wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

US bahasa jawa kelas 6

Total questions: 40

Worksheet time: 3hrs 16mins

Name
Class
Date
1.

Kemah Pramuka ing Wonosalam

Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas VI SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan Sabtu malam Minggu ing Bumi Perkemahan Wonosalam, Kecamatan Wonosalam, Kabupaten Jombang. Jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale nunggang bis Indah Jaya. Sawise diabsen, kabeh barang lan peralatan kemah diunggahake bis, jam setengah wolu bis dibudhalake. Sing budhalake Ibu Kepala Sekolah karo Bapak Ketua Komite.


Apa bae sing diunggahake ing dhuwur bis?

a)

Peralatan masak

b)

Obat-obatan

c)

Kabeh barang lan peralatan kemah

d)

Tandon banyu lan klambi

2.

Kemah Pramuka ing Wonosalam

Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas VI SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan Sabtu malam Minggu ing Bumi Perkemahan Wonosalam, Kecamatan Wonosalam, Kabupaten Jombang. Jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale nunggang bis Indah Jaya. Sawise diabsen, kabeh barang lan peralatan kemah diunggahake bis, jam setengah wolu bis dibudhalake. Sing budhalake Ibu Kepala Sekolah karo Bapak Ketua Komite.

Geneya bocah-bocah kelas VI SDN Tanggunan Gudo ing dina Sabtu esuk wes ngumpul ing sekolahan?

a)

Amarga kate budhal kemah ing Wonosalam

b)

Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester

c)

Ketemu Bapak Ketua Komite

d)

Sawise diabsen kabeh, banjur munggah bis

3.

1. Reroncene Kadang Tani langit biru

Ijo royo-royo

Gumelan sangisore

Angin tumiyup

Dolanan godhong pari


Kadang tani padha mesem

Nyawang parine wis kuning

Ati ayem tentrem

Pari kuning

Minangka reroncene urip

Tembe mburi


Isi geguritan ing dhuwur yaiku ….

a)

Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang parine lemu-lemu lan wis kuning

b)

Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang wit parine kena angin

c)

Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang langit biru

d)

Kadang tani padha bingah nyawang sawahe

4.

Gambar seri ing dhuwur yen diurutnokanti runtut

a)

1-2-3-4

b)

2-1-4-3

c)

1-3-4-2

d)

3-1-2-4

5.

Raden Gathutkaca dijemparing dening Adipati Karna.

Ukara mau yen didadekake ukara tanduk dadi ….

a)

Adipati Karna njemparing Raden Gathutkaca

b)

Raden Gathutkaca njemparing Adipati Karna

c)

Adipati Karna dijemparing Raden Gathutkaca

d)

Adipati Karna dakjemparing Raden Gathutkaca

6.

1. Karo tangga ….kuwi kudu sing rukun

Tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara iku lan dadi tembung saroja sing bener yaiku ….

a)

Warsa

b)

Teparo

c)

Gumuyu

d)

Riyel

7.

Tokoh wayang ing dhuwur yaiku ….

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Gathutkaca

d)

Puntadewa

8.

1. Dening Turiyo Ragil Putra

Bocah cilik sing nyapu latar kae

Sapa ngerti mbesuk tembe thukuk etare

Mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega

Andom lelana sinambi methaki lintang kartika

Bocah cilik kae isih bening jiwane


Parafrase geguritan ing dhuwur sing trep yaiku ….

a)

Bocah cilik nyapu latar lan numpak mega-mega bakal kepenak

b)

Bocah cilik senengane nganglang ing langit numpak mega-mega

c)

Bocah cilik bakal dadi wong pinter, kepenak uripe lan bisa andum kabecikan marang wong liyo

d)

Bocah cilik sing gaweane nyapu latar iku nduweni ati sing bening lan senengane mabur ing langit

9.

a. Sanajan aku pinter, aku ora bakal kuminter

b. Sanajan aku bagas waras, aku ora bakal adigang

c. Sanajan aku aku sugih, aku ora bakal pamer bandha donya

d. Ya, manungsa tetep manungsa, ora bakal ana sing sampurna

e. Sanajan aku pimunjul, aku ora bakal dahwen


Geguritan ing dhuwur yen disusun kanthi runtut dadi …

a)

a-b-c-e-d

b)

a-c-b-e-d

c)

a-b-c-d-e

d)

a-c-b-d-e

10.

1. Kadangku ….

Donya iki dudu duweku

Donya iki dudu duwekmu

Mula

Aja rebutan penguwasa

Aja rebutan bebener

Kadangku ….

