wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN UM BS. JAWA 2

Total questions: 15

Worksheet time: 27mins

Name
Class
Date
1.

Wayang iku kejaba tontonan, uga mujudake tuntunan amarga ….

a)

kena kanggo golek sandang pangan

b)

mujudake ringkesane crita wayang kang wutuh

c)

ora perlu kangelan maca cerita wayang sakabehe

d)

kena kanggo menehi tuntunane urip

2.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

3.

Panengahe Pandhawa yaiku ....

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Puntadewa

d)

Duryudhana

4.

Gamelan iki jenenge . . . .

a)

kenong

b)

gambang

c)

gong

d)

saron

5.

Perhatekno pacelathon iki!

Bu Anisah : “Farel, kowe arep menyang ndi?”

Farel : “ …. “

Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon kasebut yaiku …

a)

menyang omahe budhe

b)

tindak dalemipun Budhe

c)

menyang griyane Budhe

d)

arep nang omahe Budhe

6.

Negeriku Indonesia

Nut jaman kapungkur tetep nyawiji

Nunggal ingkang den ginayuh

Karaharjaning bangsa

Loh jinawi subur sarwa tinandur

Murah sandang lan pangan

Kerukunan kang jinagi


Guru gatra tembang kuwi yaiku ....

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

7.

1. Kaendahan negara Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kabudayaan lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahan seni yaiku tembang dolanan Tuladhane tembang dolanan yaiku ….

a)

Asmaradhana

b)

Kinanthi

c)

Dandhang gula

d)

Gundul - gundul pacul

8.

Perhatekno ukara iki!

Kowe aja seneng niru TUMINDAK kang ora bener.

Tembung linggane tembung seng ditulis tebel yaiku ….

a)

tumin

b)

tundak

c)

tindak

d)

mindak

9.

Perhatekno data iki!

1. Layar

2. Wulu

3. Cecak

4. Taling

5. Suku

Manut data kasebut, seng kagolong sandangan swara yaiku ….

a)

1, 2, 3

b)

2, 3, 4

c)

2, 4, 5

d)

1, 3, 5

10.

Perhatekno ukara iki!

Muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah engkang sampun pinaringan ketentreman lan kasehatan.

Perangan pidato kasebut kalebu … pidato.

a)

dudutan

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

11.

Perhatekno cangkriman iki!

1. Burnas kopen

2. Diketok malah nduwur

3. Tuwok rawan

4. Urang sapikul, matane piro?

Seng kalebu cangkriman wujud wancahan yaiku nomor …

a)

1 - 2

b)

3 - 4

c)

1 - 3

d)

2 - 4

12.

Perhatekno ukara iki!

" Bocah kelas 6 ngelaksanaake ujian CBT ing laboratorium computer "

Tatanan ukara kasebut yaiku ….

a)

L J W K

b)

K J W L

c)

W K J L

d)

J W L K

13.

Ana bocah kang duwe jeneng “Jembul” ing kampung. Senenge sok nguambar kasugahan marang konco-koncone. Namun umbarane ora tau ono jebuse. Ing wayah sore, de e dolan ing alon-alon karo ocah akeh. Ing kono metu kasugahan maneh, omong “ He reek, mengko bengi dolano ing omahku, arep tak traktir mie setan lan es cappuccino”. Bareng wes bengi, koncone teko kabeh ing omahe, nanging Si Jembul ora ana, deweke sengedan, wedi ditagih koncone. Akhire konco-koncone mulih karo muring-muring lan nyelathu “ mene-mene, yen Jembul omong, ora usah direken kabeh yo, amarga ora sepisan iki Jembul ngumbar janji tapi ora ana buktine.”


Cerita kasebut cocok karo unen-unen …

a)

Kakean gludhuk kurang udan

b)

Tuna satak bathi sanak

c)

Jer basuki mawa beya

d)

Sanding kebo gupak

14.

Gambar pahlawan kuwi duwe sesanti " ing ngarso sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani " kang asale saka kutha ....

a)

Makasar

b)

Yogyakarta

c)

Surabaya

d)

Bandung

15.

Idhe pokok kang mathuk kanggo gambar yaiku .…

a)

Ayo dolanan ing lapangan

b)

Bocah-bocah lagi dolanan engklek

c)

Bocah wadon lagi latihan nyanyi bareng

d)

Sinau bebarengan ing latar