NEW
Font size
WorksheetsPTS1_Kls6_B.Jaws
Total questions: 40
Worksheet time: 2hrs 0mins
Taman Nasional Baluran iku papane ana ing Kabupaten ....
Sidoarjo
Situbondo
Bojonegoro
Probolinggo
Suaka Marga Satwa yaiku papan kanggo nglindhungi jinise kewan-kewan sing ....
meh punah
buas
jinak
ganas
Taman Nasional yaiku papan panggonan utawa kawasan sing gunane kanggo ....
nglestarekake alam
panggonan rekreasi
kemah
pendakian
Ara-ara utawa padhang rumput sing jembar diarani ....
gurun
sabana
alas
sawah
Si Ojan Anak Lutung. Lutung yaiku jinise monyet sing wulune werna ....
putih
kuning
klawu
ireng
Teks kang nyritakake kedadeyan sarana urut wektu saka wiwitan nganti pungkasan diarani teks ....
dheskripsi
narasi
persuasi
eksposisi
Teks kang nggambarake sawijine objek /barang kanthi rinci utawa njlimet lan bisa ndadekake sing maca kaya-kaya ngalami dhewe diarani teks ....
narasi
eksposisi
persuasi
dheskripsi
Teks kang isine ngajak-ajak utawa ngrayu pamaca supaya gelem nindakake kaya apa kang diandharake diarani teks ....
dheskripsi
eksposisi
argumentasi
persuasi
Anak sapi arane pedhet, dene anak wedhus arane ....
cemeng
piyik
cempe
bledug
Isine klapa arane kenthos, dene isi pelem arane .....
klungsu
pongge
pelok
kwaci
Godhong krambil(klapa) tuwa diarani ....
blarak
sinom
dliring
limaran
Wit pari arane .....
debog
tebon
ruyung
damen
Aksara jawa iku unine ....
mangan roti
nandur pari
makani sapi
mangn sate
Aksara jawa iku unine ....
Sukadi mancing
Sumadi mancing
Suyadi mancing
Subandi mancing
Pak Jayus ngethok bongkotan arep dienggo amben. Bongkotan iku aran wit ....
gedhang
jagung
klapa
pring/ori
Tembang Macapat cacahe(jumlahe) ana ....
7
9
11
13
Mbak Suryati nggoleki cemenge sing ilang. Cemeng iku arane anak ....
tikus
pitik
kucing
kelinci
Kok akeh beton pating glethak iki sapa ya sing bar mangan ....
pelem
salak
nangka
semangka
Ing Taman Nasional Baluran ana alas ijo sing ora tau garing sadawane taun diarani ....
gurun
alas abadi
alas amba
sabana
Aksara jawa iki unine .....
ketiban kayu
ketiban cagak
ketiban ndaru
ketiban cowek
Paugerane tembang macapat iku ana 3, kajaba (kecuali)...
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
guru anyar
"Nggugu kersane priyangga."
Guru wilangan lan guru lagu sing mathuk yaiku ....
8-a
8-i
7-a
9-a
Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ing adu manis
Tembang ing ndhuwur klebu jinise tembang Macapat ....
Pangkur
Sinom
Mijil
Kinanthi
Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ing adu manis
Cacahe guru gatra tembang ing dhuwur ana .....
6
7
8
9
Sing dudu jinise temabng Macapat yaiku .....
Dandang gula
Mijil
Pangkur
Tali Asmara
Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ing adu manis
Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu(nomer 3) yaiku ....
6u
7a
8u
9i
Pangkur
Sega boran ing Lamongan
Sega krawu asale saka Gresik
Pecel lan Brem ing Mediun
Krupuk Puli Magetan
Wingko Babat lan Kedhiri Kutha Tahu
Yen Semanggi Surabaya
Saka Blitar Wajik Klethik
Miturut tembang pangkur ing dhuwur, Panganan khas Kutha Mediun yaiku ....
Pecel lan Brem
Sega krawu
Wajik Klethik
Krupuk Puli
Pangkur
Sega boran ing Lamongan
Sega krawu asale saka Gresik
Pecel lan Brem ing Mediun
Krupuk Puli Magetan
Wingko Babat lan Kedhiri Kutha Tahu
Yen Semanggi Surabaya
Saka Blitar Wajik Klethik
Miturut tembang pangkur ing dhuwur, Krupuk Puli iku panganan khas saka Kutha .....
Lamongan
Magetan
Brem
Gresik
Papan panggonan jembar kang manggon ana sak tengahing kutha diarani .....
pakunjaran
klentheng
bangsal
alun-alun
Ibu nyimpen bawang lan lombok ing bothekan.Bothekan yaiku wadhahe ....
dhuwit
bumbu
woh-wohan
mas-masan
Basa kawi angka 3 yaiku ....
eka
dwi
tri
catur
Bas kawi 1.000.000 yaiku ...
sata
sasra
sakethi
sayuta
Perangane wialngan kanggo beras sing mathuk yaiku ....
beras salining
beras sajanjang
beras satetes
beras sagegem
Mesjid iku kanggo papan ngibadahe wong Islam, dene Klentheng iku papan ngibadahe wong ....
Kristen
Konghucu
Katholik
Budha
Aku duwe kanca jenenge Dwi Maharani. Manut jenenge, kancaku mau mesthine anak sing nomer ....
sijji
loro
telu
papat
"Bapak nandur gedhang ana sawah."
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama alus ....
Bapak nandur pisang ing sawah
Bapak nanem pisang ana sawah
Bapak nanem pisang wonten sawah
Bapak nanem pisang dhateng sabin
"Bu Minah kagungan putra sekawan jaler sedaya."
Ukara ing dhuwur yen diowahi dada basa ngoko ....
Bu Minah duwe anak telu lanang kabeh
Bu Minah duwe anak papat wedok kabeh
Bu Minah duwe anak papat lanang kabeh
Bu Minah duwe anak lima wedok kabeh
Setaun kepungkur aku tuku manuk dara ...., saiki wis dadi akeh.
Tembung sing mathuk kanggo njangkepi ukara mau yaiku ....
sajodho
sakedhok
sarakit
saeler
Dasa Darma iku janjine pramuka sing cacahe ana .....
5
7
8
10
Supaya warga masyarakat Indonesia tahan/kebal saka virus corona, mangka prelu ditindakake ...
panyuluhan
imunisasi/vaksin
panyemprotan
perawatan
