wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TEST BAHASA JAWA 8

Total questions: 40

Worksheet time: 1hrs 20mins

Name
Class
Date
1.

Salah sawijine sarana sing bisa digunakake kanggo sesambungan lan menehi informasi marang wong liya lumantar tulisan diarani ….

a)

Geguritan

b)

Layang

c)

Tembang

d)

Paribasan

2.

Nyuwun pangapunten anggen kula kondur kalawau radi telat. Miturut unggah-ungguh basa tembung kondur benere ….

a)

Pinarak

b)

Mulih

c)

Wangsul

d)

Ngunjuk

3.

Layang sing ditulis ing kertas sakcandhake wae, isine mung ringkes, lan cekak aos diarani layang ….

a)

Ulem

b)

Lelayu

c)

Kiriman

d)

Kitir

4.

Guneman marang wong sing drajate luwuh dhuwur nggunakake basa ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko andhap

c)

Krama lugu

d)

Krama andhap

5.

“Bapak sesuk arep tuku sepatu menyang Toko Batta.”

Ukara ing nduwur Manawa diowahi dadi basa krama yaiku....

a)

Bapak mbenjing badhe mundhut sepatu dhateng Toko Batta

b)

Bapak mbenjang ajeng mundhut sepatu dhateng Toko Batta

c)

Bapak mbenjang badhe mundhut sepatu dhateng Toko Batta

d)

Bapak mbenjang badhe tumbas sepatu dhateng Toko Batta

6.

Gatekna perangane layang ing ngisor iki!

“ Kanthi layang iki aku aweh kabar marang sliramu Manawa kahananku ing Surabaya tansah ginanjar slamet ora ana alangan sawiji apa. Sing taksuwun muga-muga kowe lan kaluwargamu ing omah uga ora ana alangan apa-apa tansah kalis saka nir sambikala.”

Perangane layang ing dhuwur mujudake ....

a)

Surasa basa

b)

Pembuka

c)

Adangiyah

d)

Prapernah

7.

Ing ngisor iki sing ora kalebu tuladhane salam pambuka yaiku....

a)

Matur sembah suwun

b)

Salam taklim

c)

Ingkang sembah sungkem

d)

Assalamualaikum

8.

Basa sing nggunakake tembung-tembung ngoko kabeh ora kacampuran basa krama utawa krama inggil diarani basa ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Andhap

c)

Ngoko Alus

d)

Ngoko Krama

9.

Bu Guru ora sida tuku sayur, jalaran ora nggawa dhuwit.

Miturut unggah-ungguh basa, sing bener yaiku ....

a)

Bu Guru ora sida tumbas sayur, jalaran ora nggawa dhuwit

b)

Bu Guru ora sida mundhut sayur, jalaran ora ngasta dhuwit

c)

Bu Guru ora sida tuku sayur, jalaran ora mbeta dhuwit

d)

Bu Guru ora sida tuku sayur, jalaran ora ngasta dhuwit

10.

Malang, 21 April 2020 kalebu perangane layang yaiku ….

a)

Pepranah

b)

Titi mangsa

c)

Tapak asta

d)

Surasa basa

11.

Layang kang gunane kanggo ngabarake berita duka di arani...

a)

Layang Ulem

b)

Layang Iber-iber

c)

Layang Silaturahmi

d)

Layang Lelayu

12.

Layang sing isine jangkep, nggunakake unggah ungguh sing trep, ngganggo; bebuka, isi, penutup, tanggal, paprenahan lan tandha tangan serta jenenge sing ngirim, diarani layang...

a)

Lelayu

b)

Ganep

c)

Kitir

d)

Ulem

13.

Tumuju marang :

Pengurus OSIS SMP Nasional

Kota Malang

......


Perangan ing nduwur iku arane ....

a)

Wasana basa

b)

Surasa basa

c)

Purwaka basa

d)

Satata basa

14.

