wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Using Try Out 2020

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Mari salin kelambi lare- lare padha ndeleng gandrung.

Cara maca ucap kang digaris ngisor kang bener yaiku …

a)

Kelambai, ghandrung

b)

Kelaimbai, gyandrung

c)

kelaimbai, ghandrung

d)

kelambai, gyandrung

2.

Banyuwangi saiki mula beda kahanane ambi jaman bengen. Bengen mung kanggo liwatan bain, saiki Banyuwangi wis dadi panggonan ngelencere para wisatawan domestik lan asing. Liwat kepala dhaerah kang sregep lan wicaksana, lan kerja keras masyarakat kabeh kalangan, Banyuwangi mulai nata awake. Saiki wis ana bandara kang bisa nyepetaken gadug ring panggonan kang dituju. Destinasi wisata kang apik lan endhah uga akeh pilihane, kaya dene api biru ring kawah ijen, pesisir Plengkung, Pesisir Pulau Merah, Alas Purwa, Pulau Tabuhan, lan liya-liyane.

Ide pokok paragrap ndhuwur yaiku …

a)

Banyuwangi duwe kepala dhaerah kang sregep lan wicaksana

b)

Banyuwangi saiki beda ambi bengen

c)

Destinasi wisata ring Banyuwangi

d)

Banyuwangi sing mung kanggo liwatan bain

3.

Sutris lare kang sungkanan. Sabendina memengan bain, sing tau sinau. Kadhung ana PR sing pati digarap. Naming Sutris duwe pengarepan kang dhuwur. Iyane kepingin dadi dokter. Kira- kira apa bisa kadhung sungkanan gedigu? Paribasane kaya cebol nggayuh lintang.

Paran artine Paribasan kaya cebol nggayuh lintang?

a)

Sing duwe pengalaman ngenengi dunya

b)

Sing dianggep penting

c)

Wong kang lali ambi asale

d)

Pengarepan kang angel digape

4.

Rama : Wak, rika bisa nggawekaken layangan?

Wak Ahmad : Iya, Lik. Kene sun gawekaken.

Kalimah besikine kalimah kang digaris ngisor yaiku …

a)

Wak, rika saget nggawekaken layangan?

b)

Wak, ndika saget nggawekaken layangan?

c)

Wak, ndika saget ndamelaken layangan?

d)

Wak, rika saget ndamelaken layangan?

5.

Langit katon mendhung tandhane arep udan.

Ucap mendhung padha artine ambi …

a)

Dherem

b)

Peteng

c)

cumpleng

d)

adhem

6.

Diana : “ …?”

Anis : Bahane daging pitik kang dikukus aju dibakar, parudan kelapa, lan bumbu.

Kelendi kalimah takon kang bener?

a)

Tuku ring endi bahane pece pitik iku?

b)

Kelendi carane nggawe pecel pitik?

c)

Paran bain bahane pecel pitik iku?

d)

Paran salah siji kuliner asli Banyuwangi?

7.

Emak tuku gedhang … dinggo olah sumping.

Ucap kang bener kanggo kalimah ndhuwur yaiku …

a)

Sak papah

b)

Sak bungkul

c)

Sak kepel

d)

sak lirang

8.

Akeh macem pestipal kang dianakaken saben taun ring Banyuwangi. Salah sijine pestipal kang nampilaken werna - wernine tarian lan kesenian mulai teka gandrung, barong, kuntulan, jaranan, angklung paglak, werna-wernine tarian lan sandhiwara liyane kang ngelakokaken sejarahe masarakat Banyuwangi. Pestipal iki mesti rame lan nyenengaken.

Pestipal kang dimaksud arane …

a)

Gandrung sewu

b)

BEC

c)

Kuwung

d)

memengan tradisional

9.

Hawane panas nemen, pesertane gandrung sewu padha adus keringet.

Adus keringet artine ….

a)

Adus campur keringet

b)

Keringeten gobyos

c)

mari adus keringeten

d)

keringet sithik

10.

Kelambine gandrung akeh bagian-bagiane. Penganggone gandrung kang dinggo kang nutupe dhadha, digawe teka kain beludru cemeng kang disulam monte arane …

a)

Omprog

b)

Oto

c)

Sembong

d)

pendhing

11.

Gambar ring duwuriku salah siji tabuhane gandrung arane

a)

Gambang

b)

Bonang

c)

Pelog

d)

Gong

12.