Eling,

Aku lank owe ora bisa urip ijen

Aku lank owe kudu urip bebarengan

Sayuk rukun

Gotong royong

Bahu binahu

Adohna rasa drengki srei

Jail methakil

Gedhekna rasa tepa selira

Urip bakal tentrem ayem


Isi geguritan ing dhuwur yaiku ….

a)

Jail methakil

b)

Drengki srei

c)

Sayuk rukun

d)

Kandangku

11.

Gatekno tembang ing ngisor iki!

1) Mingkar mingkuring angkara

2) Sinawung resmining kidung

3) Sinuba sinukarta

4) Akarana karenan mardi siwi

5) Kang tumrap neng tanah Jawa

6) Mrih ketata pakartining ngelmu luhung

7) Agama ageing aji

Urutane tembang pangkur ing dhuwur sing bener yaiku ….

a)

A. 1-2-4-3-6-5-7

b)

B. 2-3-4-5-1-6-7

c)

C. 1-4-2-3-6-5-7

d)

D. 1-4-3-2-6-5-7

12.

Guru wilangan lan guru lagune tembang gambuh ….

a)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

b)

7u, 10i, 12i, 8u, 8o

c)

12u, 6a, 8i, 12a

d)

12u, 8a, 8i, 8a

13.

1. Bapak nandur palawija ing tegalan.

Ukara kasebut jejere yaiku ….

a)

Bapak

b)

Nandur

c)

Palawija

d)

Ing tegalan

14.

1. Jer basuku mawa ….

Ukara kang trep kanggo jangkepi paribasan ing dhuwur yaiku ….

a)

Kepradah

b)

Santosa

c)

Beya

d)

Adiguna

15.

Paribasan anak pola bapak keprada nduweni teges yaiku….

A.

a)

Bisa njunjung derajate wong tuwa

b)

Kebiasaane anak niru wong tuwane

c)

Wong tuwa uripe rekasa amarga kakehan anak

d)

Tingkah polae anak dadi tanggungane wong tuwa

16.

….

Ana pak mantra numpak sekuter

Kapan-kapan aku keturutan

Duwe kanca sinaue pinter

Ukara sing trep kanggo njangkepi parikan kasebut yaiku…

a)

Mlaku-mlaku menyang sawah

b)

Awan-awan aja kluyuran

c)

Budhal ing pasar tuku iwak

d)

Ngingu pitik kabehe papat

17.

Pawakane pak dhe gedhe dhuwur yen brengose….

a)

Nanggal sepisan

b)

Ngundhup turi

c)

Nawon kemit

d)

Nguler keket

18.

Wacanen paragraph iki!

Wektu iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi ana “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Kebaran iku kedadean ing salah sawijining panggong cerak marang sekolahanku.

Jenise paragraph kasebut yaiku….

a)

Persuasi

b)

Eksposisi

c)

Deskripsi

d)

Narasi

19.

. Wacanen paragraph iki!

Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sak ndunyo. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-paru donya.Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-paru sehat. Mulane ayo dilestariake alase supaya tetep bisa dadi paru-paru donya.

Jenise paragraph kasebut yaiku….

a)

Persuasi

b)

Deskripsi

c)

Informasi

d)

Pariwara

20.

ukoro pariwara sengtrep kanggo gambar ing dhuwur yaiku

a)

Ayo podho ngombe teh melati, watuke bablas langsung waras!

b)

Ayo podho ngango sampo melati, arum ambune lan resik rambute!

c)

Ayo podho ngombe teh melati, arum ambune lan enak rasane!

d)

Ayo podho ngombe sirup melati, gampang golekane lan nandhure!

21.

Salah sijine titikane teks informasi yaiku….

a)

Kamomot ing media cetak/elektronik

b)

Isine ngajak lan ngyakinake sing maca

c)

Mamerake lan ngajak supaya digunakake

d)

Isine ngajak lan ngelingake sing maca

22.

Banyu ing kali wis akeh sing asat ing mangsa ketiga. Kahanan iku kedadean amarga witwitan sing nandhon wis enthek ditegori. Banyu kali ya wis uga kenek polusi amarga kanggo buangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.

Tanggapan sing becik kanggo paragraph kasebut adalah….

a)

Pamarintah kudune nggalakake program kali bersih

b)

Pamarintah kudune negori wit-witan sing ana pinggir kali

c)

Para warga kudune nggunaake banyu kali ing mangsa ketiga

d)

Para warga kudune mbuang uwuh menyang kali

23.