Nuwun adhedhasar pembina Kepala Sekolah sarta Pembina OSIS babagan kegiyatan Penilaian Akhir Tahun, mula kita ngaturi kanca-kanca pengurus OSIS lan perwakilan kelas VII lan VIII SMP Nasional Malang kanggo kumpul ing :

Dina/Tanggal : Sabtu, 4 April 2019

Wanci : 11.00 – 12.00 WIB

Panggonan : Ruang OSIS SMP Nasional Malang

Keperluan : Rembugan Kegiatan Kelas Mitting Akhir Tahun Pelajaran 2018/2019



Perangan ing nduwur iku arane ....

a)

Wasana basa

b)

Satata basa

c)

Surasa basa

d)

Purwaka basa

15.

......

Ketua Osis,

Bascoro S.


Perangan ing nduwur iku arane. . .

a)

Wasana basa, tapak asma, asma terang

b)

Paprenah, tapak asma, asma terang

c)

Satata basa, tapak asma, asma terang

d)

Sarasa basa, tapak asma, asma terang

16.

Tembang Dhandhanggula salah sijine saka tembang ....

a)

Maskumambang

b)

Macapat

c)

Kinanthi

d)

Pangkura

17.

Cacahe gatra/larik saben sapada/sabait ana ing tembang arane guru ....

a)

Wilangan

b)

Lagu

c)

Gatra

d)

Swara

18.

Tembang Dhandhanggula kadadean saka ... gatra

a)

10

b)

11

c)

12

d)

15

19.

……………………

Sekar wus sumawur,

ing puncaking arga,

raga bakal sirna,

sukma nuju kaendahan agung,

mendhung gumantung ing lawang,

sumilak,

…………………....


Cacahe wanda/suku kata ing gatra kapapat tembang ing ndhuwur yaiku ... wanda.

a)

11

b)

10

c)

9

d)

8

20.

Yen wong anom-anom iku

kang kanggo ing masa iki

andhap asor kang den simpar

umbag gumunggunging dhiri

obral umuk kang den gulang

kumenthus lawan kumaki.


Guru lagu lan guru wilangane tembang ing ndhuwur yaiku….

a)

8u, 8i, 8e, 8a, 8a, 8i

b)

8i, 8a, 8e, 8u, 8a, 8i

c)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

d)

8i, 8a, 8a, 8i, 8a, 8i

21.

Yen wong anom-anom iku

kang kanggo ing masa iki

andhap asor kang den simpar

umbag gumunggunging dhiri

obral umuk kang den gulang

kumenthus lawan kumaki.


Pesen moral kang kakandhut ana tembang ing ndhuwur yaiku….

a)

Para pemuda sak iki ninggalake sopan santun lan sombonng

b)

Para pemuda sak iki tindak tanduk e sopan santun lan ora sombong

c)

Para pemuda ngadhohi wong kang berperilakune sing apik

d)

Para pemuda ora ngenal konco siji lan sijine, kurang ajar, lan congkak

22.

Tembang Mijil


Dedalane wong kang dadi murid,

kudu andhap asor,

wani ngalah luhur wekasane,

aja seneng duwe watak serik,

bapang den simpangi,

ana catur mungkur.


Tembang mijil ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 6i dumunung ing gatra …

a)

1

b)

2

c)

4

d)

5

23.

Tembang Pocung


Bapak pucung rentang-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencloanmu wesi miring

Sing disaba sipucung mung turut kutha


Tembang pocung iku katitik kalebu cangkriman. Apa batangane cangkriman iku ?

a)

Sepur

b)

Melas

c)

Nanas

d)

Semut

24.

Tembang Dhandanggula ndhuweni watak ...

a)

Endah, luwes, manis, lan sengit

b)

Endah, luwes, manis, lan sabar

c)

Endah, luwes, manis, lan ngresepake

d)

Endah, sedhih, manis, lan nalangsa

25.

Cacahe pakecapan utawa wanda/suku kata saben sagatra ing tembang arane guru ....

a)

Swara

b)

Lagu

c)

Gatra

d)

Wilangan

26.