Isine simbul adat peras iku gedhang, gula jawa lan beras ketan, kelapa, racik kinangan, bolak, alang- alang.

Paran maknane simbul bolak?

a)

Makene urip selamet

b)

Urip nguweni manpaat nong liyane

c)

Aja lali ibadah 5 waktu

d)

Aja sampek pedhot seduluran

13.

Bapake Galang wis lawas megawe adoh lan sing muleh- muleh. Galang lan keluwargane padha mbelung nangka.

Paran tegese wangsalan ndhuwur iku?

a)

lali

b)

katon- katonen

c)

sak uni- unine

d)

negesan

14.

Mula wis dhawuhe Raja Brawijaya, Patih Sindhura kepaksan nggawa anake Raja, Putri Tunjungsari nyang Alas Angker Wingit. Tunjungsari wis nggawe mala lan dosa, kejala sutra asmara Kebo Mecuet Raja Blambangan kang sakti mandraguna, ahire meteng dhewek. Patih kudu mateni Putri Tunjungsari lan nggawa getihe nyang keraton kanggo bukti Putri Tunjungsari wis mati. Tunjungsari wis lila lan pasrah. Naming merga sing mentala, Patih mateni kidang, lan getihe dipole-poletaken nyang selendhange Tunjungsari lan digawa balik nyang keraton.

Apuwa Raja Brawijaya ngongkon Patih Sindura mateni anake dhewek?

a)

Merga Putri Tunjungsari kejala sutra asmarane Kebo Mecuet

b)

Merga Putri Tunjungsari wanen nyang Raja Brawijaya

c)

Merga Putri Tunjungsari wis nggawe mala

d)

Merga Kebo Mecuet Raja Blambangan kang sakti mandraguna.

15.

Isun Lare Using

Andang CY

…………………………

Jemelegur meriyem kompeni

Alas Bayu karang abang

……..

Tutuge guritan ndhuwur yaiku …

a)

Sing kuwtir gemelundhung

Sing wedi gemelindhing

b)

Tau tiba ping kaping- kaping

Njenggirat tangi maning

c)

Mbah buyut mati perang

Gantine sepirang- pirang

d)

Lopangpang mberanang

Getih kutah kembang- kembang

16.

Sak marine ujian isun lan kanca- kanca sak kelas ngelencer nyang pemandian. Mlaku jam 7 isuk numpak montor jakakean. Serta wis gadug sedurunge renang, pak guru ngajari cara nglemesaken otot sulung. Mari iku isun lan kanca- kanca mulai renang, memengan banyu,ana kang galapan renang, lan siram- siraman. Suwi- suwi padha elom, ahire mangan bareng. Rasane ati seneng bisa ngelencer ambi kanca- kanca.

Paran kang sing dilakoni lare- lare ring wacan ndhuwur?

a)

Memengan uber- uberan

b)

adus bareng

c)

memengan banyu

d)

mangan bareng

17.

Ring ngisor iki kalimah kang ana ucap imbuhan yaiku …

a)

Kanca- kanca padha galapan renang

b)

Suwi- suwi padha elom, ahire mangan bareng

c)

Sedurunge renang nglemesaken otot sulung

d)

Isun ambi kanca- kanca siram- siraman banyu

18.

Wardi magih kademan. Iyane sing bisa milu ngelencer nyang pemandian.

Kalimah jaluk sepura nyang kancane kang tepak yaiku …

a)

Sepurane, isun magih kademan sing bisa milu

b)

Sepurane, isun sing milu kadung rika sing milu

c)

Sepurane, isun milu kadhung wis waras bain yah

d)

Sepurane, salam nyang pak guru isun sing milu

19.

Bapak arep ngongkon Wahyu ngadusi sepedhah montore.

Kelendi kalimah perintahe Bapak kang bener?

a)

Lik, gowonen sepedhahe nyang pengadusan montor!

b)

Juwutna timba isun arep ngadusi montor, Lik!

c)

Lik, tukukna sabun kanggo ngadusi sepedhah montor!

d)

Lik, sepedhah montore adusana yah!

20.

Ninis arep nggarap tugas nong umahe Wati.

Kalimah jaluk idin nyang bapake kang bener yaiku …

a)

Pak, kula ajeng memengan ning umahe Wati

b)

Pak, kula ajeng nggarap tugas teng nggriyane Wati

c)

Pak, kula terna nggarap tugas teng nggriyane Wati

d)

Pak, ndika tumut teng nggriyane Wati?

