NEW
Font size
WorksheetsPH BASA JAWA WULANGAN 4
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Kang diarani unggah-ungguh basa yaiku … .
undhag-undhage basa isyarat kang ngandhut tata karma
Undhag-undhage basa lisan kang ngandhut tata karma
undhag-undhage basa kang ora ngandhut tata karma
undhag-undhage basa kang ngandhut tata karma
Nalika mara tamu sing ditamoni wong tuwa tur pangkate ndhuwur. Basa kang kok gunakake yaiku … .
ngoko
krama
krama alus
ngoko alus
Basa kang digunakake ing sesrawunge wong dewasa kang wis kulina/ raket banget.
krama inggil
krama alus
ngoko alus
ngoko
Basuki iku pancen bocah kang ngerti tata krama. Nalika mertamu Basuki matur … .
nyuwun pangapunten
matur nuwun
nuwun sewu
kula nuwun
Tamune lungguh kursi kanthi trapsila. Kosok balene trapsila yaiku … .
sopan
santun
anteng
murang tata
Wayah jam 2 awan ora becik kanggo mara tamu amarga … .
Wayahe istirahat
wayah mangan
wayah sinau
wayah ngibadah
Tembung digunakake nalika ketemu sedulur ing wayah sore, yaiku ….
sugeng rawuh
sugeng sonten
sugeng ndalu
sugeng siang
Tembung nderek langkung digunakake nalika ... .
paguneman nalika pamit bali saka mertamu
paguneman nalika njaluk ngapura
paguneman kanggo nglairake rasa melu seneng
nalika mlaku ana ing ndalan nuli ngliwati wong kang lagi jagongan
Gatekna ukara ing ngisor iki!
(1) Uluk salam, kula nuwun, thotok-thotok lawang
(2) Lungguh yen sing duwe omah wis akon lungguh
(3) Mangan suguhan yen disuguh lan yen wis dikon mangan
(4) Mlebu ruang tamu yen sing duwe omah wis akon mlebu
(5) Bage-binage, ngabarake keslametan
(6) Ngandharake keperluane mertamu
(7) Pamitan yen prelune wis rampung
Urut-urutan mertamu yaiku ... .
(1), (2), (3), (4), (5), (6), (7)
(1), (4), (2), (5), (6), (3), (7)
(1), (5), (6), (2), (3), (4), (7)
(1), (6), (5), (2), (3), (4), (7)
Tata krama anggone nampa tamu, kejaba ... .
Njagongi kanthi ulat bening, sumeh, lan sumanak.
Nyandhang penganggone sak ana ne
Tamune dicaosi unjukan saha dhaharan
Yen nyaosi unjukan saha dharan didhisikake tamune, aja didhisikake awake dewe.
Tuladha krama alus/krama inggil, yaiku ... .
“Sampeyan mang mriki sedela.”
“Mas , njenengan sida arep nitih apa?”
“Simbah sampun dahar munapa dereng?”
“Bagus, wis awan enggal mangkata sekolah!”
Nalika ing ngomahmu ana tamu kancane ibumu. Kowe arep ngladeni unjukan lan dhaharan. Kepriye anggonmu matur?
Ayo diunjuk lan didhahar dhisik!
Ayo diombe lan dipangan dhisik!
Mangga katuran gombe lan mangan dhisik!
Mangga katuran ngunjuk saha dhahar rumiyin
Rampung sinau bebarengan, Wisnu arep pamit marang ibune Angga. Kepriye ukara kang trep diatutake Wisnu marang ibune Angga?
Bu, gandheng sampun rampung kula kondur rumiyin.
Bu, gandheng sampun rampung kula nyuwun pamit.
Bu, gandheng sampun rampung kula ndherek pamit
Bu, gandheng sampun rampung aku njaluk pamit
Kembang jambu , … duwe dolanan anyar. Tembung sing cocog kanggo mbacutake wangsalan kasebut, yaiku … .
kalegan
kemaruk
usada
ngaso
Klapa muda, yen kalegan paring apura. Batangane wangsalan kasebut, yaiku … .
kalegan
seneng
dangu
ngaso
Bapak lenggah ing teras sinambi mangan jadah. Tembung kang dicetak kandel benere … .
maem
dhahar
madhang
nggawa
Jenang selo, wadher kalen sesondheran.