Salah sijine tembang macapat yaiku pangkur sing nduweni watak…

a)

Greget,teges, lan sereng

b)

Luwes, manis, ngresepake

c)

Nepsu, murka, lan muntap

d)

Sengsem, sedih, prihatin

24.

Salah sijine sasmitane tembang maskumambang sing bener yaiku…

a)

Anom

b)

Wiyos

c)

Mangkur

d)

Kambang

25.

Bapak pucung endi elor eni kidul

Laku tapa brata

Mung kepingin bisa malih

Dadi kupu si pucung wedaring tapa

Tembang macapat iku nyeritaake….

a)

Enthung dadi kupu

b)

Kupu dadi enthung

c)

Uler dadi enthung

d)

Enthung dadi uler

26.

Bebasan nduweni teges yaiku…

a)

Unen-unen sing ajeg panganggone sing ora nganggo gegagambaran

b)

Unen-unen sing ajeg panganggone lan nganggo gegambaran arupa kahanan

c)

Unen-unen sing ajeg panganggone lan nganggo gegambaran arupa manungsa

d)

Unen-unen sing ajeg panganggone lan nganggo gegambaran arupa barang atau kewan

27.

Mikul dhuwur mendhem jero nduweni teges

a)

Bisa njunjung derajate wong tuwa

b)

Kebiasaane anak niru wong tuwane

c)

Wong tuwa uripe rekasa amarga kakehan anak

d)

Tingkah polae anak dadi tanggungane wong tuwa

28.

Ababil wingi ngandani yen sesuk sinau kelompok menyang omae adit. Nanging sak iki ngomong yen sinau kelompoke menyang omae reyhan. Omongane ababil pancen ora bisa dipercaya paribasane….

a)

Becik ketithik ala ketara

b)

Ngenteni endhoke si blorok

c)

Mburu uceng kelangan dheleg

d)

Isuk dhele sore tempe

29.

Pak sadi duwe anak lima penggaweane kerjo serabutan kahanan iso diparibasakake:

a)

Gabah diinteri

b)

Belo melu seton

c)

Kebo nyusu gudel

d)

Kebo kabotan sungu

30.

Pak boletus batangane opo?

a)

Pak bole lagi adus

b)

Pak budi tuku wedus

c)

Gupak kebo lelene satus

d)

Ban kempus lagi meletus

31.

Bocah cilik nggendong omah, batangane:

a)

Semut

b)

Laler

c)

Kodhok

d)

bekicot

32.

Lampu opo yen dipecah metu wonge?

a)

Lampu mati

b)

Lampu pecah

c)

Lampu sing padang

d)

Lampu toko sing lagi tutup

33.

Bapak pucung, bisa nggereng, bisa mbengung ngambah jumantara kaya manuk rajawali wira-wiri nggowo barang lan manungsa. Cangkriman tembang yaiku.......

a)

Sepur

b)

Sepeda

c)

Manuk miber

d)

Montor mabur

34.

Batangane yaiku celana. Apa cangkrimane?

a)

Diumbar dowo

b)

Ditambal sing suwek

c)

Diumbah ning mesin giling

d)

Dikethok malah tambah duwur

35.

Ibu ngendika, “kowe kudu sregep sinau.” Ukara cerita sing bener yaiku?

a)

Ibu matur yen aku sregep sinau

b)

Ibu dhawuh yen aku kudu sregep sinau

c)

Ibu ngomong yen aku kudu sregep sinau

d)

Ibu ngendikan yen aku kudu sregep sinau

36.

Sidoarjo, 15 Februari 2020. Perangan layang iku kalebu……

a)

Kutho Suroboyo

b)

Kutho Sidoarjo

c)

Tanggal lan papan

d)

Papan lan titimangsa

37.

Cengkorongane pidato yaiku?

a)

Salam, dudutan.

b)

Pembuka, isi, penutup

c)

Salam, pengarep-arep, penutup

d)

Salam pembuka, isi pidato, dudutan (kesimpulan), pengarep-arep, salam penutup

38.

Bapak-bapak saha ibu-ibu, kita sedaya kedah saget dados wirausaha, supados saged paring lapangan kerja kangge tiang-tiang ingkang taksih nganggur. Cuplikan pidato iki bagian…

A.

B.

C.

D.

a)

Penutup

b)

Isi pidato

c)

Salam pembuka

d)

Dudutan (kesimpulan)

39.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

40.

Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin yaiku

a)

Panyen penak wadi bocah sekolah

b)

Panyecen wenak dadi wong sekolah

c)

Pancen penak dadi bocah sekolahan

d)

Pancen wenak dadi wong sekolahan