21.

Banyuwangi Batik Festival(BBF) iku ajang pestipal kang nampilaken rancangan teka batik asli Banyuwangi.Akeh manpaate dianakaken BBF iki.

Ring ngisor iki manpaate dianakaken Banyuwangi Batik Festival, kejaba …

a)

Nambah rasa dhemen nyang produk asli Banyuwangi

b)

Ningkataken penghasilan usaha bathik Banyuwangi

c)

Banyuwangi dadi kabupaten kang paling dipuji

d)

Nyuda pengangguran ring Banyuwangi

22.

Seminggu sedurunge upacara Kebo- keboan, para bapak tandang rejeg- rejeg lingkungan, nggawe gapura palawija. Kadung para emak wis mulai geremet nggawe tumpeng lan sesajen.

Ucap kang salah ring wacan ndhuwur yaiku …

a)

Para, rejeg- rejeg

b)

Sedurunge, nggawe

c)

rejeg- rejeg, sesajen

d)

rejeg- rejeg, kadung

23.

Riko lan kanca- kancane padha playonan jakakean nguber arak- arakan barong ambi jugedan.

Kalimah kang bener yaiku …

a)

Riko lan kanca- kancane padha playonan jakakean nguber arak- arakan barong

b)

Riko lan kanca- kancane playonan nguber arak- arakan barong ambi jugedan

c)

Riko lan kanca- kancane padha playonan nguber arak- arakan barong ambi jugedan

d)

Riko lan kancane padha playonan jakakean nguber arak- arakan barong ambi jugedan

24.

Dirman tingkahe kaya wong sugih. Tuku barang paran bain kang regane larang. Padahal wong tuweke sing duwe picis, naming nempuhi kudu ditukokaen.Sampek sibelani utang mrono- mrene. Kadhung kancaan milih lare kang sugih.

Paran paribasan kang cocog ambi wacan ndhuwur?

a)

Cebol nggayuh lintang

b)

Cakrak wungkal

c)

bebek diwuruki nglangi

d)

ana gula ana semut

25.

Pesisir Teluk Ijo( Green Bay Beach) iku salah siji panggonan wisata kang apik kang kerep didadekaen panggonan ngelencer wisatawan dhaerah lan mancanegara. Kang paling nyenengaken ring pesisir iki yaiku dikelilingi ambi alas lan gunung, pasire werna putih lan werna banyune kang ijo kening. Ombake sing kari anter lan panggonane rijig nggawe seneng lan betah ngelencer ning kana.

Kesimpulan wacan ndhuwur kang tepak yaiku …

a)

Pesisir Teluk Ijo( Green Bay Beach) iku salah siji panggonan wisata kang apik

b)

Wisatawan dhaerah lan mancanegara seneng lan betah ngelencer nyang Pesisir Teluk Ijo

c)

Pesisr teluk Ijo dikelilingi alas lan gunung, pasire putih lan banyune kening nggawe seneng ngelencer ring kana

d)

Ombake sing kari anter lan panggonane rijig nggawe seneng lan betah ngelencer ning kana

26.

Panggonane rijig nggawe seneng lan betah.

Ucap seneng padha artine ambi …

a)

Kerasan

b)

Susah

c)

pernah

d)

bunga

27.

Umahe Tatik katon cumpleng naming umahe Pitra katon …

Ucap kanggo kalimah ndhuwur yaiku …

a)

Sepi

b)

Rame

c)

padhang

d)

peteng

28.

Mari adus, Tegar nganggo kelambi kang (cawis) ring ndhuwur meja.

Ucap ndhuwur kadung ulih seselan dadi …

a)

dicawisi

b)

nyawisi

c)

cumawis

d)

cawisan

29.

Kura lan Bojog

Kura mara nyang bojog. “ Kang bojog, isun nemu gedhang mateng nong uwite. Ayo mrono! Rika kang menek, undhuhen, ngko dipangan bareng ya.” “ Iyo wis. Ngko paroan ya.”, saure bojog. Gadug kono bojog menek cepet. Naming luput janjine. Bojog mangan dhewek nong ndhuwuran. “ Kang bojog, cicirna gedhange! Kok rika pangan dhewek,” jare kura. “ Emong, enak-enak. Salahe sapa sing bisa menek. Nyam..nyam,” bojog ngiming-ngimingi. “ Kulite baen wis kang bojog,” Kura magih sing nyerah. “ Kulite? Kang enakan. Nyam..nyam.” saure bojog.