Ukara jroning tembang sing unine “lamun sira anggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata”, tegese ....

a)

yen milih guru, miliha sing bener lan becik

b)

yen golek ngelmu, kudu lumantar guru sejati

c)

yen kepingin dadi guru, kudu nduwe tumindak becik

d)

yen wis dadi guru, tumindake kudu becik

27.

Angka angka kang minangka sesulihe arane wilahane gamelan diarani ....

a)

sasmitane tembang

b)

watake tembang

c)

Pathet

d)

Titi laras

28.

Aksara Jawa sing digunakake kanggo atur pakurmatan marang asmane wong sing ditulis diarani aksara ....

a)

Murda

b)

Rekan

c)

Swara

d)

Legena

29.

Aksara Jawa sing kanggo nulis aksara vokal diarani aksara ....

a)

Murda

b)

Rekan

c)

Swara

d)

Legena

30.

Aksara murda cacahe ana ....

a)

10

b)

9

c)

8

d)

7

31.

Ing ngisor iki salah sawijine paugerane nulis aksara murda yaiku ....

a)

Panulise aksara murda kudu ngisore garis

b)

Akasara murda ora kena kanggo sesigege wanda

c)

Akasara murda kena kanggo sesigege wanda

d)

Nulis jenenge kutha kudu nganggo aksara murda kabeh

32.

Aksara Jawa kang ana aksara murdane yaiku ....

a)

la, ka, ta, sa, pa, nya, ka, ra

b)

ha, ka, ta, ra, pa, nya, nga, ba

c)

da, dha, ta, sa, gaa, nya, ga, ba

d)

na, ka, ta, sa, pa, nya, ga, ba

33.

Aksara swara (vokal) cacahe ana ....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

34.

Salah sawijine paugeran panulise aksara swara yaiku ....

a)

aksara swara kena diwenehi sandhangan swara

b)

aksara swara kena dadi pasangan

c)

aksara swara ora kena dadi pasangan

d)

aksara swara kalebu aksara murda

35.

Aksara sing kanggo nulis tembung manca sing wis rumasuk ing basa Jawa lan pangucapane kudu dicethakake diarani aksara ....

a)

Legena

b)

Swara

c)

Murda

d)

Rekan

36.

Gatheake ukara-ukara ing isor iki !

1) Wedang jeruk bisa nambani lara watuk.

2) Akeh wit-witan kang padha rubuh kena angin puting beliung.

3) Aja mangan pelem mentah, wetengmu bisa mules !

4) Akeh wong padha mudik numpak sepedha motor.

5) Jaman saiki akeh banget jenenge lelara iku.

Ukara-ukara ing ndhuwur kang migunakake tembung umum yaiku …

a)

1 dan 3

b)

2 dan 4

c)

2 dan 5

d)

3 dan 5

37.

Gatheake ukara-ukara ing isor iki !

1) Mangga dipunentosi ngriki kemawon!

2) Buku kuwi tatanen maneh sing rapi!

3) Ora pareng rame simbah lagi sare!

4) Mangkata saiki wae supaya ora telad!

5) Ayo padha matur Pak Guru saiki wae!

Ukara-ukara ing ndhuwur kang kalebu ukara pangajak yaiku …

a)

1 dan 3

b)

1 dan 5

c)

4 dan 3

d)

5 dan 2

38.

Ukara-ukara ing ngisor iki mujudake ukara pitakon yaiku …

a)

Wacanen resep saka Pak Dhoter iku

b)

Sapa nandur bakal ngundhuh

c)

Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa kasembadan

d)

Apa kang njalari lara demam berdarah iku

39.

Anak kudu bekti marang wong tuwa. Apa dasanamane (nama lain) tembung anak?

a)

Putra, yoga, siwi, sunu

b)

Rama, sudarma, sudarmi, yayah

c)

Atmaja, indhung, rena, wibi

d)

Siwi, muni, resi, wiku

40.

Pramesti : “Ibu kula badhe . . . . . . . wonten sekolah”

Ibu : “ ya nduk,ngati-ati ya, dadia siswa kang pinunjul”

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku. . . .

a)

Tindak

b)

Lunga

c)

Bidhal

d)

Menyang