nuduhake fungsi fonem yaiku … .
a)
[bulan] >< [wulan]
b)
[mɔwɔ] >< [mɔtɔ]
c)
[ta?aja?] >< [da?aja?]
d)
[kәblasU?] >< [gәblasU?]
e)
[enjiŋ] >< [enjaŋ]
9.
Kang kalebu artikulator aktif yaiku … .
a)
pucuk ilat
b)
cethak
c)
lambe bagian dhuwur
d)
gusi
e)
anak tekak
10.
Proses produksi swara amarga nggeterake pita swara diarani … .
a)
fonetik
b)
fonemik
c)
fonasi
d)
fibrasi
e)
fona
11.
Swara kang kaasilake nalika hawa metu lewat tutuk diarani … .
a)
swara oral
b)
swara dhuwur
c)
swara nasal
d)
swara binuka
e)
swara bunder
12.
Piranti micara no. 4 ana ing gambar iku diarani ... .
a)
gurung-gurung
b)
krikoid
c)
gorokan
d)
pita swara
e)
cethak
13.
Swara kang kaasilake organ micara tanpa dialangi artikulator diarani ….
a)
swara nasal
b)
swara oral
c)
swara vokal
d)
swara konsonan
e)
swara uvular
14.
Swara kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru oleh alangan sadurunge metu diarani… .
a)
swara nasal
b)
swara oral
c)
swara vokal
d)
swara konsonan
e)
swara uvular
15.
Swara kang kaasilake dening pucuk ilat diarani … .
a)
laminal
b)
apikal
c)
medial
d)
laringal
e)
palata
16.
Swara kang kalebu swara frikatif yaiku … .
a)
[b]
b)
[l]
c)
[a]
d)
[?]
e)
[s]
17.
Swara kang kalebu swara semi-vokal yaiku … .
a)
[b] lan [p]
b)
[w] lan [y]
c)
[f] lan [s]
d)
[t] lan [d]
e)
[ŋ] lan [ñ]
18.
Swara kang kalebu ana ing vokal rada binuka yaiku … .
a)
[i] lan [u]
b)
[Ɛ], [ә], lan [ɔ]
c)
[a]
d)
[I] lan [U]
e)
[e] lan [o]
19.
Swara kang kalebu apiko-alveolar yaiku … .
a)
[b], [p], lan [m]
b)
[g], [k], lan [ŋ]
c)
[j], [c], lan [ñ]
d)
[n], [l], lan [r]
e)
[d], [t], lan [h]
20.
Transkripsi fonetis saka tembung tutuk yaiku … .
a)
[tutU?]
b)
[tutu?]
c)
[tutUk]
d)
[tuțU?]
e)
[tutuk]
100 %
