WorksheetsKuis Wuwuhan
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Wuwuhan ing basa Jawa kaperang dadi telu, yaiku ...
Ater-ater, seselan, panambang
Ater-ater, sandhangan, panambang
ater-ater, seselan, panambang
Wuwuhan sing ana ngarep tembung diarani ...
Ater-ater
Seselan
Panambang
Wuwuhan sing ana tengah-tengahing tembung diarani ...
ater-ater
panambang
seselan
Wuwuhan ing samburine tembung diarani ...
ater-ater
seselan
panambang
Papat sehat dumadi saka panganan pokok, lauk-pauk, sayur-sayuran, lan woh-wohan. Tembung kang kacithak kandel ing ukara kasebut kasebut oleh seselan ...
-in-
-um-
-er-
Budi ora lali sepaton senajan kesusu. Tembung sepaton asale saka ...
Sepat + on
Sepa + ton
sepatu + an
Susu bisa cegah penyakit kanker usus. Tembung kang kacithak kandel ing ukara kasebut benere ...
nyegah
cinegah
cumegah
Kabar iku wis sebar warata ing ngendi-ngendi. Tembung sebar yen oleh seselan –um dadine ...
sebarum
sumebar
semubar
Bocah loro iku rupane padha kaya jambe (sigar).
Tembung sigar yen oleh seselan –in dadine ...
sinigar
sigarin
siginar
Sing piket ing kelasku dijadwal kanthi gilir (ganti). Tembung ing jerone kurung benere ...
giliran
gumanti
gumilir
Wuwuhan (imbuhan) iku bisa dikelompoke dadi 3 jenis, yaiku ...
Ater-ater, seselan, wyanjana
ater-ater, pengkal, panambang
Ater-ater, seselan, panambang
Klambine adhik (simpen) ibu ing lemari.
Tembung jerone kurung ing dhuwur benere ...
daksimpen
disimpen
koksimpen
Buku iku aja (silih), merga arep dakbalekake menyang perpustakaan.
Tembung jerone kurung ing dhuwur benere ...
silihna
daksilih
koksilih
Ibu wis (atur) menawa aku arep sarapan dhisik.
Tembung jerone kurung ing dhuwur benere ....
diatur
ngatur
matur
Suratku wis (tampa) dening Mbak Tina.
Tembung jerone kurung ing dhuwur benere ...
tinampa
tampain
tumampa
Sing rondha ing kampungku dijadwal kanthi gilir (ganti).
Tembung jerone kurung ing dhuwur benere ...
gantien
gumanti
diganti
Sepatuku durung di (tali).
Tembung jerone kurung ing dhuwur yen diwnehi panambang i dadi ...
talii
talien
taleni
Tulung aku (jupuk) ngombe ing mburi!
Tembung jerone kurung ing dhuwur benere ...
jupuken
jupukana
jupukna
Bu Guru (tulis) bukune murid-murid nganggo pulpen.
Tembung jerone kurung ing dhuwur benere ...
nulisi
nulis
nulisake
Mbak Ayu wis (cangking) tasku sing kari ing omah.
Tembung jerone kurung ing dhuwur benere ...
dicangking
nyangking
cangkingen