Batangane wangsalan kasebut, yaiku ….
kacek apa aku karo kowe
wong kang budheg
Apuranta yen wonten lepat kula
yen kalegan paringa apura
Jenang gula kowe aja ...
Tembung sing cocog kanggo mbacutake wangsalan kasebut, yaiku … .
bali
lali
keri
srei
Wastra tumrap mustaka.
Batangan wangsalan sinawung ing tembang yaiku ... .
pangikete
sinambi
makarya
nganggur
Sekar aren Mas, sampun ... kok mboten kepanggih.
Tembung sing cocog kanggo mbacutake wangsalan kasebut, yaiku … .
mbesengut
dangu
kadingaren
kalegan
Nalika mara tamu ing ndaleme Bu Diyah, aku dicaosi suguhan jadah.
Tembung kang kasethak miring benere ... .
diparingke
dicaoske
diwenehi
diparingi
Yen mertamu menyang nggone wong sing durung tepung, luwih dhisik ... .
kandha apa perlune
nyuwun pamit
nepungake
nyuwun pirsa
Kembang gembili seneng – seneng oleh rejeki .
Batangane wangsalan kasebut … .
kemaruk
kalegan
seneng
mbesengut
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun … .
Tembung sing cocog kanggo mbacutake wangsalan kasebut, yaiku …
pirso
ngaso
ngapuro
purna
Salah sawijining patrap kang pantes tinulad nalika mangan, yaiku mangan sinambi … .
ngomong
lenggah
mlaku-mlaku
lengguh jegang
Ukara kang bener manut unggah – ungguh basa yaiku ….
Pak Jaka kagungan sapi akeh sanget
Bapak guru wis rawuh wau esuk
Bapak sampun dhahar sekul goreng
.Ibu arep tindhak pasar kilen
Pak Dhukuh, aku njaluk pamit arep mulih.
Ukara krama kang becik yaiku ... .
Pak Dhukuh, aku njaluk pamit arep kondur
Pak Dhukuh, kula nyuwun pamit badhe wangsul
Pak Dhukuh, kula nyuwun pamit badhe kondur
Pak Dhukuh, aku nyuwun pamit arep kondur
Pernyataan iki tata krama anggone mertamu, kejaba ... .
Lungguh sing becik, ora kena jegang
Aja mertamu nalika wayah surup
Yen njupuk suguhan, njupuka sing disenengi senajan adoh.
Omong sing alon lan kepenak, nganggo unggah-ungguh sing bener
Mbok aja mrica kecut menawa ngendika.
Batangane tembung kang dicethak miring yaiku ... .
muni
kalegan
nesu
sero
Ukara-ukara ing ngisor iki luput unggah-ungguhing basa, kajaba ... .
Adhik dhahar pisang goreng
Ageman kula sampun kanthah
Kula badhe tindak dhateng Madiun
Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM
Pengkal yaiku aksara y kang digandheng karo aksara konsonan ana ing sawanda. Sandhangan pengkal yaiku … .
Gatekna sandhangan aksara Jawa iki!
Jeneng lan gunane sandhangan yaiku ... .
Pengkal, kanggo panjingan aksara ya
Cakra kanggo panjingan aksara ra
Pepet kanggo panjingan aksara le
Keret kanggo panjingan aksara re
Tulisan Jawa iku, diwaca ... .
ana kweni
kweni mateng
mangan kweni
kweni kuning
Ukara Jawa iku wacane ... .
Barata tuku sepeda
Brata tuku sepedha
Brata tuku sepeda
Barata tuku sepedha
" Klapa kopyor ". Menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ... .
Tulisan aksara Jawa "klelep", yaiku ... .
Ukara kasebut diwaca
Krateg salareja
Kreteg selareja
Kreteg selorejo
Krateg soloreja
Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
Arane gambar kasebut yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku...
Ukara Jawa iku menawa di tulis latin ... .
mangana kweni
mangan kweni
mangana kuweni
mangan kuweni
