wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH 1 Basa Rinengga Smt 2 Kls X

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Tembung sing tegese wis ora padha karo tegese sakawit diarani...

a)

Tembung entar

b)

Tembung saroja

c)

Tembung kawi

d)

Purwakanthi

e)

Saloka

2.

Tembung kang rinakit saka rong tembung kang (meh) padha tegese lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani ....

a)

tembung entar

b)

tembung saroja

c)

tembung kawi

d)

purwakanthi

e)

saloka

3.

Tembung arkais, lawas, saka basa Jawa kuna, diarani...

a)

tembung saroja

b)

tembung entar

c)

tembung kawi

d)

saloka

e)

purwakanthi

4.

Purwakanthi wujude ana telu, yaiku ....

a)

purwakanthi guru lagu, purwakanthi guru gatra, purwakanthi guru basa

b)

purwakanthi vokal, purwakanthi konsonan, purwakanthi tembung

c)

purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru basa

d)

purwakanthi guru lagu, purwakanthi guru sastra, purwakanthi lumaksita

e)

purwakanthi guru swara, purwakanthi guru lagu, purwakanthi guru gatra

5.

"Sapa salah bakal seleh"

Ukara kasebut kalebu wujude saka purwakanthi ....

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru basa

d)

guru swara

e)

guru sastra

6.

"Tut wuri handayani"

Ukara kasebut kalebu tuladha saka wujude purwakanthi ....

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru basa

d)

guru swara

e)

guru sastra

7.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane purwakanthi guru basa/ lumaksita yaiku ....

a)

Temanten anyar kae kaya mimi lan mintuna.

b)

Dadi pemimpin kuwi aja nduwe watak adigang, adigung, lan adiguna

c)

Wong jejodhoan iku kudu nggatekake bibit, bobot, lan bebet

d)

Ayo padha sregep golek ilmu, ilmu donya klawan akherat

e)

Ajining dhiri gumantung ana ing lathi

8.

Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane basa kawi yaiku ....

a)

tirta usada

b)

teleng ria

c)

pantai klayar

d)

goa gong

e)

bocah pinter

9.

Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, nanging kang dipindhakake wonge. Andharan kasebut minangka teges saka ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

wangsalan

10.

"Gajah ngidak rapah"

Unen-unen ing dhuwur kalebu tuladhane ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

wangsalan

11.

"Ngubak-ubak banyu bening"

Unen-unen ing dhuwur kalebu tuladha saka ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

wangsalan

12.

"Bocah wadon kuwi ayune kaya Dewi Ratih"

Ukara ing dhuwur minangka tuladha saka ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

wangsalan

13.

"Atiku nglapa mudha nalika ketemu mas Bayu."

Ukara ing dhuwur kalebu tuladha saka ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

wangsalan

14.

Jangan gori, ......

Wangsulan sing trep kanggo njangkepi wangsalan ing dhuwur yaiku .... (jangan gori = gudheg)

a)

nganti judheg anggonku mikir polahmu

b)

atiku dheg-dhegan nalika didhawuhi maju menyang ngarep kelas

c)

kok kadingaren kowe dolan mrene, ana apa?

d)

ana apa kok esuk-esuk wis mbesengut ngono?

e)

nadyan abot ayo bareng-bareng dijunjung

15.

Ing ngisor iki sing kalebu tuladha pepindhan yaiku ...

a)

Aja njenang gula karo janjimu lo ya.

b)

Mbulane bunder seser nalika tanggal limalas.

c)

Bocah kuwi dawa tangane amarga gaweyane nyolong pitike tanggane.

d)

Mlakumu mbok sing rada banter, aja alon-alon kaya macan luwe ngono.

e)

Anci-ancik pucuking eri.

16.

Ing ngisor iki sing kalebu tuladha ukara kang nggunakake tembung entar yaiku ....

a)

Aja njenang gula karo janjimu lo ya.

b)

Mbulane bunder seser nalika tanggal limalas.

c)

Bocah kuwi dawa tangane, amarga gaweyane nyolong pitike tanggane.

d)

Mlakumu mbok sing rada banter, aja alon-alon kaya macan luwe ngono.

e)

Becik ketitik ala ketara.

17.

Ing ngisor iki sing kalebu tuladha ukara kang nggunakake tembung saroja yaiku ....

a)

Aja njenang gula karo janjimu lo.

b)

Mbulane bunder seser nalika tanggal limalas.

c)

Paijo nganti abang kupinge ngadhepi anak-anake sing kurang duga.

d)

Dadi pemimpin iku kudu bisa nyingkiri watak adigang, adigung, lan adiguna.

e)

Putrane bu RT kae baguse kaya Raden Kamajaya.

18.

Tuladhane tembung saroja yaiku ....

a)

abang mbranang, putih memplak, gagah prakosa

b)

ajur mumur, dawa tangane, lunyu ilate

c)

kolik priya priyagung anjani putra, edi peni

d)

rambute ngelar kumbang, jembar segarane

e)

mudha mudhi, baya pakewuh, dawa tangane

19.

Ukara sing ngemu basa rinengge yaiku ....

a)

Sedina natas udane ora uwis-uwis.

b)

Agemane Bapak diampil Pak Dhe.

c)

Saben dina pagaweyane mung thuthuk watu.

d)

Bocah kuwi pancen lunyu ilate, mula didohi kancane.

e)

Tangane bocah kuwi dawa sisih, cacat wiwit cilik.

20.

"Yitna yuwana lena kena (sing ngati-ati bakale slamet, sing sembrana bakale cilaka)"

Unen-unen ing dhuwur kalebu tuladha saka ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

wangsalan