Paran amanate wacan ndhuwur?

a)

Mangana bareng kanca

b)

Aja dadi wong kang melid

c)

Dadi wong aja tamak

d)

Kadung elom mangana kang akeh

30.

Kura lan bojog (runtung) mlaku nyang kebon gedhang.

Ucap balen kang bener yaiku …

a)

Runtung- runtungan

b)

Runtang- tuntung

c)

reruntungan

d)

runtung

31.

Macem ucap balen yaiku ucap balen asli, sakbagian, ulih imbuhan, uwah swara, lan samar.

Ring isor iki kang kelebu ucap balen ulih imbuhan yaiku …

a)

Mlaku- mlaku ngelencer ring Watu Dhodhol seru senenge

b)

Aja api-api turu, wayahe belajar saiki, Lik!

c)

Mulih sekolah Asmui lan Rohmat mlayu cepet- cepetan

d)

Ring Dina Minggu Pasar Witwitan seru ramene.

32.

Ring jeru kelas Arini ambi kanca- kancane piket ngerijigi kelas.

Arini : (Ambi nyapu nuleh Dian buru teka)

Yan, agage delehen tase. Sapunen kang pinggir kidul, mariki mlebu.

Dian : ( Kesusu njuwut sapu)

Iya. Sepurane buru teka. Mau sepedhah isun kempos.

Arini : Sakat mau isun dhewekan. ……..?

Dian : Mboh lare iku. Ngko kadhung teka kon mbuwang romot.

Paran kalimah takone Arini kang bener?

a)

Sapa kang durung teka?

b)

Ning endi Juki iki?

c)

Apuwa rika kasep?

d)

Kelendi romote iki?

33.

Wak Sapiyah ngiris bawang lan ranti dinggo olah jangan.

Panggonan kanggo ngiris bawang arane …

a)

wajan

b)

talenan

c)

jodog

d)

lading

34.

Emak njuwut … sak bungkul lan … sak unting.

Ucap kang tepak kanggo kalimah ndhuwur yaiku …

a)

Gedhang, lobok

b)

Bawang, gedhang

c)

kacang, bayem

d)

bawang, kacang

35.

Sambel terasi dicampur pete

Jangan boboan enak rasane

….

Tutuge basanan ring ndhuwur yaiku …

a)

Semanggi sambele sere Dipangan bareng rame-rame

b)

Wayah soren mangan sale Wayah bengi mangan sate

c)

Isun njaluk sepurane Ayo mangan rame- rame

d)

Banyuwangi akeh budhayane Kebo- keboan salah sijine

36.

Bik Randha duwe semaya nong anake, Didit. Kadung nilaine apik lan munggah kelas arep ditukokaken tas anyar. Serta rapotan, Didit ulih nilai apik temenan. Bik Randha sing nyulayani janji.

Paran wangsalan kang tepak kanggo wacan ndhuwur?

a)

Gelang alit

b)

Gelepung sawi

c)

jahe wana

d)

gundha latar

37.

Akeh maceme perangkat tabuhan jaranan.

Ring ngisor iki conto perangkat jaranan yaiku …

a)

Kendhang, gong, bonang, pelog, lan suling

b)

Kendhang, kecrek, gong, pantus,lan piano

c)

dhengung,gitar, gambang, kenong lan pelog

d)

suling, kecrek, bonang, drum, lan pelog

38.

Bonang dimainaken ambi cara …

a)

Dipethik

b)

Ditabuh

c)

digesek

d)

dipijet

39.

1. Serta parek, tabuhan iku temenakaken tontonan barong.

2. Keber dibuka metu jugedan barong prejeng kang diiringi tabuhan.

3. Lan dipungkasi jugedan macan-macanan wayah remeng-remeng.

4. Malem Minggu mari isya’ ring pertelon Kemiren ana suara tabuhan.

5. Ika, Putri, lan Dina padha ndeleng merana.

Urutan cerita kang bener iku …

a)

4-1-2-5-3

b)

4-5-1-2-3

c)

4- 1-5-2-3

d)

4- 3-1-2-5

40.

Akeh maceme seni tradisional Banyuwangi.

Contone yaiku …

a)

Barong, wayang, gandrung

b)

Jaranan, angklung caruk, reog

c)

Barong, jaranan, gandrung

d)

reog, janger, jaranan